Minggu, 05 September 2010

Sepertiga Akhir Ramadhan

Akhir Romadlon 1431H
Jam 08.00 Waktu Indonesia Bagian Njeblog.

Kyai Segawon mangkat nang sawah mampir warung, ketemu Saleh, tonggone Kyai Segawon sing ora poso lagi ngopi nang warung iku, sok ngalim Kyai Segawon takon,"Sampean ora poso to kang?". Saleh njawab,"Yo poso to Mbah...aku yo wong islam kok". Kyai Segawon takon maneh,"Lha iku kok malah ngopi wis yah mene?". Saleh ora kalah semaur,"Lha piye to Mbah, jaremu mambengi pas kultum, mengakhirkan saur kan entuk pahala to? Lha iki aku yo lagi mengakhirkan saur Lo, hehehe...Sampean dewe nyapo kok nyang warung yen sampean poso?". Kyai Segawon puter kepala,eh puter otak maksude,"Anu leh..anu..aku maeng arep tuku korek ngge ngebong damen nang sawah." Cepet-cepet Kyai Segawon metu ko warung.

Nang ngarep warung ono truk ngusung pasir mandek, ora ngertio sopire ternyata Parmin yo tonggone Kyai Segawon. Kyai Segawon merasa bertanggung jawab atas umate banjur takon "Ora poso to min? arep nyapo kok mampir warung?". enteng wae Parmin njawab."Musafir Mbah...entuk keringanan entuk yen ora poso to mbah?". Kyai Segawon mung gedek-gedek, cepet-cepet ngaleh wis ora betah...

Teko sawah Kyai Segawon ndodok nang pinggir galengan banjur merenung," Ndunyo bener-bener arep kiamat iki, wis akeh umat sing lali marang karo kewajiban, Lali perintahe Gusti kang Kuoso. Ojo maneh diajak perang jihad fi sabilillah ngrewangi sedulur nang palestina, merangi howo nafsune dewe wae wis ora sanggup."

Kyai segawon terus mikirake prihatin kepriye nasibe umat iki mbesok nang akherat, panase geni neroko wes ora sabar bakalan ngobong...opo,geni? ngobong? ujug-ujug Kyai Segawon jenggirat tangi cepet-cepet ngadek lan ngrogoh kantonge, Rokok Surya sak uthil lan korek ditok'ake songko kantonge, banjur diakep ing lambe trus disumet rokok mau, disedot bulek'e lan di tok'ake maneh. ternyata Kyai Segawon ing warung mau cepet-cepet ngaleh mergo wis ora betah arep ngrokok. Nikmate bulek rokok wis nglaleake segawon kang kyai koyo opo panase geni neroko.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

25 engkang sampun komentar:

  1. repost ya kang??? full backlink tentunya...

    BalasHapus
  2. salam sahabat
    wlwh koyok ngunu akhire mas.kyai ne kok sajak,e ra pati piye ngunu..tapi gambarane geni nerokoo seng diomongke yo ono maknane siip tenan mas..kok ga tau mampir blogku wes lali ye mas????

    BalasHapus
  3. Ayo sedot Yai.... hihihi

    MDRCCT.... (lmao)

    BalasHapus
  4. arep muni modar cocote wae dadak di singkat

    BalasHapus
  5. ora betah kuwi maksute udud
    *halah, kyai ne yo wes ruwet pisan*

    BalasHapus
  6. “Selamat Iedul Fitri 1431 H. Mohon ma’af lahir batin. Taqabalallah minna wa minkum”.

    BalasHapus
  7. waaahh g ngerti bahasa jawwwaa =.=

    BalasHapus
  8. guk guk guk guk
    artine neroko jian panas tenan

    BalasHapus
  9. Hartohadi dot com mengucapkan :
    Selamat Iedul Fitri 1 Syawal 1431H, Taqobalallahu minna wa minkum Shiyamana washiyamakum Taqobalallahu Yaa Kariim, Minal Aidin Wal Faidzin ....Mohon maaf lahir dan batin....

    BalasHapus
  10. attayaya dan anak smp
    datang untuk memohon maaf lahir bathin
    atas segala salah baik sengaja maupun tidak sengaja

    Taqobalallahu minna wa minkum,
    Shiyamana washiyamakum
    Taqobalallahu Yaa Kariim

    BalasHapus
  11. Kyaine dodolan sego rawon po kok jenege segawon...

    BalasHapus