Selasa, 30 Maret 2010

Filsafat Honocoroko Paku Buwono IX

Ajaran filsafat pagesangan Paku Buwono IX adhedhasar aksoro Jawi puniko kados mekaten :


Ho-no-co-ro-ko ateges ono utusan yoiku utusan urip, wujude napas sing kajibah manunggalake jiwo lan rogoning manungso. Maksute ono sing paring kapercayaan, ono sing dipercoyo, lan ono sing dipercoyo kanggo makaryo. Telung perkoro iku ananging Alloh, manungso lan jejibahane manungso (minongko titah).


Do-to-so-wo-lo ateges manungso sawise cinipto nganti tekan saate tinimbalan, ora biso nolak utowo endho opo dene semoyo. Manungso lan samubarange kudu ndherek sendiko dhawuh, nompo sarto nindakake kersane Alloh.

Po-dho-jo-yo-nyo ateges manunggale Dzat Kang Ngcet Lombok(Kholik) karo sing diparingi urip (makhluk). Karepe cocog nunggal batine sing bisa disawang ing sajrone solah bawane adhedhasar kaluhuran lan kautaman. Joyo iku menang, unggul sing sabener-benere, ora mung menang-menangan utawa menang ora sportip.


Mo-go-bo-tho-ngo ateges nompo sakabehing dhedhawuhan sarto larangane Alloh Kang Moho Kuwoso (takwa). Maksude, manungso kudu pasrah, sumarah marang garising diwajibke, senajanto manungso diparingi wenang kanggo ngiradati, budidoyo kanggo nanggulangi. Wusanane, kabeh mung ono panguwasane Alloh
Rabu, 24 Maret 2010

@ n < 0 K

Blontankpoer jenenge, blogger senior sing kebetulan dolan neng ponorogo dalam rangka pengenalan opo pembelajaran opo emboh piye maeng pokok'e tentang blogger ngono lo, acara neng Pondok modern Gontor Ponorogo. Blontankpoer en pren mampir kopdar karo cah blogger warok nang wakoka warung kopi ponorogo sing buka setiap hari kecuali pas tutup. selain ngrembug masalah internet blogging, bolak balek digojloki, pak blontank mung misoh-misoh "satu kata untuk ponorogo" jare pak blontank " @n(0k " aku gak iso ngempet ngguyu,hahaha...dasar koplak. Lek ora koplak ora blogger jare wong klaten iku.

Kok yo sanengalah Dinda Ong iki maeng ulang tahun, Wes sui sakjane kenal blogger cewek iki neng dunia maya tapi urung pernah ketemu, lha kok ketemu pisan wae dipajeki, mesakne nggeeeeeh...... hahaha... dasar cah-cah koplak, aji mumpung dikeluarkan, makan-makan neng joglo manis.

Cah ndueso ra tau-taune ngambah sing jenenge kafe, moro pisan wae diguyu, pesen opo bingung, ndelok menune wae mumet, mboso wes pesen disek dewe malah tekone keri dewe. wes nasib terahno..... biasane mangan sego tiwul kok mangan setik, setik ke daging ngono kae lo nda, uduk setik dram opo setik bilyat. Biasane mangan muluk kok ngangge garpu karo lading.

Yo jenenge wae aku iki cah ndueso diguyu dinyek dilokne opo dipisui po iso nesu.

Yaez gak popo lah sing penting wareg yo kek? hahaha....

Met ulang tahun waelah buat mbak Dinda Ong, Mugo-mugo tambah dowo ....
Sabtu, 13 Maret 2010

Tips Kesehatan

Saran kesehatan saking Propesor Doktor Kadas Pol staf ahli kedokteran salah siji RSJ swasta di Surabaya. Simak'en baek-baek saran iki :

Lek kepingin badan kita sehat, kita dianjurkan menghindari makanan sing mengandung minyak koyo to : Oli, Bensin, Lengo tanah, dan Solar.

Untuk kekebalan badan kita dianjurkan mangan sing atos-atos koyo to : Rel sepur, Ban gilis, buldoser, aspal dan jembatan.

Agar gigi tidak mudah keropos hindari makanan yang panas-panas koyo to : Kenalpot, Kompor, Las dan solder.

Supaya awet muda yo mangano sing bikin kamu awet koyo to : Formalin dan Boraks

Hindari juga ngemil makanan ringan koyo Baut, Mur, Ruji sepeda dan paku

Untuk menambah kecerdasan otak mangan kudu sing mengandung vitamin, baik vitamin TE dan vitamin LEK

Bagi yang masih dalam masa pertumbuhan luweh apik lek memperbanyak makanan sing bermerek koyo to : NPK, Urea, ZA, dan Phonska

Untuk daya tahan tubuh dari serangan kuman bakreti dan virus sebaiknya menkonsumsi minuman koyo baygon, rondap, autan dan Arivo

Agar tubuh selalu fit harus kulino melakukan joging yo minimal setiap pagilah, joging iku lari pagi, mlayu-mlayu pas isuk gono kae lo. moso gak paham to? trus alangkah baeknya lek joging ki neng Jalan Daendels yo paling ora songko anyer sampai panarukan lah.

Wes ngono wae tips kesehatannya, lek tak terusne tambah koplak iki engko.
Rabu, 10 Maret 2010

FB Haram ( Part 2 )

Wis sui MUI mengharamkan FB tapi ternyata ora kok berkurang tapi malah bertambah okeh peminate, Setelah diharamkan oro kok dijauhi tapi malah do penasaran kepengen ngerti tambah kepingin njajal.

Tapi menurutku FB ki bener lek diharamne, aku setuju, sebab FB iki luwih akeh bahayane tinimbang manfaate, luwih bahaya tinimbang ndelok bokep, iso menyebabkan penyakit masyarakat sing angel banget obate.

Wes dadi watak'e menungso semakin dilarang semakin penasaran kepingin njajal, Jare pe'tugel' alias pe'patah', "Lebih baik mencegah dari pada mengobati" Mumpung sampean urung ketularan ojo pisan-pisan njijal mengkonsumsi FB, bagi anda sing wes kadung terjangkit penyakit masyarakat iki, saya saranken cepet2 wae periksa ke dokter. Mesakne tonggone lek ketularan.

Ojo maneh MUI mengharamkan FB, ket jamane Nabi Muhammad FB sebenarnya wes haram lho...

Kemudian eh tetapi enek koncoku sing ngeyel, "Ra usah nglarang-nglarang mas, saben dino kowe dewe yo pesbukan gitu kok?"

Eit....ojo salah paham disek FB sing tak maksud iki uduk Fecebook, tapi FB alias Fantat Babi sing menyebabklan FB alias Flu Babi, hehehe....

Hayo...sopo sing mengkonsumi Fantat Babi siap-siap wae terjangkit Flu Babi. hahaha....
Kamis, 04 Maret 2010

Cristiano Ronaldo Vs Cah Ndueso

Cristiano Ronaldo, Sopo to sing gak kenal pemain sepak bola Tim nasional Portugal sing saiki membela Real Madrid iki? kabek uwong mesthi ngerti keahliane memainkan bola. Percoyo nggak? aku wingi sore ketemu Ronaldo lho, pas iku Ronaldo dolan neng Ponorogo mampir tuku dawet jabung, trus aku kenalan.

Ngerti yen Ronaldo ki pemain sepak bola terkenal gek mumpung ketemu, tak tantang wae Ronaldo main karo aku. Sopo ngerti aku iso menang, aku kan maleh iso terkenal, hehehe... Akhire aku lan Ronaldo metu songko warung golek panggonan sing penak ngge main, disaksikan wong uakeh sing penasaran neng pinggir arena pertandingan.

Awale Cristiano Ronaldo sing asline pemain sayap kanan nyerang aku songko tengah, tak coba menghadang, Ronaldo ganti nyerang songko sayap kiri, aku meh kebobolan, Untung wae pertahananku kuwat. Sui-sui aku yo iso ngimbangi permainane Ronaldo, Aku balek nyerang genti, Ronaldo keteteran. Satu dua loncatan wae aku iso menusuk jantung pertahane Ronaldo, pas Ronaldo lengah Serangan mautku mampu menjebol pertahanan terakhir Ronaldo.

Aku mbengok kegirangan "Skak Mat......!!!!"

Bentengku putih maju sampek baris nomer loro pertahanane rojo ireng, Sterku tak selehne ngarepe rojo ireng pas urute bentengku. Ronaldo kalah, ternyata Ronaldo sing pemain sepak bola terkenal ora patek iso main catur, jgagagagak.....

Nb : Tulisan iki mung Fiktif belaka, kesamaan tokok lokasi dan kejadian memang tak sengojo, paling Ronaldo yo ora bakalan ngerti, upomo ngerti paling yo ra paham, hehehe...
ceritane iki mung guyon tenane ngono opo yo mungkin terjadi? mustahil ketok'e, hehehe...