Sabtu, 24 Juli 2010

Kaji Koplak

Pak kaji sing wes kadung adol sapi ngge munggah kaji ora ono sing gelem nyeluk pak kaji ngangge gelar kajine, padahal saben dino pak kaji wes ngangge kenthu kaji eh kethu kaji. meskipun pak kaji wes pasang papan nama neng sebelah lawang ngarep ngangge gelar kaji, tetep wae ora ono sing sudi nyeluk pak kaji. eh ternyata sebab musabape ora enek sing gelem nyeluk pak kaji ki ternyata anak'e pak kaji doyan maen judi.

Cah Ndueso tonggone Pak kaji uluk salam marang pak kaji difaseh-fasehne salame ben dikiro ngormati pak kaji. ora ngertio malah dikiro ra ndue dugo " Assalamu'alacium pak kaji...."

Pak kaji njawab salam ora kalah faseh "wa'alaciumen dengkulmu kuwi, uluk salam neng pak kaji ke sing apik to lee......" tuh kan, njaluk diceluk pak kaji, mulane tak celuk pak kaji wae ben marem wonge...

Digawe ngene waelah tulisane percakapanku karo pak kaji ben penak di woco.

Pak Kaji : " Ono opo kok bengak-bengok sajak'e penting yo?"
Cah Ndueso : " Anu pak kaji..."
Pak Kaji : " Anu opo? dijelasne sing genah to, anu ki opo lek ora kok jelasne iso salah paham Lho sing moco blogmu ngko(Loh..) mergo anu ki biasane barang ngono kae lho"

Cah Ndueso : "Anu pak kaji, anak'e sampean maeng maen judi"
Pak Kaji : "Astaghfirullohal'adziiiiiiiiiiiiiiiiiiiim....."
Cah Ndueso : " Tapi menang sepuluh juta..."
Pak Kaji : "Alhamdulillaaaaaaaaaaaaaaaaaaaah...."


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

13 engkang sampun komentar:

  1. salam sabahat
    kawitaaaaannnnn.........
    hehehe......hualah dadi kaji ngunu ta mas...koplak tenan kuwi????

    BalasHapus
  2. akhirnya dadi komentar kedua tenan hehehe....yang kedua ini minta pamit sekalian mboyong kaji koplak gawe unen unen dadi wong kuwi piye ajine hehehe..nyuwun sewu eh kliru nuwun sewu xixixix

    BalasHapus
  3. weleh iki ono² ae to kang...
    aji koplak to emang wedus hehe...
    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  4. pak kajine kokean ngeblog mesti... :D

    BalasHapus
  5. sepuluh juta wae alhamdulillah, lha lek menang sak milyat kongopo kui kajine

    BalasHapus
  6. ha ha ha keceplosan!
    Marhaban ya Ramadhan, mohon maaf lahir dan batin!

    BalasHapus
  7. wakakaka....Kelihatan aslinya!
    Untuk semuanya Marhaban ya Ramadhan, mohon maaf lahir dan batin!

    BalasHapus
  8. maksute kui alhamdullilah duit e menang kenek gawe nyaur utang wingi munggah kaji

    BalasHapus
  9. hhaha, mantep tenan pak kajine..... nhek ono rejeki tetep bersyukur.... :))

    BalasHapus
  10. jiahaha ! hasem ! pak kaji koplak !
    "Astaghfirullohal'adzim" kok dhadhi
    "alhamdulillah" goro-goro duwet .
    wakakakakk

    BalasHapus
  11. wah jan haji rodo koplak nek koyo ngono kui gaweane .....

    BalasHapus
  12. Kuiii...KAJI koplak puooolll...
    Wahahahahaah
    Salam kenal mas,

    BalasHapus