Jumat, 16 April 2010

Ibu Kita Kartini

Masak, Macak, Manak. Menikolah takdiripun dados tiyang estri. Ananging Raden Adjeng Kartini utawi engkang leres asmanipun Raden Ajoe Kartini lahir ing Jepara, 21 April 1879. Piyambak'ipun salah setunggalipun pahlawan nasional, tokok wanito lan tokoh pendidikan.

Putri saking Raden Mas Adipati Aryo Sosroningrat, bupati Jepara. Ibunipun gadah asmo M.A. Ngasirah. Piyambak'ipun Mboten setuju kalian perkawis Masak, Macak , Manak meniko kolowau. Milo saking puniko R.A Kartini kondang dados tokoh eman si sapi eh emansipasi wanita. utawi sakmeniko disebut persamaan gender.

Nami "Kartini" puniko dipun pendhet saking tembung "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking bahasa Sangskreta "karto" ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".

Kartini meniko anak pambarep saking 5 sedulur sekandungipun. Namung dumugi yuswo 12 tahun kartini sekolah wonten ing sekolah belanda. salajengipun kartini mboten sekolah maleh amargi sampun dipingit kalian bupati rembang, K.R.M. Adipati Aryo Singgih Djojo Adhiningrat lan resmi nikah 12 November 1903 padahal garwanipun sang bupati sampun tigo.

Poligami menikolah engkang ndadosaken kartini berontak mboten sarujuk, amargi poligami saget ndadosaken rusak lan pasulayanipun anggota keluarga. Persamaan derajat antara priyo lan wanito ugi dados masalah engkang serius dipun bahas dening kartini. sahinggo kartini kondang dados tokoh wanita lan anggadahi boeah pikiran kang mashur wonten bukunipun "Habis gelap terbitlah terang".

13 September 1904 lahir RM Soesalit putronipun. lan mboten dangu sak sampunipun lahir sang putro tepatipun 17 September 1904 yuswo 25 tahun kartini sedo amargi komplikasi sak bibaripun babaran, sakitipun kram perut, ugo wonten engkang crios demam nifas. Panjenangipun dipun makamanken wonten deso Bulu, Kecamatan Bulu, Rembang.

Gallery Kartini :





Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Kartini
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

48 engkang sampun komentar:

  1. Waduh mas, g ngeti ane topik bhasanx. Tp ikut koment aj dh..;-)

    BalasHapus
  2. topik bahasa ndak penting yang penting komennya ,haghaghag,.....

    BalasHapus
  3. liyane perang karo walondo, kok ibu siji iku malah surat-surat an karo londo, piye ta?

    BalasHapus
  4. nganu pak, strategi iku paling,hehehe..

    BalasHapus
  5. Ooooo,,, ngono tox,,, lagek weruh aq...

    BalasHapus
  6. lagek weruk kok dek'ingi iso pesbuakan lo kek, berarti dek wingi yo wes eroh no..

    BalasHapus
  7. malem/wengi,,

    hah, tau nya cuma itu e boso jowone,hiks.
    sorry sobat,,,
    ga ngerti boso jowo,
    manut wae lah,hahaha

    sukses selalu yo..

    BalasHapus
  8. oke bro....udah kesini wae matur tengkiu kok aku....

    BalasHapus
  9. mampir kang..
    wah ibu kita kartini to, puteri indonesia harum namanya...wehe apik tenan iki postinge jowo tenanan,bedo tenan iki blog hehe..
    ngeeh mpon ngoten mawon kang...
    sugeng dalu...

    BalasHapus
  10. wes pagi kene mas..hehehe...

    BalasHapus
  11. aku ra mudeng bahasane mas,, hehe

    BalasHapus
  12. ora masalah.sing penting mudeng lek kudu komen to?heheeh...

    BalasHapus
  13. woh ngunu tw sob ceritane RA kartini, tp lek masalah poligami g dadi masalah lek gelem podo akure po meneh sak omah, penak polzz

    BalasHapus
  14. Ibu Kita Kartini???

    Ibuk-ku jenenge dudu Bu Kartini og Bang....
    Ibuk-ku jenenge Anita Andawiyah! ^^

    BalasHapus
  15. oh, ya, sedhilak maneh meh kartininan. walah, kok ya meh wae lalu, aku, hehe ... dadi kelingan zaman semana.

    BalasHapus
  16. tapi perjuangan Ejeng raden kartini sudah salah diartikan oleh kebanyakkan kaum wanita...sebenarnya hakikat perjuangan kartini adalah membuat wanita tidak bodoh namun bisa memiliki wawasan yang luas dan dibaringi rasa malu yang tinggi,,,,menjunjung tinggi tata krama..inilah hakikat kartini..tapi sekarang? anda lihat, perjuangan kartini disalah artikan...benar bukan?

    BalasHapus
  17. ,untuk mempererat tali persahabatan atas blogger dan untuk sarana silaturahim, saya sudah pasang link blog ini di blogroll "SAHABAT-SAHABAT TERBAIKKU" di sidebar kiri.....tukeran link untuk mempererat persaudaaan atar blogger ...trims...

    BalasHapus
  18. terima kasih....semangat kartini juga semangat kita bersama,....

    BalasHapus
  19. Mugi-mugi semangat kartini saget nuwuhaken rasa wanita tuhu, kang bisaa mikul duwur drajate kaum wanita.

    BalasHapus
  20. lha sedhane mboten di critake kang?

    BalasHapus
  21. soewoeng@umur 12 pak.
    koplak@sedo yuswo 25 thn,pas babaran.
    liane@semangat kartini kek...!!!

    BalasHapus
  22. Dapat tag dan award dari Q sob,,, diambil ya....

    BalasHapus
  23. Brkunjung lg..;-). Ane mw koment ap y? Hehe..lo ane liat ni mengisahkan tentang ibu kartini. Pelopor para ibu..

    BalasHapus
  24. ratasoe@met hari kartini mbak..

    BalasHapus
  25. wah...sok tau tentang karini lo hehe

    BalasHapus
  26. eh..karini..salah tulis..kartini maksute..hehe

    BalasHapus
  27. wah sok tahu lo....
    eh....sok'i tempe ae lah....
    whahahaa...

    BalasHapus
  28. boso jowomu jiyan...mlipis tenan....uisin aku kang....(blush)

    BalasHapus
  29. met jadi kartini ya boz, hehe

    BalasHapus
  30. yang patut diteladani adalah semangat dan pemikiran beliau

    BalasHapus
  31. siji maneh aku nemu blog nganggo boso jowo full, sip, maju terus sastra jawa...

    BalasHapus
  32. ibu kita kartini. maju terus nggih eyang

    BalasHapus
  33. sugeng dhalu kaleh sugeng dinten kartini .
    (walah.. ra tek pinter muni jowo akku)
    ckikikikikk'

    BalasHapus
  34. sugeng kaleh, supeno tigo,susilo sekawan,heheheee

    BalasHapus
  35. haduh ,, aku ra ngerti iki sebenerny..
    wes ra popo sing penting comment.. maklum iki jawa blasteran... hahaahaa ( gak nyambung??? ) wes.. sampun... aku wis comment..

    BalasHapus
  36. tengkiu mbak icha,tapi kok pake anonim mto?

    BalasHapus
  37. sugeng dino kartini sedoyo

    BalasHapus
  38. ibu kita karitini seharusnya patut di contoh teladannya oleh perempuan2 sekarang, tp mungkin hanyalah beberapa ekor aja yang meneladani teladan ibu kta kartini sob

    BalasHapus
  39. mampir kang...
    absen bengi ronda mlm..hehe
    Sukses Slalu!

    BalasHapus
  40. Waseemm ndaaa blogg iki,,,, ngeri Tok bahasane njowo tenan,, tapi nggapleki..
    Nak orak nggaple'i orak blogger Nda,,,
    salam knal ndaa,, aku seko semarang.

    BalasHapus
  41. masak, macak, manak. wah nek iku takdire wong wadon trus lek fb-an kapan?

    BalasHapus