Selasa, 07 April 2009

Award

"Hoalaaaaaaah, Tiba_e"

Aku bingung tenan mbiyen, pas diomongi yen aku oleh award. Jane award ki panganan opo to? maklum cah ndeso eruhe mung pacul karo arit. AWARD (jare guru inggris mocone ewort artine panghargaan). Awale aku diomongi attayaya jare aku oleh award gek kon masang (sing gambare puteh tulisane ailofyourblog) Sumpah, pas kuwi aku ora paham mulane gak tak pajang.


Bare diomongi
kang bejo, yen aku oleh award maneh, jare pak guru ono pribahasa "malu bertanya........ya jangan tanya". Heheeee...., mergo aku ora nduwe kemaluan eh ora nduwe malu mulane aku takon kang bejo. Hoalaaah......., tibake aku oleh panghargaan, gek nang kang bejo kon ndang masang neng blogku, mulane lagek saiki tak posting.

Yowez, saiki sopo wae engkang sampun komentar ning postingan iki berhak mendapat telung award nduwur kuwi. Gambar nduwur kuwi oleh kok pajang neng blogmu sebagai panghargaanku marang blogmu. Dilink balik mrene yo oleh. kok simpen tok yo oleh. kok imbu yo oleh. kok wehne blog liyo yo oleh. kok iming-imingne koncomu yo oleh. pokoke sak kaaaaaaaaaaarepmu arep kok kapakne.

Sing jelas matun suwur, alah matur suwun maksudku, sampean wis tau mampir nang kene. a
ku yo tulus kok ngewehne award kuwi marang awakmu. mugo-mugo sukses selalu, nduwe duit maewu-ewu, blogke terus maju, tur bojone ayu. yo yeeee?heheheheheeeee...........................................................................................^_^

-------------------------------------------------
-----------------------------------
lek iki award saking mbak sinta, sayange aku rung eroh koyo opo ayune mbak sinta.lha ning bloge gak ono potone lho? tapi ra popo sing penting sering2 dolan rene aku wes marem.sueneng tenan aku.mugo-mugo blogke awake dewe tambah maju, ora ketang sak senti.

Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

6 engkang sampun komentar:

  1. bocah utun.lagek iso ngeblog.tapi kreatip yo?

    BalasHapus
  2. arep nganggo selametan opo ora kang? ojo-ojo wes podo diundang tonggo-tonggo ne.

    BalasHapus
  3. hualah alah...dungone cek tulus'eee

    BalasHapus
  4. apik apik .. lho .. awad sing soko aku ga tho kowe tompo tho ????

    BalasHapus
  5. Banjir ewot wis sampek ponorogo yo? Kapan bancakane?

    BalasHapus
  6. boso e... keren cak.... mesti iki wong jowo

    BalasHapus