Jumat, 10 April 2009

Pemilu 2009

Pesta demokrasi yoiku pemilu nang indonesa wis sampe, karek nunggu asile akhir piye. Sing dadi caleg sopo, partai endi sing menang aku ora butuh, sing penting oleh duite yo ye?

Lucune pemilu taon iki aku ora ngiro bakal dadi uwong penting, masalahe sedino sak durunge pemilu yoiku dino rebo aku diparani patang partai.


Sek uesuk jam enem urung enek, uwong songko partai GOLPAL ( jeneng partai disamarake demi keselamatan penulis ) wis nggugah turuku, mergo aku mbangkong goro-goro nonton Liga Cempien, Kriyip-kriyip sek urung iso melek aku wis digegemi duit limolas ewu, wuih motoku langsung padang, sek esuk urung sempat raup rejeki wis teko dewe. eh tibake enek embel-embele aku dikon milih partai GOLPAL caleg nomer sekian. tak tampani wae duite ( mung uwong guoblog sing nolak rejeki nomplok ) gek tak sauri "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg" ( emboh partai opo caleg nomer piro aku ora muni, heheeee.. dadi aku ora ngapusi)

Aku nduwe firasat rejekiku dino iki enek nang omah, mulane aku ora budal kerjo.
Kiro-kiro jam songonan enek uwong maneh sing nggoleki aku, songko partai Rok Ketat ( jeneng partai disamarake demi kemaslahatan umat) podo esuk maeng aku kon milih partai Rok Ketat caleg ngesor dewe, pas wonge pamit mulih ngewehi salam tempel rong puluh ewu ( lek terah wis rejekine ora bakal kemana ) tak sauri wae podo esuk maeng "ingsa auloh aku nyontreng partai lan nomere caleg"( hahaaaa...... jawaban yang diplomatis, alah istilah opooo kuwi )

Bar luhur aku diparani pengurus Partai Anak Nakal ( jeneng partai disamarake demi kemanusiaan ) lek iki ora ngongkon milih tapi njaluk tulung aku dikon dadi saksi songko Partai Anak Nakal ngerti bayarane seket ewu motoku langsung biru, yowes aku setuju wae. langsung aku nggoleki uwong songko partai GOLPAL lan partai Rok Ketat, tak omongi lek aku dadi seksi Partai Anak Nakal mung kerjo tok milihe tetep partaine awake dewe.

Jam telu sore aku ketemu uwong songko Partai Kurang Sekedhik ( jeneng partai disamarake atas permintaan partai bersangkutan) , aku yo dikon dadi seksi partaine, tapi bayarane mung telung puluh ewu, mongko tak tolak. ngerti bayaranku songko Partai Anak Nakal seket ewu Partai Kurang Sekedhik wani mbayar sewidak ewu.
Akire aku negosiasi karo Partai Anak Nakal, jarene lek aku dadi saksi Partai Anak Nakal bayaranku ditambahi maleh pitung puluh ewu ples surya sak bungkus. Akhire Partai kurang Sekedhik gak wani mbayar luweh akeh.

Intine, nang endi-endi wae partai, caleg, capres, cagub el el el, gembar-gembor anti money politic tetep wae sing menang yo sing duite paling akeh, iyo to?
Dadi, eling-elingen lek ono sing gembar gembor anti money politic berarti kuwi ora nduwe duit. titenono wae partai utowo calon sing sumbar anti money politic mesti bakal kalah ( pengalaman kepungkur dadi bukti )

Mulane awake dewe sebagi rakyat cilik sing jare bakal diperhatikan akhire mesti bakal dilalekne. Sak durunge wong cilik diakali, kudu iso minteri disek uwong nduwur. iyo kan? carane, ojo dipileh yen ora metu duite, yen metu duite kabeh, yo tampanono kabeh trus pilihen sing ngewehi duit paling akeh. yo ye?

Uwong pinter mesti ngomong podo koyo aku iki

Uwong sing sok pinter bakal menjunjung tinggi keadilan lan kebenaran dibalik bayang-bayang penipuan dengan latar belakang kemunafikan.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

7 engkang sampun komentar:

  1. ok ok... gapapa... gmbr itu juga dpt dari orang kok....

    BalasHapus
  2. sangar cak,mbok ilmune di turonno neng aku, soal ngakali wong gedhe2 :D

    BalasHapus
  3. wong pinter kudune pinter minteri.
    meskipun nama partei disamrkan tetep wae ketoro partai opo kuwi.iyo to?

    BalasHapus
  4. sik sik sik....
    Rok Ketat iku Partai Opo? sebut wae nomere.
    lek sing telu liyane kuwis paham.

    eh, rok ketat iku opo partaine esdeje?

    BalasHapus
  5. aku seneng karo blog ini, basa jawa...

    BalasHapus
  6. jah cangkemme iso ae..jgagagaga....

    lek kwe dadi caleg aq glm dadi team sukses..

    tp syarate podho...

    dwitmu kdu akeh...jgagaga...
    gek mbendino setor neng aq......

    BalasHapus