Selasa, 13 Maret 2012

Pasrah Temanten Putri

Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah atau Duta Wacana yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Tetapi adakalanya terjadi hal yang luar biasa, dimana orang yang dimintai tolong menjadi Duta Wacana itu tidak ada atau mendadak berhalangan. Karena itu mau tak mau keluarga pengantin putri itu mesti tampil sendiri menyampaikan pidato tersebut. (Bagaimana seandainya hal itu terjadi pada kita?....) Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri yang disampaikan sendiri oleh walinya (bapaknya atau kakaknya).



Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(asal desa alamat)............ , langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula ................................., kula menika bapakipun/masipun penganten putri, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......(asal desa alamat)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............ ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............, keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/adhi kula nuwun inggih .........(jeneng nganten putri)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ...................., nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................
Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi,  kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga anak/adhi kula pun ....(jeneng manten putri).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar