Kahananku iki yen tak umpamakke
Koyo cahyaning mbulan kang kalingan mego
Peteng koyo aneng luweng
Suwung sepi tan ono
Kang biso angluwari
Panandanging ati
Jerit tangis atiku
Tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno
Ibarat kembang kang layu
Tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacot tresno
Kok tinggal lungo
Nglangut ing wanci wengi
Yen rino atiku nelongso
Putus talining janji
Kowe ninggal kembang tresno
Loro laraning ati
Nadyan loro aku nerimo
Sliramu cidro janji
Tego ninggal aku lungo
Tak lilakke lungamu
Nadyan abot jroning rasoku
Tipis rondeng atiku
Kesayat welas tresnomu
Nadyan adoh dunungmu
Ojo nganti nglalekne aku
Pinangan lan sliramu
Dadi memanising kalbu
Umpamane Kowe bali
Nambani larane ati ndek semono
Tak enteni kowe bali
Piparingan nyambut Tresno ndek semono
Rabu, 05 Februari 2014
Related Posts
Sliramu Lan Roso Tresnoku
Mentebing laku budhal njangkah, Nalikane krungu kabar sliramu ono ing tlatah, Deso kang bakal ngukir sejarah, Puthuk Mojo seksi sejatining roso manah ...Podhang Kuning (Download Video Mp3 Lirik Lagu)
Isuk awan neng omah wis ora krasan Keluyuran anggolek'i seng tak sayang Mubeng-mubeng mider anggonku ngideri Ora kroso esuk awan nganti wengi E ...Joko Tarub Nawang Wulan
Abote nandang kasmaran Joko Tarub marang Dewi Nawang Wulan Widodari tumurun soko kayangan Lagi lelumban ono sak jroning sendang Nawang Wulan bin ...Slirane
Jalmo kang misuwur endah esem manis pasuryane. Ora kalah dening cahyane langit pitung warni. Toto laksono pitutur solah bawane. Aran tresno nggondo a ...Sugeng Riyadin 1434 H
NGATURAKEN Sugeng Riyadin 1434 H Bektos kulo, Kalepatan kulo Nuwun agunging pangapunten @njowotenan liyane ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
lagi jatuh cinta yo kang?
BalasHapuslha kok yo ngerti...
Hapusmesakne sampeyan
BalasHapustak susul po piye ?
jo lali nggowo rokok sak bungkus
HapusDolan semarang to kang...
BalasHapuspengen banget sakjane
HapusJatuh cinto nich yeeeee kang mas.......:)
BalasHapusngerti ae
HapusSangat menarik dan bisa menjadi inspirasi banyak orang. Terimakasih yah sudah berbagi informasi seperti ini. Salam kenal.(o)
BalasHapusmenarik ndiasmukui
Hapussususuwit...!
BalasHapusuntung ngarepe ora enek hurupe a
Hapusmantap mantap gan artikelnya, terus berkarya.
BalasHapusisoku yo mung ngene iki nda
Hapussangar sekali postingan artikelnya gan.more unique than another..suwun..
BalasHapussangar dengkulmu kui
HapusJeru maaaas.... hua hua hua hua....
BalasHapusah jerune mung sak driji kok
Hapussip gan
.... tapi ra mudeng 
BalasHapusClick to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.