Rabu, 28 Maret 2012

Kurang Kerjaan

Kurang gaean ikulah kata seng paling pas buat mahasiswa seng demo unjuk rasa anarkis. Bengak bengok mung modal cocot tapi gak ono gunane. Jare memperjuangkan hak rakyat demi kepentingan rakyat tapi bukankah aksi demo seng koyo ngono kui malah menyusahkan rakyat?

Rambu-rambu lalu lintas di rusak, pos polisi dibakar, gedung DPR rusak di antemi watu, blokir jalan, menyandra mobil pengendara seng lagi liwat, lan liyo-liyane. Nek kepingin menyampaikan aspirasi mbok yo ojo koyo ngono carane, jare demi kepentingan rakyat yang sengsara, tapi nek ngrusak fasilitas umum ngono kui cengoh jenenge. kangge mbangun bangunan seng kok rusak ki duite mbahmu ye? mikir to,duite rakyat juga nda... karepmu membela rakyat tapi malah menambah penderitaan rakyat iku, Polisi tok antemi watu bom molotov, gak miker arek iki, ngge nambakne polisi seng mlebu rumah sakit duite sopo jal? duite rakyat iku. Mobil dinas di sandra trus dirusak, seng ngge tuku mobil iku duite sopo? pekok tenan iki gak miker, iku yo duite rakyat juga. Wong arep dagang nyang pasar sampek gak sido budal wedi krungu enek demo. Aku yo gk setuju BBM larang tapi aku yo gak setuju nek ono klakuan asu koyo ngno kui, Joh... melu mbayar pajek mung ngge ndandani fasilitas umum seng dirusak mahasiswa, Giathel...

Pemerintah Indonesia ki yo wes koyo ngene iki ora usah ngarep-ngarep belas kasihane pemerintah, perkoro sengsoro kan wes biasa to, wong Indonesia kok...Rakyat Indonesia iki sekti ora mangan 40 dino lo kuat malah dadi ampuh, lombok larang yo tetep nyambel, bensin larang malah ngimpor montor anyar, saking sektine udan ae iso dipindah kok, ojo kuatir menderita, wong indonesia ki wes kebal penderitaan, ora nggumun nek mung ora mangan ae. Tambah sengsoro tambah sekti kok....

DPR seng rehap toilet ngangge duit rakyat ae dipisui kok, Lha iki malah gedung DPR sengojo dirusak diantemi watu, ngge memperbaiki yo duite rakyat kek, ayo dipisui ae lek ngono...Giasot...

Kenyataane poro pejabat pemerintahan terutama seng korupsi iku mbiyen yo mahasiswa lo, klakuan kok koyo asu, kiro-kiro dadi asu ae malah ndak lulus. yo paling ora lulusan asu kui maenglah....
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

14 engkang sampun komentar:

  1. ra njowo aku tapi gelem komentar :P

    BalasHapus
  2. arep melu2 raroh jowone aku, makane mampir neng Njowotenan ben jowo hahaha

    BalasHapus
  3. yang komen gartis kopi sak cingkir diwakoka

    BalasHapus
  4. wo asu tenan ki. wkwkwk.

    awale aku maeng wedhi arep komen mergo mekok-mekokne mahasiswa pekok e. nek aku asal komen engko yo katut dipekok-pekokne Mukijo lak yo malah mumet ndasku. :p

    paragraf-paragraf awal bahasamu ancen realis Jo, tapi sing keri (sing mbahas kadigdayane bangsa nusantara) luwih realis meneh. mantap. :D

    BalasHapus
  5. ha ha ha ha, sabar pak sabar... hehehe

    BalasHapus
  6. sabar budal TKI nyang malesia

    BalasHapus
  7. tanggungane pemerintah sek modal madul....

    BalasHapus
  8. Kudune wong terpelajar kwi kulina mikir logis lan adoh seka tindakan seng anarkis.

    BalasHapus
  9. sing meh demo ben demo kono, aku tak nggolek kerjaan sik kang...

    BalasHapus
  10. yo iku, seng di arani, negora. Rakyak, elon-elonen..
    Dadi senengane grubyak-grubyuk... Grudag-grudug
    Bengak-bengok, ngrusak, anarkis.. Pancen ngruweti, Karepe arep ngrewangi/nulung rakyat cilik, koyo ak ngeneki.. Tpi, malah marai miris wong seng gak njowo ae,..
    Kedadeane.. Rugi dewe...?
    (Mbok ngelingi nek pemerintah ki opo-opo gor kari, obo)

    Wong saben Angger demo, 80% ra enek hasile low...
    Ngunu kok di dog-dogke...

    Seng-menang yo tetep menang ujung2nge yo iku POLITIK-os...!?

    BBM mundak larang ra po2 seng pentng, kbeh di standarke...
    Koyo to gaji burh macul, di tambh, 40r dadi 80r, sego kucing seungkus dadi 7r, wes pokoe
    Angger pd2 seimbng tak yo ra do demo tow..
    Nek ra seng pnteng so UMBAS wae...?

    Ah emboh.. Tinbng ngurusi wong demo...
    Mending... Domino.. Hehehehe..

    Urip gor sak deremo mamper ngobe ekok go udur-uduran.
    (Ngelingi jagad sak isine iku amung pacoban kang wes nyoto, mulo akal, ati lan pikri kudu tansah nyawiji)

    Kae lo penting hara susu jek gelem mudun. . Hehehe..
    Jain ranggenah tenan nde..

    Ngapunten bos, mbok menawi anggen kulo kment wnten klenta klentune lan mungkn menyinggung, kulo nywun pangapunten..?

    BalasHapus