Senin, 23 Januari 2023

Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalaamu ‘alaikum Wr.Wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim. Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamin......

  • Hadrotal muhtaromin poro ‘Alim, poro Kyai, poro pepundhen, sesepuh pinisepuh dalasan aji sepuh minongko darmaning kautamen, ingkang dhahat satuhu kinabekten. 
  • Panjenenganipun poro pangemban pangembating projo satriyo negari minongko pengayomaning kawula dasih ingkang dhahat sinudarsono.
  • Poro rawuh, poro pini lenggah sami kakung sumawono putri, poro kadang taruno mudho, ingkang tansah winengku ing suko rahayu. 
  • Wabil Khusus Panjenenganipun Bopo Nur Ali gotrah kulawargo, engkang dhahat satuhu bagyo mulyo.

  • Saderengipun kawulo matur ….. puji syukur..
  • Sholawat salam …

Poro rawuh kakung sumawono putri, wabil khusus Panjenenganipun Bopo Nur Ali Gotrah wargo engkang satuhu kawulo hurmati.

Kepareng kawulo matur minongko sesulih wicoro Panjenenganipun Bopo Joko Sutopo, soho wakilipun rombongan keluargo saking Kaponan Ponorogo. 

  1. Sepisan, Ngaturaken salam ta’dzim saking Bopo Joko Sutopo sekalian garwo dumateng Bapa Nur Ali engkang hamengku gati, kanthi atur “Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.” Mugio rohmat kawilujengan soho barokahing Gusti, kacurahno dumateng Bopo Nur Ali dalasan kelurgo lumebero dumateng kulo panjenengan sedoyo.
  2. Kaping Kalihipun, ngaturaken agunging panuwun engkang tanpo pepindan, dumateng Bopo Nur Ali engkang sampun kerso nampi sowan kulo sarombongan, kanthi pakurmatan agung ingkang ngremenaken ing penggalih kawulo, pramilo nderek ndedungo mugio sedoyo pahurmatan meniko dados amal solehipun Bopo Nur Ali sahinggo pikantuk piwales ganjaran engkang sak murwatipun saking Alloh SWT.
  3. Engkang ongko tigo, ngaturaken ndherek suko bingah, dene punopo engkang putro nuninggih Mas Doni Putra Pratama putro bopo Joko Sutopo-Ibu Sukarnawati sampun Ka-ijabsah-aken, Pikantuk Putro Bopo Nur Ali-Ibu Amanah engkang  sesulih nami Mbak Firda Auliya, kanthi pinaringan berkah pangestu, langkung-langkung sineksen dening poro pinisepuh. Alhamdulilah sampun sah menggahipun tatan adat, agami lan negari, sampun kaijabaken kolo wau enjing, Pramilo saking meniko, engkang putro utawi temanten kakung, nuwun inggih Mas Doni Putra Pratama kanthi maos bismillahirohmaanirrohiim-lahaula wa quwata... kula pasrahaken dhumateng Bopo Nur Ali dalasan kulawarga ugi masyarakat lingkungan ngriki, mugi temanten kakung meniko karengkuho kados putro piyambak, kagulawenthah engkang sae, sahinggo sageto netepi jejering tiyang ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wismo, soho bekti dumateng sesami khususipun ing lingkungan Kademangan Pesen Kanor Bojonegoro mriki. sahinggo ing tundhanipun saged dados kulawarga ingkang sae, guyub rukun, sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, enggal pinaringan putro putri ingkang soleh solihah. Amin Allahumma amin
  4. Minongko tondho kagem ngraketaken pasederekan keluargo kekaleh, meniko saking Bopo Joko Sutopo wonten sekedik taliasih, pramilo kasuwun dumateng Panjenenganipun Bopo Nur Ali utawi engkang kajibah nyenyulihi kerso o jengkar saking palenggahanipun tindak ing ngajeng mriki nyelak dateng kawulo, saperlu nampi tondo tali asih meniko ing pangajab mugio hubungan keluarga meniko langgeng engkang sak lami-laminipun.
  5. Para rawuh kakung sumawono putri engkang kawulo hurmati, Mboten kesupen ngaturaken panyuwunanipun Bopo Joko Sutopo, bileh sak sampunipun temanten lerem sakuntawis ing dalem mriki, kasuwun kerso’o nyowanaken temanten kekalih dumateng griyo Kaponan griyanipun Bopo Joko Sutopo, mbenjang dinden Ahad Kliwon, tanggal 29 Januari 2023 antawis tabuh engkang sami.
  6. Sak lajengipun, mbok menawi sak dangunipun kulo sak rombongan wonten ing dalem mriki, panjenengan sami manggihi kesalahan, atur engkang kirang boso, tumindak engkang kirang wicaksono, selaku wakilipun rombongan saking Kaponan kulo ugi ngaturaken agunging samudro pangaksamo. 
  7. Engkang pungkasan, sak purnanipun pawiwahan agung, waku matul’ursy meniko mangke paripurno, kawulo sarombongan bade lumengser nyuwun pamit, mboten namung nyuwun tambahing pangestu saking poro sesepuh dalsan poro rawuh, mugi-mugi wangsul kulo wiwit dalem mriki tansah pinaringan kawilujengan ngantos griyo kulo sowong-sowang, mboten manggihi aral setunggal punopo.

Saking kulo pribadi minongko sesulihipun Bopo Joko Sutopo menawi wonten khilafipun atur kawulo, nyuwun lumturing sih samudro pangaksami.

Ing Wusono, Akhiru kalam, Walloohulmuwafiq ila Aqwamitoriq. Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar