Selasa, 08 Desember 2015

Disiram

Sodron lagi wae ditompo nyambut gawe ing kantor sebuah perusahaan ing Suroboyo. Senajan mung cleaning servis tapi Sodron iku termasuk pegawei seng temen, lugu, lan jujur.

Naliko wawancara kerja lan pembekalan wingi Sodron diwanti-wanti dening pimpinan perusahaan kudu taat lan patuh marang kabeh peraturan ing perusahaan iki.

Isuk mau Sodron pas lagi ngpel lantai krungo ono suoro mencurigakan neng njero toilet, menurut perkiraane Sodron kemungkinan besar wong seng neng njero toilet iku mesthi lagi ngiseng. Njur sodron golek banyu sak ember.

Ora suwe wong seng neng njero toilet mau metu songko lawang trus nyang sodron langsung digrujuk banyu ndase.

"Diamput.. pie karepmu iki, Dron?" Seng digrujuk banyu metu songko toilet mau tibakno Pak Direktur, otomatis misuh.

"Ampun, Paaaak... Kulo namung sendiko dawuh peraturan" Sodron bingung.

"Peraturan opo, Dron? Sopo seng gae peraturan, Dron?" Pak Direktur emosi.

"Lha niku tulisane teng lawang toilet, 'Setelah buang air besar harap disiram' njenengan bar ngiseng kan? Nggeh kulo siram to.."

Adegan selanjutnya piye mboh ora ngerti.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

2 engkang sampun komentar: