Jumat, 11 Februari 2022

KHUTBAH JUM'AT - KESAENAN


الخطبة الأولى

 

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ الْاِسْلَامَ طَرِيْقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، أوْصُيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، فَقَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمْ: يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. وقال تعالى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.   صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ   .



Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh



Sedoyo puji meniko namung kagunganipun Gusti Alloh, engkang Moho Welas Asih wonten ing dalem dunyo akhirat, soho Welas Asih wonten ing dalem akhirat bloko. Pamilo sumonggo kito tingakataken raos takwa kito kanthi netepi dawuh-dawuhipun, ugi nebihi awisan-awisanipun sedoyo.



Sholawat salam mugi kunjuk dumateng Nabi Kito Nabi Agung Muhammad SAW, engkang tansah kito antu-antu syafa’atipun awit saat meniko, langkung-langkung wonten ing akhirat mbenjang.



Jama’ah jum’ah rohimakumulloh



Wonten ing setunggalipun kesempatan, Abu Musa Al-Asy’ari inggih puniko Shohabat Nabi nyuwun pirso dumateng Rosululloh :

 

يَا رَسُولَ اللَّهِ مَنْ هُوَ الْمُسْلِمُ؟ قَالَ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ.

 

Ya Rosulalloh, sinten sejatosipun tiyang engkang dipun sebat islam meniko? Rosululloh dawuh yoiku wong kang biso nylametake wong islam liyo songko lisan lan tangane. (HR. Bukhori Muslim)



Saking hadits meniko saget dipun pahami bileh sejatosipun, tiyang engkang dipun sebat islam mboten namung sekedar tiyang engkang kagungan tulisan islam wonten ing KTPnipun, ananing kados dene kata dasar salima engkang kagungan makna menyelamatkan, sahinggo engkang dipun sebat tiyang islam inggih puniko tiyang engkang saget nylametaken tiyang lintu, soho mboten merugikan tiyang lintu, akibat ucapanipun ugi keranten saking perbuatanipun.



Sami ugi tiyang iman engkang dipun sebat mukmin, kados dene saking kata dasar aman, inggih puniko tiyang engkang keberadaanipun saget maringi rasa aman dumateng sesami. Baik meniko aman secara dzohir ugi aman secara batin.



Pramilo tiyang muslim ingkang mukmin, inggih puniko tiyang engkang bermanfaat dumateng tiyang lintu, khoirunnaas anfa’uhum linnaas, sak sae-saenipun manungso inggih puniko tiyang engkang bermanfaat dumateng sesami. Saking dawuh-dawuh meniko Rosululloh SAW mengajarkan dumateng umatipun bahwa mu’amalah ma’a Kholiq meniko wajib, ananging mu’amalah ma’al kholqi mboten saget dipun anggep sepele, keranten kito sebagai makhluk sosial tetep mbetahaken dumateng sesami makhluk, artosipun sebagai tiyang engkang mboten saget tebih saking tiyang lintu, tentu kemawon kito kedah mangertos adab, etika, soho akhlak dumateng sesami, aturan-aturan dumateng sesami makhluk meniko dipun sebat norma sosial, engkang meskipun mboten dipun serat wonten ing dalem peraturan tertulis, cukup secara batin, secara perasaan, kulo panjenengan sami saget ngraosaken, ucapan soho perbuatan punopo engkang sae engkang kedah dipun lampahi, ugi amal perbuatan punopo engkang awon engkang kedah dipun tinggalaken. Kados dene nopo engkang dados visi lan misi kehadirapun Kanjeng Nabi wonten ing alam dunyo meniko, innama bu’itstu liutammima makaaarimal akhlaq, saktemene ingsun Rosul diutus kanggo nyempurnaake akhlaq’e manungso. Nabi Muhammad SAW mboten namung paring tulodho pripun toto caranipun beribadah dumateng Gusti Alloh, ananging Rosululloh ugi paring tulodho pripun caranipun berinteraksi dumateng sesami kanthi akhlaq engkang sae. Pramilo sumonggo kulo panjenengan sami saget’o berbuat sae dumateng tiyang lintu, kito minimalisir perbuatan-perbuatan engkang nyusahaken dumateng sesami, dipun riwayataken Ibnu Abbas Rosululloh SAW Dawuh :

 

إِنَّ اَحَبَّ الْاَعْمَالِ اِلَى اللهِ بَعْدَ الْفَرَائِضِ إِدْخَالُ السُّرُوْرِ عَلَى الْمُسْلِمِ

 

Saktemene amal perbuatan kang den senengi Gusti Alloh sakwus’e ibadah wajib yoiku agawe  bungah marang liyan.



Ma’asyirol muslimiin jama’ah jum’ah rohimakumulloh



Perbuatan sae dumateng sesami engkang ndadodasen tiyang lintu bungah meniko saget ndadosaken wasilah Gusti Alloh paring ampunan dumateng duso engkang nate kito lampahi, dawuhipun :



مَنْ اَدْخَلَ عَلَى مُؤْمِنٍ سُرُوْرًا، خَلَقَ اللهُ مِنْ ذَلِكَ السُرُوْرِ سَبْعِيْنَ اَلْفَ مَلَكٍ، يَسْتَغْفِرُوْنَ لَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ



Sopo wonge kang agawe bungah marang wong mukmin, Gusti Alloh nyiptaake songko roso bungah iku 70ewu malaikat kang nyuwunake pangapuro marang dewek’e sampek dino kiyamat.



Sak meniko kito wangsulaken dumateng diri sendiri, menawi kulo panjenengan sami ngersaaken tiyang lintu berbuat baik dumateng kito, tentu ke mawon kito ugi kedah sering berbuat baik dumateng sesami, mboten bermaksud pamrih atas kebaikan kito, ananing kito berharap tiyang lintu saget nglampahi kesaenan kados engkang kito lampahi, kosok wangsulipun menawi kito mboten kerso tiyang lintu berbuat dzolim dumateng kito mongko kito awali saking diri sendiri ampun ngantos kito berbuat dzolim dumateng sesami. Terkadang kito mboten sadar perbuatan engkang kito anggep leres ternyata menyakitkan bagi orang lain, engkang perlu kito waspadai inggih puniko dahsyatipun do’a tiyang-tiyang’ engkang kito dzolimi.



وَاتَّقِ دَعْوَةَ الْمَظْلُومِ فَإِنَّهُ لَيْسَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ الله حِجَابٌ



Lan wedi’o siro marang dungane wong kang dianioyo, mongko saktemene ora ono penghalang antarane dewek’e lan Gusti Alloh. Muttafaqun alaih.



Wonten ing Al-Qur’an Gusti Alloh ugi negasaken firmanipun :



لَا يُحِبُّ اللّٰهُ الْجَهْرَ بِالسُّوْۤءِ مِنَ الْقَوْلِ اِلَّا مَنْ ظُلِمَ ۗ وَكَانَ اللّٰهُ سَمِيْعًا عَلِيْمًا



Gusti Alloh iku ora seneng marang ucapan kang olo, kejobo dongane wong kang dianiyono, lan Gusti Alloh iku Moho Midanget,  Moho Mangertos. QS. An-Nisa’ 148



Hadirin jam’ah jum’ah rohimakumulloh



Sak sampunipun manungso meniko nglampahi islam ugi iman, mongko taksih wonten derajat engkang naminipun ihsan, engkang kebanyakan saking kito mboten menyadari hal meniko. Tiyang engkang islam dipun sebat muslim, tiyang engkang iman dipun sebat mukmin, sedangkang tiyang engkang ihsan dipun sebat muhsin. Inggih puniko tiyang-tiyang engkang nglampahi islam kanthi imanipun, memposisikan diri bahwa beribadah meniko seolah-olah kito sedang berhadapan langsung dumateng Gusti, menawi dereng saget, kito kedah yakin bileh Gusti Alloh tansah merhatosaken kito, sahinggo kulo panjenengan sami saget mewujudkan keislaman soho keimanan meniko kanthi nindaaken sesuatu engkang bermanfaat, manfaat dumateng piyambaikpun ugi manfaat dumateng sesami wonten ing dalem kehidupan bermasyarakat. Poro ulama’ muhaqqiq ndawuhaken, tiyang engkang ngaku islam dereng tentu iman, ananging tiyang engkang iman sampun pasti islam, tiyang engkang islam soho iman dereng tentu ihsan, ananing tiyang engkang ihsan sampun pasti islam soho iman.



Kasebataken wonten ing surat Al-Hujurot ayat 14 :



قَالَتِ الْأَعْرَابُ آمَنَّا ۖ قُلْ لَمْ تُؤْمِنُوا وَلَٰكِنْ قُولُوا أَسْلَمْنَا وَلَمَّا يَدْخُلِ الْإِيمَانُ فِي قُلُوبِكُمْ ۖ



Tiyang Arab badui matur dumateng Nabi, kito sampun iman. Ananging Gusti Alloh ndawuhaken dumateng Kanjeng Nabi supados njawab, ojo muni iman ananing munio siro kabeh wis islam, sebab roso iman durung mlebu teko atimu.



Ma’asyirol muslimiin rohimakumuloh



Sumonggo kito memperbaiki diri, mbok menawi selama niki kulo panjenengan sami dereng saget berbuat sae dumateng sesami, minimal kito mboten melakukan perbuatan engkang menyakiti, kito kedah emut bahwa setiap amal perbuatan kito, bakalipun dipun suwuni, pertanggung jawaban wonten ing zaman engkang abadi.



Akhirul khutbah, mugi-mugi kito tansah kaparingan pangayomanipun Gusti, kalebetno golonganipun tiyang engkang muslim mukmin soho muhsin, sahinggo saget nggayuh kamulyan, kebahagiaan, fiddiini waddunya wal aakhiroh, aamiin YRA.



جَعَلَنَا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ المُسْلِمِيْنَ و المُؤْمِنِيْن، وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُحْسِنِيْن، وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ َإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

 

  

 

الخطبة الثانية

 

الحَمْدُ للهِ، الحَمْدُ للهِ ذِي الجَلَالِ وَالإِكْرَامِ، الَّذِي أَعَزَّنَا بِالْإِسْلَامِ، وَأَكْرَمَنَا بِالْإِيْمَانِ، وَنَوَّرَ قُلُوْبَنَا بِالْقُرْآنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِي عَلَا النُّجُوْمَ وَالْكَوَاكِبَ الْعِظَامَ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ، بُدُوْرِ التَّمَامِ وَشُمُوْسِ دِيْنِ الْإِسْلَامِ، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَلَا مَثِيْلَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِي لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ، فيا عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، وقال اللهُ تعالى فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ، اعُوذُ بِاللَّهِ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ. اِنَّ اللهَ وَمَلآ ئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ سَيِّدِنَا اَبِى بَكْرٍوَعُمَروَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ،

  

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ، رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلًّا لِّلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا رَبَّنَآ اِنَّكَ رَءُوْفٌ رَّحِيْمٌ، اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَلِأَوْلاَدِنَا وَلِمَشَايِخِنَا فِي الدِّيْنِ وَلِمُعَلِّمِيْنَا وَأَصْحَابِنَا وَلِمَنْ اَحَبَّنَا فِيْكَ، اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا وَاِيَّاهُمْ فِى كَنَفِكَ وَاَمَانِكَ وَجِوَارِكَ وَعِيَاذِكَ مِنْ كُلِّ شَيْطَانٍ مَرِيْدٍ وَجَبَّارٍ عَنِيْدٍ وَذِىْ عَيْنٍ وَذِيْ بَغْيٍ وَمِنْ شَرِّ كَلِّ ذِيْ شَرٍّ اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْىءٍ قَدِيْرٌ. اَللَّهُمَّ جَمِّلْنَا وَإِيَّاهُمْ بِالْعَافِيَةِ وَالسَّلاَمَةِ، وَحَقِّقْنَا وَإِيَّاهُمْ بِالتَّقْوَى وَاْلاِسْتِقَامَةِ، وَأَعِذْنَا وَإِيَّاهُمْ مِنْ مُوْجِبَاتِ النَّدَامَةِ فِى اْلحَالِّ وَالْمَآلِ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ، اللَّهُمَّ بِجَمَالِكَ وَجَلاَلِكَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن وَارْزُقْنَا كَمَالَ اْلمُتَابَعَةِ لَهُ ظَاهِرًا وَبَاطِنًا، بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ، بِفَضْلِ سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ اْلعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ. وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.



عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

 

* Teks meniko pareng dipun kopas sinten mawon kagem materi khutbah Jum'at 

* Utawi Download PDF



Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar