Kamis, 28 April 2011

Atur Pasrah Penganten Putri

Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri.

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung miwah putri. Minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ....................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten putri ingkang pidalem ing ................................... , kula pun ........................................ ingkang piniji minangka sulih wicara, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ........................................ dalah gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu .................................... ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang agung, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................. lumantar kula masrahaken putra temanten kekalih, inggih Mas Bagus ......................... kaliyan Rara ayu ........................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben, nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ , kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, mugi kepareng katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga ........(penganten putri).............. menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ....................................... amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Panjenenganipun para rawuh ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet taksih kathah reroncening adicara ing pahargyan menika. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar