Rabu, 22 Agustus 2012

Tafsir Mimpi

Dalam masyarakat Jawa terdapat kebudayaan yang unik yaitu kebiasaan dalam menangkap atau menafsirkan tanda-tanda (samita) yang ada disekitarnya. Tanda tersebut berupa mimpi yang merupakan media informasi yang berisi simbol-simbol yang dimaknai sebagai pertanda mengenai masa depan. Hal tersebut juga dapat disimpulkan bahwa masyarakat Jawa mempunyai kecerdasan dalam menafsirkan mimpi .

Tafsiran mimpi dengan bermacam-macam simbol

Simbol Tuhan.

Tuhan yaitu yang menciptakan alam semesta beserta isinya, yang menghidupkan dan mematikan semua yang ada. Pengertian simbol Tuhan seperti yang terdapat dalam kutipan dibawah ini :

“Gusti Allah punika inggih dadosaken manusa, saking manining (pedjoeh) bapa biyung ngantos dumugi pejahipun”

Tuhan itu yang menciptakan manusia, dari air mani ayah dan ibu hingga datangnya kematian.

“Dene upami wonten tiyang ngimpi ningali Gusti Allah punika remen-remening manah tinimbang karemenan wonten ing alam donya punika, alamatipun badhe minggah kabingahan lan wilujeng.”

Apabila orang bermimpi bertemu Tuhan, itu menyenangkan hati dari pada kesukaan yang ada di dunia, itu artinya akan mendapat kebahagiaan dan keselamatan.

“Menawi ngimpi sumerep Gusti Allah maringi bandha utawi sandhangan, punika alamatipun badhe minggah kasisahan.”

Jika bermimpi melihat Tuhan memberikan benda atau pakaian, itu artinya akan mendapatkan kesulitan.

Simbol Malaikat.

“Malaekat punika titahing Gusti Allah ingkang sanes kados tingkahipun manusa, inggih punika nggadhahi badan ingkang alus sanget kados angin (hawa), nanging nganggo roh (jiwa), lan piyambakipun boten dhahar, ngunjuk lan sanesipun ingkang kados lelampahipun manusa.”

Malaikat itu salah satu utusan Tuhan yang berbeda dengan prilaku manusia, yaitu memiliki badan yang sangat halus sekali seperti angin, namun menggunakan roh (nyawa), dan tidak makan, minum dan lainnya seperti yang dilakukan manusia.

“Manawi wonten tiyang sumerep Malaekat ingkang sae-sae, punika alamatipun badhe mulya wonten alam donya ngantos dumuginipun pejahipun.”

Jika ada orang yang bermimpi melihat Malaikat yang baik-baik, itu artinya akan mendapatkan kemulia didunia hingga datangnya ajal.

“Menawi ngimpi sumurep Malaekat wonten ing kampung ngriku, punika alamatipun kampung ngriku badhe pinaringan subur lan boten wonten penyakit.”

Jika bermimpi melihat ada Malaikat yang berada di kampung tersebut, itu artinya kampung tersebut akan mendapatkan kesuburan tanahnya dan tidak ada penyakit.

“Menawi ngimpi sumerep Malaekat ing kuburan, punika alamatipun badhe wonten penyakit ngantos pejahipun.”

Jika bermimpi melihat Malaikat berada di kuburan (makam) itu artinya akan ada penyakit hingga meninggal.

Simbol Nabi dan Rasul.

“Rasul punika salah satunggaling manusa ingkang kautus dening Gusti Allah.”

Rasul itu salah satu manusia yang diutus oleh Tuhan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep Nabi ingkang pejah utawi sakit, punika alamatipun badhe minggah kasisahan.”

Apabila ada orang yang bermimpi melihat Nabi yang meninggal atau sakit, itu artinya akan mendapat kesulitan.

“Menawi ngimpi dipun paringi punapa-punapa kadosta: sandhangan, pedhang lan sanesipun punika alamatipun inggih sae sanget.

Apabila bermimpi diberikan barang-barang seperti pakaian, pedang dan lain-lain, itu artinya baik sekali.

Simbol Surga.

“Suwarga punika satunggaling panggenan ingkang jembar sanget panggenanipun ing sanginggiling langit. Sadaya wonten ing ngriku sarwa edi lan nggumuni, amargi salebeting suwarga punika kathah barang-barang ingkang dereng nate ningali nalika ing ngalam donya lan sanes-sanesipun. Suwarga punika dados nedahaken kabingahan.”

Surga itu salah satu tempat yang luas sekali, tempatnya di atas langgit. Semua ada di situ dan mengherankan, karena di dalamnya itu terdapat barang-barang yang yang belum pernah kita lihat didunia dan lain-lainnya. Surga itu merupakan suatu tempat yang menyenangkan.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi mlebet suwarga tegesipun ing panggenan ngriku sarwa edi, boten kados ing bumi punika alamatipun pinaringan kabingahan inggih punika sadaya lelampahan dipun trima lan punapa ingkang dipun seja lan ingkang dipun ajeng-ajeng.

Orang yang bermimpi masuk kedalam surga artinya satu tempat yang semuanya serba indah tidak seperti di bumi itu artinya akan mendapat kebahagian yaitu semua perbuatan diterima dan apa saja yang diharapkan.

“Upami ngimpi sumerep wowohan suwarga lajeng metik punika alamatipun manawi wicanten punapa kemawon dipun turut jalaran wowohan suwarga punika alamatipun wicanten sae.”

Apabila bermimpi melihan buah-buahan surga lalu memetiknya itu artinya apabila berbicara apa saja akan akan didengar atau diturut, karena buah-buahan surga itu berarti ucapan yang baik.

“Upami ngimpi medal suwarga punika badhe manggih kasangsaran, inggih punika lalampahipun rumiyin boten duraka lajeng sapunika duraka.”

Apabila orang bermimpi keluar dari surga itu artinya akan mendapatkan kesengsaraan yaitu dahulu selalu berbuat baik tapi sekarang selalu mengumbar angkara.

Simbol Neraka.

“Neraka punika satunggaling panggenan ingkang jembar sanget kados suwarga, nanging salebeting naraka punika sadaya sarwa latu. Neraka punika dados nedahaken kasangsaran sanget inggih punika awoning lelampahanipun tiyang ingkang ngimpi.”

Neraka itu salah satu tempat yang sangat luas sejali seperti surga, namun di dalamnya neraka tersebut penuh dengan api. Neraka itu menandakan kesengsaraan yaitu jeleknya perbutatan orang yang bermimpi.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi mlebet neraka ngantos nangis gembar-gembor punika alamatipun manggih kasangsaran ingkang sanget inggih punika lelampahanipun sadaya awon tur duraka.”

Orang yang bermimpi masuk ke dalam neraka lalu mengangis sekerasnya itu berarti akan mengalami kesengsaraan yang sangat berat yaitu perbuatannya itu semua buruk dan durhaka.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi mlebet neraka nanging boten kraos benter babar pisan punika alamatipun badhe manggih kasisahan sanget inggih pangupajiwanipun pinaringan kangelan tur pejah.”

Orang yang bermimpi masuk ke dalam neraka namun tidak terasa panas sama sekali itu artinya akan mendapatkan kesengsaraan yang berat yaitu pekerjaannya atau dimana ia berkerja akan mendapatkan kesulitan yang berat.

Simbol Langit.

Langit merupakan tempat yang luas dan terletak di atas bumi, simbol alam ini dimaknai dan diaplikasikan ke dalam mimpi. Pengertian simbol langit seperti yang terdapat dalam kutipan dibawah ini :

“Langit punika satunggaling titahan ingkang inggil sanget, punika dados nedahaken dhateng pangkat kaluhuran.”

Langit itu salah satu ciptaan yang sangat tinggi, itu berarti menandakan datangnya pangkat keluhuran.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi piyambakipun wonten ing langit boten sarana minggah, punika alamatipun ingkang dipun seja punika katemahan lan dipun trima, sami ugi ingkang dipun seja punika pangkat utawi sanes. Upami wonten tiyang ngimpi kados makaten inggih kedhah sukur dhateng Gusti ingkang maringi gesang, amargi badhe pinaringan ingkang dipun ajeng-ajeng”.

Jika seseorang bermimpi dirinya berada di langit, itu artinya yang diharapkan akan tercapai, sama jika yang diharapkan itu adalah pangkat atau bukan. Jika ada seseorang yang bermimpi seperti itu, harus bersyukur kepada Tuhan yang telah memberi kehidupan, karena akan mendapat yang diharapkan.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi minggah langit ngangge andha utawi sanesipun, punika alamatipun tiyang punika badhe angsal pangkat pendamelan lan sanesipun tur tiyang punika bade dipun kondangaken dening tiyang ngriku, lan badhe pinaringan gampil ngupados yatra lan sapanunggilanipun.”

Orang yang bermimpi naik langit memakai tangga atau yang lainnya, itu berarti orang tersebut akan naik pangkat pekerjaan dan sejenenisnya, juga orang tersebut akan diperkenalkan dengan orang di situ, dan akan mendapat uang dan sejenisnya.

“Sinten-sinten tiyang piyambakipun wonten langit lajeng dhawah dhateng bumi, punika alamatipun awon sanget, inggih punika upami tiyang punika nyambut damel inggih dipun lepas utawi pangkatipun dipun andapaken, terkadang tiyang sugih dados mlarat, terkadang bingah dados sisah sanget makaten ugi sapiturutipun nandang sisah.”

Siapa yang bermimpi dirinya berada di langit lalu jatuh ke bumi, itu berarti sangat buruk, yaitu apabila orang tersebut bekerja akan dipecat atau pangkatnya akan diturunkan, malah terkadang orang kaya menjadi miskin, terkadang senang menjadi susah sekali, begitu pula selanjutnya menderita.

“Sinten-sinten tiyangipun ngimpi badhe minggah langit boten saged dumugi lan ngraos radi kangelan, payah lan kuwatos, punika alamatipun radi sisah, inggih punika sadaya perkawis ingkang dipun seja lan dipun ajeng-ajeng boten saged temahan lan boten saged dipun trima, sami ugi ingkang dipun ajeng-ajeng pangkat utawi perkawis ingkang unggul makaten ugi salajengipun.

Siapa yang bermimpi akan naik ke langit namun tidak sampai kelangit atau terasa sulit, payah dan khawatir itu artinya akan sulit, semua masalah mengenai yang diharapkan tidak akan terjadi atau terkabul, sama jika yang diharapkan adalah pangkat atau perkara yang tinggi dan begitu pula selanjutnya.

Simbol Matahari.

Matahari merupakan ciptaan Tuhan yang sanggup menyinari dunia dengan sinarnya, semua yang berada di dunia akan terkena sinarnya. Sinar Matahari juga dimaknai sebagai penerang karena sifat dari sinar matahari yaitu menyinari dunia. Matahari mempunyai sifat panas, penuh energi, dan pemberi sarana hidup. Berikut simbol Matahari seperti yang terdapat dalam kutipan dibawah ini :

“Surya punika satunggaling titah ingkang ageng sanget tur madhangi wonten ing sadayanipun tiyang wonten ing bumi.”

Matahari itu salah satu ciptaan yang sangat besar dan menyinari semua orang yang berada di bumi.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi nyepeng surya, punika alamatipun badhe angsal pendamelan.”

Siapa yang bermimpi memegang matahari, itu artinya akan mendapat pekerjaan.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi surya medal saking griyanipun, punika alamatipun manawi ingkang ngimpi punika legan (boten gadhah bojo) punika badhe mbojo tiyang ingkang sae manahipun lan rupinipun, sami ugi ingkang jaler utawi ingkang estri. Dene menawi ingkang ngimpi punika sampun gadhah bojo punika alamatipun badhe dados ratu utawi kepala utawi pangkat inggil”.

Siapa orang yang bermimpi matahari keluar dari rumahnya, itu berarti apabila orang yang bermimpi tersebut belum berumahtangga, itu berarti akan diberikan jodoh yang baik hatinya dan rupanya, sama saja baik laki-laki atau perempuan. Apabila yang bermimpi itu sudah berumahtangga, itu berarti akan menjadi raja, atau atasan atau pangkat yang tinggi.

“Sinten-sinten tiyang ngipi surya dipun kepung (ketutupan) mega punika alamatipun sisah banget inggih punika tiyang ingkang ngimpi kekasihipun badhe sakit sanget.”

Siapa orang yang bermimpi mataharinya tertutupi awan, itu berarti akan susah sekali yaitu orang yang bermimpi itu, kekasihnya akan sangat sakit.

Simbol Bulan.

Bulan merupakan ciptaan Tuhan yang sangat indah ketika malam hari tiba, menyinari dunia dan membuat orang yang melihatnya akan bahagia karena keindahannya. Simbol bulan juga diambil menjadi simbol dalam mimpi, berikut simbol bulan dalam mimpi :

“Rembulan punika satunggaling titah ingkang sae tur edi jalaran saged madhangi tiyang ingkang wonten ing bumi, nanging padhangipun boten benter kados surya, punika dados nedahaken dhateng bojo estri utawi lare ingkang sae”.

Bulai itu salah satu ciptaan Tuhan yang baik dan bagus karena bisa menerangi orang yang ada di bumi, namun cahayanya tidak seterang seperti matahari, itu berarti memberikan akan beristri atau anak yang baik.

“Sinten tiyang ngimpi nyepeng rembulan punika alamatipun badhe angsal bojo ingkang ayu sanget utawi pinaringan lare ingkang sampurna”.

Orang yang bermimpi memegang bulan itu artinya akan punya istri yang sangat cantik atau akan diberikan anak yang sempurna.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep rembulan punika surem utawi grahana utami pandhangipun manglih peteng dhedhet punika alamatipun sakwangsulipun ta’biranipun nginggil inggih punika badhe angsal bojo radi awon lan badhe pinaringan lare ingkang boten sae rupinipun utawi watakipun”.

Orang yang bermimpi melihat bulan itu redup atau gerhana atau cahayanya kedap-kedip itu artinya sebaliknya dari tafsir diatas, yaitu akan mendapatkan pasangan yang kurang baik dan akan mendapatkan anak yang tidak baik rupanya atau sifatnya.

“Upami wonten tiyang ngimpi sumerep rembulan dipun pangku lan dipun bekta riwa-riwi punika alamatipun inggih badhe pinaringan lare ingkang sampurna tur ngabekti sanget dhateng piyambakipun ngantos dumugi ajalipun”.

Apabila ada orang yang melihat bulan itu dipangku dan dibawa kesana-kemari, itu artinya akan mendapatkan anak yang sempurna juga berbakti sekali kepada orang yang bermimpi hingga datangnya ajal.

Simbol Bintang.

Bintang merupakan ciptaan Tuhan yang sangat indah ketika malam hari tiba, menyinari dunia dan membuat orang yang melihatnya akan bahagia karena keindahannya, berikut simbol artinya dalam mimpi :

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep lintang temrolap-temrolap punika alamatipun badhe angsal pangkat tur tiyang punika dados unggul-unggulipun tiyang ing ngriku”.

Orang bermimpi melihat bintang berkelap-kelip itu artinya akan mendapat pangkat dan orang tersebut menjadi unggulan orang-orang disitu.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi kathah lintang punika alamatipun badhe pinaringan ngereh tiyang ing ngriku lan badhe dados kepala lan sanesipun”.

Orang yang bermimpi melihat banyak bintang, itu artinya akan memerintah orang di tempat tersebut dan akan menjadi atasan dan lain-lainnya.

“Upami ngimpi nyepeng lintang punika alamatipun badhe pinaringan lare ingkang sae tur mulya pangkatipun”.

Apabila bermimpi memegang bintang itu artinya akan mendapatk anak yang baik dan mulia pangkatnya.

Simbol Cahaya dan Suara.

Macam-macam benda merupakan benda-benda yang tidak dimasukkan ke dalam simbol lain. Dalam simbol-macam benda ini tidak terdapat uraian mengenai pengertian benda, namun berikut pengertian macam-macam benda yang bermakna baik :

“Manawi wonten tiyang ngimpi sumerep cahya ingkang padhang, punika alamatipun kasaenan, inggih punika badhe nglampahi agami ingkang leres tur anggenipun nglampahi leres sanget”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat cahaya yang terang, itu berarti kebaikan, menjalani agama dengan benar.

“Menawi wonten tiyang ngimpi mirengaken utawi ngadhahi tabuhan, kadosta gamelan, suling, lan sanesipun alamatipun badhe manggih kasisahan lantaran saking mireng kabar, tur manahipun inggih mongsang-mangsing”.

Jika ada orang yang bermimpi mendengarkan bebunyian seperti gamelan, suling, dll, itu firasatnya berarti akan mendapatkan kesusahan karena mendengar kabar lalu hatinya akan kesana-kemari (bimbang).

Simbol Awan.

Awan merupakan ciptaan Tuhan yang letaknya di atas bumi. Simbol awan juga dianggap sebagai pertanda akan hujan dan membuat teduhnya dunia, berikut pegertian simbol awan dalam mimpi :

“Mega punika satunggaling barang ingkang edi lan asri lan mitulungi, dados punika alamatipun nedahaken dhateng kabingahan”.

Awan itu salah satu barang yang baik dan asri dan menolong, jadi arinya memberikan datangny kebahagiaan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep malaekat ingkang ngiring mega utawi numpak mega, punika alamatipun badhe pinaringan unggul, pangkat, temahan ingkang dipun sedya, lan sanesipun”.

Apabila ada orang yang melihat Malaikat bersama awan atau menaiki awan, itu artinya akan mendapatkan keunggul, pangkat serta sesuatu yang diharapkan dll.

“Dene menawi mega punika abrit lan sanesipun, punika alamatipun kasisahan”.

Apabila awan itu berwarna merah dal lain-lain, itu artinga akan mendapatkan kesulitan.

Simbol Hujan.

“Jawah punika satunggaling barang ingkang dipun remeni manusa, inggih punika tiyang ingkang ahli tetanen lan nenanem, jalaran upami boten wonten mesti tanemanipun boten tukul, jawah punika dados nedahaken pitulung utawi kawelasan.”

Hujan adalah salah satu barang yang sangat disukai manusia, yaitu bagi orang yang bercocok tanam, karena apabila tidak ada hujan maka tanamannya tidak akan tumbuh, hujan itu menunjukkan pertolongan atau kasih sayang.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep jawah, nanging dumawahipun ing griya piyambak utawi sekampung kemawon, punika alamatipun bade sakit utawi kasangsaran ingkang sanget.”

Orang yang bermimpi melihat hujan, namun turunnya hanya di rumah sendiri atau satu kampung saja, itu berarti akan sakit atau menderita.

“Dene upami anggenipun jawah punika sumarambah, punika alamatipun bade pinairangan pitulungan pitulungan lan jembar rejekinipun.”

Apabila turunnya hujan itu menyebar, itu artinya akan mendapat pertolongan dan banyak rejekinya.

“Manawi wonten tiyang ngimpi sumerep jawah sanesipun toya, inggih punika jawah susu, madu, lisa wangi, yatra lan sanesipun, punika alamatipun bade pinaringan kabegjan, untung, kasaenan, pangkat, rejeki jembar lan upami dagangan inggih pinaringan bade katah bathi.”

Apabila orang yang bermimpi melihat hujan selain air, yaitu hujan susu, madu, minyak, mentega, minyak wangi, uang dan lainnya, itu berarti akan mendapatkan keuntungan, kebaikan, pangkat, rejeki yang banyak, dan apabila berdagang akan mendapat keuntungan banyak.

Simbol Petir.

“Bledheg punika satunggaling titahan ingkang ngajrih-ngajrihi dhateng tiyang, upami lare mireng lajeng mladjeng singidan ing ladon utawi jerit-jerit jalaran saking ajrihipun kuwatos dipun samber bledheg punika. Nanging sanajana wonten bledheg lan gludhug punika asring mbingahaken dhateng tiyang tetanen, jalaran badhe pinaringan jawah.”

Petir adalah salah satu ciptaan yang menakutkan orang, apabila anak kecil mendengar lalu bersembunyi di bawah meja atau menjerit-jerit karena begitu takutnya akan disambar petir. Namun apabila ada petir dan kilat itu kadang menyenangkan kepada orang yang bercocok tanam, karena akan mendapat hujan.

“Sinten-sinten tiyang ingkang sumerep bledheg salebetipun jawah, punika alamatipun upami tiyang ingkang ngimpi sakit lajeng pinaringan saras.”

Orang yang bermimpi melihar petir ketika hujan, itu artinya orang bermimpi akan jatuh sakit lalu akan mendapatkan kesembuhan.

“Dene upami ngimpi bledheg boten wonten jawah inggih manggih kasisahan.”

Apabila orang yang bermimpi ada petir namun tak ada hujan yaitu akan akan mendapatkan kesulitan.

Simbol Pelangi.

“Kuwung punika ayang-ayangipun toya ingkang kenging soroting suya jalaran upami badhe jawah punika lajeng wonten ulur-ulur dhateng seganten utawi lepen prelunipun badhe mendhet toya dados kados pompa.”

Pelangi adalah bayang-bayangan air yeng terkena sinarnya matahari, sebab apabila akan turun hujan lalu garis-garis warna menuju laut atau sungai seakan mengambil air seperti ibarat pompa.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep kuwung tur warninipun ijem, punika alamatipun bade wilujeng.”

Orang yang bermimpi melihat pelangi dan warnanya hijau, itu artinya akan mendapat keselamatan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep kuwung tur warninipun jene, punika alamatipun bade pinaringan sakit utawi kasisahan.”

Apabila ada orang yang bermimpi melihat pelangi dan berwarna kuning, itu artinya akan mendapat sakit atau kasusahan.

“Menawi wonten tiyang sumerep kuwung tur warninipun abrit, punika alamatipun bade manggih kasisahan.”

Apabila ada orang yang bermimpi melihat pelangi dan warnanya merah, itu berarti akan mendapatkan kesusahan.

“Menawi wonten tiyang sumerep kuwung tur warninipun biyasa inggih punika warna-warni, punika alamatipun saderekipun bade omah-omah.”

Apabila ada orang yang bermimpi melihat pelangi dan warnyan itu biasa, yaitu warna-warni itu artinya saudaranya akan menikah (berumah tangga).

Simbol Awan.

“Mega punika satunggaling barang ingkang edi lan asri lan mitulungi, dados punika alamatipun nedhahaken dhateng kebingahan.”

Awan adalah salah satu barang yang indah dan asri serta menolong, jadi artinya menunjukkan akan datangnya suatu kebahagiaan.

“Dene mnawi mega punika abrit lan sanesipun, punika alamatipun kasisahan.”

Apabila awan itu berwarna merah dan lain-lain, itu artinya akan mendapatkan kesulitan/kesusahan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep malaekat ingkang ngiring mega utawi numpak mega, punika alamatipun bade pinaringan unggul, pangkat, temahan ingkang dipun seja lan sanesipun.”

Apabila ada orang yang melihat malaikat mengarak awan atau menaiki awan, itu artinya akan mendapatkan kemenangan/keunggulan, pangkat serta apa yang diharapkan terkabul dan lain-lain.

“Menawi wonten tiyang sumerep mega abrit kacampuran barat, mbat-mabit lan sanesipun, punika alamatipun manggih kasangsaran.”

Apabila ada orang yang bermimpi melihat awan berwarna merah bercampur dengan angin, kesana-kemari dan lain-lainnya, itu artinya akan mendapat kesengsaraan.

Simbol Angin.

Angin juga terdapat sebagai bagian dari bumi, karena angin itu selalu mengisi ruang yang terdapat di bumi. Simbol angin juga diambil menjadi simbol dalam mimpi, berikut pengertiannya dalam mimpi :

“Angin punika warna-warni, angin silir-silir, lajeng barat, angin lesus, hara-hara lan sanesipun. Dene ingkang alit punika ndadosaken remening manusa lan tetaneman, dene manawi angin ingkang ageng punika ndadosaken siahing manusa lan tetaneman”.

Angin itu beraneka ragam, angin sepoi-sepaoi, lalu besar, anging topan dll. Angin yang kecil itu menyenangkan bagi manusia dan tanaman, jika yang bear itu dapat menyebabkan kesusahan bagi manusia dan tanaman.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep angin silir-silir, punika alamatipun kabingahan tur sarasipun badan”.

Orang yang bermimpi melihat angin sepoi-sepoi, itu artinya akan mendapatkan kebahagian dan kesehatan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep ageng barat lan mobat-mabit punika alamatipun badhe kasisahan”.

Jika ada orang bermimpi melihat angin besar dan kesana-kemari (angin ribut) itu artinya akan mendapatkan kesulitan.

Simbol Api.

“Latu punika salah satunggaling wataning barang ingkang benter sanget, sadaya tiyang upami mgemek mesti sakit tur ajrih sanget, punika dados nedahaken kasisahan tur kasangsaran.”

Api itu salah satu barang yang sangat panas sekali, semua orang apabila memegang akan merasakan sakit sekali dan sangat takut, karena itu menunjukkan kesusahan dan kesengsaraan.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep latu muruh wonten ing tanah ingkang cengkar tegesipun boten wonten tanemanipun, punika alamatipun badhe wonten tiyang ingkang duraka mamanggen ing tanah ngriku”.

Orang yang bermimpi melihat api menyala di dalam tanah yang gersang artinya tidak ada tanamannya, itu artinya akan ada orang yang yang durhaka yang bertempat tinggal di tempat tersebut.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep latu minggah manginggil dhateng langit, punika alamatipun tiyang ingkang ngimpi tur tiyang ngriku sadaya sami duraka”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat api naik hingga ke langit, itu firasatnya adalah orang yang bermimpi dan orang di tempat tersebut semua pada durhaka.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nedha latu, punika alamatipun badhe pinaringan rejeki sakedhik, nanging sisahipun angeng sanget tur terkadhang pinaringan sakit”.

Jika ada orang yang bermimpi memakan api, itu firasatnya adalah akan mendapat sedikit rejeki, namun akan mendapat kesusahan yang besar dan terkadang akan mendapatkan sakit.

Simbol Air Panas.

“Toya anget punika asalipun tuking toya medal saking sela-selaning kawahipun radi utawi medal saking sela-selaning gamping kawahipun redi utawi medal saking sela-selaning gamping ingkang wonten salebeting redi.”

Air panas yang asalnya dari mata air yang keluar dari celah kawah atau keluar dari celah lereng kawahnya gunung yang berada di dalam gunung.

“Sinten-sinten tiyang ingkang ngimpi siram ing toya benter punika alamatipun badhe manggih kesaenan, ngupados pangupajiwanipun gampil lan sanesipun”.

Siapapun orang yang bermimpi mandi di air panas, itu mempunyai firasat akan mendapatkan kebaikan, dalam mencari rizki akan mendapatkan kemudahan dll.

“Menawi wonten tiyang ngimpi siram ing toya benter, nanging kraos benter, punika alamatipun badhe dipun sakiti manusa nanging boten temahan”.

Jika ada orang yang bermimpi mandi di air pana, namun terasa panas, itu mempunyai firasat akan disakiti orang tetapi tidak terjadi.

Simbol Sungai.

Sungai dianggap sebagai pembawa air yang melewati daratan. Air juga dianggap sebagai pembawa kehidupan dan rejeki, berikut pegertian simbol sungai dalam mimpi :

“Lepen punika satunggiling tanah ingkang mbingahi lan nyusahi dateng manusa”.

Sungai itu salah satu tanah yang dapat menyenangkan dan menyusahkan bagi manusia.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi ngombe toyanipun lepen ingkang bening, punika alamatipun badhe angsal kabingahan, badhe pinaringan rejeki”.

Siapa-siapa yang bermimpi minum airnya sungai yang jernih, itu artinya akan mendapatkan kebahagiaan atau mendapatkan rejeki.

“Menawi wonten tiyang ngimpi ngobe toyonipun lepen ingkang buthek, punika alamatipun badhe minggah kasisahan, badhe pinaringan sakit lan ngupados pangupajiwa radi kangelan”.

Jika ada orang yang bermimpi minum airnya sungai yang kotor, itu artinya akan mendapatkan kesulitan, mendapat sakit dan dalam mencari pekerjaan akan mendapat kesulitan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep lepen mili sanes toya, inggih punika mili latu, endhut, punika alamatipun badhe kasisahan sanget, terkadang sisah saking ratu utawi manusa”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat air di sungai namun airnya bukan air namun api, lumpur, itu firasatnya akan mendapat kesusahan/kesulitan, terkadang susah akibat perbuatannya Pemimpin atau manusia.

Simbol Laut.

“Seganten punika satunggaling ingkang jembar sanget, punika dados nedahaken pangkat, utawi kasugihan.”

Laut itu salah satu tempat yang sangat luas, itu jadi menandakan pankat atau kekayaan.

“Sinten-sintenb tiyang ngimpi sumerep seganten tur toyanipun bening sanget, punika alamatipun badhe angsal pangkat, pangupajiwanipun punika gampil”.

Siapapun orang yang bermimpi melihat laut dan airnya sangat bening sekali, itu firasatnya akan mendapat kedudukan, serta dimudahkan dalam mencari rizki.

“Menawi wonten tiyang ngimpi lumampah ing toya seganten boten sarana tumpangan, punika alamatipun badhe angsal pangkat, pangupajiwanipun punika gampil”.

Jika ada orang yang bermimpi berjalan diatas air laut tanpa menggunakan alat bantu, itu firasatnya akan mendapat kedudukan, serta dimudahkan dalam mencari rizki.

Simbol Gunung.

Gunung merupakan bagian dari bumi yang tertinggi, gunung sering dianggap sebagai pembawa makna mengenai kesuksesan, berikut pengertian gunung dalam mimpi :

“Redi punika satunggaling tanah ingkang inggil tur dados peranganipun bumi, punika dados nedahaken pangkat utawi kamulyan”.

Gunung itu salah satu tanah yang tinggi dan menjadi bagian dari bumi. Itu menandakan pangkat atau kemulian.

“Sinten-sinten tiyang ingkang ngimpi minggah ing redi tur anggenipun minggah punika gampil ngantos dumugi ing puncaking redi, punika alamatipun badhe angsal pangkat pendamelan utawi kamulyan”.

Siapa yang bermimpi mendaki gunung dan mendakinya terasa mudah hingga kepuncaknya, itu arnya akan mendapatkan pangkat dalam pekerjaan atau kemuliaan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi minggah redi, nanging boten saged minggah, amargi kangelan, punika alamatipun badhe minggah pangkat nanging boten temahan”.

Jika ada orang yang bermimpi mendaku gunung namun tidak sanggup karena kesulitan, itu artinya akan naik pangkat namun tidak terjadi.

Simbol Tanah.

“Bumi punika satunggaling panggenan ingkang sadaya manusa ngenggeni tur remen, malah-malah panggenan pangupajiwanipun, inggih punika nedahaken sawarnaning kabingahan.”

Bumi adalah salah satu tempat yang semua manusia menempati dan disukai, juga sebagai tempat mencari pekerjaan, yaitu menunjukkan semua kesenangan.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi sumerep tanah nanging pratela watesipun, punika alamatipun badhe pinaringan mbojo (tiyang estri) upami tanah punika kathah tanemanipun tur ijem-ijem, punika alamatipun tiyang estri punika ayu sanget tur sugih bandha.

Siapapun orangnya yang bermimpi melihat tanah namun mengenali tempatnya, itu firasatnya akan mendapat jodoh, jika banyak tanamannya dan sangat hijau sekali, itu firasatnya perempuan tersebut sangat cantik dan kaya harta.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep tanah jembar tanemanipun inggih sae-sae tur edi lan ngremeni manah, punika alamatipun saweg nglampahi agama ingkang leres tur sampurna ngantos dumugining ajalipun”.

Jika ada orang bermimpi melihat tanah yang luas sekali dan tanamannya bagus-bagus dan menyenangkan hati, itu firasatnya sedang menjalankan agama dengan baik dan sempurna hingga datangnya ajal.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep tanah jembar, nanging tanah punika dipun lempit kados klasa, punika alamatipun badhe pejah”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat tanah luas, namun tanah tersebut dilipat seperti tikar, itu firasatnya akan meninggal dunia.

Simbol Lumpur.

“Endut punika sadaya manusa sengit, jalaran upami lumampah mesti damel regeding suku lan sandangan. Endut punika dados nedahaken kasisahan lan pancabaya.”

Lumpur itu menunjukkan semua manusia tidak menyukai, karena seumpama berjalan pasti membuar kotornya kaki dan pakaian. Jadi lumpur itu menunjukkan kesusahan dan marabahaya.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi ngambah endhut, punika alamatipun badhe kesisahan”.

Siapapun orangnya yang bermimpi berjalan meliwati lumpur, itu firasatnya akan mendapatkan kesusahan atau kesulitan.

Simbol Debu dan Pasir.

“Lebu punika inggih peranganipun bumi, jalaran sedaya manusa, tiyang punika upami memanggen inggih katah labunipun lan wedinipun. Lebu lan wedi inggih punika nedahaken kabegjaning manungsa.”

Debu itu salah satu bagian dari bumi, karena semua manusia itu bertempat tinggal yang banyak debu dan pasirnya. Debu dan pasir itu menandakan keberuntungan manusia.

“Sinten-sinten tiyang nglampah ingkang kathah lebunipun lan wedhinipun, punika alamatipun badhe sugih”.

Siapapun orangnya yang bermimpi berjalan yang banyak debu dan pasirnya, itu firasatnya akan kaya.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nedha lebu utawi wedhi, inggih punika badhe angsal pangupajiwa ingkang kathah tur eja lan manahipun pinaringan bingah kemawon”.

Jika ada orang yang bermimpi memakan debu atau pasir, itu berarti akan mendapatkan rizki yang banyak atau pekerjaan yang baik dan hatinya akan selalu senang dan bahagia.

Simbol Gempa.

“Lindu punika satunggaling perkawis ingkang ngajrihi manusa jalaran saged ngojag-ojag griya, wit-witan, lan sedayanipun barang ingkang wonten ing bumi, dados lindu punika nedahaken kasisahan.”

Gempa itu salah satu perkara yang menakutkan manusia karena bisa mengoyang-goyangkan rumah, pepohonan dan semua yang ada di bumi, jadi gempa itu menandakan kesusahan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi griyanipun kenging lindu, punika alamatipun badhe manggih kasisahan lan salebeting griya punika tiyangipun duraka”.

Jika ada orang yang bermimpi rumahnya terkena gempa, itu firasatnya akan mendapatkan kesulitan dan semua penghuni rumah itu durhaka.

“Menawi wonten tiyang ngimpi griyanipun kenging lindu ngantos rebah, punika alamatipun badhe pejah”.

Jika ada orang yang bermimpi rumahnya terkena gempa sampai roboh, itu firasatnya akan meninggal dunia.

Simbol Hutan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi salebeting wana kados limrahipun wana, punika alamatipun saweg nglampahi agama ingkang leres, tur pangupajiwanipun inggih jembar tur gampil.”

Jika ada orang yang bermimpi didalam hutan yang seperti layaknya hutan, itu artinya akan menjalani ajaran agama dengan benar, dan dalam mencari penghidupan akan luas dan sangat mudah.

“Menawi wonten tiyang ngimpi wonten ing wana nanging wonten ngriku ngombe lan nedha, punika alamatipun badhe manggih keremenan ingkang nikmat lan kabingahaning manah”.

Jika ada orang yang bermimpi berada di hutan, namun didalam hutan tersebut minum dan makan, itu firasatnya akan mendapatkan kenikmatan dan kebahagian hati.

Simbol Pohon Besar dan Kecil.

“Sadaya wit-witan ingkang ageng punika alamatipun katah paedahipun kanggo manusa nanging ugi kangge urub-urubing latu, inggih punika kangge nedahaken tingkahipun manusa.”

Semua pepohonan yang besar itu artinya banyak kegunaannya untuk manusia namun juga untu membuat menyalanya api, yaitu menandakan tingkah laku manusia.

“Sinten-sinten tiyang ingkang ngimpi sumerep kajeng ingkang ageng sanget kados waringin utawi albisiya, punika alamatipun tiyang punika nglampahi agami ingkang boten leres”.

Siapapun orangnya yang bermimpi melihat kayu yang besar seperti pohon beringin. Albisiya, itu firasatnya akan menjalani agama yang kurang benar.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep utawi nanem wit anggur lan delima, punika alamatipun badhe angsal bojo ingkang ayu tur sugih bandha”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat atau menanam pohon anggur dan delima, itu firasatnya akan mendapat jodoh yang cantik serta kaya harta.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nedha jeram Bali, punika alamatpun pinaringan lare jaler ingkang sae rupanipun”.

Jika ada orang yang bermimpi makan jeruk Bali, itu firasatnya akan dikaruniai anak laki-laki yang rupawan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nedha semangka ijem, punika alamatipun badhe wonten rejeki dhateng tur kabingahaning manah”.

Jika ada orang yang bermimpi makan semangka hijau, itu firasatnya akan mendapatkan rezeki serta akan mendapatkan kebahagian hati.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep kajeng wewangen kados mawar, melathi, punika alamatipun badhe pinaringan lare ingkang sae rupinipun”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat bunga yang wangi seperti mawar, melati, itu firasatnya akan mendapatkan anak yang baik dan rupawan.

Simbol Menikah.

“Sadaya tiyang jaler estri wonten ing ngalan donya, punika mesthi remen mbojo, jalaran sampun dipun pesthi makaten, amargi supados saged manak kathah, pramila ngimpi kados makaten nedahaken kabingahan, upami jodo lan rukun”.

Semua orang laki-laki maupun perempuan di dunia pasti senang menikah, karena memang begitu adanya, sebab supaya bisa berkembang biak, seandainya mimpi seperti itu menandakan akan kesenangan, jika berjodoh dan rukun.

“Menawi wonten tiyang ngimpi mbojo utawi dados penganten kaliyan tiyang estri ingkang sampun sumerep wastanipun utawi rupanipun, punika alamatipun badhe temahan angsal tiyang estri punika utawi badhe angsal kamulyan lan pangkat lan badhe angsal pangupajiwa ingkang jembar”.

Jika ada orang yang bermimpi menikah atau jadi pengantin bersama wanita yang sudah dikenal, itu firasatnya akan berjodoh dengan wanita tersebut atau akan mendapatkan kemulian dan kedudukan serta akan mendapat rizeki/pekerjaan yang luas.

Simbol Hamil dan Melahirkan.

“sadaya tiyang ingkang wonten ing ngalam donya upami ingkang tiyang estri pinaringan meteng lajeng manahipun bingah sanget, pramila meteng punika nedahaken tambahipun pangupajiwa.

Semua orang yang berada di dunia ini, apa bila perempuan pasti menginginkan hamil, lalu hatinya akan senang sekali, jika demikian hamil itu berarti bertambahnya pekerjaan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep tiyang estri ingkang ayu sanget punika meteng, punika alamatipun badhe pinaringan pangupajiwa ingkang jembar”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat perempuan yang cantik sedang hamil, itu firasatnya akan mendapatkan rezeki/pekerjaan yang baik dan luas.

Simbol Meninggal.

“Sadaya tiyang wonten ing ngalam donya punika badhe mesthi pejah, amargi sampun kangge kosokwangsulipun, inggih punika wonten pejah wonten gesang, lan wonten tiyang jaler mesthi wonten tiyang estri, wonten sae lan wonten awon”.

Semua orang di dunia ini pasti akan meninggal, karena sudah ada kebalikannya, yaitu ada meninggal ada hidup, ada laki-laki pasti ada perempuan, ada baik dan ada buruk.

“Menawi wonten tiyang ngimpi wonten salebeting kuburan, nanging boten pejah, punika alamatipun badhe manggih kasisahan”.

Jika ada orang yang bermimpi ada di dalam kuburan, namun belum meninggal, itu berarti akan mendapatkan kesusahan.

Simbol Minuman dan Susu.

Yang dimaksud dengan minuman adalah minuman yang dapat membuat mabukk manusia, karena minuman itu dapat membuat hilangnya kendali atas akal sehat. Adapun susu adalah minuman yang dapat menyehatkan tubuh, berikut pengertian minuman dalam mimpi :

“Omben-omben kados ciyu, brendhi, lan pundi-pundi ingkang ndadosaken mendemi. Toya susu punika sadaya ndadosaken sarasaning badan”.

Minum-minuman itu seperti ciyu, brendi, dan lain-lain yang dapat menyebabkan mabuk. Air susu itu semua membuat sehatnya badan.

“Sinten-sinten tiyang ingkang nedha arak, punika alamatipun nedha tetedhan ingkang duraka”.

Orang yang bermimpi meminum arak, itu sama halnya dengan memakan yang berdosa.

“Menawi wonten tiyang ngombe susu lembu, punika alamatipun badhe minggah kabinggahan, inggih punika nglampahi agami leres, pinaringan pangupajiwa ingkang suci tur jembar”.

Jika ada orang yang bermimpi meminum susu sapi, itu artinya akan mendapatkan kebahagiaan, yaitu menjalani agama yang benar, mendapatkan pekerjaan yang baik dan luas.

Simbol Hewan.

Hewan itu ada beraneka ragam seperti hewan ternak, hewan buas, hewan yang berbisa dan sebagainya. Yang masuk ke dalam hewan yang berbisa adalah ular. Ular dapat menjadi simbol kebijakan, namun ular dalam hal mimpi biasanya adalah hal buruk karena menandakan musuh dan ular juga dapat bermakna mengenai pangkat, berikut pengertiannya dalam mimpi :

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep sawer, punika alamatipun nggadhahi satru, nanging nyamar”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat ular, itu berarti memiliki musuh namun menyamar.

“Menawi ngimpi sumerep sawer ingkang ageng nanging piyambakipun boten ajrih, punika alamatipun badhe pinaringan kanikmatan utawi pangkat ingkang ageng”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat ular yang besar namun tidak takut, itu berarti akan mendapat kenikmatan atau pangkat yang besar.

“Menawi wonten tiyang ngimpi numpak gajah, punika alamatipun badhe dados nggadhahi pangkat tur tiyang ngriku sami ajrih dhateng piyambakipun”.

Jika ada orang yang bermimpi menaiki gajah, itu firasatnya akan menjadi orang yang memiliki pangkat dan derajat yang tinggi serta disegani orang banyak.

“Menawi wonten tiyang ngimpi numpak sima, punika alamatipun badhe angsal pangkat luhur tur saged ngawonaken dhateng mangsahipun”.

Jika ada orang yang bermimpi menaiki singa, itu firasatnya akan mendapatkan pangkat yang luhur serta bisa menundukkan musuhnya.

“Menawi ngimpi sumerep kethek, punika alamatipun lelampahanipun tiyang punika awon sanget lan asring duraha dhateng Gusti Allah ingkang maringi gesang”.

Jika ada orang bermimpi bertemu monyet, itu firasatnya sangat buruk sekali dan sering berbuat durhaka kepada Allah yang memberikan kehidupan.

“Menawi ngimpi nyepeng utawi ngingu utawi nedha ulan (sanesipun ulam seganten) ingkang ageng sanget kados ulam kakap, bandeng, lan sanesipun badhe pinaringan untung, kamulyan lan anggenipun ngupados pangupajiwa manahipun ayem”.

Jika ada orang yang bermimpi memegang atau memelihara atau makan ikan (bukan ikan laut) yang besar seperti kakap, bandeng, dll, itu firasatnya akan mendapatkan keuntungan, kemuliaan dan dalam mencari rezeki/pekerjaan/penghidupan hatinya damai.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep peksi gagak, punika alamatipun lelampahanipun awon sanget, lan badhe manggih kasisahan ingkang ngajrih-ngajrihi”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat burung gagak, itu firasatnya perbuatannya buruk sekali, dan akan menemui kesusahan yang sangat menakutkan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep peksi emprit, greja, lan sedayanipun peksi ingkang alit, punika alamatipun kuwatos dhateng kemawon dhateng prakawis lan pancabaya”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat burung emprit, gereja dan sejenis burung kecil lainnya, itu firasatnya selalu kuwatir (gamang) terhadap persoalan dan marabahaya.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nyepeng peksi gelathik utawi perkutut, punika alamatipun badhe pinaringan jaler ingkang njalari berkah lan untung lan gampil ngupados pangupajiwa”.

Jika ada orang yang bermimpi memegang burung glatik atau perkutut, itu firasatnya akan diberi anak laki-laki yang membawa berkah dan beruntung serta mudah dalam mencari rezeki/pekerjaan/ penghidupan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi mburu kidang, punika alamatipun badhe angsal tiyang estri ingkang ayu sanget, nanging upami sampun gadhah bojo, punika alamatipun badhe pinaringan lare estri ingkang ayu sanget tur ngabekti sanget, nanging upami kidang punika boten sarana dipun buru, punika alamatipun badhe angsal bandha saking tiyang estri, jalaran tiyang estri punika sugih tur prigel”.

Jika ada orang yang bermimpi memburu kijang, itu firasatnya akan mendapatkan perempuan yang sangat cantik, namun jika sudah berkeluarga, akan mendapatkan anak perempuan yang sangat cantik dan berbakti. Jika kijang itu tidak dengan sarana diburu, itu firasatnya akan mendapatkan kekayaan dari seorang perempuan, sebab perempuan tersebut kaya dan rajin.

Simbol Hewan Ternak.

“Rajakaya punika lembu, Jaran, mesa, menda, sedaya manusa remen sanget dateng rajakaya.”

Hewan ternak itu sapi, kuda, kerbau, kambing, semua manusia senang sekali dengan hewan ternak.

Simbol Hewan Buas.

“Sedaya upami kepanggih sato galak, punika mesti ajrih jalaran ngajrih-ngajrihi rupinipun lan watakipun.”

Semua manusia jika bertemu dengan hewan buas pasti takut karena menakutkan dari rupanya dan wataknya.

Simbol Ikan.

“Ulam punika warni kalih, inggih punika ulam seganten, inggih punika ingkang mboten toyanipun asin kados ulam lapen, lan sanes-sanesipun.”

Ikan itu ada dua macam yaitu ikan laut dan ikan selain laut, yaitu selain air yang bukan asin seperti ikan sungai dan lain-lain.

Simbol Kapal atau Perahu.

Kapal merupakan alat transportasi yang dapat mengantarkan manusia dari suatu tempat ke suatu tempat yang lain yang berada di atas air, berikut pengertian simbol kapal dalam mimpi :

“Baita punika satunggaling tumpangan ingkang ngremeni lan wilujengi tumrap manusa, nanging manawi ngambah ing toya punika nedahaken dados wilujeng”.

Kapal/prahu itu salah satu kendaraan yang menyenangkan dan menyelamatkan untuk manusia, jika ingin melewati air, jadi dapat memberikan keselamatan.

‘Sinten-sinten tiyang ngimpi numpak baita ing seganten, punika alamatipun badhe dados pangkat lan sanesipun”.

Jika ada orang yang bermimpi menaiki kapal/prahu di laut, maka akan mendapatkan pangkat dll.

“Menawi wonten tiyang ngimpi medal saking baita, punika alamatipun badhe manggih kabingahan namung sakedhap sanget”.

Jika ada orang yang bermimpi keluar dari kapal/prahu, itu artinya akan mendapatkan kebahagiaan namun hanya sebentar.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep baita (mathuk) dhateng tiyang ingkang ngimpi, punika alamatipun badhe manggih kabingahan sasampinipun sisah”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat ada kapal yang mendatangi kepada orang yang bermimpi, itu firasatnya akan mendapatkan kebahagiaan setelah susah.

Simbol Batu Bata.

Batu bata merupakan perkakas yang digunakan manusia untuk membuat rumah. Batu bata pun diambil menjadi simbol dalam mimpi seperti terdapat dalam pengertian dibawah ini :

“Banon punika satunggaling bekakas ingkang maedahi, inggih punika kangge dedamelan, kados tembok lan sanesipun”.

Batu bata itu salah satu perkakas yang berguna yaitu untuk membuat pekerjaan seperti membuat tembok dan yang lainnya.

“Sinten-sinten tiyang ngimpi damel banon punika alamatipun badhe sugih yatra lan pinaringan sarasipun badan, jalaran banon punika nedahaken munpangating manusa”.

Orang yang bermimpi membuat batu bata itu artinya akan kaya harta dan sehatnya badan, karena batu bata itu berguna bagi manusia.

“Menawi wonten tiyang ngimpi tembokipun runtuh satunggal banonipun, punika alamatipun ing salebeting ing griya punika badhe pejah”.

Jika ada orang yang bermimpi temboknya runtuh satu batu batanya, itu firasatnya penghuni rumah tersebut akan ada yang meninggal dunia.

“Menawi wonten tiyang ngimpi damel banon, sasampunipun lajeng dipun buceli, punika alamatipun ngupados pangupajiwa gampil, nanging boten saged kempal lan boten wonten buktinipun”.

Jika ada orang yang bermimpi membuat batu bata, lalu dihancurkan, itu firasatnya dalam mencari rezeki/pekerjaan/ penghidupan mudah sekali, namun tidak dapat terkumpul dan tidak ada buktinya.

Simbol Rumah.

“Griya punika satunggiling panggenan ingkang dipen remeni manusa, punika alamatipun dados nedahaken kabingahan lan karemenan”.

Rumah itu salah satu tempat yang disenengi manusia, yaitu mempunyai firasat menunjukkan kesenangan dan kesukaan.

“Menawi wonten tiyang ngimpi sumerep griya sae lan jembar, nanging pratela ing panggenanipun, punika alamatipun badhe manggih kasugihan tur pangkat inggil lan pinaringan gampil ngupados pangupajiwanipun”.

Jika ada orang yang bermimpi melihat rumah yang bagus dan luas, atau kita telah mengenali tempat tersebut, itu firasatnya akan mendapatkan kekayaan serta kedudukan/pangkat yang tinggi dan diberi kelancaran dalam mendapatkan pizeki/pekerjaan/penghidupan.

Simbol Tangga.

Tangga merupakan alat yang digunakan manusia untuk menaiki sesuatu, demikian juga terdapat pergertian dalam mimpi yaitu :

“Andha punika satunggaling bekakas ingkang pirantos kangge minggah manginggil, inggih punika dados nedahaken utawi agami leres”.

Tangga itu salah satu perkakas yang digunakan untuk naik ke tempat yang lebih tinggi, itu artinya memberikan pangkat atau agama yang benar.

“Manawi wonten tiyang minggah ngangge andha ngantos dumugi ing langit, punika alamatipun nglampahi agami ingkang leres ngantos dumugi pejahipun”.

Jika ada orang yang bermimpi naik menggunakan tangga ke langit, itu artinya akan menjalani agama yang baik hingga meninggal.

“Manawi wonten tiyang ngimpi menek andha nanging kraos ajrih lan boten saged dumugi, punika alamatipun badhe pinaringan sugih boten temahan, utawi terkadang manggih kasisahan”.

Jika ada orang yang bermimpi naik tangga namun terasa takut dan tak sampai, itu artinya akan kaya namun tak terjadi.

Simbol Sudut Rumah.

“Dene upami ngimpi pojokanipun griya punika alamatipun badhe pinaringan lare, ingkang kaprah punika lare estri”.

Apabila bermimpi pojokan rumah itu firasatnya akan dikaruniai anak, biasanya adalah anak perempuan.

“Upami anggenipun nambahi pojokanipun punika sae sanget tur kiyat, alamatipun lare estri punika inggih ayu sanget tur ngabekti sanget”.

Apabila dalam menambahkan pojoksn rumah itu baik dan kuwat, itu furasatnya berarti anak perempuan itu cantik sekali dan sangat berbakti.

Simbol Jembatan.

“Kreteg punika satunggiling bekakas ingkang ndadosaken wilujeng tiyang ingkang lumampah, inggih punika nedahaken damel sae dhateng tiyang”.

Jembatan itu salah satu alat yang membuat selamat bagi orang yang berjalan, yaitu menandakan perbuatan baik kepada orang.

“Sinten-sinten tiyang mowot ing kreteg, punika alamatipun badhe manggih kabingahan”.

Jika ada orang yang bermimpi berjalan diatas jembatan, itu firasatnya akan mendapatkan kebahagiaan.

Simbol Pakaian.

“Sedaya tiyang jaler estri punika remen sanget dhateng sandhangan, jalaran kangge pepaesipung tiyang gesang, inggih punika nedahaken lelampahan sae”.

Semua laki-laki dan perempuan menyukai sekali pada pakaian, karena digunakan sebagai perhiasan manusia yang hidup, yaitu menandakan perbuatan yang baik.

“Menawi wonten tiyang ngimpi ngangge sandhangan kadamel saking kapuk, punika alamatipun inggih kabingahan”

Jika ada orang yang bermimpi menggunakan pakaian dari bahan kapuk, itu firasatnya akan mendapatkan kebahagiaan.

Simbol Rias Wanita dan Uang.

“Tiyang wonten ing ngalam donya punika mila katingal sae utawi ayu, punika lantaran ngangge sandhangan lan pepaes kados gelang, kalung lan sanesipun, punika nedahaken warni-warning tingkah sae”.

Manusia yang ada di dunia ini ingin terlihat baik atau cantik, itu karena menggunakan pakaian dan perhiasan seperti gelang, kalung dll, itu menandakan beragamnya perbuatan yang baik.

“Menawi wonten tiyang ngimpi nyepeng mutyara, punika alamatipun badhe angsal bojo ingkang ayu sanget”.

Jika ada orang yang bermimpi memegang mutiara, itu firasatnya akan mendapatkan jodoh wanita yang sangat cantik.

“Menawi wonten tiyang ngimpi medal mutyara saking cangkemipun, punika alamatipun tiyang punika ahli mituturi perkawis kasaenan”.

Jika ada orang yang bermimpi mengeluarkan mutiara dari mulutnya, itu firasatnya pertanda orang tersebut ahli memberi nasehat tentang kebaikan.

Simbol Senjata.

Senjata digunakan manusia untuk membela diri dan sebagai simbol untuk pangkat dan kekuasaan, berikut pengertian senjata dalam mimpi :

“Gaman punika satunggiling bekakas ingkang maedahi lan nulungi dhateng manusa…. dados nedahaken pangkat, kamulyan lan kamashuran”.

Senjata itu salah satu alat yang berguna dan menolong manusia. Jadi menandakan pangkat, kemuliaan, dan kemashuran.

“Manawi wonten tiyang ngimpi nyepeng tumbak, pedhang lan sanesipun punika alamatipun badhe pinaringan pangkat ingkang luhur”.

Jika ada orang yang bermimpi memegang tombak, pedang, dan lain-lain itu berarti akan mendapatkan pangkat yang luhur.

“Manawi wonten tiyang ngimpi ndekek pedhang ing wrangkanipun, punika alamatipun badhe pinaringan lare jaler”.

Jika ada yang bermimpi memasukkan pedang ke dalam tempatnya, itu berarti akan mendapat anak laki-laki.

Simbol Lain-lain.

Wadah dan Peralatan.

“Wonten malih wadah ingkang kadamel saking beling, kados piring gelas lan sanesipun, punika alamatipun badhe bojo”.

Ada lagi tempat yang terbuat dari kaca, seperti piring gelas dll, itu firasatnya akan mendapatkan jodoh.

Pekerja.

“Menawi ngimpi piyambakipun dados tukang tukar yatra, alamatipun piyambakipun nggadhahi ilmu ingkang munpangati”.

Jika ada orang yang bermimpi dirinya menjadi penukar uang, itu firasatnya akan mendapatkan ilmu yang bermanfaat.

“Menawi ngimpi piyambakipun dados tukang batu, punika alamatipun sae sanget, inggih punika lelampahanipun ingkang duraha dipun mareni lan anggenipun nglampahi agami ingkang mantep sanget”.

Jika ada orang yang bermimpi dirinya menjadi tukang batu, itu firasatnya baik sekali, yaitu perbuatannya yang durhaka telah di tinggalkan dan dalam menjalani agamanya sudah sangat mantab sekali.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

11 engkang sampun komentar: