Jumat, 04 Februari 2022

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa, Barokah ing Wulan Rojab


الخطبة الأولى


الْحَمْدُ للهِ، الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ خَلَقَ الشَهْرَ الرَّجَبَ مِنْ بَعْضِ الشَّهْرِ الْحَرَامِ، وَ فِيهُ سَلَام وَرَحْمَةُ الله وَبَرَكَاتُهُ نَحْمَدهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ عَلَى مَا أَعْطَى وَ عَلَى مَا أوْلَى نَشْكُرهُ، أشهدُ أنْ لا إله إلا اللهُ وحدَهُ لا شَريكَ لَهُ، تَبَارَكَ اسْمُهُ وتعَالَى جَدُّهُ وَلَا إلهَ غَيْرُه، وأشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ بعَثَهُ اللهُ تَعَالَى بِالدِّينِ الْمُبَارَكِ وَلِلْعَالَمَيْنِ بَرَكَاتُهُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَنَبِيِّكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا بِقَدْرِ عَظَمَةِ ذَاتِكَ فِيْ كُلِّ وَقْتٍ وَحِيْنٍ. أمَّا بَعدُ:

أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقوا اللهَ تَعالى وأطِيعُوه، واعْلَمُوا أنَّهُ اَمَرَنَا فِى كِتَابِهِ الْكَرِيمِ: قُل اللّهُمَّ مٰلِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِى الْمُلْكَ مَنْ تَشَاۤءُ وَتَنْزِعُ الْمُلْكَ مِمَّنْ تَشَاۤءُۖ وَتُعِزُّ مَنْ تَشَاۤءُ وَتُذِلُّ مَنْ تَشَاۤءُ ۗ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۗ اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.

 

Hadirin sidang jum’ah rohimakumulloh

 

Syukur Alhamdulillah dumateng Dzat Engkang Moho Mirah, atas sedoyo ni’mat soho rohmat, engkang kacurahaken dumateng kito sami, mugio saget ndadosaken tambahipun kandel takwa kito dumateng Gusti Alloh SWT.

 

Sholawat salam katur dumateng Nabi Panutan kito Nabi Muhammad SAW, lumatar Panjenenganipun mugi kito sami kagolong umat engkang mbenjang saestu begjo nampi syafa’ah. Amin Allohumma Amin.

 

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh.

 

Mboten kraos kito sampun mlebet wonten ing wulan rojab, salah setunggalipun wulan engkang kasebat mulyo ing antaranipun arbangatun hurum utawi sekawan wulan ingkang minulyo. Sampun kathah riwayat engkang nyebataken kemulyaan wulan rojab meniko, bahkan Rosululloh piyambak ngajaraken dungo supados kito selaku umatipun nyuwun tambahipun keberkahan saking Gusti Alloh sak dangunipun wulan rojab. Ugi nenuwun keberkahan ing wulan saklajengipun inggih puniko wulan sya’ban, sahinggo kito saget kepanggih kalian wulan Romadhon, engkang mboten wonten kaleh wulan maleh bade kito jumpai.

 

Lajeng barokah kados nopo engkang sejatosipun kito suwun?

 

Kaum Muslimin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.

الْبَرَكَةُ لُغَةً: النَّمَاءُ وَالزِّيَادَةُ

Barokah secara bahasa artosipun berkembang soho bertambah.

 

Sedangkan barokah secara istilah, kados dene barokah engkang kasebat wonten ing Al-Qur’an lan Sunnah inggih puniko

الْبَرَكَةُ هِي ثُبُوتُ الْخَيْرِ الْإلَهِيِّ فِي الشَّيْءِ

Engkang kasebat barokah inggih puniko langgengipun kesaenan saking Pengeran  ingdalem sawiji. Artosipun menawi kito pikantuk barokahipun Pengeran kito bakal nampi kesaenan engkang langgeng ing dalem sesuatu engkang kito tampi.

 

Wonten ing dalem ilmu contonipun, ilmu engkang barokah mboten dipun persani saking sekedik nopo kathaipun ilmu, ananging sepinten manfaatipun ilmu engkang dipun miliki, tentu kemawon namung manah kito piyambak-piyambak engkang saget ngraosaken. Ananging keranten barokah saking Gusti Alloh, saget ndadosaken ilmu engkang kito miliki semakin bertambah ugi semakin bermanfaat, bermanfaat dumateng pribadinipun ahlul ‘ilmi ugi bermanfaat dumateng tiyang lintu, Menikolah hakekatipun barokah ing dalem ilmu, selalu dipun iringi kesaenanipun ilmu, amargi barokahipun Gusti tiyang-tiyang engkang berilmu meniko, bahkan dipun sebat sebagai pewarisipun Para Nabi, al-ulama’ warostatul anbiyaa’.

 

Wonten ing dalem rizki contonipun, rizki engkang barokah mboten dipun persani saking sekedik nopo khatahipun rizki engkang dipun tampi, ananging rizki engkang manfaat, engkang saget ndadosaken hamba langkung celak dumateng Gustinipun, menikolah engkang kasebat rizki engkang barokah. Rizki engkang kathah dereng tentu ndadosaken manah meniko puas, tetapi rizki engkang barokah saget ndadosaken manah meniko ayem soho tentrem, tentu ke mawon kito mboten saget secara pasti menilai orang lain, keranten ayem tentremipun manah namung pribadi masing-masing engkang saget ngraosaken. Menawiyoto kulo panjenengan sami kaparingan rizki engkang kathah, ananging rizki meniko mboten barokah, mungkin keranten saking caranipun memeroleh rizki engkang salah, mboten saget ndadosaken jiwa meniko tenang, rizki engkang mboten barokah meniko bakalipun muspro, tanpo wonten kesaenanipun.

 

Lan semanten ugi wonten ingdalem sesuatu engkang lintu, Barokah mboten saget dipun pirsani secara kasat mata, keranten barokah meniko raos wonten ing dalem manah engkang mboten saget dipun lahiraken secara fisik materi, barokah meniko kepuasan jiwa engkang namung saget dipun raosaken secara batin ingdalem sanubari.

 

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

 

Wondene mekaten, saking keterangan kasebat kito saget menggaris bawahi bilih barokah meniko wonten setunggalipun tondo engkang saget dipun titeni, inggih puniko tambahipun kesaenan saking sesuatu engkang kito lampahi, utawi dampak engkang sae saking nopo engkang sampun kito tampi saking Gusti. Pramilo wonten ing wulan rojab meniko kulo panjenengan sami dipun dawuhi nenuwun barokahipun Gusti, keranten wulan rojab meniko wulan minulyo engkang kesaenanipun soho ganjaranipun ageng sanget. Tentu kemawon sedoyo meniko mboten sanes minongko pemanasan ibadah kito kagem menyambut bulan Romadhon engkang sekedap maleh bade kito panggihi. Kito nenuwun barokah ing wulan rojab, nenuwun barokah ing wulan sya’ban, ugi nenuwun kapanggihaken wulan romadhon, hakekatipun kito nenuwun yuswo engkang panjang dumateng Gusti, yuswo engkang barokah, inggih puniko yuswo engkang manfaat soho tambahipun kesaenan semata-mata namung kagem beribadah dumateng Gusti Alloh SWT.

 

Kaum muslimiin rohimakumulloh

 

Barokah meniko sejatosipun ni’mat saking Pengeran, sinten tiyang engkang dipun paringi barokah dening Gusti Alloh, menikolah engkang terbaik kagem piyambakipun soho saget manfaat kagem piyambakipun, senajan nopo engkang kaparingaken meniko namung sekedik. Kosok wangsulipun, menawi Gusti Alloh mencabut barokahipun, senajanto nopo engkang kaparingaken meniko kathah ugi tansoyo kathah, tanpo barokahipun Gusti, meniko justru bakal dados jalaran tiyang meniko sengsoro. Artosipun tanpo barokahipun Gusti Alloh, sedoyo engkang kito lampahi bakalipun percuma, sia-sia. pramilo wonten ingdalem salam engkang kito ucapaken dumateng sederek muslim kito, mboten namung keslametan soho rohmatipun Gusti Alloh kemawon, ananging wa barokaatuhu lan barokahipun Gusti Alloh, ugi kito suwunaken.

 

Akhirul Khutbah, mboten sanes namung keslametan, rohmat soho barokah saking Pengeran engkang kito harapaken, sahinggo kito mboten namung meraih kebahagiaan wonten ing dalem dunyo kemawon, ananging kesaenan kulo panjenengan sami sageto langgeng dumugining akhirat mbenjang. Amiin YRA.

 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي هذا الشهر اْلعَظِيْم، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلأيَاتِ وَالذِّكْرِ اْلحَكِيْم، نسألُ اللهَ جَلَّ وعَلا بأسمائِهِ الحُسنَى وصِفَاتِه العُلَى أنْ يُبارِكَ لنَا أجمعينَ، في أسْماعِنا وأبصارِنا، وقُوَّتِنَا وأزوَاجِنَا وذُرياتِنَا وأموَالِنَا، وأنْ يَجعلَنَا مُبارَكِينَ أينَمَا كُنَّا، إنَّه هوسَميعُ الدعاءِ، وهو أهلُ الرَّجاءِ، وهو حسبُنا ونِعمَ الوَكِيلِ، أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

الخطبة الثانية

 

الْحَمْدُ للهِ، الْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَإِلَى اللهِ تُرْجَعُ الْأُمُوْرُ، يُوْلِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُوْلِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ وَهُوَ عَلِيْمٌ بِذَاتِ الصُّدُوْرِ، أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الذى لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ، اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الأُمِّيِّ الْحَبِيبِ الْعَالِي الْقَدْرِ الْعَظِيْمِ الْجَاهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدين .أمَّا بعْدُ، فيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ، فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ :


اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ.

اللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَانَ ٣x

اللَّهُمُّ بَارِّكَ لَنَا فِي عُمَرِنَا، وَبَارَكَ لَنَا فِي عَمَلِنَا، وَبَارَكَ لَنَا فِي رِزْقِنَا، وَبَارَكَ لَنَا فِي أهْلِنَا، وَبَارَكَ لَنَا فِي ذُرِّيَّتِنَا، وَبَارَكَ لَنَا فِي مَا أعْطَيْتَنَا، وَلَا تَجْعَلْنَا مِنَ الْخَاسِرِينَ، اِنَّكَ عَلٰى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. 

اللَّهُمَّ افْعَلْ بِيْ وَبِهِمْ عَاجِلًا وَآجِلًا فِي الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ، مَا أَنْتَ لَهُ أَهْلٌ وَلَا تَفْعَلْ بِنَا يَا مَوْلاَنَا مَا نَحْنُ لَهُ أَهْلٌ إِنَّكَ غَفُوْرٌ حَلِيْمٌ جَوَادٌ كَرِيْمٌ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ .

وصل الله عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، صَلَاةً تَدُوْمُ بِدَوَامِكَ وَتَبْقى بِبَقَائِكَ، لا منتهى لها دون علمك صَلَاةً تُرْضِيْكَ وَتُرْضِيْهِ وَتَرْضى بِهَا عَنَّا يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ، وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ.


عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.


* Teks meniko pareng dipun kopas sinten mawon kagem materi khutbah Jum'at


 

 

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar