Rabu, 18 Mei 2011

Atur Pambagya Kenduren

Salah satu adat-istiadat di kampung adalah kenduri atau kenduren. Di kampung saya biasanya acaranya tahlilan untuk mendoakan orang yang telah meninggal, bisa 40 hari sejak meninggalnya, 100 harinya, 1000 harinya, dan yang paling umum adalah khaul (dibaca khol). Masyarakat sekitar diundang untuk bersama-sama baca tahlilan. Sebelum dimulai tentu saja harus ada yang berpidato singkat untuk menjelaskan maksud dan tujuan acara tersebut. Pidato ini merupakan atur pambagya kenduren atau ngacarani tahlilan. Contohnya begini :

Assalamualaikum wr.wb
( ayat )

Dhumateng panjenenganipun para sepuh, pinisepuh, para sesepuh, ingkang kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun ......................, .......................... ingkang tuhu kinurmatan. Para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang tuhu pantes sinudarsana. Sugeng rawuh, wilujeng dalu lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin, mangga kula panjenengan ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “alhamdulillahirobbil'alamin.”
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh para lenggah ingkang tuhu kinurmatan, kula ing ngriki minangka talanging atur Bp/Ibu ............................ sakulawarga, keparenga nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis saperlu ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwaning atur, Bp/Ibu ................................... sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging panuwun dhumateng panjenengan sedaya awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih haminaaken wanci saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun.
Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal soleh ingkang pikantuk piwales kesaenan saking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Allahumma amin.

Wondene menggah hajat tujuanipun Bp/Ibu .......................... ngrawuhaken panjenengan sedaya mboten sanes kejawi badhe pun suwuni bantuan arupi ndherek-ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bp/Ibu .............................. ingkang sampun sumare, nuwun inggih:
1....................................... 2........................................ 3.................................
sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah mukminin-mukminat muslimin muslimat samudayanipun, pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, lan pinaringan papan kesaenan saha kanikmatan saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenanipun. Allahumma amin.
Dene minangka imam tahlil badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun ............................................

Ananging sanget ndadosaken kuciwaning manah, dene Bp/Ibu ..................................... sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya mboten saged atur papan pilenggahan ingkang sarwa sekeca, menapa dene pasugatan samangke ingkang sarwa kirang mahanani, pramila Bp/Ibu ......................... sakulawarga sanget anggenipun nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama panjenengan sedaya.

Dene kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur lan sowan wonten kalepatan, kekirangan, saha keladukipun, kula tansah tumadhah nyuwun rumentahing sih samodra pangaksami.
Ing wasana, billahittaufiq walhidayah, wassalamua'alaikum wr.wb.

Katur dhumateng panjenenganipun ...................................... kula sumanggaaken, nuwun.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

0 engkang sampun komentar:

Posting Komentar