Selasa, 31 Juli 2012

Njowotenan Edisi Ramadhan

Definisi makna poso iku kan seng luweh pas yoiku ngempet howo nepsu, yen mung ora mangan ora ngombe ora "anu" iku howo nepsu seng ringan, menurutku seng diarani poso tenan iku yen ora ngrokok, ikilah howo nepsu seng paling angel dihindari, isone iso neng abot, dadi kanggoku ora ngrokok ikilah sejatine makna poso.

Jare, dilarang merokok karena menyebabkan banyak penyakit, bahkan ono seng mengklaim kematian disebabkan karena rokok. Pemerintah khususe Kemenkes lan Depkes lewat bungkus tiap rokok menyatakan yen rokok dapat menyebabkan kangker serangan jantung impotensi gangguan kehamilan dan janin. Ono seng menyimpulkan yen rokok iku gak ono manfaate malah mung nekakne penyakit, bahkan MUI menfatwai haram.

Iki mung jare Al-Qur'an Lho yo... " رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَذا بَاطِلاً " (QS. 3:191) bahasa indonesiane "Tuhan tidak menciptakan segala sesuatu ini dengan sia-sia"

Lha lek sak umpomo Gusti Alloh nesu neng aku, "Opo tok kiro aku menciptakan mbako iki sia-sia? Lha kok mbako ciptaanKu iki tok elek-elek terus? Aku nyiptakne mbako iki opo tok kiro mung ngge mateni kowe ngono po piye?"

Trus piye nek ku arep nyauri ngene iki jal?

Mbako lek tak ngge nyusur saiki wes ra patut, Lek mung ngge merawat nguwatne untu wes ono odol seng luweh praktis, arep tak jangan opo tak oseng-oseng yo ora enak opo maneh diawuri trus digoreng, mbako goreng noh dadine?

Nah...sampean seng setuju Tuhan tidak menciptakan mbako dengan sia-sia tak enteni ae menowo suatu saat nduwe penemuan panganan opo camilan opo ngge opolah ngono seng bahane songko mbako, ben mbako iki gak dielek-elek menyebabkan penyakit ae, dadi mbako ciptaan Alloh iki ndak sia-sia ngono lho...

Lha lek ternyata gak ono penemuan, dari pada aku pekewuh karo Pengeran yo tak ngrokok ae, tinimbang diseneni mergo menyia-nyiakan mbako ciptaanNya Lho....
Selasa, 17 Juli 2012

Berdo'a Sambil Mleding

Ono seng takon, "Kapan dimana dan bagaimana sebaiknya kita berdoa?"

Kyai Segawon njawab, "Sak wayah-wayah, nengdi ae entuk, neng WC ae oleh ndungo kok"

Seng takon ngeyel, "Lho...Lha jare gak oleh mengucapkan kaimat toyyibah di toilet?"

"Lha trus do'a keluar WC kapan gek nengdi mengucapkannya?" jawab Kyai Segawon.

Seng takon, takon maneh, "Ketika berdo'a itu opo harus sambil menganggkat tangan to?"

Kyai Segawon njawab, "Jangankan mengangkat tangan, sambil mleding, nyedit alias nungging ae entuk kok..."

Seng takon nesu, "Kurang ajar sampean iki, menghina islam ngono kui jenenge...."

"Loh....kowe opo ora tau sholat?" Jawab Kyai Segawon.

Seng takon tambah nesu, "Kurang ajar tenan iki, kok malah ngenyek aku ra tau sholat?"

Kyai segawon dawuh "Sujud ing sholat iku rukun seng mewajibkan kita berdo'a sambil mleding"

Seng takon lagek paham, "Owalaaaaaahhhh...."
Rabu, 11 Juli 2012

Priyo Ponorogo

Cah Ndueso, Kyai Segawon, The Loe,
Njowotenan lan segenap kru mengucapkan:
"Selamat Ulang Tahun Ponorogo Hari Jadi ke 516"
PONO awas andulu jagat gumelar,wes sampurno jiwo lan ROGO


Blogger Warok Mempersembahkan...

Priyo Ponorogo.mp3/Lirik

Angin sore Babadan Sumoroto
Nganti seprene ora ono wong liyo
Yo mung slirane seng katon ing netro
Mung sliramu priyo Ponorogo

Lilanono karep atiku iki
Ra orane yen aku cidro janji
Aku ra lali tansah tak ugemi
Tresnaku nganti tekaning pati

Lampu pinggir kutho Babadan Sumoroto
Padangono aku, aku seng nandang tresno
Tekane seprene aku durung percoyo
Seng tak pikir mung tansah gawe sujono

Tak simpen ning ati aku ora biso lali
Tansah tak ugemi tresnaku yo mung sewiji
Lampu pinggir kutho Babadan Sumoroto
Saksi ing tresno karo priyo ponorogo

DOWNLOAD

Minggu, 01 Juli 2012

MoLimo


Main,madon,madat,maling,mendem. Ikulah piwulang poro leluhur kang diwastani MoLimo,Moh nglakoni perkoro limo kang dilarang agomo.

Ananging ngertio yen Kyai Segawon justru nate dawuh,'Lakonono MoLimo perkoro sakral kang mbungahake manah, Pitutur kanggo manten anyar. Kang aran MoLimo iki yoiku : Mlumah,murep,modot,mlebu,metu'.

Mugi saget barokah dados anak engkang soleh lan solehah...