Jumat, 09 April 2010

Pisan Engkas

Pas ndak ndue duit, adiku kok malah merengek-rengek njaluk ditukokne bakso. ora tak tukokne ke kok mesakne. lek tak tukokne ke duit ko ngendi? bingung aku.

Adiku wedok : "ndang to kang, aku tukokno bakso, kepingin banget iki aku, wes sui gak ma'em bakso lo..."

Cah ndueso : "ndak ndue duit lo nduk aku, montor wae gak enek bensine lo... piye lek arep nyang warung tuku bakso? adoh, wegah aku lek mlaku..."

Adiku wedok : "yo gak usah neng warung to kang, bakso ideran wae, diluk ngkas po ra yo gek liwat?"

Cah ndueso : (ngangkat tangan berdo'a dalam hati. "Duh Gusti, mugo-mugo ora enek bakso keliling sing liwat")

5 menit kemudian. dungoku ditolak.

"ting..ting...ting..."

tukang bakso sing biasane liwat ngarep omah krungu ko kadohan nabuh mangkok'e.

Cah ndueso : "Gawat iki, mumpung adiku wedok gak enek, kabur ah....."

Sek lagek mbukak lawang adiku wes nongol

Adiku wedok : "Hayo... arep nyandi we kang? kaelo baksone wes liwat, tukokno yo kang..."

Cah ndueso : (mikir cepet, golek alasan golek akal)

Tapi ndak ketemu-ketemu akal blas iki piye?

ndasku tak kukuri padahal ndak gatel

adiku wedok wes malangkerik, lambene mruengut.

tiba-tiba ujug-ujug, enek lampu empan neng nduwur ndasku, koyo neng abdel dan temon ngono kaelo, artine aku nemu akal.

Cah ndueso : "munine mengkok sing ditabuh bakul bakso kae piye nduk, suarane?"

Adiku wedok : "yo ting...ting....ting... ngono to kang, emang arep piye maneh suarane?

Cah ndueso : "ngene yo nduk, lek suarane mengkok sing di tabuh bakul bakso kae engko muni pisan engkas, njaluk pirang mengkok kowe ngko mesti tak tukokne, piye?"

Adiku wedok : "Oke, janji lo yo kang?"

Cah ndueso : "janji. tapi lek sampek gak muni pisan engkas, aku wegah lo yo nukokne?"

Adiku wedok : "oke, tunggu wae diluk engkas, mesti mengkok'e bakso bakal ditabuh maneh nang bakule."(spaneng ngenteni bakul bakso liwat nabuh mangkok pisan engkas)

Sesaat kemudian.

"ting...ting....ting...."

bakul bakso liwat pas ngarep omahku nabuh mengkok'e banter banget. koyo sengojo ben adiku krungu.

Adiku wedok : "nah....wis muni kae lo kang, hayo piye janjine maeng?"

Cah ndueso : "sek to nduk... aku maeng kan omong, lek muni pisan engkas to?"

Adiku wedok : "lha iyo, iku maeng kan wis muni ngonolo?

Cah ndueso : "walah tenane? emange munine maeng piye?"

Adiku wedok : "ojo pura-pura ndak krungulah kang. lha kae maeng muni ting...ting...ting... ngonolo..."

Cah ndueso : "munine maeng ting....ting..ting... ngono kan? berarti ora muni pisan engkas to? berarti aku ora nukokne kowe bakso yo nduk, lha suarane mengkok maeng ora muni pisan engkas, tapi munine ting...ting....ting...ngono kan?

Wkakakakakaa....


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

57 engkang sampun komentar:

  1. Dipek dewe... ben jegek....

    BalasHapus
  2. Wa ha ha ha ha ..... Lucu3x

    BalasHapus
  3. Wah ane g ngerti sob, ane ikut ketawa aj dh hehe;-)..

    BalasHapus
  4. dasar otak mesum! adine dewe dikerjai...!

    BalasHapus
  5. he,,,
    artine opo,,?
    ane kagak ngeti iki,,

    BalasHapus
  6. kabeh@ ora sah dipikir opo maksute postingan iku,sing komentar yo ye?hahahha

    BalasHapus
  7. walah, yen sing dithuthuk mas njowowetan, mesti unine ora ting3. keke ....

    BalasHapus
  8. tapi "G 4 5 U d" ngono,hahahaaa

    BalasHapus
  9. Ting... Ting... Ting....

    Pisan Engkas: Tuinggggggggggggg

    BalasHapus
  10. wkakakaka....pak mars iso je...

    BalasHapus
  11. izin komen... biarpun aq orak ngerti boso ne sing penting bojoku wong jowo.. lahhhhhh orang nyambung iku... :)


    salam kenal mas cah ndeso

    BalasHapus
  12. lha nak aku dolan ng gonanmu neh mbok tukokne bakso gak kang :D

    BalasHapus
  13. bhasa yg membumi.......

    salam kang..

    BalasHapus
  14. Wahyoe@ tak suguh pindang wedus.aku pindange kowe weduse,hwhwhweeee
    ibel@ trus yang melangit piye kui?

    BalasHapus
  15. delia@ diijinkan,hahahaa ndak usah taren lah..

    BalasHapus
  16. wah jan, kok malah ngono ... critone....

    BalasHapus
  17. ahah..lah kok malah eyel2an karo adine kang
    mbok yo ditukokne melas to kene2 tak tukokne nek ora due duet haha...salam karo adine yo kang hayah..!
    sisan kang barter link yuk men niggali jejak..
    tak comot sek link nya kang..

    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  18. rubi@hehehe raja tega aku hahaha
    bunglon@salam balik ko adiku kang,linkmu wes tak pasang kok.

    BalasHapus
  19. walah ra mudeng mas, ora iso boso jowo heheheh

    BalasHapus
  20. jiah ! adine dewe di akali ! wkwkwk

    BalasHapus
  21. Mampir menyapa... mohon maaf sobat nggak bisa koment, soalnya nggak ngerti.

    BalasHapus
  22. emang berbakat tenan iki sampeyan...

    BalasHapus
  23. wakakakakakakakaka... kakang sing cerdas... hahahahahha

    BalasHapus
  24. seneng kaliyan kalimat 'tiba-tiba ujug-ujug, enek lampu empan neng nduwur ndasku, koyo neng abdel dan temon ngono kaelo, artine aku nemu akal.'
    apik lan kreatip... hihihihihi
    lan mengko yen ora arep nukokna bakso ya trus terang ae kang, mengko adine nesu... heheheheh

    BalasHapus
  25. jgagagaggaa......
    jane yo mesakne seh...
    tapi lha arep piye maneh.....
    adiku sam[ek klesotan nesu....
    hahahhahaaa...

    BalasHapus
  26. Aku nduwe kakang koyo awakmu tak sambel lambemu... :D

    BalasHapus
  27. wadoh....wegak aku lekno ndue adi koyo kowe,heheheeeeeeee

    BalasHapus
  28. byuh getun aku posting iki ...aku disalahne terus je.....kwakakakaa

    BalasHapus
  29. adike wis nduwe pacar pa lom? heheheh

    BalasHapus
  30. ngetok2i lek gus bend rong payu gus....hehehee

    BalasHapus
  31. doh manten tenan wong jowo sitok iki...

    BalasHapus
  32. mumpung sek knek diakali,lek wes gedi kan ndak iso diakali engko....hehheee

    BalasHapus
  33. njowo ra njowo sing penting komen, ahahaha

    BalasHapus
  34. mampir kang..mlaku2 wae
    sementara situasi aman terkendali..
    piye kabare adik e kang hayah...!
    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  35. aku pesen bakso 5 mangkok mas
    ga pedes
    ga pake sendok
    mo thak sruput ae

    BalasHapus
  36. asemik, adine dewe diapusi.....(LOL)

    BalasHapus
  37. wkakakkaa..... ampuuuuuuuuuuuuuun.....

    BalasHapus
  38. sujune ora ngerti maksude.hehehe.....isin aku.....

    BalasHapus
  39. beh2 cah ilik kok di warai elek ke pye to pak de wi...hmmmm

    BalasHapus
  40. kanggo adhi, opo wae kudu diusahake, iku bukti tresna karo adhine dhewe....

    BalasHapus
  41. dasar wong koplak..hwakaka la lek seng pngn bakso marlena pye..? koq tukokne ra..? hwakakakkaa lek iyo aq nunut...hehe

    BalasHapus
  42. Weh-weh, jan kelakuane cah ndeso, ngayelake.

    BalasHapus
  43. Maaf Gan..! Saya baru tahu kalo ada kata Engkas. Soalnya punya temen yg namanya Engkas Kasmaddin.

    Engkas itu artinya apa yah..? Tolong kasih tau saya... :D

    BalasHapus
  44. gen@pisan engkas=sekali lagi

    BalasHapus
  45. sampean bak'e yo pinter ngeles tow kakkkkakkkakkk

    BalasHapus
  46. bubrahe, lek wes pinter genten minteri adine.....wkwkwkwkwkkw

    BalasHapus