Para tamu kakung miwah putri ingkang tansah winantu ing karahayon.
Nuwun, ngaturi uninga bilih Bp _____(pemangkugati)_________ sakulawangsa ngambali sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa upami, awit dene panjenengan sedaya sampun kepareng rawuh paring berkah pangestu dhateng putra temanten kekalih, nuwun inggih ____(temanten kakung)________ lan ______(temanten putri)_____ ing wiwawahan jumeneng wekdal punika. Saksampunipun paring berkah pangestu kanthi jawat asta saha paring pangandika, ing salajengipun kersaa para tamu angrahabi lan angresepi pasugatan prasaja kanthi mardu mardikaning penggalih, inggih punika kanthi cara prasmanan ing papan ingkang sampun kasamektakaken. Sumangga, nuwun.
===================
Para tamu kakung miwah putri ingkang sinudarsana.
Bp ____(pemangkugati)________ sakulawarga saestu bombong bingah ing manah, pramila sanget-sanget anggenipun ngaturaken agenging panuwun dhumateng para tamu kakung putri ingkang sampun kersa rawuh saha paring berkah pangestu ing wiwahan punika. Saksampunipun angrahabi lan angresepi pasugatan ingkang sarwi prasaja, saha wawan pangandikan kaliyan para kadang karuh, menawi kapenggalih cekap, saha ngersakaken kondur, kawula sedaya namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi tansah winantua ing karahayon. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Keterangan
Pawiwahan Jumeneng (=standing party) biasanya tak ada upacara apa-apa, hanya tamu-tamu yang silih ganti berdatangan, karena itu kata-kata MCnya juga hanya itu-itu saja, tetapi justru lebih melelahkan karena bisa jadi seharian tak henti-henti mengulang dan mengulang kata-kata. Untuk meringankan tugas biasanya juga ada 'orjen tunggal' atau minimal memutar musik, karenanya perlu juga berimprovisasi dalam hal musik tersebut.
Minggu, 23 Januari 2011
Related Posts
Upacara PANGGIH
Para rawuh para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Putra temanten kakung sampun samapta wonten papan upacara, pramila ...Pasrah Tampi Toya Perwitosari
Pada pernikahan adat Jawa yang lengkap biasanya ada prosesi siraman, calon mempelai putri dimandikan dengan air bunga oleh beberapa orang sesuai ...Atur Mukaddimah Akad Nikah
Akad nikah adalah acara inti dalam proses pernikahan. Di kampung umumnya acara akad nikah merupakan acara yang terpisah dari acara resepsi, di sampin ...Panatacara atur wekdal Pasrah Temanten Kakung
Panjenenganipun para tamu, para rawuh kakung sumawana putri ingkang dhahat kinurmatan, minangka adicara ingkang salajengipun inggih menika Atur Pasr ...Atur Panampi Temanten
Pada pahargyan temanten, setelah acara Pasrah Penganten selalu dilanjutkan dengan pidato penerimaan. Pidato ini disebut Panampi. Baik di tempat mempe ...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 engkang sampun komentar:
Posting Komentar
Click to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.