Selasa, 04 November 2014

Bu Mentri itu Merokok

Sejak kapan rokok menjadi standar normatif? Kiro-kiro ngno kuilah pertanyaane. Amergo kepangan
omongane aktifis anti rokok mongko terkesan yen ngrokok iku suatu tindak kejahatan, perbuatan
ilegal yang berdosa.
Seorang menteri wadon tatoan ora tamat SMA ngrokok neng istana negara, apane seng salah?
Yen ora ngrokok iku dadi hak sebagian menungso, mongko ngrokok iku yo dadi hak sebagian
menungso yang laen.
Mentri tatoan gak masalah, ora tamat SMA gak masalah, mentri ngerokok gak masalah, nah
ngerokok ditempat umumlah seng dadi andalane larangan merokok, tapi pertanyaane sejak kapan
istana negara dadi tempat umum?

Wartawan seng ora ngerokok tur media masa lawan politik ndelok'e pasti songko sisi buruk'e,
nulis berita seng elek-elek thok.
Padahal neng desoku yen bertamu opo maneh kok mbedayohe ngundang saperlu ngrawuhi hajatan
nggowo rokok iku wajib, ora perduli tamu opo tuan rumahe ngrokok opo ora yen ora nggowo
rokok iku malah ora sopan lan ora nduwe anggah-ungguh sesrawungan.
Nah wartawan seng mewawancarai Bu Menteri iku kok nyalahne seolah-olah iku perbuatan ilegal,
sebelum wawancara kie kudune kan malah nyuguh rokok, moso arep enek perlu kok wis ora
nawani rokok malah nggambleh ngomongne ngelek-elek seng diwawancarai, gek ngono ae ora
terbukti sisi elek'e je...
Jan uwong kok ora njowotenan, uwong opo uduk? Emboh

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

8 engkang sampun komentar:

  1. Ketemu konco wae sing di takokne disik dewe panggah rokok. dadi rokok iku luweh penting dari pada kabare piye :D

    BalasHapus
  2. Edyan, tulisanmu tinemu nalar ki. Setuju aku. ;)

    Salam persahablogan,
    @adiwkf

    BalasHapus
  3. pancen enak kok ngomong sing elek-elek nang media masa iku. Elek-elek sing penting iso didol, bahkan berita apik tentang rokok nguripi ewonan karyawan pun ora iso didol.

    BalasHapus
  4. Berari lek apenen wawancara sesok maneh nggawakne rokok sak slop disik ben bu mentrine seneng b-(

    BalasHapus
  5. Lho... opo wong jowo ki yo kudu ngrokok to mas ? :p

    BalasHapus