Selasa, 29 November 2011

Ngacarani Ngantenan

Di sebagian pelosok pedesaan sekitar saya, terutama di daerah pelosok Kab. Wonosobo, banyak momen pernikahan itu berlangsung amat sangat sederhana dalam hal acara, walau dalam hal pendanaan sebenarnya juga tidak kecil.  Di situ yang empunya hajat juga 'duwe gawe', tamu-tamu datang kondangan, pengantinnya juga dirias, memanggil juru foto, bahkan dibikinkan dekorasi pelaminan,  tetapi tidak ada acara apapun, juga tidak bisa dikategorikan Standing Party karena hidangannya tidak seperti pada Standing Party umumnya.
Pada hari H itu pengantin dirias, lalu dinikahkan oleh penghulu, kemudian para tetangga dan teman-temannya berdatangan (mereka ini diminta untuk jadi pengombyong), setelah itu pengantin difoto di tempat pelaminan, lalu didoakan oleh seorang sesepuh, kemudian makanan dihidangkan kepada para pengombyong itu, lalu mereka berangkat ke tempat keluarga mempelai pria dengan kendaraan yang telah disediakan. (jadi pengantin didandani hanya untuk difoto).
Saya pernah coba bertanya mengapa hanya demikian saja acaranya, mengapa tidak dengan cara pahargyan seperti yang umum di desa lain. Jawaban yang saya terima waktu itu adalah karena di desa itu tidak ada yang mampu bicara di depan umum, kalaupun ada, katanya, kemampuannya juga tidak sampai kepada jadi MC nganten.
Dari peristiwa tersebut terpikir oleh saya, betapa sayang kalau ada pernikahan yang merupakan momen indah sekali seumur hidup kok dibiarkan berlalu hanya demikian saja, mengapa tak dilaksanakan prosesi upacara yang beneran, tidak hanya sekedar action berpura-pura balang-balangan suruh untuk diambil fotonya, karena itu kemudian saya terinspirasi untuk menulis artikel ini, semoga bisa digunakan untuk memperindah momen sakral tersebut.

 Jika pengantin sudah dinikahkan oleh penghulu, lalu para calon pengombyong sudah berdatangan, maka itulah saatnya untuk memulai acara ini, yaitu upacara dhaup yang dipandu juru sumbaga dan seorang panatacara dan diakhiri dengan doa. Dengan begitu pengantin akan lengkap menjalani prosesi pernikahan, sah menurut agama, sah menurut negara, dan sah pula menurut adat.
Demikian contohnya:

Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Bp _____________ ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan, para kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih, menapadene para pengombyong temanten saking _______________ ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan kawilujengan lan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid, alhamdulillahirobbil'alamin.
Mugi-mugi salwiring gati tansah manggih kawilujengan, rahayu, nirmala, niskala, tebih saking sakathahing reridhu lan panyendhu, kalis ing rubeda.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung miwah putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis. Nuwun inggih ing ngriki kula ngemban dhawuh pangandikan panjenenganipun Bp/Ibu __(pemangkugati)__, kajibah ndherekaken lampahing adicara ing wekdal menika, adicara dhaupipun mbak ________________ ingkang kaakid-nikahaken kaliyan mas _______________ putra panjenenganipun Bp/Ibu______________ ingkang pidalem ing ______________.

Anamung saderengipun, nglenggana bilih kula namung boboting tiyang jugul ingkang cubluk ambalilu, kothong ing seserepan, miwah asor ing samukawis, pramila kirang jangkeping trapsila, menapa dene cupet, cewet atur kula ing mangke, ingkang mboten saged adamel suka renaning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung miwah putri.
Ingkang sepisan ing ngriki kula minangkani Bp/Ibu ____(pemangkugati)____ gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau enjing, nuwun inggih dinten __________ nyarengi surya kaping _____________ titiwanci tabuh ______________ wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi manggih wilujeng mboten manggih alangan setunggal menapa.

Kaping kalihipun, Bp/Ibu _____________ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga dhusun ___________ menika, menapadene pambiyantu panjenengan sedaya, ingkang tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ______________ mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu _____________ anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati menika, ananging dhawahipun namung mekaten menika. Pramila saking menika, Bp/Ibu _____________ sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami.
Ewa semanten, tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur panjenengan sedaya mugi keparenga paring paseksen upacara dhauping penganten, saha keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, Bp/Ibu _____________ sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama.
Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging trapsila lan suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agunging pangaksama panjenengan sedaya.

Mekaten para rawuh menggah pamatur kula minangkani Bp/Ibu ____________ gotrah kulawarga. Wonten ingkang cicir, cupet, cewet, menapa dene ingkang kalucut, kula nyuwun agunging pangaksami.

Ing salajengipun kula nyuwun tambahing pangestu, saperlu ndherekaken upacara dhauping penganten, mugi-mugi kanthi berkah pangestu panjenengan sedaya, saged rancag, lancar, mboten manggih alangan setunggal menapa. Allahumma amin.

Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara dhauping penganten menika, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.
===(maos fatihah)===
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Salajengipun, tumapak adicara ingkang salajengipun, nuwun inggih Upacara Panggihing Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu juru rias, sumangga keparenga mratitisaken panggihing putra penganten menika, lan ugi katur mas juru foto, sumangga kapendhet gambaripun.
Para rawuh para pilenggah ingkang pantes sinudarsana, minangka awaling upacara, putra temanten putri samangke badhe kalenggahaken ing sasana rinengga kanthi kabiwardha ungeling Ketawang Sekarteja. Sumangga, nuwun.

===(gendhing Ketawang Sekarteja PLAY, lajeng kacandra)
Binarung swaraning pradangga hangrangin hambabar Ketawang Sekarteja, ana ganda arum mangambar katiyubing samirana manda. Sang mantyasaning pawiwahan ingkang sampun purna hangadi busana hamulas wadana – kawistara mijil saking tepas wangi - kinanthi sang Juru Sumbaga ingkang pinaragan Ibu ___________ manjing madyaning sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon, hanenggih punika ingkang sesilih kusumaning ayu Rara ____________ putri atmajanipun Bp/Ibu ____________.
Lumaksana lengkeeh - lengkeh hamucang kanginan, pindha singa lupa, pangudasmaraning driya ingkang dereng kawijiling lesan: hangrantu praptaning mudha taruna minangka gegantilaning nala.
Hangagem busana ingkang sarwa retna, katon pating galebyar pating pancurat lamun kasaru sunaring sang bagaskara, katingal hangrenggani sasana adi pan yayah kartika hasilih prenah.
Hangagem puspita rinonce, sinampiraken wonten ing pamidhangan kanan, lamun katiyubing samirana manda kongaaaas gandane hangebeki wisma pawiwahan, endah edining busana hamimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamunta cinandra ical sipating janma sawantah pan yayah widadari tumurun.
Tinon saking mandrawa hangenguwung hambabar teja mandamaya. Tan kuciwa memanise - sedheng dedeg piadege, sembada genging salira - sesolahe milangoni - lelewane anuju prana, dhasar karengga ing busana edi, kathik sinumbaga dening asta trampil Juru Paes kang wus kulina - hanenggih Ibu ___________. Kalamun cinandra bebasan, turah warna kurang candra, kurang ukara.
Karengga endahing sasana adi saya katingal sulistya ing warni warnaning putra temanten putri,
Pramila tumuli kanthi trampil kadang juru tedhak sungging hanenggih Mas ___________ saking ____________ Foto Studio, hamendhet gambaripun kinarya pepenget ing salami-lami.
Risang penganten kalenggahaken wonten ing sasana rinengga hangrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.

===(gendhing STOP)

Sagung para rawuh, para adi lenggah ingkang tuhu kinurmatan. Putra temanten putri sampun lenggah anggana raras wonten sasana rinengga.
Pramila saking menika, tumuli adicara kalajengaken adicara ingkang salajengipun, nuwun inggih Praptanipun Putra Temanten Kakung. Ingkang menika katur panjenenganipun para-para ingkang kajibah hangayab Putra Temanten Kakung kula sumanggaaken. Sumangga, Nuwun.

===( Gendhing Lancaran Kebo Giro PLAY, lajeng kacandra )
Binarung swaraning pradangga ingkang hangrangin hangrenggani swasana pahargyan, kawistingal putra temanten kakung jengkar saking wisma palereman, manjing madyaning sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang narpati ing dinten punika?
Wenang den ucapna hanenggih Mas Bagus ______________ putra panjenenganipun ____________ saking _____________.
Dhasar bagus pasuryane, mikolehi piadege, katon lamun bawa leksana bebudene, saupama tamtama, sayekti sembada wiratama prawira jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging papan upacara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.

===(gendhing STOP, penganten siap ing papan upacara)

Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten kakung lan putri sampun samapta wonten papan upacara, pramila sumangga nuwun kula dherekaken ngancik tumapaking prastawa gati, temanten kekalih badhe kawiwaha dhaup kanthi satataning adat Jawi, nuwun inggih upacara Panggih kalajengaken upacara adat. Ingkang menika kula suwun para rawuh para pilenggah keparenga paring berkah pangestu kanthi jumeneng sadanguning Upacara Panggih menika.
Katur dhumateng panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga dalasan para-para ingkang kajibah hanawung kridha ing upacara menika kula sumanggaaken. Sumangga.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng kacandra)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala sri penganten netepi upacara dhaup kanthi upacara Adat Widhi Widana Panggih.
Adat tegesipun tatacara, Widhi Widana tegesipun peparing linangkung saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa.
Dene Panggih werdinipun Pangudi Gambuhing Penggalih.
Sri temanten badhe sarwi ambalang gantal, gantal putri winastanan Gondhang Kasih, dene gantal kakung winastanan Gondhang Tutur.
Gantal dumadi saking suruh ingkang lininting tinangsulan lawe wenang.

== (penganten sarwi ambalang gantal)==
Suruh, sumurupa nganti weruh, suruh, yen dinulu seje lumah lawan kurebe nanging yen ginigit padha rasane, yen sinawang siji kakung siji putri nanging ing batos wus padha sedyane, padha karepe.
Lininting tegesipun nggumolongaken tekad gesang bebrayan, dene tinangsulan lawe wenang tegesipun kaiket ing prasedya luhur.

==(wiji dadi)==
Temanten kakung mecah hantiga, punika pratandha bilih piyambakipun sampun samekta samapta yen ta badhe ngayani, ngayemi lan ngayomi garwanipun.
==(wijik suku)==
Temanten putri hamijiki ampeyanipun temanten kakung, punika minangka pralampita bilih piyambakipun sampun samekta samapta badhe bektos dhateng kakungipun.
Kambang-kambang kumambanging Sekar Triwarna hanenggih mawar, melathi, miwah kanthil, punika minangka pitutur dhateng temanten kekalih, bilih kalamun wasis mawar tembung manis lumantar kedaling lathi, bakal dadya karyatama ingkang anggung kumanthil-kanthil.

==(lantingan)==
Lantingan, penganten putri kajumenengaken jajar ingkang kakung, punika minangka pralambang wontenipun kesetaraan gender, priyantun kakung lan putri punika sejajar ing bebrayanipun.
==(singeb sindur)==
Penganten kekalih siningeban sindur dening ingkang ibu, sindur tegesipun toya kanugrahan, kanthi dhaup penganten kekalih saged kasingeban ing toya kanugrahan nikmating raos ingkang jagad tanpa timbang, ingkang namung wonten ing akrami.
Selendhang sindur linambaraken dening ingkang ibu, tegesipun temanten kekalih mangun bebrayan kanthi linambaran weninging penggalih manebing kalbu, dene ingkang rama minangka cucuking lampah, punika tegesipun supados putra temanten kekalih tansaha tinuntun ing reh kautaman, lan ingkang ibu hangempit saking wingking, punika ateges tiyang sepuh tansah paring jurung pangestu tutwuri handayani.

==(temanten mlebet sasana rinengga)==
Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Temanten wus manjing sasana rinengga kanthi lulus raharja saking sakathahing rubeda.
Sumangga para rawuh para pilenggah kula dherekaken lenggah malih lan matur nuwun.

==(Timbangan)==
Sanggya adilenggah ingkang minulya, punika lah ingkang winastan Timbangan, temanten kekalih kapangku ing jengku, ingkang ibu matur, “awrat pundi Pak ?” Ingkang rama mangsuli “ah, padha wae” , punika minangka pepenget dhateng tiyang sepuh supados mboten mbedak-mbedakaken antawisipun putra lan mantu, sedaya sampun karengkuh putra piyambak.
==(tanceban)==
Tanceban, punika winastan ugi Tandur utawi Wisudan, saking Calon Temanten winisuda dados Temanten.
==(kacar-kucur)==
Kacar-kucur, punika minangka gegambaran bilih ingkang kakung anggadhahi kuwajiban: masrahaken asil guna kaya utawi nafkahipun dhumateng ingkang garwa, lan ingkang garwa kedah saged nyekapaken ing reh sedaya kabetahaning bale wisma, tuwin adamel renaning tiyang sepuhipun.
==(dulangan)==
Dulangan, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kakung putri tetepa setunggal raos ing lair lan batos, jumbuh ing reh sedaya gegayuhanipun.
==(ngunjuk tirta wening)==
Ngunjuk Tirta Wening, punika mujudaken setunggaling kekudangan supados temanten kekalih enggala pinaringan momongan, lan dadosa pepenget menawi ing pasrawungan tansaha kanthi manah ingkang wening tumuju ing kautaman.
==(gendhing STOP)==
Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat sinuba sagunging pakurmatan, kanthi berkah jurung pendonga pangestu panjenengan temanten kekalih sampun purna netepi upacara Panggih lan Krobongan kanthi wilujeng kalis ing sambekala, ingkang menika dhumateng panjenengan kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun sumangga kula dherekaken ngancik adicara ingkang salajengipun inggih punika SUNGKEMAN.

===(gendhing Ketawang Rujit PLAY lajeng kacandra)
Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen, gya jengkar saking palenggahan, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu.
===(penganten sungkem)==
Risang penganten jengkar saking palenggahan, tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh.
Sanadyan lir sinendhal mayang panggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun, sageta lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Gusti Kang Maha Kuwasa.

===(gendhing STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan. Awit saking berkah pangestu panjenengan sedaya, upacara adat widhi widana Panggih, Krobongan lan Sungkeman sampun paripurna. Ingkang menika ateges upacara pawiwahan menika sampun purna, ingkang suwaunipun taksih winastan Putra Calon Temanten menggah satataning adat, sakmenika sampun sampurna dados Putra Temanten, dhumateng panjenengan sedaya kaaturaken agunging panuwun.
Salajengipun katur dhumateng panjenenganipun Bp/Simbah ______________ keparenga paring berkah donganipun, saha dhumateng panjenengan sedaya keparenga paring berkah pengaminanipun. Sumangga.

====( Donga )====

Matur nuwun, salajengipun para kadang kaneman badhe sowan wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu atur pasugatan sawetawis, pramila keparenga panjenengan sedaya hanampi lan angrahabi kanthi mardu mardhikaning penggalih. Dene putra temanten tumuli badhe jumeneng wonten korining pawiwahan saperlu jawat asta nampi 'ucapan selamat' saking para-para ingkang kepareng paring 'ucapan selamat', lan salajengipun badhe samekta samapta bidhal dhateng ____________. Ingkang menika katur dhumateng para kadang ingkang kepareng badhe hangombyong temanten dhateng ____________ kula sumanggaaken, nuwun inggih mangke saksampunipun samya purna angrahabi pasugatan ingkang kaaturaken.

Salajengipun wangsul dhumateng kula sakadang ingkang tinanggenah ndherekaken lampahing adicara menika, nuwun inggih kula pun _____________ minangka pambiwara, lan Ibu ______________ minangka Juru Rias, mbokbilih wonten kekirangan, kalepatan, menapadene keladukipun, saking arah menapa kemawon, ingkang adamel kirang renaning penggalih panjenengan sedaya, mugi keparenga panjenengan hangluberaken ing sih samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.

===(gendhing Ladrang Gleyong PLAY, dhaharan kaladosaken, penganten kajengkaraken dhateng kori wiwahan)===
Jumat, 18 November 2011

Tuhan Maha Kreatif

Selaput dara, dianggap kata saru, mesum, tabu, wagu tidak pantas di perbincangkan, digae judul makalah pun mesthi ditolak mentah-mentah. kabeh iku kan amergo cara berfikirmu wae sing salah. padahal selaput dara iku sakral, barang langka sing hampir tiap uwong mengharapkannya.

Jare Cak Nun "Ide penciptaan selaput dara sungguh luar biasa. Tuhan Mahakreatif. Ia mampu menyimpan konsep yang agung di balik wujud yang begitu sepele dan berbau tak harum. ketika pada suatu malam selaput dara pecah oleh sesuatu yang memang berfungsi untuk memecahkannya, selaput itu tak bisa diganti."

Selaput dara iku dudu serpihan plastik surga, melainkan watese nilai lan tonggak kehidupan, begitu bersahaja tapi mengisyaratkan kemutlakane Sing Maha Pencipta, Sumpah mung Gusti Alloh sing ndueni ide selaput dara, Lha nek mung dokter sing mencoba mengutuhkan kembali kepecahannya ora luweh mung koyo "maling picisan" sing diguyu, sampek kapan maneh awak'e dewe sek tetep mengelabuhi hal yang tidak bisa kita kelabuhi?

Cara berfikirmu ae sing salah, ibarat sepur utekmu iku lokomotif sing dipacu digalakkan menerobos abad mutakhir, tapi masinise adalah seks, sedangkan hati ono ing gerbong paling belakang.

Yen ono kata-kata sing kurang enak diwoco ing njero blog iki ojo njur age-age kesusu ngarani iku saru, utekmulah sing wes gak beres dipenuhi informasi pelajaran lan film saru.

Peli contone, tulisan lan kata-kata "Peli" pasti dianggap saru lan mesum, bukankah iki malah ayat kauniyah sing membuktikan Keagungan Tuhan, bukti keberadaan Tuhan, bukti kekuasaan Tuhan? jarang ono uwong sing berfikir tekan semono, mergo mikirmu ngangge utek tok tidak disertai hati, dosen pembimbing pun mesti langsung menolak yen "Peli" dadi judul skripsi. Iso gak sampean njamin pelimu iso ngaceng? ojo maneh ngacengne peli, nggae jadwal pelimu nguyuh sedino ping piro wae sampean gak iso gitu kok. yen wes kebelet ora knek ditunda, yen ora kudu nguyuh ora knek pelimu tok kon nguyuh. Tuhan Maha Kuasa. Tuhan Maha Kreatif. Sampai kapan maneh terus-terusan mengelabuhi sesuatu yang tidak bisa kita kelabuhi?

Pejoh, saru diucapne amergo sering dianggep sebagai kata-kata pisuhan, "Pejoh" iku kan bahasa jawa, yen bahasa arab lantas dudu pisuhan gitu ya? picik sekali cara berfikirmu, Al-Qur'an wae ora mung pisan pindo ngucapne kata pejoh cek salah sijine Surat Al-Mukminun ayat 14, Al-Qur'an ora misoh, iku dudu kata saru tapi iku ngelmu nda... "Pejoh" dianggep saru kotor tabu tidak pantas diperbincangkan dan diucapkan, padahal yen gak ono pejoh sampean yo gak bakalan ono koyo saiki iki. iku hakekate awakmu, asal mulane bahan lan proses penciptaan awakmu. Begitu Maha Kreatifnya Tuhan dengan ide-idenya sing luar biasa.
Senin, 14 November 2011

Upacara Adat Tali Darma

Umumnya pahargyan pengantin itu dilakukan dua kali, satu kali di tempat mempelai putri, satu kali di tempat mempelai pria. Di tempat pengantin putri selain acara akad nikah juga ada upacara adat Panggih, sedang di tempat mempelai pria disebut pahargyan Ngundhuh Mantu atau Nekaake Nganten dan upacara adatnya disebut upacara adat Tali Darma atau upacara Wisudhan Temanten. Inti upacara ini adalah pernyataan pengakuan orang tua di hadapan orang banyak kepada anaknya untuk membina rumah tangga.
Tentang alat yang dipakai dalam upacara adat Tali Darma adalah :
  1. Sapu kecil untuk gepyokan
  2. Air, biasanya pakai kendi berikut nampan untuk menampung air kucurannya.
  3. Kalung untaian bunga
  4. Keris.
Langkah-langkahnya sbb:
  1. Pengantin dan rombongan masuk ke tempat upacara dengan iringan gendhing Ladrang Wilujeng atau Kebo Giro.
  2. Gendhing ganti Kodhok Ngorek, lalu upacara dimulai dengan Gepyokan, dengan sapu kecil tsb kaki pengantin disapu oleh ibu mempelai pria. Bagian ini biasanya sengaja dihilangkan oleh para juru rias karena dianggap ndeso.
  3. Ibu mempelai pria kemudian membasuh kaki pengantin dengan air, biasanya dengan cara mengucurkan air dari kendi di atas nampan yang disediakan atau mungkin pula pakai alat yang lain. Bagian ini kadang juga ditiadakan dengan alasan tertentu.
  4. Kemudian pengantin diberi minum air putih, bapak ibu yang pegang gelasnya.
  5. Sang bapak kemudian mengalungkan kalung pengantin yang biasanya berupa untaian bunga kepada mempelai pria. Bagian ini kadang diganti dengan sinduran, yaitu pengantin dipakaikan kain dengan motif tertentu di punggungnya, satu kain untuk kedua mempelai.
  6. Kemudian sang bapak memakaikan keris kepada mempelai pria, jika dari sananya sudah pakai keris maka saat itu diganti. Bagian ini juga kadang ditiadakan karena pakaian yang dikenakan pengantin bukan pakaian adat Jawa sehingga tidak memungkinkan pakai keris.
  7. Setelah selesai kemudian mereka naik ke sasana rinengga, bapak ibu (serta bapak ibu besan) kemudian duduk di tempat yang disediakan, saat itu gendhing dilanjutkan gendhing yang cocok untuk sungkeman, misalnya Ketawang Rujit.
  8. Pengantin sungkem kepada bapak ibu, (bapak ibu mempelai pria lebih dahulu).
  9. Biasanya kemudian diambil fotonya dengan berbagai variasi.
  10. Pengantin lalu didudukkan di singgasana dan dikipasi oleh kedua patah.
  11. Selesai, gendhing distop, berlanjut ke acara berikutnya.
 Berikut ini contoh panatacara membawakannya, (mungkin perlu disesuaikan dengan melewati atau merubah bagian tertentu).
========================
Salajengipun, ndungkap adicara ingkang urut angka 2, nuwun inggih Upacara Wisudhan Putra Temanten. Ingkang menika, katur panjenenganipun Ibu Juru Sumbaga, sumangga keparenga mratitisaken upacara menika.
Para rawuh para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, upacara menika samangke badhe kabiwardha ungeling gendhing2 Boyong Penganten, sumangga, nuwun.


==(gendhing Ladrang Wilujeng PLAY, penganten saking sasana busana mlampah mlebet sasana pawiwahan lajeng dijantur)==

Lamat-lamat katon tejane, saya sumunar cahyane, lah punika ta tejane sang anyar katon ingkang nembe manjing sasana pawiwahan.
Sinten ta sambating wewangi sang anyar katon?
Punika lah temanten sarimbit Sang Abagus …………. kalawan Rara Ayu …………. ingkang kawiwaha ing dinten pinilih kang katiti mangsa surya --11 November 2011 .
Kasilir ing samirana kongaaas gandane hangebegi wisma pawiwahan.
Tata tumata lumaksana kanthi kebak ing trapsila,
Ing ngajeng patah sakembaran ingkang katindakaken anak ayu ……….. dalah rara ayu …………,
nunten lampahing sri penganten sekaliyan ingkang datan kendhat gegandhengan asta..
Kinanthi Ibu Juru Sumbaga, hanenggih Ibu ..................
Manjing madyaning sasana pawiwahan ngarsane para pilenggah, para tamu tuwin para kadang, kang samya tulus asih asung pambageharja mring praptane Sang Narpati sehari.

==(dumugi papan upacara kendel sekedhap, gendhing Ladrang Wilujeng STOP)==

Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan. Putra temanten sarimbit sampun samapta wonten papan upacara, pramila tumuli ngancik tumapaking prastawa gati, nuwun inggih Upacara Wisudhan Temanten ingkang limrah kawastanan Upacara Tali Darma, binarung canthoka munya munggwing warih ing wayah sore.

==(gendhing Kodhok Ngorek PLAY lajeng njantur)==

Wus dumugi wahyaning mangsakala prastawa gati sri temanten sarimbit hanetepi upacara adat Tali Darma, nuwun inggih upacara Wisudhan Temanten.
(Gepyokan)
punika lah ingkang winastan Gepyokan, ingkang ibu hangicalaken sukerta, sesiku menapa dene reridhu ingkang mbok bilih nempel rikala penganten wiwit saking ..................... dumugi .............., kados sawan upaminipun.
(Wijik Suku)
kanthi wijik suku mugi-mugi temanten kekalih tuhu resik saking sukerta datan ana kang keri.
(Ngunjuk tirta wening)
Temanten pinaringan unjukan tirta wening, kanthi menika kaajab mugi-mugi, penganten kekalih tansaha kagungan manah ingkang wening, manah ingkang tansah tumuju dhateng kautaman, manah ingkang tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah mring Gusti Ingkang Maha Wikan.
(Ngagemaken sangsangan)
Ingkang rama hangagemaken sangsangan, punika mratandhani bilih tiyang sepuh sampun paring idi lan pangestu anggenipun penganten sarimbit badhe hamangun bale wisma.
(Ngagemaken dhuwung)
Salajengipun ingkang rama hangagemaken dhuwung, punika minangka sipat kandel utawi kapitadosan, nuwun inggih tiyang sepuh sampun pitados, bilih sakmenika Mas Bagus ....................... menika sampun ndungkap dhiwasa utawi mboten lare malih, ingkang ateges sampun saged ngrengga tanggel jawab bale wisma.

==(penganten mlebet sasana rinengga, gendhing Kodhok Ngorek STOP gantos Ketawang Rujit PLAY terus njantur)==

Ing mangke risang penganten sarimbit, dupi uninga para pepundhen catur cacahipun, daya-daya hangaturaken sungkem mring rama ibu, kairing puja-puji rahayu..........
===(penganten sungkem)==
Risang penganten tumuli anjengku tumungkul amarikelu yayah konjem ing pratiwi. Tangkeping asta sumembah ing jengku rama-ibu, sinartan eninging cipta rumasuk telenging kalbu, nyuwun pangestu cumadhong rumentahing sih pudyastuti.........
Penganten enget bilih ingkang rama punika kang wus sembada ngukir jiwa raga miwah dadya lantaraning tumuwuh. Enget bilih ingkang ibu wus kawawa dadya lantaraning yogabrata salebeting sangang wulan sedasa ari. Enget yen wus digegadhang kanthi kebak ing raos asih, bisaa mikul dhuwur mendhem jero asmaning asepuh............
Sanadyan lir sinendhal mayang penggalihipun rama-ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, jroning galih tansah mawantu-wantu paringipun puji pendonga, mugi risang penganten sarimbit tansah panggih cepaka mulya sawakul-wakul gedhene. Liripun sageda lestari pinesthining jodho, atut runtut bagya mulya, cinaket ing nugraha, tebih ing gora godha lan rencana, tansah sembada kang sinedya, tansah linuberan sihing Kang Maha Kuwasa.....
===(penganten kalenggahaken)===
Wus purna putra temanten kekalih hanetepi upacara, pramila tumuli kalenggahaken ing sasana pinajang, hanyenyadhang berkah lan pendonga para pilenggah tuwin para tamu minulya.
==(gendhing STOP, padatanipun juru foto lajeng sibuk mendhet gambaripun)==

Sanggya adilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kanthi berkah pangestu panjenengan sedaya upacara wisudhan temanten sampun paripurna, pramila sumangga kula dherekaken tumapak adicara ingkang urut angka 3, inggih menika ...................................


*) binarung canthoka munya munggwing warih ing wayah sore artinya: 'bersamaan kodok berbunyi di air saat senja' adalah sasmita pemutaran gendhing Kodhok Ngorek.
Jumat, 11 November 2011

Menerobos Lampu Merah

Mergo kesusu selak kebelet ngiseng Parmin numpak sepeda montor ono ing lampu merah tengok kanan-kiri, lampu merah pun di terobos, jarak 10 meter setelah lampu merah, "Priiiiiittt...." Sempritane Pak Polisi ngagetne Parmin gendandapan. Pak Polisi keluar dari balik semak-semak menghadang parmin trus takon,"Selamat pagi mas, Apa tadi anda tidak ngeliat kalo lampu masih merah?"

"Ngeliat sih pak, tau saya kalo lampunya merah," Jawab parmin digae santai, asline ndredek campur ngempet kebelet ngiseng.

"Lha kalo tau lampu merah kenapa tetap jalan menerobos lampu merah?"

"Saya tau lampunya merah, tapi saya ndak tau kalo bapak polisi sembunyi disitu, kalo tau ada Pak Polisi ya ndak saya teroboslah pak..."

Parah tenan bocah iki, di lain waktu Parmin mbecak, pekerjaan rutine, lagi-lagi di lampu merah Parmin tengok kanan-kiri Pak Polisi gak ono neng persembunyiane. Parmin menerobos lampu merah maneh kesusu dikejar setoran, ujug-ujug ono mobil meh nyrempet Parmin, Sopir pun misui Parmin," Bocah Guoblok....Genah lampu merah kok ora mandek ki peye to, tak tabrak bodiyar cocotmu".

Parmin njawab nyantei,"Kalo ndak Goblok ndak jadi tukang becak pak saya, kalo ndak goblok saya jadi mentri pak."
Selasa, 08 November 2011

Gonjang Ganjinging Bumi

Nalinake bawono gonjang ganjing.
Siti kebak tirto kang mbanjiri.
Yen bumi molak malek arep gocek'an opo?
Yen bumine roto dadi opo?

Klik tahan geser=>Maksute bawono yoiku dunia, dunia para petani, gonjang ganjing mergo wis wayae nggarap sawah arep nandur pari, bingung rego rabuk larang rego wineh melejit.

Siti yoiku lemah, tirto kang mbanjiri yoiku mengairi sawah "Leb", petani mumet mergo urung udan solar mahal ngge ngempakne sumur disel.

Bumi molak malek yoiku naliko mluku, nlaktor sawah mongko kudu gocek'an singkal.

Bumi roto, diroto ngangge garu siap ditanduri.