Selasa, 28 April 2009

"U THIS"


( pantes dicekel uwong mati )

Hwa..ha..haaaaaa........judul iku uduk boso inggris lho yo. Sumpah, aku ora ngelokne sampean koyo gambar iki, asline antara hurup "U" karo hurup "T" ora enek spasine, dadi diwoco Uthis (hurup "i" diwoco "e" koyo ning kata edan) . Secara etimologi uthis artine tegesan rokok. lek secara terminator, eh..terminologi uthis maksute rokok sing wis disumet tapi sakdurunge entek di cecek (dipateni wowone) mergane enggko arep disumet maneh.

Wong sugih, cah ga
ul mungkin ora kenal istilah ngutis, tapi cah ndeso berekonomi lemah koyo aku, fenomena nguthis malah dadi keharusan demi menghindari sifat mubadzir. eman-eman kan, rokok sek dowo kok diguak.

Jare MUI ngrokok iku haram, tapi lek nguthis koyo'e ora diharamkan? ha..ha..ha.... ngakali hukum iki jenenge.

setelah diteliti 70 persen perokok ning indonesia setuju lek nguthis iku luweh nikmat tinimbang ngrokok. luwih-luwih uthis samsu. yo to?

Opo maneh pas nonton bal-balan tengah wengi wedangan kopi ginasthel sandingane gedang goreng enek kacang godhoke gek ngroko'e uthis, byuh...... ora ndlomok nikmate.

Lha lek menurutmu, panggonan nguthis iku sing paling penak ningdi?


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

26 engkang sampun komentar:

  1. iso podo karo sing posting
    mirip

    BalasHapus
  2. lha iyo,nyapo kok pantes dicekel uwong mati?
    sori ya kak.aku lom bisa buat blog.jadi kmaren pakek urlnya yahoo hehehehee

    BalasHapus
  3. Eh, nek boso Inggri masane artine opo to kang, ra njowo aku karo boso Inggris. jane yo ra nginggris aku boso jowo

    BalasHapus
  4. masss aku gag ngrokok.. byasa cah kuthooo hahahah

    bagi2 aword yooo

    aku gung ileh aword

    BalasHapus
  5. puenak dewe ngrokok iku di dalam wc pas be_ol,heheeeeeeeeeeee
    napa kok pantes dicekel wong mati kang?

    BalasHapus
  6. tapi enakan dirokok cak ketimbang ngerokok

    ___________kabur

    BalasHapus
  7. maksud looh?
    dirokok apane?
    waaaaaah...
    ngeres ki uteke....
    awas lho....
    kaburo ritek
    tak kejaaaaaaaaaaaaaaaaaaaar

    BalasHapus
  8. kiye likuh jakwire aku...
    kena tak jaluki rokok yen rokoku entek...heheheheheh.....
    bener cah nguthis eunak tenan ....

    BalasHapus
  9. wah bahasa apa tuh
    tapi monyetnya keren

    BalasHapus
  10. sing pantes dicekel wong, meskipun mati iku yo uthis iku maeng kek.lek ora mati jenenge uduk uthis,tapi rokok.hwahahahha uduk uwong mati.tapi rokoke sing mati.

    BalasHapus
  11. shena datang...
    heheheheee...

    butuh waktu lama ni buat ngertiin ceritnya,,,,
    abiz bahasa jawa,, hehehe

    BalasHapus
  12. secara ilmiyah kuwi, uthis luwih nikmat mergo akumulasi nikotin, artine rokok soyo cendhak rasane soyo enak mergane nikotine kandungane soyo akeh.. kuwi jareku lho wong paling keminter sak ndonyo akherat

    BalasHapus
  13. ra ngerti mas aku iki...
    mbuh wes , hweheheheh

    BalasHapus
  14. karena saya ndak merokok
    mungkin kurang tau ya
    selamat merokok aja boz
    saya persilakan

    BalasHapus
  15. enak tenan ngokok uthis..nikmat lagi bila ada wejang kpi josss tenan

    BalasHapus
  16. kang etimologi lan terminologi ki boso jawane opo? ora paham aku..

    BalasHapus
  17. jare.........
    etimologi iku secara bahasa
    lek terminologi iku secara istilah
    paleeeeeeeeeeeeeeeeeng.......
    asline aku yo bingung sakjane......
    hehheeeeee.......

    BalasHapus
  18. ndlogok njaran tulisane ngeling-ngelingi jaman nom-nomanku ae..... tapi ancen bener lek nguthis iku luwih mantebb, wkwkwkkk

    BalasHapus
  19. jgagagagaak
    alon-alon de......

    BalasHapus
  20. mas..aku usul yoo..wek ono kamus boso jowo-indonesia..ben sing ora mudeng boso jowo iso sithik2 ngerti tulisan sampeyan..nek aku sih mbok tulis nganggo honocoroko yo isih mudeng..hehehe..kapan2 posting nganggo tulisan honocoroko yoo..tak tunggu..jos gandhos..

    BalasHapus
  21. aku dudu wong jowo dab....!

    BalasHapus