Kamis, 29 Juni 2023

KHUTBAH IDUL ADHA - UJIAN KEIKHLASAN - BAHASA JAWA

  

الخطبة الأولى

 

اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ ٣x

اللّٰهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارْ، اَلْعَزِيْزِ الْغَفَّارْ، مُكَوِّرِ اللَّيْلِ عَلَى النَّهَارْ، تَذْكِرَةً لِأُولِى الْقُلُوْبِ وَالْأَبْصَارْ، الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالصَّلَاةِ وَالنَّحْرِ .أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْغَفَّارْ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلاَئِقِ وَالْبَشَرْ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَصَحْبِهِ الْأَطْهَارْ. أَمَّا بَعْدُ .فَيَآأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ.

وَقَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ: وَلِلّٰهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيْلًا،

وَقَالَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمِ: مَا عَمِلَ ابْنُ آدَمَ يَوْمَ النَّحْرِ عَمَلاً أحَبَّ إلَى اللهِ ـ عزَّ وجلَّ ـ مِنْ هِراقةِ دَمٍ .صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ، وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكَرِيْمِ

Ma’asyirol muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh

Sumonggo kito tansah ningkataken takwa dumateng Gusti Alloh, keranten sarono takwalah engkang saget ndadosaken kito langkung celak dumateng Pengeran, ningkataken takwa minongko wujud raos syukur kito, ambudidoyo iman soho ambudidoyo agami kito islam. Minongko wujud raos syukur dumateng Dzat engkang murbeing dumadi atas sedoyo kanugrahan gesang engkang tanpo kendat, paring nikmat soho rohmat dumateng kulo panjenengan sami.

Sholatulloh wa salaamuhu katur kunjuk dumateng bendoro Rosul, Njeng Nabi Muhammad SAW, minongko pengayomaning umat, engkang ngasto kayekten ingkang sampurno, ugi risalah kesaenan dumugining akhir zaman samangke. Mugio rohmat kawilujengan kaparingaken ugi dumateng poro keluargo, sohabat, penderek langkung-langkung lumeber dumateng umatipun nun inggih kulo panjenengan sedoyo.

اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Sae sanget nalikanipun kito kerso dados tiyang engkang ngasto perubahan, perubahan sangking engkang awon tumuju gesang engkang langkung sae. Sepinten endahe gesang, menawi kito pribadi saget nuwuhaken raos prihatin dumateng sesami, peka dumateng lingkungan sekitar, ugi kerso soho rela berqurban, ngikhlasaken sebagian hakipun kagem tiyang lintu, langkung-langkung saget ndadosaken raos persatuan ugi kesatuan dalam rangka syi’ar li i’laahi kalimatillah, kados dene sholat ied, ngumandangaken takbir dalasan ibadah qurban engkang kito lampahi awit enjang meniko ngantos dumugi telasipun dinten tasrik mangke.

Dinten meniko kawastanan dinten riyadin, riyadin haji utawi riyadin qurban, dipun sebat riyadin haji keranten umat islam saking penjuru dunia sami kempal wonten ing tanah suci Makkah Al-Mukarromah, nglaksanaaken ibadah rukun islam engkang ongko gangsal nuninggih ibadah haji. Kagem umat islam engkang sampun nindaaken ibadah haji meniko pantas bagi mereka untuk bersyukur, amargi mboten sedoyo tiyang kagungan kesempatan nglaksanaaken ibadah meniko, agami islam ugi sampun paring aturan bilih engkang dipunwajibaken nglampahi ibadah haji meniko namung tiyang engkang mampu, khususipun mampu dalam hal biaya, ananging ugi wonten tiyang engkang sejatosipun mampu dalam hal materi ananging dereng kagungan kesadaran krenteking manah nuhoni nopo engkang dados panggilanipun Gusti, wonten ugi engkang sejatosipun mampu ananging dereng kagungan kesempatan tindak tanah suci amargi mekanisme soho sistem aturan engkang berlaku. Pramilo hal menikolah engkang ndadosaken tiyang-tiyang engkang sampun kalaksanan nglampahi ibadah meniko kedah ngathah-ngathahaken raos syukur. Sebab ujian level inggil saking ketakwaanipun sampun nate dipun lampahi,  ngikhlasaken mboten sekedik saking bandhanipun namung kerono Alloh, kagem nglampahi ibadah engkang sejatosipun sangat sulit dipun pahami kanthi nalar, sangat sulit manawi dipun fikir ngagem logika otak manusia, engkang fikiran meniko memang sangatlah terbatas, keranten haji sejatosipun ibadah engkang dipun khususaken kagem nguji keikhlasanipun umat, dospundi tiyang meniko menyikapi sak sampunipun kehilangan puluhan juta arto kagem nglampahi ibadah meniko, wonten tiyang engkang pamrih sak kondoripun saking tanah suci kedah dipun timbali kanti sebutan pak haji, ibu hajah, wonten ingkang kondur saking tanah suci mboten saget crito dospundi nikmatipun ibadah wonten ing mriko, sagetipun namung crito megahipun bangunan engkang dipun pirsani. Pramilo tiyang engkang lulus saking ujian ketakwaan soho keihlasan ing dalem ibadah haji meniko dipun sebat sebagai haji engkang mambrur. Selain keikhlasan, haji ugi ibadah kagem nguji ketaatan, sebab ibadah haji ingkang awujud towaf, sa’i, wukuf, ugi mbalang jumroh, mboten wonten unsur nalar ing dalem ibadah meniko, tetapi namung semata-mata nderek dawuh nopo engkang sampun dados perintah, pramilo ketaatan umat meniko dipun uji dospundi ibadahipun haji, namung saget nderek perintah tanpa mempertanyakan, ben piye, ben nyapo kok kudu ngno, tengnopo kok kedah nglampahi mekaten sak dangunipun ibadah haji dipun laksanaaken, menikolah engkang dipun sebat sebagai taat dumateng Gusti. Rosululloh SAW ngendikan :

 إِنَّ اللهَ لاَ يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ، وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ.

“Saktemene Gusti Alloh ora mirsani marang bentuk rupo ugo bondo seng mbok duweni, tetapi Gusti Alloh mirsani marang isine manah lan amal ibadahmu.” (HR. Muslim)

اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.

Ma’asyirol muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh

Dinten meniko kawastanan dinten riyadin qurban, keranten umat islam wonten ing penjuru dunia engkang mboten nglaksanaaken ibadah haji, sami nglaksanaaken ibadah qurban. Ampun sami kuciwo menawi dereng saget tindak haji, keranten Gusti Alloh paring kesempatan dumateng kito mawi ibadah lintu kados dene sholat ied ugi mragat mendo utawi lembu. Dawuhipun Alloh :

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْۗ

Mongko lakonono solat iku mung kerono ibadah marang Pengeranmu, lan qurbano siro ugo kerono taat marang Pengeranmu. (Al-Kaustar : 2)

Qurban secara lughot artosipiun pendekatan, nuninggih mendekatkan diri dumateng Gusti. Sedangkan secara makna artosipun pengorbanan, nuninggih mengorbankan sebagian harta kagem mewujudkan ketakwaan dumateng Alloh SWT.

Sami kalian ibadah haji, ibadah qurban sejatosipun ugi ujian keikhlasan, keikhlasan ngurbanaken sebagaian harta, dipun niati kathi lillaahi ta’ala. Menawi ibadah qurban meniko dipun landasaken kanthi keikhlasan, insyaAlloh keikhlasan meniko ndadosaken qurban dipun tampi dening Gusti Alloh, kados dene keikhlasanipun Nabi Ibrohim ngurbanaken putro kinasih Nabiyulloh Ismail, engkang dipun landasi ketaatan, ketakwaan soho keikhlasan, netepi nopo engkang dipun dawuhaken Pengeran. Pramilo Gusti Alloh paring ganti pengurbanan Nabiyulloh Ibrohim kanthi mendo engkang sampurno. Gusti Alloh mboten memandang sepinten agenge hewan qurban, Gusti Alloh ugi mboten mirsani pinten jumlahe hewan qurban, kados dene engkang sampun dipun firmanaken wonten ing Al-Qur’an :

لَنْ يَنَالَ اللّٰهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَٰكِنْ يَنَالُهُ التَّقْوَىٰ مِنْكُمْ

Dudu daging qurban utawo getih seng diqurbanake, tetapi ketakwaanmulah seng biso ndadeake pengorbananmu ditompo dening Alloh SWT.

اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.

Ma’asyirol muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh

Kito mboten saget mbayangaken dospundi perasaanipun Nabi Ibrohim nalikanipun seorang bapak engkang sampun dangu berharap kagungan keturunan, tetapi naliko sampun dikaruniai seorang putro justru dipun perintahaken supados putro kinasih dipun qurbanaken. Meniko i’tibar kagem kulo panjenengan sami bahwa keikhlasan mengorbankan sesuatu engkang dipun cintai memang aurat sanget menawi dipun lampahi.

Kito ugi mboten saget mbayangaken dospundi caranipun bopo biyung matur dumateng putro kinasih bahwa sang putro bakalipun pejah dados qurban persembahan, ananging ing mriki kito ugi dipun paringi i’tibar tulodho saking putro nuninggih Nabi Ismail AS, dawuhipun :

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللّٰهُ مِنَ الصَّابِرِينَ.

Mongko naliko sang putro (Nabi Ismail) sampun ngancik dewoso, Boponipun (Nabi Ibrahim) banjur matur, saktemene ingsun diperintah Gusti Alloh supoyo ngurbanake awak iro, banjur kepriye pendapatmu? Nabi Ismail mangsuli, Duh Bopo sumonggo panjenengan lampahi nopo engkang dados perintahipun Gusti, insyaalloh panjenengan bakal mangertos bilih kawulo ugi termasuk tiyang-tiyang engkang sabar. (Ashoffat : 102)

 

اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ. اللّٰهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ.

Ma’asyirol muslimiin jama’ah sholat ied rohimakumulloh

Mugi-mugi kulo panjenengan sami saget mengambil hikmah saking dinten ageng meniko, saget nuladani nopo engkang dipun ajaraken dening Nabi Ibrohim ugi Nabi Ismail, saget nglampahi nderek tindak haji, saget nglaksanaaken ibadah qurban, kanthi keikhlasan, ketaatan, soho ketakwaan. Sedoyo meniko kolo wau semata-mata namung dalam rangka mewujudkan syi’aripun agami islam ugi taqorrub ilalloh, engkang ndadosaken kito paham bahwa pengorbanan engkang dipun landasi keikhlasan bakalipun nuwuhaken raos kepedulian kito dumateng sesami. Akhirul Khutbah, Mugi-mugi kanthi keikhlasan ibadah kito sami, Gusti Alloh paring derajat ketakwaan soho ganjaran engkang tanpo upami. Amiin YRA.

 

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ. وَأَدْخَلَناَ وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِباَدِهِ المُتَّقِيْنَ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِيْنَ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

 


الخطبة الثانية

 اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ ٢ xاللّٰهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ، وَلَوْكَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ، وَلَوْكَرِهَ الْمُنَافِقُوْنَ. الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ اَفْهَمَنَا بِالشَّرِيْعَةِ وَ بِالْهِدَايَةِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدِ ابْنِ عَبْدِ اللهِ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَاعِبَادَ اللهِ! اتَّقُوا اللهَ تَعَالَى بِفِعْلِ الطَّاعَاتِ وَاجْتَنِبُوا عَنِ السَّيِّئَاتِ. وَاعْلَمُوا اَنَّ اللّٰهَ تَعَالَى قَدْ قَالَ فِالْهُدَى وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلّٰهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللّٰهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، وبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ. فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ وقَاضِيَ الْحَاجات، اللّٰهُمَّ اجْعَلْ عِيدَنَا هَذَا سَعَادَةً، وَاجْعَلْ صَلَاتَنَا واُضْحِيَتَنَا مَقْبُولَةً. اَللّٰهُمَّ جَمِّلْنَا بِالْعَافِيَةِ وَالسَّلَامَةِ وَحَقِّقنَا بِالتَّقْوٰى وَالْاِسْتِقَامَةِ وَاَعِذْناَ مِنْ مُوجِبَاتِ النَّدَامَةِ فِى الْحَالِ وَالْمَالِ اِنَّكَ سَمِيْعُ الدُّعَاءِ .رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا بَلَدًا آمِنًا وَارْزُقْنَا أَهْلَهُ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا حَسَنًا حَلَالًا طَيِّبًا مُبَارَكًا بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْن. رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا ۚ اِنَّكَ اَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ،  فصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلاُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وبارك وَسَلَّمَ٠ والْحَمدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ. وَلَذِكْرُ الله اَكْبَرْ!

 

 

Cathetan : Sinten engkang kerso ngopas teks meniko kagem materi khutbah dipun sumanggaaken



Jumat, 09 Juni 2023

Tentang Ilmu - Khutbah Jum'at Bahasa Jawa

العلم قبل القول والعمل 

الخطبة الأولى

 

الحمد لله، الحمد لله الذي انزلَ الكتابَ تِبْيانًا لكلِّ شيئٍ وهُدًى ورحمةً لقومٍ يؤمنونَ. فيه بصائرٌ ونورٌ وشفاءٌ لِما في الصدورِ. ولا يَعْقِلُهُ اِلَّا الرَّاسِخُونَ. فاسْألُوا أهلَ الذّكرِ إنْ كنتم لا تعلمونَ.

اللّٰهمّ صلّ و سلّم  على سيدِنا محمدٍن الْمبعوثِ بالحِلْمِ والرّحمةِ الْواسعةِ الْقائِلِ: مَهْمَا اُوتِيتُمْ مِن كِتابِ اللّٰهِ فَالْعَمَلُ بِهِ وَاجِبٌ لَا عُذْرَ لِأَحَدٍ في تركِه، فإنْ لَمْ يَكُنْ فِي كتابِ اللهِ فسنَّةٌ لِي مَاضِيَةٌ، فإنْ لم يكن في سنةٍ لي فَمَا قالَ أصْحابي، لأنّ أصْحابي كالنُّجومِ فِي السَّماءِ، فأيُّمَا أخَذْتُمْ بِهِ فقدْ اِهْتَدَيْتُمْ، واخْتِلافُ أصْحابي لَكُمْ رحمةٌ. وعلى اٰلِهِ وصحبِهِ الصَّابِرينَ والصَّادقينَ والقانتينَ والمُنْفِقِينَ والْمُسْتَغْفِرِيْنَ بِالْاَسْحَارِ الَّذِينَ هُمْ اَمَنَةٌ هذه الأُمّةِ الْمعصومةِ مِنَ الْإجْمَاعِ عَلى الْخَطَاءِ والْغَوَايَةِ، وعلى الَّذِينَ اتَّبَعُواهُمْ بإحْسانٍ وَلا يَتَّبِعُونَ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ.

امّا بعد، فَيَا اَيُّهَا الناس، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: ومَن يُّشاقِقِ الرّسولَ مِنْ بَعْدِ ما تبيّنَ لَهُ الْهُدَى ويَتَّبِعْ غيرَ سَبِيلِ الْمؤمنينَ نُوَلِّهِ مَا تَولَّى و نُصْلِهِ جَهَنَّمَ وساءتْ مصيرًا.

 يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. صدق الله عظيم.

 

Ma’asyirol muslimiin jama’ah jum’ah rohimakumulloh

Sedoyo puji meniko hakekatipun namung kagunganipun Gusti Alloh SWT, engkang saestu welas asih dumateng sedoyo makhluqipun, pramilo mboten wonten ucapan engkang langkung parayogi kito dzohiraken kejawi namung ucapan alhamdulillahi Robbil ‘aalamiin, atas sedoyo rohmat engkang sampun sami kito raosaken.

Sholawat sarto salam mugio tansah kunjuk katur dumateng bendoro Rosul, Nabi Muhammad SAW engkang sampun paring suri tauladan dumateng umatipun, engkang ngajaraken sedayanipun ilmu sahinggo ndadosaken kito mangertos bilih kito mangke taksih mbetahaken syafa’atipun Kanjeng Nabi wongten ing akhirat mbenjang.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Gusti Alloh nyiptaaken ilmu meniko kagem manungso, engkang ndadosaken manungso kagungan derajat kamulyan engkang langkung inggil menawi dipun bandingaken kalian makhluk lintu. Malaikat contonipun, kagungan ilmu ananging namung sebatas nopo engkang dipun dawuhaken Gusti Alloh, moloekat meniko sagetipun namung taat, mboten kagungan kuoso kagem maksiat melawan perintahipun Gusti Alloh. Sedangkan manusia keranten kagungan ilmu ndadosaken manungso saget berfikir ugi kagungan pilihan, Saget mengembangkan nopo engkang sampun dipun diajarkan. Sahinggo saget ndadosaken manungso kagungan derajat ketakwaan soho ketaatan dumateng Gusti Alloh SWT.

Nalikanipun penciptaan Nabi Adam, Poro Moloekat mempertanyakan, punopo leres ilmu Manusia lebih unggul dipun bandingaken kalian Malaikat? Gusti Alloh Dawuh :

وَعَلَّمَ آدَمَ الْأَسْمَاءَ كُلَّهَا ثُمَّ عَرَضَهُمْ عَلَى الْمَلَائِكَةِ فَقَالَ أَنْبِئُونِي بِأَسْمَاءِ هَٰؤُلَاءِ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ. قَالُوا سُبْحَانَكَ لَا عِلْمَ لَنَا إِلَّا مَا عَلَّمْتَنَا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ.

Lan Panjenengané (Gusti Alloh) paring piwulang ilmu marang Nabi Adam yoiku asmane kabèh barang, banjur paring dhawuh dumateng poro Malaikat : "Coba Siro sebutno asmané barang-barang iku mau, menawa siro iku rumongso luwih bener!"

Poro Malaikat matur: "Moho Suci Paduko, kawulo mboten mangertos kejawi punopo ingkang sampun Paduko dawuhaken dhateng kawulo, sejatosipun Paduko puniko Ingkang Moho Mangertos, Moho Wicaksono." Al-Baqoroh Ayat 31-32.

Saking ayat menikolah terbukti bilih keranten sebab ilmu saget ndadosaken mangungso kagungan derajat langkung inggil menawi  dipun bandingaken kalian malaikat, ananging menawi manungso selain kagungan ilmu ugi sebab ilmunipun saget ndadosaken manungso kagungan ketaatan kados dene poro moloekat, mongko menikolah manungso engkang langkung utomo.

Semanten ugi kalian iblis utawi setan, meskipun kagungan ilmu ananging kesombonganipun ngalahaken ilmu soho fikiranipun, sahinggo nalikanipun dipun perintahaken supados sujud tunduk dumateng Nabi Adam, Iblis utawi setan meniko senajanto mengakui derajatipun ilmu Nabi Adam, ananging piyambaipun mboten purun tunduk amargi rumaos langkung mulyo derajatipun penciptaan, Iblis ngantos bersumpah senajan Nabi Adam langkung inggil ilmunipun, tetapi Iblis bade nyesataken ilmunipun Nabi Adam kanti bisikan-bisikan hawa nafsu ugi maksiat, sahinggo naliko kagudo meskipun anak cucu Adam meniko kagungan ilmu, tetep mboten saget ngangkat derajatipun wonten ngarso dalem Alloh SWT.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Diantara kito sedoyo sesami tiyang engkang beriman, Gusti Alloh ugi ndawuhaken bahwa derajatipun tiyang engkang berilmu ugi langkung inggil. Kados kasebataken wonten ing Al-Qur’an :

يَرْفَعِ اللّٰهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ

Gusti Alloh bakal ngangkat derajate wong kang iman, ugo ngangkat derajate wong kang nduweni ilmu kanthi pirang-pirang derajat.

Salajengipun, dospundi sikap kito ambudidoyo ilmu, sahinggo Gusti Alloh mangke kerso ngangkat derajat kito?

Engkang sepisan, sebagai seorang mu’allim, inggih puniko tiyang engkang mengajarkan ilmu, Rosululloh SAW ndawuhaken :

بلغوا عني ولو آية

Wulangno siro ilmu songko aku senajan iku mung sak ayat.

Sedangakan sebagai seorang muta’allim, inggih puniko tiyang engkang pados ilmu, tiyang engkang nyuprih ilmu, Gusti Alloh ugi ndawuhaken :

فاسْألُوا أهلَ الذّكرِ إنْ كنتم لا تعلمونَ

Mongko takono siro kabeh marang wong kang alim, lamun to siro kabeh iku ora mangerti.

Keranten pentingipun ilmu, bahkan Syaikhona Abu Abdillah Muhammad bin Ismail wonten kitab Shohih Bukhori ndawuhaken :

اَلْعِلْمُ قَبْلَ الْقَوْلِ وَالْعَمَلِ

Ilmu iku sak durunge ucapan lan sakdurunge perbuatan

Artosipun, sakderengipun kita berbicara nopo maleh engkang kita bicarakan meniko terkait dengan hukum Alloh, tentu kemawon engkang kita bicarakan meniko kedahipun berlandaskan dengan ilmu.

Semanten ugi perbuatan, sak derengipun kita berbuat, kedahipun kito sami mangertos konsekuensi hukumipun, sahingo kanthi dasar ilmu bakalipun ndadosaken perkataan soho perbuatan kito sagat leres ugi saget sae. Kosok wangsulipun tiyang engkang berkata ugi berbuat tanpo dipun fikir kanthi ilmu sak derengipun, tentu kemawon peluangipun iblis ugi setan kagem menyesatkan kito terbuka lebar, engkang saget menjerumuskan ugi merugikan kito piyambak.

Alloh SWT ngendiko :

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۚ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا

Lan ojo siro matur ugo agawe opo kang siro ora nduweni ilmune, saktemene pangrungon, paningal, lan opo kang ono ing jero atimu bakal dijaluk’i pertanggung jawabane. Al-Isra' Ayat 36

Wonten ing dalem dhasa dharma, dharma engkang terakhir ugi dipun sebataken, inggih puniko “Suci dalam pikiran, perkataan, dan perbuatan.” Artosipun pikiran engkang suci tetap dipun dahulukan, sak lajengipun nembe dipun iringi kesucian dalam perkataan, soho kesucian dalam perbuatan.

Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Insyaalloh, kanthi ilmu engkang kito miliki saat meniko kito sejatosipun sampun saget membedakan pundi engkang haq pundi engkang batil, ananging ampun kesupen Iblis sampun nate bersumpah bakalipun menjerumuskan manungso ngantos akhir zaman mangke. Pramilo ampun ngantos beranggapan, merasa cekap kalian ilmu engkang kito miliki saat meniko, sejatosipun ilmu meniko menawi sampun kito kuasai mboten bakal wonten telasipun, justru akan semakin tampak bakwa ilmu engkang dereng kito mangertosi taksih langkung kathah, laksana setitik air ilmu kito, mongko ilmunipun Gusti Alloh meniko ibarat lautan samudera. Memang mboten gampil njagi ilmu engkang kito miliki saat meniko, ananging menawi mboten kito tambah ilmu kito, mongko semakin gampil anggenipun setan menjerumuskan kulo panjennegan sami, sebab keterbatasanipun ilmu engkang kito miliki.

Akhirul khutbah, mugio kulo panjenengan sami saestu dados golonganipun tiyang engkang berilmu, ahli ilmu, tiyang engkang cinta dumateng ilmu, kados engkang dipun janjikan Alloh SWT, sageto kito sedoyo dados tiyang engkang meraih derajat kemulyaan sebab ilmu, sahinggo kawilujengan tansah sartaning kito sami, mboten namung ing dalem dunyo, ananging kawilujengan ugi sartaning kito dumugi akhirat mbenjang. Amiin YRA.

 

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. وَقُل رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنتَ خَيْرُ الرَّاحِمِينَ. اَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

 

  

الخطبة الثانية

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ، الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي أَنْزَلَ عَلَىٰ عَبْدِهِ الْكِتَابَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَهُ عِوَجًا قَيِّمًا لِّيُنْذِرَ بَأْسًا شَدِيدًا مِنْ لَدُنْهُ وَيُبَشِّرَ الْمُؤْمِنِينَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ الصَّالِحَاتِ أَنَّ لَهُمْ أَجْرًا حَسَنًا، مَاكِثِينَ فِيهِ أَبَدًا  .أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، لَهُ المُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِيْ وَيُمِيْتُ وَهُوَ حَيٌّ دَائَمٌ لاَ يَمُوْتُ بِيَدِهِ الْخَيْرُ، وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْقائِل، طُوبَى لِمَنْ وَجَدَ فِي صَحِيفَتِهِ اسْتِغْفَارًا كَثِيرًا.

اَللّٰهُمَّ صلّ و سلّم  عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، صَلَوَاتُ اللهِ وسَلامُهُ وَبَرَكَاتُهُ عَليهِ، وَعَلَى سَائِرِ النَّبيِّينَ، وَآلِهِ كُلٍّ، وسَائِرِ الصَّالِحينَ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ: أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ، وَالْتِزَامِ هُدَاهُ، فَتَقْوَى اللهِ تَعَالَى حِصْنٌ أَمَامَ كُلِّ فِتْنَةٍ، وَعُدَّةٌ فِي كُلِّ مِحْـنَةٍ، وَهِي وِقَايَةٌ مِنْ عَذَابِ اللهِ وَسَخَطِهِ لِلْمُؤْمِنِيْنَ، وَقَدْ أَجَادَ مَنْ قَالَ فِيهَا: هِي الْخَوْفُ مِنَ الْجَلِيلِ، وَالْعَمَلُ بِالتَّنْـزِيلِ، وَالرِّضَا بِالْقَلِيلِ، وَالاستِعْدَادُ لِيَوْمِ الرَّحِيلِ، وَقَدْ أَمَرَ اللهُ عَزَّ وَجَلَّ : إِنَّ اللّٰهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.  فَأجِيْبُوا بِالصَّلَوَاةِ وَالتَّسْلِيْمِ عَليهِ، اللّٰهُمَّ صَلِّ وسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِه وَاَصْحَابِهِ أَجْمَعِينَ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ: اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلمُؤْمِنِينَ وَالمُؤْمِنَاتِ، وَالمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعْوَاتِ، يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُومًا، وَاجْعَلْ تَفَرُّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرُّقًا مَعْصُومًا، وَلا تَدَعْ فِينَا وَلا مَعَنَا شَقِيًّا وَلا مَحْرُومًا. اللّٰهُمَّ اجْعَلْنَا وَاَهْلَ الْقَرْيَةِ هٰذِهِ مِنْ اَهْلِ الْعِلْمِ وَاَهْلِ الْقُرْآنِ، مِنْ اَهْلِ الذِّكْرِ وَاَهْلِ الْخَيْرِ، وَلَا تَجْعَلْنَا مِنْ اَهْلِ السُّوْءِ وَاَهْلِ الضَّيْرِ، وَاجْعَلْنَا مِنْ عِبَادِكَ الصَّالِحِيْنَ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِينَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلاُمِّيِّ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ  وبَارَكَ وَسَلَّمَ، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ. وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَر.


*Menawi mbetahne kagem materi khutbah, monggo dipun kopas mawon !