Minggu, 08 Agustus 2010

مرحبا يا رمضان

Pertama ndue blog aku ngangge jeneng Cah Ndeso, eh ternyata wes okeh sing madani, trus tak ganti ngangge jeneng Cah Ndueso, bertahan pirang-pirang wulan ora enek sing podo, eh Lha kok akhir-akhir iki lekas okeh sing melu-melu ngangge jeneng Cah Ndueso. Arep ganti jeneng maneh urung ketemu jeneng sing cocok opo yo?

Jare Mbah William Shakespeare "Apalah Arti Sebuah Nama" tapi lek tak pikir-pikir umpomo aku ganti jeneng opo enek sing kenal aku? Lha aku wes kadung kondang ngangge jeneng Cah Ndueso je...

Asmo Kinaryo Jopo mungkin istilah jowo iki sing luweh pas. Nggawe jeneng ojo sembarangan amergo jeneng iku termasuk dungo. Lha terus dungo piye sing cocok karo jenengku engko?

Aku ora njaluk usulmu piye jenengku sing anyar, meskipun sampean usul paling yo terserah karepku piye lek ku arep nggae jeneng.

Sing jelas ben nyambung karo judule aku posting iki dalam rangka meyambut bulan suci romadlon.

wis...nyambung saiki judul karo isine posting.


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

24 engkang sampun komentar:

  1. Yo wis..., tetep nganggo jeneng Cah nDueso wae..

    Selamat menyambut bulan suci Ramadhan juga... maafkan segala salah dan khilaf ya..

    BalasHapus
  2. nak ganti jeneng kon njenangne abang ng mbah'e sik lho yooo...hahahaha...

    BalasHapus
  3. ganti cah ndesit ngono ae malah sip tenan...

    BalasHapus
  4. wong ndueso pak, duduk bocah meneh saiki,,, po mbah ndueso wae...

    BalasHapus
  5. usul ku ngene pak lik

    nganggo o jenenge "cah dheso rodok kutho" piye?

    BalasHapus
  6. percuma ae nek aku usul tapi gak direken... wuakakakakakak. salam kenal yo cak. iku kunjungan pertamaku cak.

    BalasHapus
  7. yo, marhaban ya ramadhan.... tka ganti sakssakmu wae... good luck.....

    BalasHapus
  8. Bertahan saja dan banyak berkarya! Marhaban ya Ramadhan, mohon maaf lahir dan batin!

    BalasHapus
  9. piye lek "CAH NDUESYIT" opo malah "CAH NGUNUNG" opo "CAH KUTHO MBAKO" ? tereserah, sing penting posone tutug yo !!

    BalasHapus
  10. lah menurut kulo ... panjelengan iki yo cah Kuto to mas ... (maaf bisanya bahasa Jawa cuma itu heee) ...


    Salam persahabatan blog mas.

    BalasHapus
  11. jeneng cah ndeso wes apik kok arek di ganti. nggak eneng blog koyo eke spesial...

    Selamat Menyambut Bulan Ramadhan Al-Mubarak

    BalasHapus
  12. Marhaban Ya Ramadhan...

    canggih ik iso nggawe judul posting boso arab...

    BalasHapus
  13. Jeneng "Paris Mukijo" wae lak yo mundak familiar dan mudah dikenali.

    BalasHapus
  14. mohon bantuannya mas paris dalam kontes yang saya ikuti, mohon kesediaannya berkunjung ke blog sederhana saya (worship)

    BalasHapus
  15. opo ya ? sakarepmu ae kang . :D

    BalasHapus
  16. selamat berpuasa kang
    mohon maaf lahir dan batin nek enenng salah..
    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  17. woh, lanjutkan kang. mugo2 engkok dadi blogger terkenal..

    BalasHapus