Jumat, 03 Juni 2011

ATUR PAMBAGYA SADRANAN

Biasanya setiap bulan Ruwah ada adat sadranan, yaitu orang-orang berkumpul di makam untuk baca tahlilan dalam rangka memperingati para leluhur. Beberapa hari sebelumnya biasanya diumumkan pada khalayak ramai, salah satunya lewat pengumuman di masjid saat akan Jum'atan. Misalnya begini:

Assalamualaikum wr.wb
Nyuwun pangapunten, keparenga kula mambeng sumela atur dhumateng para jamaah Jum'at samudayanipun saderengipun khutbah kawiwitan, nuwun inggih minangkani talang aturipun para kadang panitia sadranan Dekahan ...................... (makam ...........). Ngaturi priksa bilih mbenjang dinten ............ menika, kaleres wekdalipun sadranan Dekahan .................. (makam .............). Ingkang menika dhumateng para jamaah samudayanipun kasuwun rawuhipun wonten makam ............. Dene wekdalipun jam ..... Kula ambali malih, ngaturi priksa dhumateng para jamaah Jum'at samudayanipun, bilih mbenjang dinten ............ menika, kaleres wekdalipun sadranan Dekahan .................... (makam .............). Ingkang menika dhumateng para jamaah samudayanipun kasuwun rawuhipun wonten makam ............. Dene wekdalipun jam ..... Mekaten, mugi dados pamriksa, matur nuwun atas kawigatosanipun, lan sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr.wb

Kemudian pada hari yang telah ditentukan tsb, setelah orang-orang berkumpul, sebelum tahlilan diadakan pidato singkat oleh panitia, contohnya begini:

Assalamualaikum wr.wb

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha para pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun ......................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ngalim para 'ulama, para kyai lan para ustadz, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bp Lurah dalah para Perangkat Desa, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ing tlatah ........................ ingkang tuhu pantes sinudarsana. Sumawana sedaya para rawuh, sepuh miwah anem, ingkang tansah cinaket ing manah tuwin winantu ing bagya mulya, sugeng rawuh, wilujeng enjing/siang lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten ing menika papan, saperlu ndherek adicara sadranan, kanthi manggih karaharjan tuwin kawilujengan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid alhamdulillahirobbil'alamin. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh ingkang tuhu dhahat kinurmatan, kula ing ngriki minangka talanging atur para kadang panitia sadranan makam .............., langkung-langkung minangkani para kadang panitia sadranan ingkang saking Dekahan ............, keparenga nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken wigatosing gati wontenipun adicara sadranan menika.

Ingkang sepisan, para kadang panitia sadranan ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya, awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih saha nglonggaraken wekdal, saperlu rawuh wonten ing makam menika. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika kalebetna ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan sangking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Wondene menggah hajat tujuanipun panjenengan sedaya karawuhaken ing Makam ................ menika, mboten sanes kejawi badhe pun suwuni pambiyantunipun, arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan Al Quran menapa dene kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamujining para ahli waris, para putra wayah, minangka birrul walidain, bektos dhateng tiyang sepuh, emut lan bektos dhateng para leluhur, sahengga mugi-mugi, para arwah ahli makam ............ menika mirungganipun, lan sumrambahipun dhumateng para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan ingkang sae saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil samangke badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp ..............

Kaping kalihipun, mangke, saksampunipun adicara sadranan wonten makam menika, para rawuh samudayanipun kasuwun pinarak wonten ..............., awit para kadang panitia badhe atur pasugatan sawetawis, nuwun inggih wonten .................... , ...................

Salajengipun, mbokbilih para kadang panitia sadranan makam .............. menika wonten kekirangan saha kalepatanipun, langkung-langkung para kadang panitia ingkang saking Dekahan ............, mbok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kirang adamel renaning penggalih, menapadene anggenipun atur pasugatan ing mangke kirang mahanani, para kadang panitia sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Dene ingkang pungkasan, ngaturaken pamriksa:
mbok bilih tanpa pambeng insyaAllah dinten ......... ngajeng sadranan dhumawah wonten ing .................., dene wekdalipun kados padatan jam .....

Minangka pepuntoning atur, wangsul dhumateng pribadhi kula, mbokbilih anggenipun matur lan ndherekaken adicara sadranan menika wonten kekirangan saha kalepatanipun, kula tansah tumadhah nyuwun rumentahing sih samodra pangaksami,
akhirulkalam billahittaufiq walhidayah, wassalamua'alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun Bp ............... kasumanggaaken, nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar