Selasa, 10 November 2009

Pahlawan Tanpa Tanda Tangan


Tanggal 10 Nopember iku kasebut hari pahlawan, Pahlawan yoiku sopo wae sing wis berjasa kepada bangsa dan negara. Masalahe saiki, sopo wae sing wis berjasa bagi nusa dan bangsa?

Pejuang kemerdekaan sing gugur neng medan pertempuran mbiyen iku wis berjasa, malah nyowo taruhane, pantes disebut dadi pahlawan. Nah, lek neng jaman saiki sopo sing patut diarani pahlawan?

Poro pejabat pemerintah?
Ora pantes diarani pahlawan, moso pahlawan kok wetenge lemu?

Poro tentara?
Kurang pantes diarani pahlawan, isane mung latihan doang, jarang dikon perang.

Pak Polisi?
Gelem men lho nyebut pahlawan, luwih okeh nyusahne tinimbang mbantu rakyat cilik.

Lek guru piye? pahlawan tanpa tanda jasa kan?
Ora gelem mulang murite, malah demo njaluk bayarane mundak kok tanpa tanda jasa piye lho?

Lha terus, sopo saiki sing pantes diarane pahlawan?

Mungkin sing paling pantes diarani pahlawan ki poro petani, sopo njijal sing ngiseni wetenge pejabat lek dudu petani?

Sak hebat-hebate tentara ora enek sing luwih kuat sedino utuh kepanasen dipepe srengenge koyo petani.

Petani iku penggaweane nyang sawah, mung arep ngarit ngge pakan wedus wae moso neng pak polisi kok dikon nggowo SIM, STNK kon heleman pisan, lek ora ngono bakal ditilang didendo, dingge nebus dendo iku wae Pak Tani ora cukup adol wedus siji lho masamu...., bayang no to.... kok yo ora mesakne ngono iku?

Guru sekolah mung iso teorine tok, prakteke nol puthul. opo enek guru jaman saiki sing marai murite piye carane nyekel pacul?

Meskipun tanda tangane ora tau dibutuhne nyatane petanilah sing mbendino ngurusi tanah air, setiap hari bergelut dengan bumi pertiwi, ora enek wong indonesia sing luwih cinta tanah air kecuali Petani, Pahlawan adalah Petani, Petani adalah Pahlawan tanpa tanda tangan.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

45 engkang sampun komentar:

  1. SETUJU...!

    Tapi yo tetep enek urutan'e lho.

    Pak Penjahit pahlawan no. 1
    Pak Tani pahlawan no. 2
    Pak Kontraktor (aku... aku...) pahlawan no. 3

    'kan jare mbah2'e dewe wong iku kebutuhane miturut urutane :
    1. sandang
    2. pangan
    3. papan

    Tapi lek sing no. 3 sik sok tanda tangan barang lek wis menang tender...

    BalasHapus
  2. wuih... hebad!
    anu mas,
    judulmu MEDHENI!!!
    :D

    BalasHapus
  3. iyo kek

    iso2 wae kowe ki....

    mugo dadi kontraktor handal
    gek aku dijak nyambut gae,hehehe...

    BalasHapus
  4. @yuzrond=>ndelik'o sor ngamben lek wedi,hehehe...

    BalasHapus
  5. hahahaha wes manut pkok e akuy

    BalasHapus
  6. salam sobat
    setuju ,inggih memang leres petani ingkang cinta tanah air,,pahlawan tanpa tanda tangan.

    BalasHapus
  7. orak ngertos pisan eyang cah ndeso... mbok ya khusus eyang di translate dulu ngono tho :-D

    BalasHapus
  8. lha terus sopo sing tanpa tanda jasa ?
    moso pak tani tenan ?
    tani kan yo mergo golek duit, lhalek raoleh duit paling yo wegah kerjo !

    BalasHapus
  9. io....
    baru sadar aku yen petani kuwi memang jasane gdhe banget.........
    emak bapak tani , suwon banget kaliyan jasane panjenengan.....

    BalasHapus
  10. Sopo ae iso dadi pahlawan
    Asal diakoni opo ora.
    Dadi sing penting pengakuan.

    Sejatine ora ono pahlawan sing ngerti nek dadi pahlawan kecuali Mbah Harto...

    Untung wae aku dudu guru tapi pengajar, dadi ra pati isin nek diarani pahlawan tanpa tanda jasa.

    Pengajar seje guru...
    Pengajar kuwi wong sing golek penghasilan lewat mengajar...
    Lah kuwi aku !!!

    BalasHapus
  11. poro sedulur tani pancen migunani dan dadi pahlawan kanggo sekabehane. Yen ora ono seng nandur pari, terus aku ape mangan opo, watu ora tedas

    BalasHapus
  12. KEren tuh Banner Pahlawan tanpa tanda tangan heheh
    salam kenal mari kita tukeran link???

    BalasHapus
  13. Sing aku gak mudheng iki, opo'o nek sing dadi pahlawan kudu wonge sing wis mati. Nek wonge sik urip gak entuk dadi pahlawan tah?

    BalasHapus
  14. ojo podo rame ojo podo nesu karo omongane Cah Ndueso, sak iki areke tak wenehane tanda jasa "Cah Ndueso dadi Pahlawan Blog Basa Jawa" alasane blog nganggo boso jawa... iku tok. Ben gak mgemeng epe epe!

    BalasHapus
  15. Pahlawan itu adalah orang yang banyak pahala, berjuang untuk agama, masyarakat dan negara ini. pahlawan kependekan dari 'pahalawan', orang yang banyak pahala, he....he..

    BalasHapus
  16. hahaha,,,judulnya aja udah bikin aku ketawa pol pol

    iki jowo asli hahahah *aku ra iso boso jawa, sikit2 aja^^

    BalasHapus
  17. bagus artikelnya sobat goood

    BalasHapus
  18. hihi aku ora ngerti
    tapi keknya ini ngomongin tentang pahlawan
    siapa pahlawanmu gitu kan?
    *sok tau aku

    BalasHapus
  19. semoga kita semua bisa jadi pahlawan dalam jurusan masing-masing. ngak perlu berjuang lagi. yang penting pahlawan kita adalah mereka yang bisa memerdekakan kita dari cengkaman ekonomi negara barat serta menaikkan taraf kehidupan sosial rakyat yang miskin.

    BalasHapus
  20. aku ora njowo belas kang lek aku seng diarani pahlawan yoiku wong sing wis rabi alias nikah amargo ngopeni anak bojo.lek urung rabi bos alias turu karo bantal enakaaak tenaaaaaaan.......? awakmu wis rabi po urung lek uwis rabi kowe tak sebut pahlawan

    BalasHapus
  21. loh kok ono usulan anyar? hehe...

    BalasHapus
  22. berhubung bapakku yo petani.... aku setuju tenan karo postingan sampeyan...


    Terima Kasih dah mampir di blog saya dan met kenal.

    BalasHapus
  23. setuju aku kang karo tulisanmu,

    trah petani kui sering mbanget jasane di lalekne

    BalasHapus
  24. kalau d pikir2 bener iku sob.... pahlamwan tanpa tanda tanga dan jasa

    BalasHapus
  25. kelingan piwulange Sunan Kalijaga...
    "wong tani kuwi soko gurune negoro.., wong tani melarat.., negoro ajur.."

    BalasHapus
  26. yo wes, setuju wae... daripada kakeyan padu!

    BalasHapus
  27. sapa wae saiki isa dadi pahlawan, mas, angger gelem kangelan, nek perlu toh nyawa kanggo mbela kebenaran lan keadilan. halah!

    BalasHapus
  28. opo to yoyo :p
    blog unik, baru ini liat blog full jowo

    BalasHapus
  29. merdeka..... ndungakno para pahlawan sing wis gugur ae... :D

    tugu pahlawan wingi pas hari pahlawan ruame tenan kok.....

    BalasHapus
  30. Pahlawan sing temenanan ora bakal ngrencana pengin dadi pahlawan, dheweke mung ngalir ngudi marang kebecikan. Nek ana wong ngaku-aku pahlawan, ya pahlawan kesiangan.

    BalasHapus
  31. sing diarani pahlawan yoiku sing wis rabi. lek wis rabi kowe tak sebut pahlawan iki usulan anyar. setuju ora setuju yo tak kementary

    BalasHapus
  32. setuju.setuju sing setuju ra setuju sing penting komen,hahaha...

    BalasHapus
  33. pahlawan tak bertopeng wae....koncone sinca kae lho..wakakkakaka...

    BalasHapus
  34. Salam silaturahim dari lereng Muria :D

    Mohon bantuannya untuk memblokir blog pengundang kontroversi dan Blog SARA Kang. Dan matur suwun sebelumnya

    BalasHapus
  35. Salam silaturahim dari Lereng Muria di hari raya Idul Adha 1430 H

    Salamnya emPIIISSSSSS sama emBEEEKKKKKKKK. hohohohoohooooo

    BalasHapus
  36. inggih juragan info ingkang kasebut puniko saged mbuka wawasan kawulo...
    ingkang guru punika pripun? taseh saget disebut pahlawan tanpa tanda jasa?

    maksudnya apa ya kaga ngarti... ha....

    BalasHapus
  37. byuh jan tenan apik blog mu judule yo mantep.. bener opo seng tak omongne kang petani kuwi trah yo pahlawan tenan kok koyo aku iki barang... nangeng aku ki yowis bosen dadi pahlawan waeeeeeeeeee...... ora sugeh sugeh ki.... iyo pora kang.

    BalasHapus
  38. nice share. nice post. semoga bermanfaat bagi

    kita semua :)keep update!
    mobil terbaik

    BalasHapus
  39. Jangan berhenti untuk terus berkarya, semoga

    kesuksesan senantiasa menyertai kita semua.
    keep update!body mobil

    BalasHapus
  40. harga honda Jazz bekasSenin, 14 April, 2014


    Jangan berhenti untuk terus berkarya, semoga kesuksesan senantiasa menyertai kita semua.
    keep update!Harga Honda Jazz bekas

    BalasHapus