Jumat, 01 Juni 2012

Entuk Kok

Terminal Seloaji 08.15 WIB

Bis Restu lagek ngliwati pintu keluar,

"Mas arep nyandi?" kernete takon
"Suroboyo" jawabku
"Ayo numpak kene...bis Suroboyo iki" kernet bis ngajak numpak
"Enggak ah,ngenteni mburi ae" semaurku
"Loh ase iki mas, penak" kernete lekas mbujuk
"Pileh seng gak ase ae aku" jawabku clinguk'an nyawang Bis Jaya seng lagek metu ko terminal
"Tarif biasa kok,ayo...." tambah umuk kernet iki
"Tak numpak bis mburi kae aku, ase adem" aku ngeyel
"Mburi gak ase iku, sumuk, gerah lo..." semangat tenan mbujuk aku kernet iki,koyo gak enek penumpang liyane ae.
"Cendelone knek dibukak kok, yo gak sumuklah" aku yo semangat ngeyel.
"Gak ase iku gak nyaman, bulek rokok tok" urung menyerah ki kernet
"Lha neng njero bis mu iki opo gak oleh ngrokok?" aku takon
"Yo enggak oleh lah, ase kok, bebas polusi ayolah numpak kne ae" kernet teladan tenan iki sajak'e bangga ngerneti bis ase
"Lha justru itu aku moh numpak bis iki..." Sampoerna kretekku tak dudut sak uthil banjur tak sumet, bul...bul..., kernete putus asa, gedek-gedek ngaleh....

Terminal Seloaji 08.25 WIB

Bis Jaya liwat ngarepku,

"Boyo...boyo...boyo...." kernete bengok-bengok, kopi susuku tak sruput tandas banjur mencolot mlebu bis iku, langsung lungguh mburine sopir.
"Suroboyo mbak?" Ing njobo kernete nakoni mbak yang cantik seng sajak'e ora pengen numpak bis iki
"Ayolah mbak....meskipun minggu tarif normal kok" Si Kernet lekas ngetokne jurus.tapi sajak'e Mbak yang cantik ogah-ogahan.
"Kursine akeh seng kosong kok, longgar lo..." Mbak yang cantik urung terbujuk
"Bis Suroboyo mburi sek sui lo jam rolas lagek budal kae, ayo numpak kene ae, kesel ngenteni sampean engko" Si Kernet wani-wanine ngapusi juga ternyata. Mbak yang cantik mulai kepangan omongane kernet.
"Ayo to... taripe wes murah yo entuk mangan juga lo mbak"

Akhire Mbak yang cantik gelem numpak,sajak'e terbujuk mangan gratis mbak iki.

Jombang 12.00 WIB

Mbak yang cantik seng lungguh sandingku takon kernet,
"Pak jare entuk mangan, kapan iki aku entuk mangan?" Ternyata seperti dugaanku, polos tenan Mbak yang cantik iki. aku wes ora iso ngempet ngguyu.
"Loh sejak tadi sampean numpak iku wes entuk kok mbak, arep mangan opo ngombe opo bubuk entuk kok, gak ono seng ngelarang" jawab Si Kernet koyo ra ndue duso kae.

Mbak yang cantik mung iso mrengut mergo kapusan, rejeki sakjane disanding Mbak yang cantik, tapi aku pindah kursi nyang mburi dewe mergo ra betah kudu ngrokok, ing mburi Sampoernaku tak sumet njur aku takon Si Kernet,

"Mangan ae entuk, nek rokok yo entuk to pak?" Si kernet malah ngguyu kepingkel-pingkel...
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

8 engkang sampun komentar:

  1. melu stand up komedi wae mas.... :D

    BalasHapus
  2. ancen polos tenannnnn hhahaha

    BalasHapus
  3. Nek "Entuk Mangan" memang kata2ne ra pati cetho lan iso gawe salah pangerten

    Tapi nej "Entuk Ngrokok" pastinya maknane ora bercabang

    Entuk Ngrokok bedo karo "Entuk Rokok"

    BalasHapus
  4. Entuk ngising ra cak...jare no toilete barang hehe...Jawa Timuran cuk...

    BalasHapus
  5. WONG NDESO ARANG NYANG KUTHO
    Tanah dasar wong ndeso masuk kuto Jakarta sepisanan yo koyo wong linglung, clingak clinguk nggumun ndelok gedung bertingkat. Opo meneh nek weruh mbak sing ayu ayu putih neng mol yg orang sebut encik utowo singkek wedok.
    Muter muter neng mol nganti luwe arek njajan uange paspasan. Jangankan ngilrik restoran warung padang wae ra wani, akhire yo Warteg (warunge wong tegal).
    Neng ndeso nek mangan karek mbengok “Mbok mangan” neng mejo mangan yow is siap, tapi neng Jakarta ndadak golek dewe turut warung. Iki critane aku mlebu warteg sek dewe (pertama kali)
    “Mbak makan..!” lagak e nganggo basa Indonesia barang, koyo wis suwe tinggal neng Jkt Jawabe bakule “ Makan apa Mas..?” aku ndemek etalase koco sing njerone ono aneka macam lawuh, tak sentuh koco sing njero isine endog asin, “Ini saja Mbak” Jawabku Lhakok metu Sego putih skaro endog asin. Ternyata luwih canggih tinimbang Hape layar sentuh, nek hape disentuh paling yo mung ganti tulisan utowo metu gambar. Lha iki disentuh malah metu asli (kenyataan) Hebat ternyata wong tegal ki.. pikirku nggumun.

    sing kedua yo ngono meneh...
    “Mbak makan..!” lagak e nganggo basa Indonesia barang, koyo wis suwe tinggal neng Jkt
    Jawabe bakule “ Makan apa Mas..?”
    “Telor” Jawab ku
    “Apa lagi mas…?” Si embak yg cantik takon meneh,
    “kering Mbak” Jawab ku meneh…
    “Minumnya apa Mas”
    “Es Teh” Ternyata pas piring diwenehne aku lhakok mung sego putih karo endog thok.. aku banjur takon, “Mbak keringnya mana?”
    “Lha itu kering”
    “Mana ndak ada nok”
    “Mas ini bagai mana sih katanya minta kering” (piker mbak nya kering tanpa sayur)
    “Kering itu lo Mbak… tempe yg dipotong potong terus digoreng”
    “Oalah itu namanya OREK mas”
    Lhawong nek nggonku itu kering pikirku yo rodok isin
    Mari mangan terus nyruput Es Teh
    “Walah kok Pait to Mbak…?”
    “Si Mas iki piye to Katanya minta esteh dikasih es teh masih protes”
    “Kok Ndak manis ya mbak…”
    “Ngomong dong EsTeh Manis…. Lhawong sampean ngomongnya esteh doang, yo tak kasih Es teh tawar”
    Weeee eeeeee……
    Nek neng Njowo ngomong Esteh yo langsung manis….(Pikirku tambah sansoyo isin di ingeti wong akeh)

    BalasHapus