Rabu, 29 Juli 2009

Valentino Rossi Vs Cah Ndueso












Valentino Rossi: " Piye iki kek, Montorku kok buoros banget yo? moso bensin seliter mlaku sak ubengan wae kok wis ntek?"

Cah Ndueso: "Lek montorku malah uirit lho, seliter iso dadi patang puluh kilo."

Valentino Rossi: "Tenane? emange montormu opo sieh?"


Cah Ndueso: "Lha iku, Yamaha 75 Abang"


Valentino Rossi: "Lhoh....lha kok iso yo, piye iki carane ben montorku iso irit koyo' montormu?"


Cah Ndueso: "Bensine oplosen wae!"


Valentino Rossi: "Walah....,yo bobrok no kek...,padakne montormu ngono ye?"


Cah Ndueso: "Bensine montorku pancen tak campur karo oli,tapi nak montormu yo ojo no...!!!"


Valentino Rossi: "Lha terus,dicampur opo iki?"


Cah Ndueso: "Montormu ben irit bensine,yo campuren nuntun,campur mlaku,opo kok campur nyurung iku mesthi irit,ora kur 40 kilo satus kilo satus kilo wae tak jamin turah lek mung bensin seliter."


Valentino Rossi plonga-plongo ora mudeng.


Dan Cah Ndueso pun "Ckakakaka........"
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

42 engkang sampun komentar:

  1. wkakakakaka wong edan (gambar wong guyu)

    BalasHapus
  2. HE'e pinter tnan kwe kang......kreatif.......
    kembangno terus yo bkat mu.......

    BalasHapus
  3. palentino rosi kok dijarak to kek kek

    BalasHapus
  4. wakakakakakakakaka.... iso-isone yo si Rossi kalah karo cah ndueso.... tambahi siji meneh Si... campur nyilih wah mesti dijamin uiiirrrriitttt tenan bensine dhewe...

    BalasHapus
  5. isok ae kang...guyonanmu lucu kang..... kreatif and gokil

    BalasHapus
  6. wis mudheng pak.. la motore abot lo? piye ? pean melu nyurung pie? hahaha

    BalasHapus
  7. weh, palentino rosi iso boso jowo to ris?
    Aq mbok dikenalke, seru kie lek ngunu...

    BalasHapus
  8. ha ha ha haaaaaaaa
    Yow jelas menag kwe now lwong kur photo tok

    BalasHapus
  9. trah ra ndlomok we kie kang :)

    edanmu soyo suwe soyo nemen


    bwekekekkeke

    BalasHapus
  10. songkokmu iku lo gak nguati,
    arep nantang rossi kok malah ngangge klambi balbalan to kang.

    BalasHapus
  11. wakakakak kreatip tenan kang...nek rosi iso boso jowo mesthi ngguyu tenan kang....ra iso mbayangke nek rosi nganggo yamaha abang...opo nganggo honda pitung ketok lucu tenan

    BalasHapus
  12. wuasyem tenan...balapan nyurung trusan

    BalasHapus
  13. Ladalah.... meguru karo kang Fariz rak Valentino nek balapan kesalip terus.....
    Jgagagagagagak

    BalasHapus
  14. iso semper kang nak kon nyurung terus hahahahaaaa.....

    BalasHapus
  15. udah tak pasang link n dah ikut folo

    BalasHapus
  16. palentino rosi ki wong ngendi kang omae, tonggomu kae to???

    BalasHapus
  17. valentino rossi madange keju,kang ndeso maemnya pakai nasi...tapi tetap menang nasi..dijamin deh...la balapannya di pinggir kali je...
    ayo kang...goodluck.

    BalasHapus
  18. Kalao Rossi paham opo karepmu,mesti muisuh misuh wonge,untunge rossi gak paham boso jowo,nak ngerti mesti dipisuhi kang sampean,whahahaahaaaa..good luck aja mas.

    BalasHapus
  19. ha....ha...ha...ha....ha...
    (kemutan mbah surip ngguyu)
    valenstio rosi ken nuntuk motor he..he...

    BalasHapus
  20. sing omongan karo valentino rossi kuwi cah gendheng!..

    BalasHapus
  21. Wis bener cak, kandanono rosi, wong Jowo pinter2 kok. Opo maneh nek sing nuntun ngemplok sego pecel petang pincuk, wahhhh kenceng nyurung e.

    Salam soko pakde ndik Suroboyo.

    BalasHapus
  22. luweh irit meneh motormu dekeen ngomah wae. hahahahaha

    BalasHapus
  23. wah-wah enak tenan rek gae boso jowo. whehehe..
    iyo bener kang, lak disurung kan kesel, lek pengen irit tapi gak kesel, di tumpaki, tapi dek duwure trek. hahaha...

    BalasHapus
  24. ayo cah ndeso pasti menang...ha ha
    http://gooddell.blogspot.com/

    BalasHapus
  25. weh jane yo luwih apik kang motormu kuwi, ayo kapan-kapan rosy di jak balapan nang dalan anyar ae ;)

    BalasHapus
  26. opooo iku,,,,
    hahaha...lucu2 ....

    BalasHapus
  27. aseeem ki, tapi aku kok penasaran karo photone paklek tino rosi, kok koyo mirip gotokoco songko'an kae to,,,?

    BalasHapus
  28. iyo, valentino rossi pekok...

    BalasHapus
  29. #E6E6E6#E6E6E6#E6E6E6#E6E6E6#E6E6E6

    BalasHapus
  30. opo lho jidat iki?kurang gaeyan ye?

    BalasHapus