Rabu, 29 September 2010

Riyoyo Nang Deso Kaponan




Riyoyo Syawal 1431 h ing Deso Kaponan Mlarak tahun iki bener-bener meriah. Dimulai buka bersama terakhir ing wulan poso nang mejid karo REMASDAR (Remaja masjid Darusholihin) arek-arek cilik wong tuwek, lanang wadon, mangan ambeng limang tumpeng, dilanjut takbir keliling dimeriahkan kembang api kang cemlorot cahyane ing langit wengi malem riyoyo.

Isuk'e bubar sholat id ambengan maneh tambah akeh tumpeng sing teko, tak etung meh enek 50 tumpeng digowo nang mejid nggonaku Masjid Darushsholihin Desa Kaponan. dipangan bareng-bareng tandane bungah atine guyup rukun wargane syukur marang Kang Kuwoso.

Sing paling ditunggu-tunggu lan sing paling meriah yoiku naliko pesta mercon dimulai. meh ono satus mercon disumet dibledosne kanggo memeriahkan riyoyo tahun iki. songko mercon sing cilik dewe kiro-kiro sak gelas gedine, sedengan, lan sing paling gedi dewe kiro-kiro sak cagak listrik gedine disumet nang latar mejid. Perlu diacungi jempol kemeriahan mercon iki nek nggawe dewe kreatifitas pemudane desoku. ora ono mercon tukon.

Bubar nyumet mercon diterusne ngumbulake balon sing dawane limang meter diametere ono 2 meter. Pesta berakhir ditandai balon sing mumbul sampek ilang ora ketoro, uwong-uwong muleh nggowo brekat banjur diterusake acara silaturohmi menyang sanak kadang, poro sedulur lan tonggo teparo.

Saiki karek ndungo wae mugo-mugo ketemu maneh poso lan riyoyo tahun ngarep kang luweh meriah maneh.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

19 engkang sampun komentar:

  1. salam sahabat
    selamat rayanya siukses dan berjalann dengan lancar terbukti mas ngemplok sego dengan pedenya hehehe jadi pingin pulng kampung mas good luck yo

    BalasHapus
  2. poso sewulan ora mangan,riyoyo tumpeng siji ntek,hahahhaaa

    BalasHapus
  3. Hemm inilah suasana pedesaan yang sebenarnya!! dan templatenya sumpah uapik, aku lebih suka iki kang!! bener2 ndesoo

    BalasHapus
  4. Walah.. pas ora iso muleh dino pertama. Ora iso melu murak ambeng...

    BalasHapus
  5. sayange urung entuk back ground sing cocok karo warnane

    BalasHapus
  6. nang nggonaku riyoyone yo semarak buanget, Kang

    BalasHapus
  7. amin, mugo2 tahun ngarep iso ketemu maneh karo riyoyo

    BalasHapus
  8. wah mesti seru ki, enek rentengan mercone :D

    BalasHapus
  9. aku ra iso nyumet mercooooooooon

    BalasHapus
  10. mantap ni artikelnya..sakin mantapnya..sampe-sampe aku gak ngerti..maklum..ane gak tauk bahasanya...xixixixi


    salam kenal aja mbah.....semangat terus ngeblognya...

    BalasHapus
  11. Wah seru ik, wis usum pidio san, ah kalah ki... :D

    BalasHapus
  12. wah,,, ramainya pedesaan..
    manstab bro..

    BalasHapus
  13. Salam kenal....
    wah indah ya suasana di desa itu...
    o...kata-katanya saya agak kurang ngerti...he.he.he..

    BalasHapus
  14. wah asyik tenan ki, jadi kangen dengan kampung halaman
    salam dari kalimantan tengah

    BalasHapus
  15. riyoyone bener2 meriah, mas. jadi pingin ikutan, tapi kok ndak dapat undangan.

    BalasHapus
  16. bathik ijo lek ngemplok tumpeng jan tenanan.....

    BalasHapus