Kamis, 16 September 2010

Ilmu Kebal Panas

Ono salah sawijining ngelmu kang ora kabeh uwong iso ngelakoni. Arane Ilmu Kebal Panas. Sopo sing nguasai ngelmu iki ora bakal mempan diobong. Umpomo kabeh uwong iso ngelmu iki, pemadam kebakaran ora perlu ngangge klambi anti panas.

Asal usul ilmu iki kasebut ing akeh kitab kang masyhur, kitab Al-Qur'an contone jelas nyebutaken yen Nabi Ibrohim ora ngrasak'ake panas naliko di obong dening kaume. Kitab Ramayana nyebutaken yen Anoman ora mempan naliko diobong Dosomuko Rojo Ngalengko.

Ing jaman saiki tahun 2010 wus jarang banget sing iso ngelmu iki, Salah sawijining uwong sing nguasai ilmu iki yoiku kyai Segawon , Piyambak'ipun nate dawuh : "aku kepingin nurunake ilmu iki marang siro kabeh supoyo ilmu iki ora muspro. nanging welingki yen wis iso ngelmu iki ojo digunak'ake kangge kemungkaran."

Sak temene ora angel mempelajari ilmu iki cukup apalno dungane yen wis apal coba dijajal disek, ojo langsung dipraktekne tapi dijajal disek, carane yoiku siapno wedang kopi panas lek perlu banyune umub. yen ora ngangge dungo, kok sebul peng piro wae, sui yen kepingin ndadeake wedang iku adem, tapi yen ngangge dungo iki tak jamin sampe ndungo kopimu langsung adem tanpo disebul. yen wiz berhasil lagek oleh kok praktekne.


dungone yoiki : يا نار كوني بردا وسلاما على إبراهيم

NB:
  • Dungone sengojo ora ditulis ngangge boso jowo perlune supoyo ngelmu iki ora sembarangan di gawe dolanan, mung uwong tertentu sing iso moco dungo iki.
  • Syarate dungo iku di woco peng satus, lagek iso mumpuni
  • Yen ngelmu iki ternyata ora mandi ojo nyalahne sing ndue blog

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

22 engkang sampun komentar:

  1. Ngucapaken sugeng riyadin. menawi enten kelepatan kulo nyuwun sepurane seng katah. :D

    BalasHapus
  2. Hai geni..dadio adem !
    hehehe suwe gak mampir mrene
    minal aidin wal faidin yoo kang

    BalasHapus
  3. salam sahabat
    ehm koyo ngene rasane mas????wes mugo mugo kito sedoyo pinaringan berkah lindungan engkang padang lan adem yo

    BalasHapus
  4. mugi2 kito sedoyo pinaringan rahmat saking kang maha kuasa.
    amin..

    BalasHapus
  5. yo bener bar moco peng satus kopine wes adem jejet...

    BalasHapus
  6. kok mung peng satus?. jarene peng sewu???

    BalasHapus
  7. Ketoke iki podo karo ngelmu soewoeng?? haha

    BalasHapus
  8. ooo kyaine segawon ya kudune elmune elmu asu. lha iki elmune tenanan. :p

    BalasHapus
  9. lha iki podo ngomong opo yo?

    BalasHapus
  10. weh kiai segawon ngetokke ilmune kie

    BalasHapus
  11. NGGUNAKNE ILMUNE SOPO IKU KEK...ilmune nabi ibrohim to..? hahaha

    BalasHapus
  12. weleh sak iki wes maen ilmu2an arep dadi pendekar to kang hehe...

    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  13. Waduh sdkit yg ngerti.. klau gitu mohon maaf lahir bathin aja ya kang. ^^

    BalasHapus
  14. aku malah ra iso moco ki
    tapi njajal nggawe kopi moco : ojo panas
    dibaleni ping satus, saben-saben moco trus nyebul nang kopine. Alhamdulillah ilat ora keslomot :D

    BalasHapus
  15. golek sing kebal dingin.. opo kebal ngelih :D

    BalasHapus
  16. arep nyubo tapi sing ngajari ora tanggung jawab kie piye :D

    BalasHapus
  17. walah ini blog tentang ilmu jowo ya ,, kalo gitu salam kenal ae lah :)

    BalasHapus
  18. Mugo-mugo iso... tak praktekake.

    BalasHapus