Senin, 23 Maret 2009

Evolusi Darwin


"Nenek Moyange Sopo?"

Dek ingi bengi pas marai sinau, aku di tekoni adiku sing isik sekolah SD. "Kang, jare Bu Guru nenek moyange awake dewe ki kethek yo kang ? "

Semprul....Goro-goro teori Darwin, Mbahku dipadakne karo kethek (kethek=kera/ monyet/ lutung/ gorila/ rangutan/ king-kong/ simpanse/ kowe/ lanliyoliyane). Kemeroh men lho si Darwin iku, Berarti podo wae ngarani aku keturunan kethek.

Aku ora trimo. Aku ora setuju karo teori iki. Lek terah menungso ki mbiyen asale songko kethek, Nyapo kok kethek saiki ora koyo menungso? Iyo to?

Nah, Mergo sek emosi, Jane yo karo guyon lekku njawab pertanyaane adiku maeng ngene : "Ora Dik, Sing nenek moyange kethek ki yo Bu Gurumu kuwi. Lek nenek moyange awake dewe yo Nabi Adam dudu kethek"

Mulih sekolah adiku nguamuk-ngamuk, Critane, Goro-goro njawab pertanyaane buguru adiku di ukum kon ngadek ning ngarep kelas.

"Lha pertanyaane buguru opo?"
"Sopo nenek moyangmu naak?"
mergo wes tak warai adiku njawab :
"Nabi Adam Bu Guruuuuuu."
"Lha terus, Sing nenek moyange kethek sopo?"
"Kethek ki yo nenek moyangmu Bu Guruuuu, Lek nenek moyangku yo Nabi Adam."

"Gwagagagakgakaaa.........k" Aku nguyu kepingkel-pingkel sampek wetengku atos.

Adiku sek penasaran kepengen weroh nenek moyange ki jane kethek po uduk. Akhire adiku nggoleki mbah wedok (nenek) trus takon,

"Mbah, mbah, Sampeyan ki Kethek opo uduk?"

Krungu adiku takon koyo ngono kuwi, Mbahku ngamuk-ngamuk "Bocah ora njowo, moso mbahe dewe di padakake karo kethek?" Sakdurunge disrampang sandal. adiku mluayu melarikan diri trus nggoleki aku.

"Terah bener kang, Nenek moyange awake dewe ki uduk kethek. Mbah wedok wae ora gelem diarani kethek. Berarti tulisan nang buku LKS kae salah cetak yo kang?"

"gwaaagagagaaakk."aku ra iso ngempet nguyu. Aku mlayu nang sumur kepingkel-pingkel sampek kudu nguyuh.
Share this post
  • Share to Facebook
  • Share to Twitter
  • Share to Google+
  • Share to Stumble Upon
  • Share to Evernote
  • Share to Blogger
  • Share to Email
  • Share to Yahoo Messenger
  • More...

24 engkang sampun komentar:

  1. Adine karo kakangane podho gemblunge.tak tambahi yo mas,KOWE = Anak Lutung deloken ning pepak boso jowo.iya kan?

    BalasHapus
  2. Mbahe Darwin sing mirip kethek ... dhekne gak trimo kok mbahe seje karo mbahe kanca2ne, mulane pas wis gedhe dekne nggawe teori nek mbahe iku keturunan sah tekan nenek moyang menungso.

    BalasHapus
  3. ko gambare koyo sing nulis yo... wkwkkwkwkw

    BalasHapus
  4. waee cah dheso jam mu kui elek mbok yo di ganti nganggo tek ku, nek gaptek yo mengko tak kandani. mung tinggal ngopy wae ko. heeee

    BalasHapus
  5. @ buat atik:kowe diartekne kamu yo oleh kok mbak?

    @ buat banjir,eh banjar:lha mbahmu kethek opo bukan lho kang?

    @ buat cah bodoh:gambare yo koya sing moco gwakakakk,jam koyo nggonamu tau tak pasang,tapi sering eror

    BalasHapus
  6. arep kethek ,, pitik .. gajah , semut.. opo wae mbahne sing penting do akuurr guyub rukun ... kaya kuwe mbokk ??

    BalasHapus
  7. mbah ku opo yo? ra ngerti aku soale gak ngumani mbahku wis podo sedo. ancen darwin kuwi cah gemblung. wis keblinger makane teorine ngawur hahaha

    BalasHapus
  8. Wong jowo yo..dhisik koyo kuwi yo..?
    Ora trimo ng luwar negeri ntok to..,kuwi..?

    BalasHapus
  9. walah itu pic yg diatas kok mirip cah ndeso toh yo??? hehee.. *kidding*

    BalasHapus
  10. sip cuy....
    lestarekake teruz basa jawa yoh...

    BalasHapus
  11. yongalaaaaah bugurune barang yo bedon.boleh minta alamat lengkapnya gak kang? ponorogo kan luas? nomer hapene aku yo gelam.

    BalasHapus
  12. Kethek kan iku mbah buyute Charless Darwin... Wong seng ngomong menungso iku evolusi ko kethek yo charless Darwin. Ne aku yo moh di omong putune kethek, bedo karo charles D. ndee gelem...:D

    BalasHapus
  13. @ kiko=>kiko tu pantese dadi koki dadine kikokikokikokikokikokiko alah emboh

    @ tipis=>aku yo turut berduka cita pis.alah koyo aarep pipis wae

    @ tiyu=>tiyu papat limo enem.eh,telu yo kuwi?heheheee

    @ neng aia=>iya.iya.neng aya lebih cantik kok?

    @ hary=>wah kalo terlalu lestari bisa berkembang biak donk?

    @ mamas=>tol tol.betol aku se7

    @ nita ayu=>biar gitu juga buguru lho,alamat aku tu : jl A.yani 30 Rt o1 Rw01 desa kaponan.kec mlarak.kab ponorogo.jawa timur.indonesa 63472 hape 085235514549 khusus buat kita2 aja ye?

    BalasHapus
  14. koyo ndelok berita boso jowo nang JTV yooo....
    hehehehee

    BalasHapus
  15. oalah kang, kang, sopo sing ngarani nenek moyange awake dewe iku kethek. deloken nang bukune Darwin to...Paliing gurune kui yo durung tau moco...

    BalasHapus
  16. kwakakakakakak
    opo iki res?
    kok ngawe blog yo kok aneh aneh we ki?

    BalasHapus
  17. juoooooooooooh!
    ora komentar, gur iso ngguyu karo nguyuh!

    BalasHapus
  18. Hehehehe..
    Anak cerdas tuh,tapi rodo kurang ajar emang karo mbahe kok koyok ngono..

    BalasHapus
  19. wah, aku wong jowo tapi ora iso boso jowo, piyeh toh....hahaha, oke kang mas..pokoknya siplah...keren abis....btw, dukung aku yah dikontes fajar...jgn lupa komennya di tunggu looo...langsung aja ke tkp...tetap semangat dan sukses selalu....wiisssss.....

    BalasHapus
  20. waduh kang, aq ora ngerti bohoso jowo heheheehe...!! nebak aja tul g?
    tp, aq salut ma konsep blog-nya, orisinil!!

    BalasHapus
  21. Sing kondo nenek moyange awake dewe kethek ki wong gendeng.
    Donlod no video runtuhnya teori evolusi ning kene lo kang www.harunyahya.com hehehe.

    BalasHapus
  22. wis ngerti darwin salah isih diajarno

    BalasHapus
  23. hahaha.... jelas2 teori darwin salah...
    nek betul, putune kethek berarti yo ke*h*k.... :lol:

    BalasHapus
  24. kwakakakakaka....
    ngasi ngompol nak ngguyu kang

    BalasHapus