Jumat, 08 Mei 2009

Pandowo Limo



Prabu Pandu Dewonoto kasebut dadi ratune Negoro Ngastino kagungan garwo kaleh, garwo sing kepisan putri songko Negoro Manduro sesulih Dewi Kunthi engkang kagungan putro tigo asmane Raden Wijokongko, Raden Brotoseno, lan Raden premadi. Saking garwo sing nomer kaleh putri Negoro Manduroko asmanipun Dewi Madri, Prabu Pandu kagungan putro kembar inggih puniko Raden Pinten lan Raden Tangsen.Dadi, putrane Prabu Pandu iku ono limo kakung kabeh kang hajejuluk Pandhowo.

Sabubare babat alas Wonomarto, Pandhowo ngedekake negoro kang aran Ngamarto Indraprasto, jumeneng dadi ratune yoiku putro pambarep Prabu Pandu Raden Wijokongko hajejuluk Prabu Yudhisthiro yo Prabu Punthodewo utowo Prabu Darmoputro kang masyhur Darmo Kusumo.

Raden Brotoseno kesatriyo tunggal pamenang jejuluk Raden Werkudoro yo Bhimoseno kang masyhur gamane kuku ponconoko. Raden Premadi satriyo ing Madukoro hajejuluk Raden Janoko masyhur kanthi asmo Arjuno. Putro kembar Pandhowo Raden Pinten satriyone Bumiretawu lan Raden Tangsen ing Sawojajar gadah julukan Raden Nakulo lan Raden Sadewo.


Naliko Pandhowo isih cilik, Prabu Pandu sedo, Ngastino dititipake dening Raden Dhestrorestro kang wuto paningale, kapernah kakangipun Prabu Pandu, mbesuk yen Pandhowo sampun dewoso supoyo dijumengake noto ing Ngastino.
Soko rekodayane Aryo Suman ipene Raden Dhestorestro lan garwane yoiku Dewi Gandari, mongko putro pambarep Kurowo kang satus cacahe dijumenengake ratu ing Ngastino hajejuluk Prabu Duryudono ya Prabu Suyudono.

Bareng wes dewoso Pandhowo nagih hak separoning Kerajaan Ngastino, nanging ora dikeparengake dening Kurowo, mulo Pandhowo ora trimo. Ing wusono pecah perang kang aran perang Brotoyudho yoiku perang Mahabharata.


Nah, Mergo dalange wes luwe, ceritane cukup semene wae. Heheheeeee...


Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

23 engkang sampun komentar:

  1. koyo ndelok wayang tenan

    BalasHapus
  2. melestarikan budaya jawa yo kang?

    BalasHapus
  3. luweh seru yen ono gambare pas crito..sipp

    cita2 dadi dalang po kang?

    BalasHapus
  4. wadoh opo meneh iki, kulo ndak ngertosss...

    BalasHapus
  5. hwakakakaka...dasar kampret....

    BalasHapus
  6. Yau Fo Matai Pasi Moro-Moro Maku Sogise....

    BalasHapus
  7. wadauwww bahasa langit..nggak ngerti bundo ^_^

    BalasHapus
  8. nda ngerti juga....hiks..hiks...bikin translatenya
    pakd...pengen ngerti juga soale... :D

    BalasHapus
  9. cuengoh kabeh tibake
    jgagagaggagaak......
    moso bahasane mbah buyut bodo ndak paham yo le....le....

    BalasHapus
  10. kaciaaaaaaan deh lu......
    mulane podo blajaro boso jowo http://djawisedjati.blogspot.com/

    BalasHapus
  11. humm... humm....


    ga ngerti aku :((

    BalasHapus
  12. Waah, pas brontoyudonan malah ngaso dhalange. piye tho;)
    Mas, suk mosting bagian limbuk cangik genti wae,
    Oke!!

    BalasHapus
  13. mas, sak ngertiku "Raden Premadi satriyo ing Madukoro hajejuluk Raden Janoko masyhur kanthi asmo Arjuno".... dudu "Arjuno Sosrobahu"... coba diwaca maneh kitab pewayangane... tenin kuwi!

    BalasHapus
  14. jare buku pepak boso jowo sd kls 3 bener asmane raden arjuno tapi lengkape arjuno sosrobahu.

    BalasHapus
  15. oiyo,arjuno sorobahu enek dewe kek,jamane rah wono iku,tapi wes tak edit kok.cek aja....

    BalasHapus
  16. cah pinter,mg2 tulisanmu ora ngawur

    BalasHapus
  17. wah, piye to iki .. anggone nggunakake basa jawa, nuwun sewu kuwi kleru .. nulis ana, putra, nakula lsp kuwi rak sing bener tanpa taling tarung, tembung : ono, putro, nakulo lsp. .. panulisan sing bener ana, putra, nakula, lsp .. nulis tigo, sadewo lsp sing bener uga tiga, sadewa lsp. .. awit iki kanggone para kadang sing nembe ajar basa mundhak dadi kleru sateruse. .. matru nuwun.

    BalasHapus
  18. halah....gitu aja kok repot,dak usah dipikirkan....
    situs iki memang situs ngawur kok..

    BalasHapus
  19. Wah jowo tenan ki...sip...sip..!

    BalasHapus
  20. wew.. dadi dalang wae kang kkkk :)

    BalasHapus