Ketika mentari pagi menyapaku
kicauan burung menyanyikan lagu merdu
hembuasan angin menerpa wajahku
setapak demi setapak kulangkahkan kaki
kupercepat lari karena hampir sampai
aku pun berteriak
mboooooooooook.........
wes mateng opo urung segone
aku luwe iki lho.....urung sarapan mbok....
Terbungkam mulutku ragu untuk bicara
ketika engkau berdiri menatapku mesra
tak kuasa air mata ini kutahan
tak sabar lagi ingin segera kukatakan
wadaooooooooooooh......
sikelku kok idek iki lho.....
Secantik apapun engkau berdandan
bagiku tak lagi ada artinya
matamu tak lagi pancarkan cinta
langkahmu tak bisa lagi kuiringi
senyummu juga tak lagi seindah dulu
mergo kowoe wes tuwek mbaaaaaah.....
eling.......nyebuto........
putu wes rolas barang kok sek dandan wae.
Aku tau engkau juga mencintainya
tapi ingatlah aku yang lebih dulu memilikinya
tegakah engkau melukai hati kami
akhirnya kuberanikan diriku untuk mengatakan ini
mas....mas.....nyileh korek apine mas.....
uthisku mati iki lho.....
Sejujurnya tak ingin ku tinggalkan dirimu
karena engkau adalah belahan jiwaku
ku tahu kau juga mencintaiku
tapi tak slalu kita harus bersama
relakanlah diriku pergi oh sayangku.....
untuk ke WC sebentar saja
wes kebelet iki lho......
Kutulis puisi ini dengan keyboard di warnet
kuketik ribuan huruf menjadi kata
wes lek moco....ndang cepet........
gek komentar kono.......
Jumat, 19 Februari 2010
Jumat, 12 Februari 2010
Rayuan Gombal Valentine's Day

Seandainya engkau adalah bunga mawar
Aku akan menjadi kumbangnya
Bocah pacaran ngomong ngene iki karepe kan kepingin koyo si kumbang sing saben dino mengunjungi ngambung sang mawar, tapi ojo lali bunga mawar ki nduwe duri yang tajam, lek sampek salah ndi sing diambung iso-iso si kumbang terluka oleh durinya sang mawar. yo elingo, si kumbang ki yo ndue entup, entupe si kumbang gak perlu dibahas, iso-iso blogku iki engko mlebu Lembaga Sensor internet Indonesia. hahaha...
Oh...Kekasihku,
Seandainya engkau adalah rembulan
Aku akan menjadi bintangnya
Karepe cah pacaran kan kepingin koyo bintang sing setia menemani rembulan setiap malam, padahal bintang karo bulan kan ndak tau ketemu yo? opo enak'e pacaran lek gak tau apel? yo ye? Kardene cewek-cewek ki kok yo malah seneng disanjung cantik laksana bulan purnama, padahal bulan opo maneh pas purnama kan raine blontang, belang-belang ora roto yo? hehehe....
Demi cintaku padamu sayang,
Tingginya gunung kan ku daki
Luasnya samudra kan ku sebrangi
Walah...kok ngganceng men to, lek aku yo ora sudi ngene iki. aku nggowo montor 75 wae ora enek cewek sing gelem gonceng kok malah arep modal dengkul munggah gunung mlaku.
Arep kencan wae ora ndue modal kok arep nyebrangi samudra, duite mbahmu ye sing dingge tuku tiket?
Oh...Cintaku,
Seandainya engkau adalah rambut
aku akan menjadi tumonya
Jgagagagak.......
Yo ngene lho rayuan sing bener ke.....
Tumo ki paling seneng manggon nang tengah-tengah rambut, kok rambut siji rontok tenang wae, sek akeh rambut-rambut liyane. Cewek siji minggat tenang wae masih ada ribuan cewek yang laen, hehehe....
Maka berbahagialah para tumo-tumo cinta !
NB : Cah ndueso menerima pesanan cloklat untuk valentine's day hubungi 085731621905. Segala bentuk dan ukuran ataupun nimpal sendiri.
Kamis, 04 Februari 2010
Universitas Kelas Ndueso
Aku melu Lomba Blog Universitas Islam Indonesia, emboh oleh opo ora ngangge boso jowo ngene iki, sing penting tujuanku iki mung ikut berparty si sapi eh berpartisipasi maksudku, hehehe....
Aku dudu mahasiswa tapi senajan aku iki cah ndueso yo ora kepingin ketinggalan informasi. aku ora kuliah, aku sakjane kepingin kuliah tapi lek enek ki mbok yo ora mung biyayane murah tapi gratisan pisan ngono lho. gek mlebune seminggu peng pisan opo peng pindo wae sabtu karo minggu tok ngono. dadi dino-dino liyane aku iso kerjo. akeh wong sing ora mampu koyo aku ngene iki kepingin kuliah tapi ora keturutan, tapi nyapo kok yo akeh wong sing mampu malah ora tenanan lek kuliah yo?
Jare neng luar negri iku ono lho kuliah sing ora mbayar tapi malah dibayar. bener kan? neng indonesia Universitas ngendi sing ngene iki?
Jaman saiki meh ora enek lowongan pekerjaan sing ora mencantumkan syarat pendidikan sarjana. lha terus karyawan TU alias petani utun koyo aku iki kon kerjo opo? moso neng sawaaaaaah wae. WALEH. mas tani koyo aku ora butuh gelar sarjana tapi mas tani tetep wajib menuntut ilmu kan? jare "uthlubil 'ilma minal mahdi ilal lahdi" alias golek'o ilmu sampek kowe mati. dadi aku kepingin kuliah iku ora kok mergo arep golek ijasah, tapi mung arep memenuhi dawuhe kanjeng Rosul golek ngelmu. enek opo ora yo universitas sing gratis tis ora mbayar blas? lek enek aku arep daftar ora oleh ijasah yo ora opo-opo sing penting aku oleh ngelmune poro doktor lan propesor.
Aku pernah ketemu salah sijine pejabat pemerintah ngomong nyang aku ngene "ora usah kulih-kuliahan ritek lek mung arep golek ijasah, kerjo wae saiki sing mempeng, lek wis sugih gampang engko ijasah keno dituku koc?". aku prihatin banget moso koyo ngono iku to watak'e poro pejabat? opo yo kabeh universitas neng indonesia adol ijasah sing keno dituku wong sugih ngono iku yo? tapi yo ono benere kok, lek niate mung golek ijasah ora usah kangelan sinau, tuku wae kan enek universitas sing adol ijasah to?
Universitas Islam Indonesia aku yakin tidak seperti iki kan?
Intine universitas idamane cah ndueso yoiku sing gratisan, ha..ha..ha.....
opo yo enek to kek.....!!!