Minggu, 13 Desember 2009

Ketinggalan Pesawat Opo Wedi Kiamat?

Dikabarkan dua jamaah haji Indonesia hilang di Arab Saudi, Saiki urung ketemu mulane ora katut muleh nyang indonesia. Enek sing nyalahne Departemen Agama sing ora becus menangani jamaah haji, pengalaman taun-taun lalu dadi alasane, Koyo to jamaah haji kaliren ora oleh jatah mangan, enek sing keleleran ora oleh panggonan turu, malah saiki enek sing ilang nyandi parane gak genah.

Emboh tenane piye, opo panitia sing lali ora ngabsen opo terah jamaah sing ilang iku ora ketemu nggolek'i bature sing songko indonesia aku yo gak paham.

Tapi lek menurut perkiraanku, jamaah haji sing ilang iku mungkin memang sengojo ndelik ben ketinggalan pesawat gek ora katut muleh nyang Indonesia, terus iso urip neng Mekah mergo wedi kiamat 2012.

Lek terah ngene iki ceritane aku setuju-setuju wae, dari pada mati neng Indonesia mergo gempa, sunami, banjir, klelep lumpur, dijotosi satpol PP, dianiyaya polisi sing salah tangap, opo diuber-uber KPK, kan luwih apik mati-matio lek neng Mekah iso mati sahid.

Upomo 2012 kiamat tenan, neng Mekah iku kan dijamin keslametane, upomo ora slamet songko kiamat wong terah gak bakal ono sing iso slamet songko kiamat, paling tidak kan neng mekah dijamin slamet songko ancamane Dajjal. iyo to?

Sumber : Okezone.com
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

22 engkang sampun komentar:

  1. Weleh....lwg roto2 sing munggah haji iku wis sepuh2 paling lali bis'e sing ngendi wkwkwkwk

    BalasHapus
  2. wah paleng sangkeng senenge iso munggah kaji paling yoo gah diajak muleh nganggo pesawat.

    BalasHapus
  3. aku yo pingin kaji sebelum 2012,hehehe

    BalasHapus
  4. salam sahabat/eh salan kekoncoan he..he..
    omongne haji aq mesti piye ngunu,lha tapi nek urusan haji nganti nyandak pesawat lan opo wedi kiamat iki malah dadi hi..hi..haa.haa ne aku wakakkk...apik mas artikele,sampun rasul wealah opo iki ra iso kromo alus hiks..hiks..,oh ya mas untuk tulisan arab copas wae punyaku walah mbohlah aq rada mumet....suwun yo mas

    BalasHapus
  5. kok yo iso nganti kari. jan ketua klotere ora gelem ngecek ndisik, kuwi.

    BalasHapus
  6. Lha lha lha..Piye to Mas...
    Lha yen menetap di Arab, terus kerja apa, masak jadi PRT di sana he he he...
    Tahun 2012 kan masih lama to... :D

    BalasHapus
  7. weleh.weleh..weleh...
    kok iso?
    Salam kenal

    BalasHapus
  8. pancen bener, mas. mula saka iku, akeh wong sing nduwene cita2 yen mati bisa mati ana tanah suci.

    BalasHapus
  9. jiah, moso wes kaji sik wedi kiamat !

    BalasHapus
  10. ora sido kaji mabrur tapi kaji kabur iku jenenge.
    enek-enek wae cah ndueso iki.!

    BalasHapus
  11. wedi kiamat utwo wedi tekan gomah ditagih utang utwo wes raduwe pomahan mergo wesdidol gomungah kaji
    slm kenal

    BalasHapus
  12. Aku malah durung tau numpak montor mabur...

    BalasHapus
  13. Lha embuh... aku yo mumet kok

    BalasHapus
  14. lah iki ceritane menyongsong kiamat ndek mekkah toh? hehehehe

    BalasHapus
  15. arek ngomen waduh sukar banget hehehe. kan di mekah mahal gajinya, justru sengaja hilangkan diri supaya bisa bekerja disana. Lagipun bisa melakukan umrah secara percuma ngak payah pake ongkos lagi.

    BalasHapus
  16. opo bedane pesawat karo rok mas????

    BalasHapus
  17. "hai friend ur blog is very nice, so your link already add on my blog. please link back me"

    BalasHapus
  18. "hai friend ur blog is very nice, so your link already add on my blog. please link back me"

    BalasHapus