Jumat, 08 April 2011

Salah Mendidik Anak

.
...Belalang kupu-kupu siang makan nasi kalo malam minum susu... Ikulah lirik terakhir lagu pok ame-ame sing biasane di nyanyekne ibu-ibu naliko ngudang anak'e sing isek bayi, wes ngerti yen walang iku panganane godong, kupu panganane madu lha kok yo malah lagu salah koyo ngono diwulangne anak to.

Ono ibu-ibu nesu marang anak'e, "Bocah ora njowotenan, wes kelas 3 SMA kok ora tau gelem ngewangi penggaweane wong tuwo, saben muleh sekolah mung turu wae, piye to le....le... karepmu iki ke?"

Padahal jaman anak'e iku isek cilik diluk-diluk dikongkon turu, malah dinina bobok kon cepet turu, yen anak'e sek dolan sampek di golek'i di pekso kon turu yen ora gelem turu mesti diseneni. Lha saiki bareng wes gedi dadi bocah mung tura-turu kok yo nyalahne anak sing jare ora njowotenan, padahal sing mulang turu awit cilek kan yo wong tuwane dewe iku to.

Tonggoku malah luweh parah, moso ngudang anak'e kok ngene, "Anak'e sopo to iki kok ayu men? ciluuuuuuuuuuuk.......badalaaaaaaa......" Wong sing nglahirne yo dewek'e dewe kok malah takon anak'e sopo, anak sek bayi durung biso ngomong malah dilatih nganggo pertanyaan sing mbingungne. aku wae sing wes gedi ora paham lho "ciluk badala" iku artine opo to?
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

18 engkang sampun komentar:

  1. "Anak'e sopo to iki kok ayu men? ciluuuuuuuuuuuk.......badalaaaaaaa......" maksute macak lali, terus gawe anak meneh sing luweh ayu. lak yo seneng podoan gawe anak..

    BalasHapus
  2. penak nggae anak tapi susah ngopenine

    BalasHapus
  3. "Belalang kupu-kupu siang makan nasi kalo malam minum susu"..susu sing endi ki kang??? :D

    BalasHapus
  4. mbiyen nak cilik di keloni mbok'e, tpi saiki moso wes gedhi maslih ngeloni anak'e uwong..hahahahaa..

    BalasHapus
  5. 'iki anake sopo?' iku mau maksude bapake sing endi, saking akehe kang....

    BalasHapus
  6. mumet aku moco tulisanku dewe

    BalasHapus
  7. Ciluk Badalah = banci buluk badut polah

    BalasHapus
  8. @Joe, mesti sampean iku terobsesi karo pilem, Whose your daddy ya kang? hihihihihihi....

    BalasHapus
  9. kunjunga disore hari ketempat sahabat... sambil baca artikelnya, tapi agak kesulitan dikit karena kebanyakan bahasa jowo. mslahnya aq ora ngerti kali mas... he... salam kenal dari tengku

    BalasHapus
  10. wong jowo toh sampean ?
    wong Solo,Jogja,Tegal ?

    BalasHapus
  11. sampurasun kang itu anak ngedotnya pake kaki siapa yang ngajarin kang

    BalasHapus
  12. wah ga ngerti bahasa jawa, hehe
    yang penting salam kenal aja deh mas.

    BalasHapus
  13. cilukkkk baaaaa

    Linduaji Masman

    BalasHapus