Rabu, 30 Desember 2009

Rongewu Sepuloh

Tahun baru iki wis tahun 2000 punjule ono 10 taon. akeh cara kangge memperingati tahun baru, koyo to dolan neng pan tai karo pacare, nglencer neng alun-alun karo konco-koncone, opo pesta kembang api lan acara liane sing mbungahne ati.

Tahun baru jare kudu serba baru, semangat baru, prestasi baru hape baru, montor baru, lek perlu celana dalam yo baru, lek dalamnya celana ora baru yo ora popo. hehehe...

Tapi sajak'e tahun iki aku malah susah ora iso dolan, lha piye lho...udan yo baru turun, sawah yo baru ditraktor, jagung yo baru ulur, ora koyo tahun baru kepungkur sing aku iso dolan mergo sawah wis sampe digarap, jagung neng tegalan yo wis janten.

Tahun baru rego sembako baru kabeh, gulo larang rego minyak mundak, tapi mugo-mugo rego gabah tetep larang pas pariku mbesok panen, supoyo poro petani ora rugi mergo pupuk, obat, wineh, banyu, yo podo larang regane.

Tahun baru iki ora enek critane penganten baru, mergo bertepatan wulan suro ora enek sing wani mantu.

Mumpung iki baru taon 2010 ayo podo ngibadah sing akeh ngurangi dosa, jare taon 2012 kiamat? iku yo mung baru katanya, tenane ngono yo sopo sing ngerti.
Jumat, 18 Desember 2009

MBAH SURO

Mbah Suro, jenenge podo karo wulan lahire, jare bapakku laire mbah suro mbiyen iku pas malem tanggal siji suro jam 12 bengi, cangkeme ombo, untune gedhi-gedhi ketoro sangar yen mringis, kadang ora semaur yen tak celuk mergo bolongan kupinge ketutupan kuping lorone sing ombo tur dowo nglambreh teko gulune, rambut lan ulune mbah suro terkesan serem mergo dowo ora tau di cukur. sak jane sing nyebabne mbah suro luwih serem ki mergo neng nduwur batuke mbah suro thukul koyo sungu, cacahe ono loro medeni.

Sing luwih aneh maneh Mbah Suro kawit cilik songko lahir ki wis ora ndue tangan, tapi mbah suro nduweni keluwihan ono neng sikile, jumlahe sikil mbak suro ono papat ora koyo lumrahe menungso sing sikile mung loro.

Kiro-kiro jam limo sore Mbah Suro ngamuk, buengak-bengok ora jelas opo sing diomongne. Tak cedak'i alon-alon trus aku ndodok neng sandinge. Mripate mbah Suro sing bunder ireng mlorok ombo tandane Mbah Suro lagi murko. aku maleh rodok wedi. tak coba konsentrasi memahami opo sing dikarepake Mbah Suro, Tak enteni Mbah Suro arep dawuh opo.

Aku tambah penasaran urung ngerti opo sing diomongne Mbah Suro, ora sui Mbah Suro ujug-ujug mbuengok'i aku sing pas neng ngarepe,

"eMbe e e e e e ek......!!!!!"

Aku kuaget banget, lagek sadar.

"Oh iyo, aku lali urung ngarit, pantes wae bengak-bengok, ternyata wedusku urung tak golekne pakan."
Minggu, 13 Desember 2009

Ketinggalan Pesawat Opo Wedi Kiamat?

Dikabarkan dua jamaah haji Indonesia hilang di Arab Saudi, Saiki urung ketemu mulane ora katut muleh nyang indonesia. Enek sing nyalahne Departemen Agama sing ora becus menangani jamaah haji, pengalaman taun-taun lalu dadi alasane, Koyo to jamaah haji kaliren ora oleh jatah mangan, enek sing keleleran ora oleh panggonan turu, malah saiki enek sing ilang nyandi parane gak genah.

Emboh tenane piye, opo panitia sing lali ora ngabsen opo terah jamaah sing ilang iku ora ketemu nggolek'i bature sing songko indonesia aku yo gak paham.

Tapi lek menurut perkiraanku, jamaah haji sing ilang iku mungkin memang sengojo ndelik ben ketinggalan pesawat gek ora katut muleh nyang Indonesia, terus iso urip neng Mekah mergo wedi kiamat 2012.

Lek terah ngene iki ceritane aku setuju-setuju wae, dari pada mati neng Indonesia mergo gempa, sunami, banjir, klelep lumpur, dijotosi satpol PP, dianiyaya polisi sing salah tangap, opo diuber-uber KPK, kan luwih apik mati-matio lek neng Mekah iso mati sahid.

Upomo 2012 kiamat tenan, neng Mekah iku kan dijamin keslametane, upomo ora slamet songko kiamat wong terah gak bakal ono sing iso slamet songko kiamat, paling tidak kan neng mekah dijamin slamet songko ancamane Dajjal. iyo to?

Sumber : Okezone.com
Sabtu, 05 Desember 2009

MANTU

Istilah jowo kangge wong sing ndue hajat pernikahan. Jare wong tuwek taon iki diarani taon dudo, jare taon sing kurang apik kangge mantu ngrejakne manten. Tapi justru malah akeh wong neng desoku sing mantu, wulan iki wae ono patang omah sing ndue hajat mantenan.

Kasebut dadi sinoman utowo pemuda sing nyokong suksese hajat tuan rumah, aku sampek ora kerjo pirang-piorang ndino, mulane pirang-pirang ndino iki gak tau apdet, mergo gak ndue duit, lha gak kerjo arep oleh duit ko ngendi? maklum blogger blogspot, blogger yang tidak mencari uang di internet tapi malah menghabiskan uang di warnet, hehehe....yo pantes disebut BOKEP alias Blogger Kere Ponorogo.

Tiap ono hajat mantu poro sinoman wajib hadir songko dino pertama sileh-sileh grabah lan nonjok, dino kepindo becek'an, dino ketelu resepsi temu manten, lan dino terakhir uleh-uleh grabah. lek sak hajatan perlu wektu patang ndino, otomatis aku gak kerjo ono 16 dino. sampek jibeg aku lek gak ndue duit ngene iki. tapi yo enek segi positipe sih, cukup menyenangkan iso ngumpul bareng konco-konco sak deso. luwih-luwih oleh mangan wedangan lan rokok gratis, hehehe...

Terutama acara bengi sing biasane diarani lek-lek'an utowo melek sewengi utuh ngge ngramekne acarane wong mantu. biasane diisi kegiatan sing menurut wong sing gak nggenah diarani penyakit masyarakat, tapi menurutku justru malah mempererat kerukunan antar warga dan pemuda.

Sembrek, sanggong, remi lan permainan kertu liane meskipun gak tau diduiti alias gak pernah dingge judi, permainan iki dadi favorit ngge tombo ngantuk. tapi lek aku paling seneng skak, permainan sing iso mencardaskan otak, mulane aku hobi banget lek kon catur, permainane poro jenius.

Organisasi pemuda neng desoku ndue jeneng KKK (K3) singkatan songko Kumpulan Kaponan Kulon. Yoiku kumpulane poro pemuda-pemudi terbaik harapan Desa Kaponan. Lek tak arani pemuda harapan bangsa dan negara terlalu berlebihan, keduwuren. masalah negoro ben dipikir poro mahasiswa sing isone mung demo tapi ora tau enek hasile iku wae.

Akir kata ucapkanlah selamat datang kangge Cah Ndueso neng dunia maya sing meh enek sewulan gak onlen.
Sabtu, 14 November 2009

Bumi Ponorogo


Lawang agung Al-Jamal paseban ingsun
Lair batin wis gambuh ing jiwaningsun
Warok waskitho amulat jagat gumulung
Pono awas andulu jagat gumelar
Gusti! wes sampurno jiwo lan rogo
Kukuh jatine manungso
Bakuh bumi Ponorogo

Eling-elingo babat tanah Ponorogo
Songko Bantarangin Prabu Klonosewandono
Siswo kinasih Sunan Lawu Browijoyo
Pecut Samandiman ingkang kinaryo pusoko
Jumeglar-jumeglar koyo gurong gurnidra

Wektu lumaku condro wis gumanti warso
Bumi Ponorogo nglairke paro satriyo
Sri Batoro Katong nyang warok Suromenggolo
Ronggowarsito mring Tegalsari suwito
Sentoso-sentoso kukuh bumi Ponorogo

Tan teluk maring sasomo
Tan bedhah ing parang muko
Saiyek saeko proyo
Manunggal Gusti kawulo

Merdiko....merdiko...!!
Joyo bumi ponorogo...!!!
Download mp3 nya klik disini
Selasa, 10 November 2009

Pahlawan Tanpa Tanda Tangan


Tanggal 10 Nopember iku kasebut hari pahlawan, Pahlawan yoiku sopo wae sing wis berjasa kepada bangsa dan negara. Masalahe saiki, sopo wae sing wis berjasa bagi nusa dan bangsa?

Pejuang kemerdekaan sing gugur neng medan pertempuran mbiyen iku wis berjasa, malah nyowo taruhane, pantes disebut dadi pahlawan. Nah, lek neng jaman saiki sopo sing patut diarani pahlawan?

Poro pejabat pemerintah?
Ora pantes diarani pahlawan, moso pahlawan kok wetenge lemu?

Poro tentara?
Kurang pantes diarani pahlawan, isane mung latihan doang, jarang dikon perang.

Pak Polisi?
Gelem men lho nyebut pahlawan, luwih okeh nyusahne tinimbang mbantu rakyat cilik.

Lek guru piye? pahlawan tanpa tanda jasa kan?
Ora gelem mulang murite, malah demo njaluk bayarane mundak kok tanpa tanda jasa piye lho?

Lha terus, sopo saiki sing pantes diarane pahlawan?

Mungkin sing paling pantes diarani pahlawan ki poro petani, sopo njijal sing ngiseni wetenge pejabat lek dudu petani?

Sak hebat-hebate tentara ora enek sing luwih kuat sedino utuh kepanasen dipepe srengenge koyo petani.

Petani iku penggaweane nyang sawah, mung arep ngarit ngge pakan wedus wae moso neng pak polisi kok dikon nggowo SIM, STNK kon heleman pisan, lek ora ngono bakal ditilang didendo, dingge nebus dendo iku wae Pak Tani ora cukup adol wedus siji lho masamu...., bayang no to.... kok yo ora mesakne ngono iku?

Guru sekolah mung iso teorine tok, prakteke nol puthul. opo enek guru jaman saiki sing marai murite piye carane nyekel pacul?

Meskipun tanda tangane ora tau dibutuhne nyatane petanilah sing mbendino ngurusi tanah air, setiap hari bergelut dengan bumi pertiwi, ora enek wong indonesia sing luwih cinta tanah air kecuali Petani, Pahlawan adalah Petani, Petani adalah Pahlawan tanpa tanda tangan.
Sabtu, 07 November 2009

Serigala Terakhir



Nah... yo film ngene iki lho sing mening ke... moso ket mbiyen film indonesia gak enek sing bermutu blas, aku wae sempat ragu moso wong indonesia gak enek sing iso nggawe film sing berkualitas internasional. Andalane kok sinetron picisan sing isine mung nangis-nangisan, lek ora ngono film setan-setanan. Yo mung lagek Serigala terakhir ikilah film indonesia sing bener-bener iso memuaskanku.


Lek kepingin weruh piye jalan ceritane Serigala Terakhir silahkan kunjungi www.oranjowoblas.info

Download
Jumat, 30 Oktober 2009

Pesta Buku Murah Ponorogo 2009

Neng njero bis enek wong adol buku, rueno-reno sing di tawakne, songko novel cinta, buku agama, majalah sampek buku komik yo enek. Saking pintere omong aku sampek kepincut kepingin tuku.



"Enek buku cerita horor po ora kang?"
"Nggih wonten no.... Pitulimo mas...?"

novel horor judule "Misteri Bis Penasaran" di tawakne aku

"Pitung puluh limo ewu? larang men lho... sewidak wae lah...?"
"Nggih pun...buat sampean ndak papa sewidak aja..."

Duit eketan karo puluhan siji ditampani, tapi sakdurunge ngaleh sipenjual pesen neng aku

"Ati-ati mas, saking sereme iki buku, meh kabeh sing tau moco mesti sock tiap sampe moco buku iki. saranku ojo sampek kok bukak halaman terakhir, lek sampean woco tak jamin sampean pasti menyesal, ingat mas halaman terakhir ojo diwoco...!"

Si penjual buku mudun songko bis, novel horor iku mulai tak woco, ternyata gak serem-serem amat, sampailah halaman terakhir, aku maleh penasaran opo to sakjane isi tulisane halaman terakhir iku.

"WEDOS, aku diaaaaaaaaaaapusi iki...SEMPRUL!!! "

Kabeh uwong neng njero bis plonga-plongo ngetene aku.
Ternyata halaman terakhir iku tulisane :

Misteri Bis Penasaran
Terbitan CV. Buku Kapusan Tbk.
Harga Pas: Rp 15.000,-




Nah... lek sampean gak kepingin kapusan koyo aku ora usah tuku buku neng njero bis ritek, kunjungi wae :

Pesta Buku Murah Ponorogo 2009

Tanggal : 11-17 November 2009
Pukul : 09.00 - 21.00 WIB
Tempat : Gedung Sasana Praja
jl.Diponegoro No.28 Ponorogo
Sabtu, 24 Oktober 2009

Cara Membuat Blog Sing Paling Gampang

Kliken wae iki www.blogger.com
trus klik buat blog
bar iku manuto petunjuk sing ono nang kono
dadi deh....
penak to hehehe......


Nah..., lek blogmu wes dadi gek kebetulan kowe ki cah Ponorogo, gabung wae di komunitas kotareyog.com

Nah....Lek sampean wes melu gabung, secara otomatis iso dadi member neng warnet indiGO Lho...., warnet paling profesional sing dadi beskeme Blog M, alias Blogger warok cabang Mlarak, hehehe ....
yo ye....?
Selasa, 20 Oktober 2009

Opo Hayoo....?

Lek murep janggute neng nduwur
Lek mlumah janggute neng ngesor




Wis ngono thok, ora enek terusane, Langsung komentaro wae, hehehe...
Selasa, 13 Oktober 2009

NGOPI


Lek sampean menangkap kesan negatif songko istilah ngopi iku wajar wae, mergo ngopi iku wes kadung identik karo rokok. Tapi ngopi iku yo akeh lho segi positipe?

Setelah diteliti, tibak'e ngopi isuk-isuk bar trangi turu iku iso ngusir roso ngantuk lho..., nyang mripat iso langsung padang, opo maneh kopine iseh panas, luwih-luwih kok disiramne nyang raimu, hehehe... tak jamin ora bakal ngantuk maneh.

Lek sampean ora sekolah ojo kuatir kekurangan ilmu, ternyata cukup dengan ngopi nang warung sampean iso oleh ilmu pengalaman lan berita terbaru, opo maneh lek sampean ngopi bareng karo poro ilmuan lan wartawan. yo ye....?

Jare mbah surip lek kepingin awet muda ki jare kon memperbanyak ngopi iku bener, mergo kebanyakan wong sing wis tuwek ki neng pak dokter ora oleh ngopi, dadi lek sampean sek ngopi iku berarti sampean sek awet enom mergo pak dokter ora nglarang ngombe wedang kopi, yo kan?

Ngerti nggak sampean, enak opo orane wedang kopi iku ora kok mergo carane ngecom utowo akeh thithik'e gulo lan bubuk'e lho..., tapi enak opo orane wadang kopi iku tergantung sopo sing gecom, luwih ayu cewek sing ngecom wedang kopimu, mongko luwih manislah rasane wedang iku. hahaha....

Kadang-kadang bakul wedang kopi iku kelalen, nah, mulane lek sampean ngopi nang warung ojo lali ngomong " Mbak, aku pesen wedang kopi jo lali sak bobok'e !!!"

"Eh...., sak bubuk'e maksudku"

Hehehe........
Sabtu, 10 Oktober 2009

SOAL MATEMATILAHKITA

Umpamakno sampean ki adol lengo tanah sing nduene mung takeran lengo 3 literan lan takeran 5 liateran, seorang pembeli nggowo curigen tuku minyak tanah 4 liter.

Pertanyaane : piye carane sampean mung ngangge takeran 3 literan lan 5 literan iso tepat ngedoli pembeli iku 4 liter lengo tanah?

Lek iso langsung komentar wae!

Lek gak paham boso jowo kliken!

Minggu, 04 Oktober 2009

HALAL BIHALAL



Ajang Pamer Lan Jor-joran Rokok


Silaturrohmi ndayoh nyang omahe dulur tonggo utowo konco mesthi isin lek ora nggowo rokok sing bermerek, mergo iki dino bodo, dino lebaran, dino riyoyo.

Ironis memang, tapi yo wis arep piye maneh, setiap aku ngenyangi acara halal bihalal aku weroh sing biasane rokok'ane nglinteng maleh nggowo rokok lucky strike, sing biasane rokok'e rongewunan maleh nggowo rokok inter, bahkan sing ora taune ngrokok maleh nggowo rokok A mild jare mung ngge patut-patut ngumpuli konco.

Mungkin wong loro ikilah contone :


Blogger kere sing raine ra tau dipajang nang kotareyog.com gelem menghadiri acara halal-bihalal (mergo ora mbayar) sing diadakan komunitas blogger warok kotarereyog.com. Meskipun kere tapi tetep pede mergo rokok'e bermerek dengan bangga memperkenalkan diri iki lho blogku, dot blogspot dot kom. Padahal blogger liane iku blogger premium sing domaine dotcom, dotnet, dotweb, dotaidi lan dot-dot berduit liane.

Meskipun pamer lan jor-joran rokok sing penting tetep guyup rukun ikulah sing diharapkan, yo ye?

eling-elingen wae tulisan sing mesti ono nang bungkus rokokmu,

Merokok dapat menyebabkan hamil, lek kowe ngrokok neng nduwur kasur, hehehe...gak nyambung.....
Kamis, 01 Oktober 2009

G 30 S PKI

Go public 30 September Perdana Kuterbitkan dot Info

Terispirasi songko konco-konco ngeblog sing ora iso boso jowo, lan mergo mbah google ora nduwe traslit boso jowo tu indonesia po maneh tu english, mongko Cah Ndueso perlu mencari jalan keluar, mulane lahirlah web anyar sing alamate www.oranjowoblas.info

Wadoh...Cah Ndueso pindah omah to...?

Ora, enggak kok, njowotenan.blogspot.com tetep dadi omahe Cah Ndueso, www.oranjowoblas.info iku mung media traslate kanggo mempermudah bolo ngeblog sing gak paham boso jowo.

Yoez, nyuwun dungane semoga sukses, kathah manfaate. yoye?

Jo lali kunjungi ORA NJOWO BLAS

Kamis, 24 September 2009

TIWUL

(Dari telo, ke gaplek, menjadi tiwul)

Asline panganan iki asale songko telo, Sak durunge kalah populer tinimbang hamburger, Tiwul dadi makanan paporite wong indonesia lho masamu....

Padahal Sego gaplek ki akeh mbanget manfaat lan segi positipe. koyo to :

1. Sego tiwul iku luweh awet wareg tinimbang panganan liane, asalkan lek mangan sing okeh, hehehe...
2. Luweh ngirit duit, mergo regane yo murah pol.
3. Ikut berpartysisapi program pemerintah, jare cinta praduk dalam negri.
4. Menghemat beras, lek mbendino mangan gaplek beras mesti awet.

Nah...sing terakhir, ternyata sego tiwul ke biso menyembuhkan seribu satu macam panyakit lho...lek sampean gelem mengkonsumsi sego tiwul alias sego gaplek tak jamin penyakit opo wae iso sembuh. tapi lek wis mengkonsumsi gek tetep wae ora mari, berarti penyakite sampean iku penyakit nomer seribu dua, hehehe....sing jenenge telo, digawe panganan koyo opo wae bentuk'e, tetep wae rasane telo. itulah mental orang Indonesia, Bermental Telo.
Selasa, 15 September 2009

Riyoyo Syawal 1430 H ( edisi salah kaprah )


من العـــا ئدين والفــائزين

"Minal 'Aaidiin Wal Faaiziin" lek sampean menganggap iku artine mohon maaf lahir dan batin, sampean salah besar. Padahal Minal 'Aaidiin wal Faaiziin iku artine sing bener "Semoga kita termasuk orang yang kembali suci dan termasuk orang yang mendapat kemenangan"

Tapi yo ora opopo lah... jenenge wae salah kaprah, meskipun salah tapi wis kaparah, wis umum, dadi yo dianggep wae bener. yo ye...?

Yo kuwi maeng....amergo mohon maaf lahir dan batin iku wis kadung lumrah diucapne pas Riyoyo Syawal ngene iki, Cah Ndueso pun yo ora ketinggalan melu mengucapkan :


"Sugeng Riyadin 1 Syawal 1430 H"



Gusti mboten bakal ngapuro duso kulo menawi tiang engkang nate kulo salahi dereng paring ngapuro dumateng kalepatan kulo. Mulo saking meniko menawi Cah Ndueso gadah kesalahan, kehilafan, kalepatan, kleruning ucap kang nyinggung prasaan, tumindak kang mboter prayugo, dumateng konco-konco blogger, lan sinten ke mawon engkang nate mampir teng blog niki, ugi engkang nate kulo blogwolkingi, Cah Ndueso nyuwun agunging samudro pangaksami, mugi-mugi sak sampunipun sami ngapuro kito dados tiang engkang suci lan pikantuk kemenangan arupi suargo kang katah widodarine, hehehe....

Minal 'Aaidiin Wal Faaizin... Amien Ya Robbal 'Aalamien......
Sabtu, 12 September 2009

MUDIK ( Muleh Disek )




Terminal Seloaji, Pertengahan poso, Jam 08.00 WIB. Ora nyono ora ngiro Cah Ndueso ketemu maneh karo Si Jenggot Putih. "Waaaaah....ini mas yang sholat di langgar itu kan?"

Weleh-weleh.., kok yo sek eling to yo, wong iki... "Iya bener pak, ngemeng-ngemeng mau mudik ya pak? mau nggak tak kasih saran?" Cah Ndueso bertampang sok baik.

"Emang apaan sarannya?" Si jenggot putih penasaran.

"Kalo mau ke Surabaya gak usah naek bis pak..."

"Lha terus naek apa?"

"Bapak naek sepur ajah, khusus di bulan puasa ini orang-orang yang punya jenggot panjang seperti bapak ini jangankan cuma sampek Surabaya, sampek Banyuwangi pun nggak bakalan ditarik, pak."

"Ah..yang bener?" Si jenggot putih tambah penasaran

"Coba aja kalo gak percaya....." Cah Ndueso mesem mrenges

Bis jurusan Madiun budal, Si jenggot putih mluayu nyusul bis iku mau trus mencolot numpak. Songko jendelo bis Si jenggot putih bengok-bengok,"Saya mau ke Madiun dulu, ke stasiun...saya mau naik kereta api saja biar nggak di tarik." Si jenggot putih pun dada~melambaikan tangan~

Aku yo mbengok nyauri, "Sing ora ditarik iku jenggotmu....nak ongkos tiket sepur panggah ditarik, tetep mbayaaaaaaaaaaaar....!!!" tapi suaraku kalah banter karo suoro bis sing mlayu tambah cepet, Umpamane Si jenggot putih krungu, paling yo gak paham opo maksudku, aku lali nak wong iku gak paham boso jowo. Dasar...wong sing kesusu MUDIK alias muleh disek, ora ngrungokne penjelasanku ki yo ngene iki akhire...tetep ora njowo, Hwahaha.......
Kamis, 10 September 2009

Mengungkap Misteri Tengah Sawah


(Disarankan Moco Postingan Lawas, Tinimbang Bingung Gak Paham)


Ojo ngguyu disek lho..., sak durunge sampean rampung moco tulisan iki. Tibak'e...eh Ternyata...Suoro wong wadon cekikikan nang tengah sawah iku suarane Mbokku guyon karo Pakku pas mbokku ngirim sego wayah pakku nunggu disel nang sawah, lep, ora mulih teko bengi.

Lek suoro macan mbaung iku ternyata suoro wayang songko radio sing stel pakku mbaturi melek ben ojo ngantuk. Asu jenggong sing nyuoro bengi iki pancen suoro asu tenan, tapi uduk asune wong kene mergane wong kene gak ono sing ngingu asu. iku asune pemburu sing lagi golek garangan, mboh wong ngendi iku aku yo ora ngerti.

Lha terus misteri montor mogok iku piye?

Hahaha...Yo mesti mogok lah...wong lek numpak'i nang tengah sawah, yo klelep lumpur no.....ora knek di lakokne kejobo di surung, yo kan...?

Meskipun dewek'an ora rame-rame wong akeh nang tengah sawah yo ora bakal ono opo-opo kok, kurang men gaean lho...bengi-bengi dewekan nang tengah sawah, gelemen kademen, opo ora penak ngeloni bojo, yo ye?

Ono opo nang tengah sawah?

Lek sampean njawab rueno-reno jare nang tengah sawah ono setan, kuntil anak, pari, opo emboh piye jawabanmu iku salah kabeh. sing bener nang tengah sawah iku mung ono huruf "W" njijal delok'en tulisan SAWAH sing tengah hurupe opo, huruf "W" kan?

Wis....lek kepingin ngguyu saiki wis oleh nguyu...
Hwahahahaha.....

Oh iyo....Award nang nduwur iku olehku songko Gubuk Blekenyek, tak persembahkan untuk temen2 sing komentare rodok bener, lho kok mung rodok? iyo..... mergo gak enek sing njawab buener tenan....hehehe.......

Selamat dech buat :

Alamendah
Jalan Wali
Wh
Resha
Azaxs
Mengembalikan Jati Diri Bangsa

Jo lali awardnya iku dijupuk, pajangen nang blogmu, dibekling nang mrene.....yo ye?
Sabtu, 05 September 2009

Misteri Tengah Sawah

Nang kulon desoku ono sawah kang ombo banget, ora kur pisan pindo, iki wis bolak-balek tiap jam siji bengi ono suoro sing aneh-aneh, kadang suoro wong wadon cekikikan, "iiih...ih..ih...ih..." kadang suoro macan mbaung, malah bengi wingi jare ono suoro asu jenggong, "Au...Au...Auuuuu..." padahal warga sekitar kene gak ono sing ngingu kirek.

Sing luwih aneh maneh, tiap ono montor liwat tengah sawah, montor iku mesti mogok, ora keno dilakokne kacuali disurung, lan sek akeh maneh kadadean liyane.


Lucune, lek rame-rame, wong akeh moro nang tengah sawah meskipun ditunggu songko tengah wengi sampek isuk yo ora bakal ono opo-opo.

Nah..., lek sampean pernah katemu kedadean koyo mangkono iku aku nyuwun tulung pecahno misteri iki, Lan jawaben pertanyaan iki, Ono opo to sak jane nang tengah sawah iku?

Kamis, 03 September 2009

Unsur "M"


Nang ratan gedhe, Jalan raya Mlarak Jabung iku ono prapatan sing diarani prapatan mblebak'an, emboh nyapo nak wulan poso ngene iki sing mlaku-mlaku isuk, istilah gaule joging, kok tambah akeh tinimbang lek ora poso, meh kabeh uwong tuwek enom lanang wadon kabeh mlaku-mlaku.

Isuk iki maeng aku yo tertarik melu mlaku-mlaku mung goro-goro diajak konco-konco jare lek isuk ngene iki uakeh cewek sing melu joging.

Mudun jama'ah subuh songko mesjid bocah-bocah semangat banget rame mlaku-mlaku bareng, ora kok mergo ben awak sehat tapi siji mung mergo arep cuci mata,hehehe.... tujuane yo wis jelas "prapatan mblebak'an". prapatan iki panggone nang tengah sawah, hawane sejuk banget, prapatan iki titik temune deso Kaponan, Nglumpang, Mlarak, Gontor,lan Bajang. Bocah-bocah songko Gandu lan Jabung yo akeh sing mlaku-mlaku teko kene, dadi ruame banget kahanan isuk iki maeng.

Aku lan konco-konco nongkrong neng pinggir dalan, akeh arek-arek enom lanang wadon yo nggawe grombolan dewe-dewe. Ono sing ngitungi merek montor sing liwat, sampek mbede piro nomer plat montore. Ono grombolan sing suit-suit saben ono cewek liwat, yo enek grombolan cewek sing ckikik'an tiap weroh bocah lanang. Grombolan ku ora kalah seru, konco-koncoku malah mbede, nebak opo warnane ~maaf~ sempak alias celana dalem sing dingge cewek sing lagek liwat.

Kurang gaean terahno, terkesan saru malah, gak enek sing eling nak iki maengke wayah poso wulan romadlon, lek ono sing ngelekne "hus..eling poso iki maeng" paling yo mung njawab "walah iyo..yo..." trus ckakaan maneh.

Ujug-ujuk, tiba-tiba, grombolan paling kulon buyar, ruame, ono sing njerit-njerit, ono sing ngakak, ono sing mluayu wedi, ono sing ngguyu kepingke-pingkel. Grombolan liyane melu buyar, amergo ono uwong rambute gimbal nguamuk, ora klambenan tapi yo ora katok'an, dadi barange gondal-gandul ngalor ngidul gak ditutupi.

Ono ibu-ibu nang sandingku nutupi mripate ngangge tangane tapi drijine dibukak thithik nginceng trus ngomel "Iki uduk uwong gendeng tapi rojone wong gendeng". Ha...ha...ha... iyo terahno... jare mbahku yo ngunu, rojone wong gendeng iku yo uwong gendeng sing wani udo blejet alias bugil ora klambenan blas. Rojone wong gendeng sing udo blejet iku paling edan tinimbang uwong sing ora waras liane, tapi yo ono kok sing luwih gendeng maneh. yoiku uwong sing ndelok rojone wong edan.

Nah...lek sampean ora gelem diarani luwih gendeng mulane closen tab nang windos komputermu sing ono gambare rojone wong edan, alias uwong sing udo....hahaha....

Yo.....mungkin wong edan iku mau sakjane diutus kon ngelekne bocah-bocah gendeng sing kurang gaean nongkrong nang pinggir ndalan kon ndang buyar, mumpung wulan romadlon mbok yo dingge ngakeh-ngakehi anggone ngibadah, ojo malah ngumbar napsu nag pinggir ndalan.
Aku maleh eling tulisan nang kaosku unine ngene:

Paling repot jika harus berurusan dengan orang Medan yang sudah kehilangan unsur "M". So, jika anda bukan orang medan sudah jelas anda tidak memiliki unsur "M" jadi anda termasuk orang.....

Hahaha...guyon....guyon....jo nesu lho....

Selasa, 25 Agustus 2009

BOLEHKAH SHOLAT DI LANGGAR ? ( KenapaTidak )

Terminal Seloaji, Jam 16.30 WIB

Klambenan putih, songkok putih, jenggote dowo yo putih, mudun songko bis jurusan Suroboyo sanengalah bise kok yo putih.

"Mas-mas, mau nanya nieh...,"Ora nyongko tibak'e uwong iku ora iso boso jowo."Saya belum sholat 'asar, dimana ya ada masjid terdekat?

Sing ditakoni iku koncoku, mulane aku mbisik'i koncoku "kek, sing di takokne iku mejid lho uduk langgar." motoku kiwo kedip dijawab kedipan moto tengene koncoku. lan koncoku njawab pitakone si jenggot putih.

"Kalau masjid yang paling dekat ada ditimur terminal ini kira-kira seratus meterlah..., tapi...solat kan boleh di langgar, ngapain repot-repot ke masjid?"

"Terima kasih ya mas, tapi sayatetep mau solat..." si jenggot putih pun kesusu mlaku ngaleh metu songko terminal sambil menggerutu "Dasar anak sekarang, terlalu meremehkan solat...."

Aku lan koncoku spontan ngikik "Dasar ora njowo blas.....jgagagagak...."

Setengah jam kemudian

Sijenggot putih wis mbalek nang kursi tunggu. ketemu maneh karo aku lan koncoku. ganti aku sing takon,"Bade tindak teng pundi lho pak?"

"Maaf ?" oh iyo, lali aku wong iki gak paham boso jowo yo...
"Mau kemana?" koncoku sing nggenahne

"Oh....saya dari Surabaya mau ketempat sodara, ngomong-ngomong mas tadi bilang solat kok boleh dilanggar, memangnya mas-mas ini tadi nggak solat ya..."

"Ya solat lah pak.... kita solat dimusola terminal ini juga kok"

"Lho ....di terminal ini juga ada musolanya toh....kenapa nggak bilang dari tadi, malah ngasih tau masjid yang jauh?"

"Lha bapak sih yang buru-buru pergi, nggak mau dengerin penjelasan saya dulu...saya tadi kan bilang solat itu boleh di langgar, langgar itu bahasa jawa bahasa indonesianya musola, ngapain repot-repot jauh-jauh ke masjid kalo di langgar kan deket, ya kan?"

Si jenggot putih manthuk-manthuk mikir, satu kosa kata lagi masuk ke dalam kamusnya.

yo koyo ngene iki wong njowo sing ora njowo ke......
ckikikik.....
Kamis, 20 Agustus 2009

ROMADLON




Rogo jiwomu ndang sucenono
Ora perlu ngumbar napsu kang olo
Mangan ngombe dadi pantangane
Aurot dirapeti isino mring Kuoso
Dadi dalan hanggayuh widodari suargo
Lalekno maksiat lan dunyo iro
Omongane jo lali dijogo
Nindakno kewajibane,Tinggalno larangane
Minggu, 16 Agustus 2009

PITULASAN


(Aku ki Indonesia)


Aku eling dawuhe Bung Karno
Aku paham ngendikane Pak Harto
Aku ngerti piye maksude Pak Habibie
Tak lakoni pituture Gus Dur
Aku weroh Bu Mega nate Matur
Yo tak laksana'ake opo nasehate SBY

tapi nyapo?

Aku kok panggah koyo ngene?
Kamis, 06 Agustus 2009

Putune Mbah Surip

Aku nduwe konco cah kutho, pas meninggale mbah surip dek wingi cah kutho umuk, sumbar, jare dewek'e iku isek termasuk putune Mbah Surip.

"Ngerti nggak, aku iki termasuk putune mbah surip lho..., mbahku iku karo Mbah Surip sek gandeng dulur."


Koncoku sing nyauri, "Yo ngerti lah..., mbahmu karo Mbah Surip iku bedo bapak seje ibu to?"

"Jgagagak....., aku lan konco-konco liyane podo cekakaan. Cah kutho ora trimo diguyu koyo mengkono iku, banjur sumbar maneh.

"Aku wae nyempatne teko lho, pas pemakamane Mbah Surip, Yo mung sayange wae gak kesoting tipi, dadi yo gak enek sing weroh."

Ganti aku sing takon,"Dadine kowe iki pas mbah surip dikubur yo melu to?"

"Yo iyi no..., Guwe Gitu, L0h...!!!"

"Walah ngapusi we..., nak pancen melu lha saiki kok sek ning kene, kudune kowe saiki ndok yo ning njero kuburan awor Mbah Surip to?"

"Maksud,L0h?"

"Jaremu pas Mbah Surip dikubur kowe melu, iyo to?"

"Hwahahaha..........." Konco-konco ndeso kepingkel-pingkel, Cah kutho pun plonga plongo gak paham piye maksute.
Rabu, 29 Juli 2009

Valentino Rossi Vs Cah Ndueso












Valentino Rossi: " Piye iki kek, Montorku kok buoros banget yo? moso bensin seliter mlaku sak ubengan wae kok wis ntek?"

Cah Ndueso: "Lek montorku malah uirit lho, seliter iso dadi patang puluh kilo."

Valentino Rossi: "Tenane? emange montormu opo sieh?"


Cah Ndueso: "Lha iku, Yamaha 75 Abang"


Valentino Rossi: "Lhoh....lha kok iso yo, piye iki carane ben montorku iso irit koyo' montormu?"


Cah Ndueso: "Bensine oplosen wae!"


Valentino Rossi: "Walah....,yo bobrok no kek...,padakne montormu ngono ye?"


Cah Ndueso: "Bensine montorku pancen tak campur karo oli,tapi nak montormu yo ojo no...!!!"


Valentino Rossi: "Lha terus,dicampur opo iki?"


Cah Ndueso: "Montormu ben irit bensine,yo campuren nuntun,campur mlaku,opo kok campur nyurung iku mesthi irit,ora kur 40 kilo satus kilo satus kilo wae tak jamin turah lek mung bensin seliter."


Valentino Rossi plonga-plongo ora mudeng.


Dan Cah Ndueso pun "Ckakakaka........"
Rabu, 22 Juli 2009

Ambal Warso Blogger Warok



Jangkep satahun umur siro
Bloger warok kota reyog ponorogo

Manunggalaken karso putro bongso

Hanyengkuyung kabudayan kang mukti


Pituduh sak tengahing kainan
Tansah maringi ngelmu kang sejati
Ora pilih mulyo opo sudro
Kota reyog nompo kanthi jembaring ati

Kang nggowo doyo sumringah
Ono ing sajroning lelaku
Pitutur pitedah kang nguripi
Petenging deso jaman iki

Ibarate lumintang ing tengah wengi
Rembulan kang suminar wutuh
Sinorot cahyamu madangi
Gesang kang jenggirat tangi

Setahun jangkep yuswomu
Mugi Gusti paring kamulyan
Kawijayan hang sampurno
Numitis marang putu lan cicit

Joyo kota reyog ponorogo
Blogger warok endah wibowo
Kamis, 16 Juli 2009

Lowongan Pekerjaan (Part II)

Akeh uwong sing protes, kecewa naliko ngerti lowongan pekerjaan sing tak posting kepungkur iku mung guyon.

Nah, lek lowongan pekerjaan sing iki tenanan lho...,


Enek penggawean tapi rodok abot, meskipun ngono lumayan kok bayarane Rp.75.000/hari. Pekerjaane cukup gampang, mung ngetokne nglebokne barang.

Persaratane :


1. Pria/Wanita
2. Usia maksimal 30 taon

3. Ijasah minimal TK
4. Bermuka tebal alias ra ndue isin.


Berminat ye?


Lek terah berminat hubungi aku wae

NB : Barang sing ditokne dilebokne barangmu dewe.

Jumat, 03 Juli 2009

NGLAYAT IKU TAKZIAH


Ujuk-Ujuk
"Klonthang-klonthang"

suoro opo iku?
suarane hapeku tibak'e
enek satu nyu meseg
tak woco

"Wes nglayat opo urung kek?"

mak dek,kuaget aku,sopo sing ninggal?
limang menit tak enteni gak dibalesi
aku ngetik sms maneh

"sopo sing mati,ndut?"

tetep gak enek balesan

"sing wafat sopo kek?"

panggah ora dibales
aku emosi

"J***H,pulsamu entek to?Sopo sing bongko?"

rong menit berlalu
mulai naik darah

"sopo sing modar?"

hapeku meh tak bianting
tapi ujuk-ujuk

"Klonthang-klonthang"

satu nyu meseg
singkat padat dan jelas

"Michael Jackson"

SEMPROL
tinimbang tuku tiket pesawat dingge nglayat nyang amerika
angor dingge ngnet sewulan utoh yoye?
aku ngetik sms

"Ora kur nglayat,aku malah genduren,pas pitung ndinane.hehehe..."

Minggu, 21 Juni 2009

Lowongan Pekerjaan (Part I)

Dibutuhkan segera tenaga kerja kagem nimpal tlethong sapi bayarane Rp.150.000/hari, sak mangane.

Persyaratan :
1. Pria/Wanita
2. Usia gak penting sing penting sek urip
3. Ijasah ndak berpengaruh
4. Memiliki keberanian (ora gilo)

Fasilitas :
1. Mangane ping piro sak karepmu
2. Soft drink njupuk dewe
3. Suguhane rokok LA (Lintingan Alami)

Carane daftar hubungi cah ndueso :
E-mail : rizma_elbaqie@yahoo.co.id
Hape : 085235514549
Opo moro langsung : omahku jalan A.yani no.30 deso Kaponan kecamatan Mlarak kabupaten Ponorogo

NB : Lek terah kepingin ngenyangi penggawean iki diwoco sing tenanan iklan ning nduwur kuwi, luwih-luwih tulisan sing rupane ungu.

Sabtu, 13 Juni 2009

Tresno Sudro

Abote wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati

Awan bengi ra biso lali
tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu

Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono...

Pancen dalan sing tak liwati...
ngalor ngidul mung dengkul...
paribasan turuk kelesetan
uripku tansah cedhak pacoban...

Cah ayu...cah ayu tak enteni…
Lilane wong tuwamu maringke kowe...
Sing sabar…sing sabar yo tresnaku…
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku

Duh...Gusti…
Sing tak Puji...

Paringono dalan...
Kanggo tresnaku...

Selasa, 02 Juni 2009

Facebook Haram Adzan Yo Ora Oleh Banter-Banter



MUI ora waleh-waleh nggawe sensasi, bar ngarame rokok (nguthuis ora lho yo....) facebook yo melu diharamne. Lek aku sieh setuju-setuju wae facebook diharamne, amergo menurut MUI facebook kuwi luwih akeh madhorote tinimbang manfa'ate (padik'e ora iso nggawe, hehehe.....)

Tapi siji sing mesti sampean urung ngerti. Ternyata, adzan ki ora oleh banter-banter lho....

Ojo meneh ning Indonesia ning Mekah wae adzan yo ora oleh banter-banter kok.

Ojo meneh saiki, jaman Nabi Muhammad mbiyen yo ora oleh lho adzan banter-banter.

Ojo kesusu komentar, sek to... ora usah ngeyel disek.

Lek sampean ora percoyo, njijalo enggko adzano ning mesjid, lek sampean wani adzan banter-banter, ngati-ati wae lek diantemi sandal wong sak erte.

Lha kok iso...!!?

Yaeyalaaaaaah......

Memange enek adzan banter-banter? sak weruhku sing jenenge adzan ki yo "Allohu Akbar - Allohu Akbar" Gitul0h...!!??

Wkakakakak.....

nb : Sing ora ngolehi adzan banter-banter iki maneg aku lho yo...!!! uduk MUI. Tapi lek enek sing adzan banter-banter ning MUI paling yo dilarang. yo ye....???

Kamis, 28 Mei 2009

Setan Merah Kok Ngangge Kaos Putih Yo Ora Medeni no...!



Final Liga Champion 2009 mambengi bener-bener dramatis. Sopo ngiro Manchester United iso kalah 0-2 musuh Barcelona . Sak durunge final digelar aku sing njago Barca wae sempat ragu, ojo-ojo sing menang engko malah MU bayangno to, MU iku 25 pertandingan ning liga champion ora tau kalah, sopo sing ora kenal CR7 alias Cristiano Ronaldo? sopo sing ora nggumun nyang kipere MU Edwin Van Der Sar sing telung wulan Cleen sheat ora tau kebobolan?

Tapi pas pertandingan dimulai aku tetep yakin Barca mesti iso nandingi MU, tepate pas gole Eto'o menit kewolu kabeh sporter Barca sorak-sorak "Soko...r, Kapok Pora Kowe....!" tapi pendukung MU sek setia, trus njawab "Ora popo, lakon biasane menang keri, deloken wae engko, pertandingan belum berakhir."

Ora nyono Ora ngiro justru Messi sing ko awal dijogo ketat malah nambah gol ning menit kepitung puluh. Sporter Mu frustasi "Wis-wis, kipere MU iku kon krudukan sarung wae, kon ngeloni guling, moso mandak nyekel bal siji wae ora iso?"

Emboh Barca sing pinter ngegolne opo kipere MU sing guoblok ora iso nangkep bal, sing jelas final mambengi nggegerne meja perjudian. Meh enek 70% wong sing melu taruhan ndukung Mu mlongo alias gigit jari mergo kalah botohan.

Bal-balan iku uduk film india, lakone mambengi uduk MU sing kalah disek terus menang keri, mergo MU mambengi ngalah disek tapi kalah tenan sampek pertandingan sampe, ora sido menang.

Barcelonalah sing dadi lakone mergo lakon iku akhire mesti menang . Trible winner wis dicekel, prediksiku tepat, selamat Barca, Salut untuk Lionel Messi.

Wis, postinganku cukup smene wae, lek sampean pendukung MU ojo sui-sui lek mu nggetuni.

Nah....lek sampean pendukung Barca, berarti kan sampean menang taruhan, aku mbok yo diajak nang warung. Yoye?

Kamis, 21 Mei 2009

Ngerti Nggak?



Pitek jago madep ngetan iku buntute ono ning ngendi?

Yoez mung ngono wae ora enek terusane, jgagagagakk....

Selasa, 19 Mei 2009

Dum-Dum Award

Sak jane wis suwi aku oleh award iki, nanging lagek saiki sempat mosting. Matur tengkiu kagem mbak Rianti lan Mas Agoez3 engkang sampun nyaosi kulo award. Nah, menurut praturan aku kudu maringne award iki kagem bolo-bolo ngeblog liane.

Award sing iki tak paringne :
Arif h
Jidatbaok
Rifky


Lek sing iki tak paringne :
Mbak Onyel
Ndyteens
Mas Yoyok



Yo wes gitu wae, ora enek terusane, heheheeeee........
Rabu, 13 Mei 2009

Ing Galengan Iku

Rok ireng dowo, kaos putih lengen cendek, topi biru nutupi rambut irenge dowo sak pundak, alus tangane ora lues nyekel arit, meh ora percoyo, sikile nyeker tanpo sandalan. Sumpah, ayu parase aku ora bakal lali. Mbangir irunge mesem lambene, kedep mripate njlirit alise, putih kulite ora wedi kepangan panasing srengenge. Kupu sing paling ayu tansah ngelengake manis wajahe, lembean tangane naliko mlaku gedhi bangkeane nyenggol gemuhe pari disentor angin kang sumilir.

Tak ucek-ucek motoku sek urung percoyo, ojo-ojo mung fatamurgana bloko. Ora...Ora cah ayu, sliramu pancen nyoto, mung aku sing ora wani nyopo, rapet lambeku ora wani muni.


Mung siji sing tak getuni, sopo asmamu aku ora ngerti.

Jumat, 08 Mei 2009

Pandowo Limo



Prabu Pandu Dewonoto kasebut dadi ratune Negoro Ngastino kagungan garwo kaleh, garwo sing kepisan putri songko Negoro Manduro sesulih Dewi Kunthi engkang kagungan putro tigo asmane Raden Wijokongko, Raden Brotoseno, lan Raden premadi. Saking garwo sing nomer kaleh putri Negoro Manduroko asmanipun Dewi Madri, Prabu Pandu kagungan putro kembar inggih puniko Raden Pinten lan Raden Tangsen.Dadi, putrane Prabu Pandu iku ono limo kakung kabeh kang hajejuluk Pandhowo.

Sabubare babat alas Wonomarto, Pandhowo ngedekake negoro kang aran Ngamarto Indraprasto, jumeneng dadi ratune yoiku putro pambarep Prabu Pandu Raden Wijokongko hajejuluk Prabu Yudhisthiro yo Prabu Punthodewo utowo Prabu Darmoputro kang masyhur Darmo Kusumo.

Raden Brotoseno kesatriyo tunggal pamenang jejuluk Raden Werkudoro yo Bhimoseno kang masyhur gamane kuku ponconoko. Raden Premadi satriyo ing Madukoro hajejuluk Raden Janoko masyhur kanthi asmo Arjuno. Putro kembar Pandhowo Raden Pinten satriyone Bumiretawu lan Raden Tangsen ing Sawojajar gadah julukan Raden Nakulo lan Raden Sadewo.


Naliko Pandhowo isih cilik, Prabu Pandu sedo, Ngastino dititipake dening Raden Dhestrorestro kang wuto paningale, kapernah kakangipun Prabu Pandu, mbesuk yen Pandhowo sampun dewoso supoyo dijumengake noto ing Ngastino.
Soko rekodayane Aryo Suman ipene Raden Dhestorestro lan garwane yoiku Dewi Gandari, mongko putro pambarep Kurowo kang satus cacahe dijumenengake ratu ing Ngastino hajejuluk Prabu Duryudono ya Prabu Suyudono.

Bareng wes dewoso Pandhowo nagih hak separoning Kerajaan Ngastino, nanging ora dikeparengake dening Kurowo, mulo Pandhowo ora trimo. Ing wusono pecah perang kang aran perang Brotoyudho yoiku perang Mahabharata.


Nah, Mergo dalange wes luwe, ceritane cukup semene wae. Heheheeeee...


Selasa, 28 April 2009

"U THIS"


( pantes dicekel uwong mati )

Hwa..ha..haaaaaa........judul iku uduk boso inggris lho yo. Sumpah, aku ora ngelokne sampean koyo gambar iki, asline antara hurup "U" karo hurup "T" ora enek spasine, dadi diwoco Uthis (hurup "i" diwoco "e" koyo ning kata edan) . Secara etimologi uthis artine tegesan rokok. lek secara terminator, eh..terminologi uthis maksute rokok sing wis disumet tapi sakdurunge entek di cecek (dipateni wowone) mergane enggko arep disumet maneh.

Wong sugih, cah ga
ul mungkin ora kenal istilah ngutis, tapi cah ndeso berekonomi lemah koyo aku, fenomena nguthis malah dadi keharusan demi menghindari sifat mubadzir. eman-eman kan, rokok sek dowo kok diguak.

Jare MUI ngrokok iku haram, tapi lek nguthis koyo'e ora diharamkan? ha..ha..ha.... ngakali hukum iki jenenge.

setelah diteliti 70 persen perokok ning indonesia setuju lek nguthis iku luweh nikmat tinimbang ngrokok. luwih-luwih uthis samsu. yo to?

Opo maneh pas nonton bal-balan tengah wengi wedangan kopi ginasthel sandingane gedang goreng enek kacang godhoke gek ngroko'e uthis, byuh...... ora ndlomok nikmate.

Lha lek menurutmu, panggonan nguthis iku sing paling penak ningdi?


Sabtu, 25 April 2009

Susahe Dadi Kiper

Sok malem rebo semi final liga cempien,Barca musuh Chelsea, trus malem kemise EMYU musuh Arsenal. sak jane aku kae njago Liverpool, tapi wes kalah ning perempat final. lek sampean njago ngendi? Songko patang kleb raksasa iku endi sing bakal dadi juara? Jare penganut madzhab sepak bola atraktif sing juara yo sing gole akeh, tanpa gol juara podo karo ngimpi. tapi, jare panganut madzhab sepak bola efektif, kemenangan lan juara iku tergantung kiper, semakin sedikit kebobolan semakin gedi peluang juara.
Nah, kemungkinan kiper sing bakal tampil yoiku Victor valdes songko Barcelona, Peter Cech songko Chelsea, Edwin Van Der Sar songku EMYU, lek songko Arsenal sajake sing tampil Fabianski, mergo Almunia cedera.

Hehe.......sak jane aku posting iki maeng mung kepingin ngomong ngene, lek sampean melu bal-balan ojo dadi kiper. mergane, kalah po menang dadi kiper podo susahe, lek kalah mesti dilokne "Guoblok, kiper kok ora iso nangkep bal." tapi lek menang malah dipuji "deloken kipere puinter mencolot nyekel bal, sampek koyo kethek/monyet." Horotohkono, kalah berarti guoblok, menang berarti koyo kethek, pileh endi we?

Delok wae sok mben kiper ngendi sing goblok ora iso nyekel bal, lan kipere sopo sing koyo kethek puinter mencolot nangkep bal, enteni wae ning RCTI jam loro kurang seprapat.


Selasa, 21 April 2009

Poro Jeniusman Lan Jeniuswoman

Ora ngiro uakeh sing iso njawab bedekanku.
Yoez. sopo sing menang, monggo dipendet hadiahe.
Cah lanang sing njawab bener yoiku :

1. Ulumuddin
2. Ryher
3. Bejoe
4. Tiger
5. marianus
6. Petani

Hadiahe iki :

Dijupuk lho yo?

Cah wedok sing njawab bener yoiku:

1. Ani
2. Meylya

Hadiahe iki :

Dipendet lho nggih?

Slamet yo........., poro pemenang sedoyo.
Tenang wae, pajak hadiah ditanggung sponsor.

nb : hadiah loro mau jane award songko mbak sinta karo anak nelayan,
pajangen ning blogmu, gek wehno nyang uwong sing mbok senengi. jolali lingbek nyang rene.
Minggu, 12 April 2009

Kumpul kebo

Esuk maeng pas kerjo, aku diomongi wong tuwek, "Le...thole, kowe oleh wae pacaran, tapi eling-elingen pesenku, kowe ojo pisan-pisan kumpul kebo.
"
Mergo dirungokne uwong akeh aku nyauri rodok guyon. "Ora opopo mbah, niliki sekedhik mawon ndok yo oleh? tinimbang getun mburine."
"Gwagagagaaaaaak." Kabeh uwong ngguyu gergeran mergo wong tuwek maeng mangsuli "Guwoooblok, dikandani wong tuwek ora ngguggu. lek kowe pacaran kok kumpul kebo, mambu tlethong gitul0h... iso-iso ndasmu dipancal sikel kebo."

Semprul...............tak kiro tenanan ^_^
Jumat, 10 April 2009

Pemilu 2009

Pesta demokrasi yoiku pemilu nang indonesa wis sampe, karek nunggu asile akhir piye. Sing dadi caleg sopo, partai endi sing menang aku ora butuh, sing penting oleh duite yo ye?

Lucune pemilu taon iki aku ora ngiro bakal dadi uwong penting, masalahe sedino sak durunge pemilu yoiku dino rebo aku diparani patang partai.


Sek uesuk jam enem urung enek, uwong songko partai GOLPAL ( jeneng partai disamarake demi keselamatan penulis ) wis nggugah turuku, mergo aku mbangkong goro-goro nonton Liga Cempien, Kriyip-kriyip sek urung iso melek aku wis digegemi duit limolas ewu, wuih motoku langsung padang, sek esuk urung sempat raup rejeki wis teko dewe. eh tibake enek embel-embele aku dikon milih partai GOLPAL caleg nomer sekian. tak tampani wae duite ( mung uwong guoblog sing nolak rejeki nomplok ) gek tak sauri "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg" ( emboh partai opo caleg nomer piro aku ora muni, heheeee.. dadi aku ora ngapusi)

Aku nduwe firasat rejekiku dino iki enek nang omah, mulane aku ora budal kerjo.
Kiro-kiro jam songonan enek uwong maneh sing nggoleki aku, songko partai Rok Ketat ( jeneng partai disamarake demi kemaslahatan umat) podo esuk maeng aku kon milih partai Rok Ketat caleg ngesor dewe, pas wonge pamit mulih ngewehi salam tempel rong puluh ewu ( lek terah wis rejekine ora bakal kemana ) tak sauri wae podo esuk maeng "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg"( hahaaaa...... jawaban yang diplomatis, alah istilah opooo kuwi )

Bar luhur aku diparani pengurus Partai Anak Nakal ( jeneng partai disamarake demi kemanusiaan ) lek iki ora ngongkon milih tapi njaluk tulung aku dikon dadi saksi songko Partai Anak Nakal ngerti bayarane seket ewu motoku langsung biru, yowes aku setuju wae. langsung aku nggoleki uwong songko partai GOLPAL lan partai Rok Ketat, tak omongi lek aku dadi seksi Partai Anak Nakal mung kerjo tok milihe tetep partaine awake dewe.

Jam telu sore aku ketemu uwong songko Partai Kurang Sekedhik ( jeneng partai disamarake atas permintaan partai bersangkutan) , aku yo dikon dadi seksi partaine, tapi bayarane mung telung puluh ewu, mongko tak tolak. ngerti bayaranku songko Partai Anak Nakal seket ewu Partai Kurang Sekedhik wani mbayar sewidak ewu.
Akire aku negosiasi karo Partai Anak Nakal, jarene lek aku dadi saksi Partai Anak Nakal bayaranku ditambahi maleh pitung puluh ewu ples surya sak bungkus. Akhire Partai kurang Sekedhik gak wani mbayar luweh akeh.

Intine, nang endi-endi wae partai, caleg, capres, cagub el el el, gembar-gembor anti money politic tetep wae sing menang yo sing duite paling akeh, iyo to?
Dadi, eling-elingen lek ono sing gembar gembor anti money politic berarti kuwi ora nduwe duit. titenono wae partai utowo calon sing sumbar anti money politic mesti bakal kalah ( pengalaman kepungkur dadi bukti )

Mulane awake dewe sebagi rakyat cilik sing jare bakal diperhatikan akhire mesti bakal dilalekne. Sak durunge wong cilik diakali, kudu iso minteri disek uwong nduwur. iyo kan? carane, ojo dipileh yen ora metu duite, yen metu duite kabeh, yo tampanono kabeh trus pilihen sing ngewehi duit paling akeh. yo ye?

Uwong pinter mesti ngomong podo koyo aku iki

Uwong sing sok pinter bakal menjunjung tinggi keadilan lan kebenaran dibalik bayang-bayang penipuan dengan latar belakang kemunafikan.

Selasa, 07 April 2009

Award

"Hoalaaaaaaah, Tiba_e"

Aku bingung tenan mbiyen, pas diomongi yen aku oleh award. Jane award ki panganan opo to? maklum cah ndeso eruhe mung pacul karo arit. AWARD (jare guru inggris mocone ewort artine panghargaan). Awale aku diomongi attayaya jare aku oleh award gek kon masang (sing gambare puteh tulisane ailofyourblog) Sumpah, pas kuwi aku ora paham mulane gak tak pajang.


Bare diomongi
kang bejo, yen aku oleh award maneh, jare pak guru ono pribahasa "malu bertanya........ya jangan tanya". Heheeee...., mergo aku ora nduwe kemaluan eh ora nduwe malu mulane aku takon kang bejo. Hoalaaah......., tibake aku oleh panghargaan, gek nang kang bejo kon ndang masang neng blogku, mulane lagek saiki tak posting.

Yowez, saiki sopo wae engkang sampun komentar ning postingan iki berhak mendapat telung award nduwur kuwi. Gambar nduwur kuwi oleh kok pajang neng blogmu sebagai panghargaanku marang blogmu. Dilink balik mrene yo oleh. kok simpen tok yo oleh. kok imbu yo oleh. kok wehne blog liyo yo oleh. kok iming-imingne koncomu yo oleh. pokoke sak kaaaaaaaaaaarepmu arep kok kapakne.

Sing jelas matun suwur, alah matur suwun maksudku, sampean wis tau mampir nang kene. a
ku yo tulus kok ngewehne award kuwi marang awakmu. mugo-mugo sukses selalu, nduwe duit maewu-ewu, blogke terus maju, tur bojone ayu. yo yeeee?heheheheheeeee...........................................................................................^_^

-------------------------------------------------
-----------------------------------
lek iki award saking mbak sinta, sayange aku rung eroh koyo opo ayune mbak sinta.lha ning bloge gak ono potone lho? tapi ra popo sing penting sering2 dolan rene aku wes marem.sueneng tenan aku.mugo-mugo blogke awake dewe tambah maju, ora ketang sak senti.