Selasa, 17 Maret 2009

Kuwalik


"Sori, Ndasku Ora ketoro"

Goro-goro ndelok bal balan dek dino minggu aku mbangkong. Wuih, tangiku kawanen, jam wolu lagek adus, padahal jam songo aku wis janjian arep apel, ngedate gituloh!

Yo kuwi, akire kesusu lekku budal sampek ora sempat macak, tapi meskipun ora macak aku tetep ngganteng kok (alah kepedean) ra percoyo to, buktine pas aku ngetokne montor, tonggoku gendek-gedhek (menggeleng-gelengkan kepala) nggumun, kok yo enek to, cowok ngganteng arep apel tumpaane montor tujulima eyek-eyek. Jo ndelok tumpaane, ngetno bocahe ikilo, paling ngguanteng dewe (ngganteng lek pas dewean ora enek liyane)

wis neng ndalan panggah wae cewek-cewek sing ngetne aku gedhek-gedhek pancen ngganteng tenan aku iki. sampek prapatan, enek ibu-ibu mulih ko pasar yo gedhek-gedhek pas nyawang aku, ora kur ibu-ibu, bapak-bapak sing neng sawah barang melu gedhek-gedhek, tambah pede tenan aku saiki.


Separo perjalanan Aku lekas curiga, moso tukang becak yo gedhek-gedhek pas simpangan karo aku. Tengeng kabeh paleng gulune kuwi. Iyo toooo, bakul es barang kok yo melu gedhek-gedhek, nyapo to aku iki jane? Aku mandek ning kios pinggir ndalan ngisi bensin. Horotohkono, bakul bensin barang ora kur gedhek-gedhek tok tapi malah nguyu cekikian. Akire aku ngilo nang spion montor, ojo-ojo ning raiku enek opone ngono, yo ora jane. Alah emboh, stres kabeh wong-wong kuwi bodhoan.

Teko omahe si doi sing lumayan adoh, aku tambah bingung maneh, si doi yo gedhek-gedhek pas mbukakne lawang, aku wis ora betah pingin eroh akire aku takon si doi,"nyapo to jane kabeh wong podho gedhek-gedhek saben nyawang aku?"

"Yaeyalaaaaah,maaaaaas,mas. wong kaosmu kuwalik gituloooh. wis ngono topi jebol sing biasane dingge ngarit yo digawe jok ngendi-ngendi, liwat kutho, pasar, ratan gedhe, ORA ISIN?"


Alamaaaaaaak,pantes wae rasane kaosku iki mau kok rapatek penek. lhawong wis kuwalik njobo njerone yo kuwalik ngarep mburine. mergo kesusu topi jebol barang yo ra kroso tak saut ngono wae.

Uisin poooool tenan aku pas mulihe. tibake wong-wong maeng gedhek-gedhek ki ora kok mergo aku ngganteng, tapi mergo ngiro aku wis ora waras. SEMPRUL.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

18 engkang sampun komentar:

  1. Wkakakaka...ono ono wae sampeyan.

    Iki tak gawakne topeng, ben ketutupan raine !!! Wkekeke...

    BalasHapus
  2. tak silihi klmbiku gelem?

    BalasHapus
  3. kalo komen pakek url dong,biar bisa tak kunjung

    BalasHapus
  4. Seru ni blognya.
    Beda dari yang lain, pakai boso jowo.

    Get Free 3 Domain

    http://blog.afiszone.com/?p=87

    BalasHapus
  5. Cah ndeso ra tau klamben yo ngono kuwi...nganggo pisan kuwalik...kwakk..kkkkk....

    BalasHapus
  6. sing penting mesti nganggo katok.yo kan?

    BalasHapus
  7. kagak ngerti kang.. :((

    BalasHapus
  8. aku pun wong jowo, tapi boso ne lain sitik yo... enek seng aku orak paham

    BalasHapus
  9. wong jowo edan tenan raine tujulima (lmao)
    he, ngeplurk pora?

    BalasHapus
  10. Hahaha pastine uisin puoll. Tp gk koyok aku jumat wingi dituduh nyolong sendal jepit ng mesjid bar jumatan. Wis jan uisin tenan rasane koyok mbrangkang gak katokan haha

    BalasHapus
  11. =>tera :wong njowo ra njowo
    =>denologis:iki koncoku sekolah mbiyen
    =>tipis :sesok ngangge sepatu wae,yoye?

    BalasHapus
  12. dasar wong deso. ora duwe isin. wis adoh-adoh kuwalik klambine. nek aku dadi cewekmu aku emohh lah wong koe rodo sableng, wkwwkwkwkkw. nyuwon pangapunten wong lagi kenal wis ngolok-ngolok.

    BalasHapus
  13. RAPOPO BOLO DEWE WAE.KOMENTARO SAK SERMU.
    TAPI CEWEKKU KOK YO PANGGAH GELEM YO?
    NRIMAN TERAH BOCAHE.(NGELEM CEWEKE DW)

    BalasHapus
  14. sampeyan kuwalik klambine, calon sampeyan gak nggawe klambi ... cocok wes ..!!!
    salam kenal ae kang!

    BalasHapus
  15. di walik maneh wae mas
    ben ra gosong
    byme

    BalasHapus
  16. untung kang sik kwalek klambine......kok ngak sak katoe sing kwalik......salam kenal kang

    BalasHapus