Kamis, 28 Mei 2009

Setan Merah Kok Ngangge Kaos Putih Yo Ora Medeni no...!



Final Liga Champion 2009 mambengi bener-bener dramatis. Sopo ngiro Manchester United iso kalah 0-2 musuh Barcelona . Sak durunge final digelar aku sing njago Barca wae sempat ragu, ojo-ojo sing menang engko malah MU bayangno to, MU iku 25 pertandingan ning liga champion ora tau kalah, sopo sing ora kenal CR7 alias Cristiano Ronaldo? sopo sing ora nggumun nyang kipere MU Edwin Van Der Sar sing telung wulan Cleen sheat ora tau kebobolan?

Tapi pas pertandingan dimulai aku tetep yakin Barca mesti iso nandingi MU, tepate pas gole Eto'o menit kewolu kabeh sporter Barca sorak-sorak "Soko...r, Kapok Pora Kowe....!" tapi pendukung MU sek setia, trus njawab "Ora popo, lakon biasane menang keri, deloken wae engko, pertandingan belum berakhir."

Ora nyono Ora ngiro justru Messi sing ko awal dijogo ketat malah nambah gol ning menit kepitung puluh. Sporter Mu frustasi "Wis-wis, kipere MU iku kon krudukan sarung wae, kon ngeloni guling, moso mandak nyekel bal siji wae ora iso?"

Emboh Barca sing pinter ngegolne opo kipere MU sing guoblok ora iso nangkep bal, sing jelas final mambengi nggegerne meja perjudian. Meh enek 70% wong sing melu taruhan ndukung Mu mlongo alias gigit jari mergo kalah botohan.

Bal-balan iku uduk film india, lakone mambengi uduk MU sing kalah disek terus menang keri, mergo MU mambengi ngalah disek tapi kalah tenan sampek pertandingan sampe, ora sido menang.

Barcelonalah sing dadi lakone mergo lakon iku akhire mesti menang . Trible winner wis dicekel, prediksiku tepat, selamat Barca, Salut untuk Lionel Messi.

Wis, postinganku cukup smene wae, lek sampean pendukung MU ojo sui-sui lek mu nggetuni.

Nah....lek sampean pendukung Barca, berarti kan sampean menang taruhan, aku mbok yo diajak nang warung. Yoye?

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

17 engkang sampun komentar:

  1. Walah-walah, emyu-emyu, si setan merah mau mbengi ngalah.
    Ngalah opo pancen kalah tho???
    Nganti rak percoyo kik, paling van der sar rak serius mau. Ning seng paling penting yo kuwi, wes nasibe Emyu. Jane aku njago emyu lho, Cr7 lan liya-liyane.

    Yo wes rapo2, selamat barca atas kemenangannya.
    Atase grup seng nduwe jeneng, MU yo ra mung siap menang wae, ning yo kudu siap kalah.
    Ho'o po ra??
    Yo iyo nuh.

    Yo wes, tak tunggu piye komentare konco2 liyane.

    BalasHapus
  2. nb : kang, kok judulmu setan merak tho???
    Konfirmasine ditunggu.
    Suwun

    BalasHapus
  3. jiah.. koplak koplak... aku ra njago sopo sopo kang... ben wae sopo sing kalah opo sopo sing menang.. ara ngurus wes,,,, sing penting melu gunem wae....

    BalasHapus
  4. yoye? ye....

    aku ndukung kabeh.. soale apik kabeh.. tapi sayang seng menang mek siji, ora ono seng menang kabeh.. la piye beh?

    BalasHapus
  5. ojo umung ae ris..mumet iki....nyumbang neng wong ngonmu aq...wis rasah umung ae kwe....

    BalasHapus
  6. jgagagagak...
    posting kesusu amen salah wae tulisane......

    tapi saiki wes merah tenan

    BalasHapus
  7. weleh...weleh, aku ki gek neng arab kok, koyo neng wonogiri ae...tho...
    yo iki sing jenenge paseduluran, ora ngerti wayah, ora ngerti panggonan, ora ngerti asal usule ning isoh bebrayian bareng. sing penting jagoku dik mESSi menang...jagomu sopo mbah...?

    BalasHapus
  8. jagoku iniesta kang...
    bravo BARCA!!!!!!!!!!!

    BalasHapus
  9. Sugeng ndalu... kulo tiyang saking ndusun... nderek tepang nggih...
    Bal-balan kuwi kudu koyo ngono... sok menang ning yo kudu siap nek kalah... MU saiki kalah ning delo'o tahun ngarep mesti MU juarane... rak yo ngono tho...

    BalasHapus
  10. yo ngene iki sing aku seneng, blogging ngaawe boso jowo! tetep semangat bro!

    BalasHapus
  11. Bravo Barca..............

    BalasHapus
  12. yeaahhh akhirnya BARCA juga yang menang kan? aku sih sudah prediksi,, soalnya eneg liat gaya sombongnya Ronaldo.. biar tau rasa! hihihi...

    BalasHapus
  13. wadooooooh,,,,
    kalah jagoku mbah?

    BalasHapus
  14. nek kiro2 pas setan merah nganggo kaos putih trus duel karo timnas indonesia, sopo sing bakalan menang yo?

    bahasane mbingungi rak iki yo? maklum jawa aspal :D

    BalasHapus
  15. tunggu wae tgl 20
    emyu musuh timnas
    palingo timnas engko dihajar 10-0
    yo ye?...alah melu2.ketularan.he...he..

    BalasHapus