Sabtu, 05 Desember 2009

MANTU

Istilah jowo kangge wong sing ndue hajat pernikahan. Jare wong tuwek taon iki diarani taon dudo, jare taon sing kurang apik kangge mantu ngrejakne manten. Tapi justru malah akeh wong neng desoku sing mantu, wulan iki wae ono patang omah sing ndue hajat mantenan.

Kasebut dadi sinoman utowo pemuda sing nyokong suksese hajat tuan rumah, aku sampek ora kerjo pirang-piorang ndino, mulane pirang-pirang ndino iki gak tau apdet, mergo gak ndue duit, lha gak kerjo arep oleh duit ko ngendi? maklum blogger blogspot, blogger yang tidak mencari uang di internet tapi malah menghabiskan uang di warnet, hehehe....yo pantes disebut BOKEP alias Blogger Kere Ponorogo.

Tiap ono hajat mantu poro sinoman wajib hadir songko dino pertama sileh-sileh grabah lan nonjok, dino kepindo becek'an, dino ketelu resepsi temu manten, lan dino terakhir uleh-uleh grabah. lek sak hajatan perlu wektu patang ndino, otomatis aku gak kerjo ono 16 dino. sampek jibeg aku lek gak ndue duit ngene iki. tapi yo enek segi positipe sih, cukup menyenangkan iso ngumpul bareng konco-konco sak deso. luwih-luwih oleh mangan wedangan lan rokok gratis, hehehe...

Terutama acara bengi sing biasane diarani lek-lek'an utowo melek sewengi utuh ngge ngramekne acarane wong mantu. biasane diisi kegiatan sing menurut wong sing gak nggenah diarani penyakit masyarakat, tapi menurutku justru malah mempererat kerukunan antar warga dan pemuda.

Sembrek, sanggong, remi lan permainan kertu liane meskipun gak tau diduiti alias gak pernah dingge judi, permainan iki dadi favorit ngge tombo ngantuk. tapi lek aku paling seneng skak, permainan sing iso mencardaskan otak, mulane aku hobi banget lek kon catur, permainane poro jenius.

Organisasi pemuda neng desoku ndue jeneng KKK (K3) singkatan songko Kumpulan Kaponan Kulon. Yoiku kumpulane poro pemuda-pemudi terbaik harapan Desa Kaponan. Lek tak arani pemuda harapan bangsa dan negara terlalu berlebihan, keduwuren. masalah negoro ben dipikir poro mahasiswa sing isone mung demo tapi ora tau enek hasile iku wae.

Akir kata ucapkanlah selamat datang kangge Cah Ndueso neng dunia maya sing meh enek sewulan gak onlen.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

14 engkang sampun komentar:

  1. Aku kok ora entuk tonjokan opo kliwatan???
    Nek ning ndesaku, tonjokane diwadahi jubung, tatakane godong jati...

    BalasHapus
  2. widiih.. terbaeg! lanjutkan maz!

    BalasHapus
  3. tahun opo emboh ra ngurus..penting enek wong mantu trus sembrek..hwakakakaaaa

    BalasHapus
  4. iyo sob aq kek enek tonggo q nduwe hajatan aku yo r kerjo, g penak d undang kon rewang tapi ora moro, tapi yolek misale jibek yo numpak bes wae, gambar kuwi pado karo neng deso ku biasane lek lek2an main kertu, remi utowo domino tapi yo ra gawe duwet.....

    BalasHapus
  5. sing kulonan terbaik no kumpulane !

    BalasHapus
  6. Bajinguk ki malah Remi! jgagagaga

    BalasHapus
  7. lek gak tau onlen ki yo jarang pengunjung ngene iki.....

    BalasHapus
  8. Wis suwe ora mampir mrene, hepi nyu year yo mas....

    BalasHapus
  9. Assalamu'alaikum.........
    Salam kenal..kang.
    wuuuuii...dadi kelingan jaman ndhisik dadi sinoman Siwalan tengah..., Salam kanggo wong kaponan..yo, Yatim,Sarino,Sulur,Rohmat,..Sundarti(mantanku..wkwk)

    BalasHapus
  10. weh weh mantep iki, perlu diconto poro generasi seteruse !

    BalasHapus
  11. Hehe. . , la ku ki gaene merantau terus. , muleh koq d tunjuk kon melu nonjok. ,, bingung kingko nak rep nyerahne tonjokan pye. ,, waraono mas aku. , :-)

    BalasHapus