Senin, 23 Januari 2023

Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalaamu ‘alaikum Wr.Wb.

Bismillaahirrahmaanirrahiim. Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamin......

  • Hadrotal muhtaromin poro ‘Alim, poro Kyai, poro pepundhen, sesepuh pinisepuh dalasan aji sepuh minongko darmaning kautamen, ingkang dhahat satuhu kinabekten. 
  • Panjenenganipun poro pangemban pangembating projo satriyo negari minongko pengayomaning kawula dasih ingkang dhahat sinudarsono.
  • Poro rawuh, poro pini lenggah sami kakung sumawono putri, poro kadang taruno mudho, ingkang tansah winengku ing suko rahayu. 
  • Wabil Khusus Panjenenganipun Bopo Nur Ali gotrah kulawargo, engkang dhahat satuhu bagyo mulyo.

  • Saderengipun kawulo matur ….. puji syukur..
  • Sholawat salam …

Poro rawuh kakung sumawono putri, wabil khusus Panjenenganipun Bopo Nur Ali Gotrah wargo engkang satuhu kawulo hurmati.

Kepareng kawulo matur minongko sesulih wicoro Panjenenganipun Bopo Joko Sutopo, soho wakilipun rombongan keluargo saking Kaponan Ponorogo. 

  1. Sepisan, Ngaturaken salam ta’dzim saking Bopo Joko Sutopo sekalian garwo dumateng Bapa Nur Ali engkang hamengku gati, kanthi atur “Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.” Mugio rohmat kawilujengan soho barokahing Gusti, kacurahno dumateng Bopo Nur Ali dalasan kelurgo lumebero dumateng kulo panjenengan sedoyo.
  2. Kaping Kalihipun, ngaturaken agunging panuwun engkang tanpo pepindan, dumateng Bopo Nur Ali engkang sampun kerso nampi sowan kulo sarombongan, kanthi pakurmatan agung ingkang ngremenaken ing penggalih kawulo, pramilo nderek ndedungo mugio sedoyo pahurmatan meniko dados amal solehipun Bopo Nur Ali sahinggo pikantuk piwales ganjaran engkang sak murwatipun saking Alloh SWT.
  3. Engkang ongko tigo, ngaturaken ndherek suko bingah, dene punopo engkang putro nuninggih Mas Doni Putra Pratama putro bopo Joko Sutopo-Ibu Sukarnawati sampun Ka-ijabsah-aken, Pikantuk Putro Bopo Nur Ali-Ibu Amanah engkang  sesulih nami Mbak Firda Auliya, kanthi pinaringan berkah pangestu, langkung-langkung sineksen dening poro pinisepuh. Alhamdulilah sampun sah menggahipun tatan adat, agami lan negari, sampun kaijabaken kolo wau enjing, Pramilo saking meniko, engkang putro utawi temanten kakung, nuwun inggih Mas Doni Putra Pratama kanthi maos bismillahirohmaanirrohiim-lahaula wa quwata... kula pasrahaken dhumateng Bopo Nur Ali dalasan kulawarga ugi masyarakat lingkungan ngriki, mugi temanten kakung meniko karengkuho kados putro piyambak, kagulawenthah engkang sae, sahinggo sageto netepi jejering tiyang ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wismo, soho bekti dumateng sesami khususipun ing lingkungan Kademangan Pesen Kanor Bojonegoro mriki. sahinggo ing tundhanipun saged dados kulawarga ingkang sae, guyub rukun, sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, enggal pinaringan putro putri ingkang soleh solihah. Amin Allahumma amin
  4. Minongko tondho kagem ngraketaken pasederekan keluargo kekaleh, meniko saking Bopo Joko Sutopo wonten sekedik taliasih, pramilo kasuwun dumateng Panjenenganipun Bopo Nur Ali utawi engkang kajibah nyenyulihi kerso o jengkar saking palenggahanipun tindak ing ngajeng mriki nyelak dateng kawulo, saperlu nampi tondo tali asih meniko ing pangajab mugio hubungan keluarga meniko langgeng engkang sak lami-laminipun.
  5. Para rawuh kakung sumawono putri engkang kawulo hurmati, Mboten kesupen ngaturaken panyuwunanipun Bopo Joko Sutopo, bileh sak sampunipun temanten lerem sakuntawis ing dalem mriki, kasuwun kerso’o nyowanaken temanten kekalih dumateng griyo Kaponan griyanipun Bopo Joko Sutopo, mbenjang dinden Ahad Kliwon, tanggal 29 Januari 2023 antawis tabuh engkang sami.
  6. Sak lajengipun, mbok menawi sak dangunipun kulo sak rombongan wonten ing dalem mriki, panjenengan sami manggihi kesalahan, atur engkang kirang boso, tumindak engkang kirang wicaksono, selaku wakilipun rombongan saking Kaponan kulo ugi ngaturaken agunging samudro pangaksamo. 
  7. Engkang pungkasan, sak purnanipun pawiwahan agung, waku matul’ursy meniko mangke paripurno, kawulo sarombongan bade lumengser nyuwun pamit, mboten namung nyuwun tambahing pangestu saking poro sesepuh dalsan poro rawuh, mugi-mugi wangsul kulo wiwit dalem mriki tansah pinaringan kawilujengan ngantos griyo kulo sowong-sowang, mboten manggihi aral setunggal punopo.

Saking kulo pribadi minongko sesulihipun Bopo Joko Sutopo menawi wonten khilafipun atur kawulo, nyuwun lumturing sih samudro pangaksami.

Ing Wusono, Akhiru kalam, Walloohulmuwafiq ila Aqwamitoriq. Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


Minggu, 22 Januari 2023

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Ahlussunnah Wal Jamaa'ah

 

الخطبة الأولى

 

الْحَمْدُ لِلّٰهِ... الْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى وَفَّقَ عِبَادَهُ الْمُؤْمِنِيْنَ لِاَدَاءِ الْاَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً اَرْجُو بِهَا رَفِيعَ الدَّرَجَات. وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَ نَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الْمُعْجِزَاتِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أُولِى الْفَضَائِل وَالْكَرَامَاتِ.

أمَّــــــــا بعْـــــــــــدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ. اِتَّقُوا اللهَ... اِتَّقُوا اللهَ بِاِمْتِثَالِ الْمَأْمُوْرَاتِ، وَاجْتِنَابِ عَنِ الْسَّيِّئَات. يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللّٰهَ وَٱبْتَغُوٓا۟ إِلَيْهِ الْوَسِيْلَةَ، وَجٰهِدُوا۟ فِى سَبِيْلِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ. سُئِلَ رَسُوْلُ اللّٰهِ صلى الله عليه و آله : مَن آلُ مُحَمَّدٍ؟ فَقالَ : كُلُّ تَقِيٍّ ، وتَلَا رَسُوْلُ اللّٰهِ صلى الله عليه و آله : «إنَّ أوْلِيَاؤُهُ إلَّا الْمُتَّقُوْنَ » صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْم، وَصَدَقَ رَسُوْلُهُ الْكرِيْم.

 

Ma'asyirol muslimin Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh

Monggo kito sareng-sareng sami netepi lan ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti tansah nindaaken sedoyo perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun, wonten ing panggenan pundi kemawon, samar utawi terang, rame utawi sepi, siang utawi dalu. Amergi kelawan takwa kito sedoyo bakal pikantuk kabegjan soho keslametan dunyo akherat, dipun kempalaken kaliyan tiyang-tiyang ingkang nderek tindak lampahipun Kanjeng Nabi lan ngabektos dumateng perintahipun Gusti Allah SWT.

 

Sholatulloh wa Salamuhu katur dumateng Baginda Rosul SAW, engkang sampun ngajaraken dumateng kito sunnah-sunnahipun, engkang mugio kulo panjengan sami saestu termasuk golonganipun Ahlus Sunnah wal Jam’aah.

 

Ma'asyirol muslimin rohimakumulloh

Mbok bilih sampun dados kasunyatan menapa ingkang dipun prediksi dening Kanjeng Nabi, bilih Umat Islam meniko bade terpecah belah dados pinten pinten golongan. Kados dawuhipun Rosululloh SAW:

 

سَــتَـفْـتَـرِقُ أُمَّــتىِ عَـلَى ثــَلاثٍ وَسَــبْـعِـيْــنَ فِــْرقَـةً الـنـَّـاجِـيَـةُ مِـنْـهــَا واحِـدَةٌ ، وَالْـبــَاقُـوْنَ هَـلْـكَى ، قِـيْــلَ : وَمَـنْ الـنَّــاجِـيَّـةُ ؟ قَــالَ : أهْـلُ الـسُّــنَّـةُ واَلْجَمـَـاعـةُ، قـِيْــلَ : وَمـا أهْـلُ الـسُّــنَّـةُ واَلْجَمـَـاعـةُ؟ قــاَلَ : مــَا أنَــا عَـلَــيْـهِ وَأَصْــحـَابــِى

Artosipun : “Bakal pecah ummatku mbesok dadi 73 golongan, songko kabeh golongan mau kang slamet mung sak golongan, dene liyane kabeh ciloko,” Kanjeng Nabi dipun suwuni pirso : Golongan ingkang wilujeng puniko ingkang pundi? Dawuhipun Nabi : Yoiku golongane Ahlus sunnah wal jama’ah. Kanjeng Nabi dipun suwuni pirso malih : Ahlussunnah wal jama’ah meniko punopo?  Kanjeng Nabi Ngendikan : “Yoiku sopo wae kang netepi dawuh ingsun, ugo sopo wae kang nindaake ajarane poro sohabat” HR. Hakim, Ahmad, Abu Dawud, Tirmidzi

 

Saking hadits meniko saget kito pahami bilih engkang bakalipun wilujeng wonten ing akhirat meniko mangke, namung setunggalipun golongan engkang kasebat ahlussunnah wal jamaa’ah, nuwun inggih tiyang-tiyang engkang nderek nopo engkang dipun dawuhaken Kanjeng Nabi, ugi nderek nopo engkang dipun ajaraken poro shohabat-shohabatipun.

 

Pramilo saking meniko, monggo kito tansah njagi iman kito sedoyo, ampun ngantos nderek piwulang-piwulang ingkang mboten jelas, profokativ, tebih kaliyan menapo ingkang dipun wucalaken poro kyai kito, ingkang nyepeng ajaran ahlussunah wal jama’ah. Monggo samiyo purun nyinaoni ilmu agami dumateng poro ulama’, poro kiai ingkang sanad keilmuanipun sampun jelas, nyambung dateng poro Imam Madzhab sekawan, inggih puniko Imam Hanafi, Imam Maliki, Imam Syafi’i  soho Imam Hanbali ing babakan ilmu fiqh, soho nyambung sanad dateng Imam Asyari lan Imam Maturidi ing babakan ilmu tauhid, soho Imam Junaidi lan Imam Ghozali wonten ing babakan akhlak ugi tasawwuf. Sedoyo meniko supados iman kito kiyat lan ruso mboten gampil terkikis, nopo maleh ambruk keterak prahoro pengaruhing pagesangan dunyo.

 

Ma'asyirol muslimin rohimakumulloh

Keranten hal meniko perkawis dasar tumrapipun agami, sumonggo kito jagi keluargo kito saking pengaruh-pengaruh njawi engkang njerumusaken, khusuipun wonteng ing babagan aqidah utawi ideologi, kanthi tolabul ilmi, ngaji dumateng kyai, sahinggo kito soho keluargo kito wonten ing akhirat mangke tinebihaken saking panasipun geni neroko. Kasebataken wonten ing Al-Quranul karim :

 

 

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا، وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ

“He wong-wong kang podo iman, jaganen awakmu lan keluargamu songko genine neroko, kang urub-urube neroko iku songko watu lan manungso” (QS. At Tahrim : 6)

 

Saking ayat meniko sampun gamblang bilih mangke wekdalipun hari pembalasan, pitung ndoso kaleh golongan manungso engkang dipun sebataken wonten ing hadisipun Kanjeng Nabi kolo wau, bakalipun dados bahan bakaripun neroko. Kosok wangsulipun, namung setunggal golongan engkang kasebat sebagai ahlussunnah wal jama’ah meniko mangke bakalipun nampi nikmatipun suargo engkang khoolidiina fiiha abada, tiyang engkang kalebet golongan meniko saget menikmati kehidupan surga engkang abadi, langgeng engkang sak lami-laminipun.

 

Akhirul khutbah, mugi kito tansah dipun rekso dening Gusti Alloh, saking pengaruhipun kahanan ingkang tansah ngancam dateng aqidah lan i’tikad kito, soho pinaringono kulo papanjenengan sami pitedah wonten ing margi ingkang leres, kanti rohmat soho pitulungipun Gusti Alloh SWT. Amiin

 

بارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، تَقَبَّلَ اللّٰهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمِ.  قَالَ تَعَالَى وَهُوَ أَصْدَقُ اْلقائِلِيْنَ، أَعُـوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ، مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ حَيَاةً طَيِّبَةً، وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ.

 

 

 

الخطبة الثانية

 

الْحمدُ للهِ... الْحمدُ للهِ الَّذِي هَـدَانَـا لِـطَرِيْـقـَةِ أَهـْلِ الـسُّــنّـةِ وَالْـجَمـاَعَـةِ، وَالَّـذِي وَافَـقَـنَـا بـِأَسْــبَـابِ الْإِنــْـقـِيَـادِ وَالْإسْــتِـطَاعَـةِ، أشْـهـدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَـرِيْكَ لَه، وَأَشْـهَدُ أنَّ سيِّدَنا مُحمَّدًا عبـدُهُ وَرَسُـوْلُهُ، تُـنْـجِى قـَائِـلَـهـا مِـنْ أَهْـوَالِ يـَوْمِ الْـقِـيــامَـةِ الْـقَــارِعـَـةِ  بـِالْـمَـغْـفِـرَةِ والـرَّحْمـَةِ الْـوَاسِــعَـةِ، اللّٰهُـمَّ صَـلِّ وَسـلِّمْ عَلَى سَـيِّدِ نَــا مُحَمَّـدٍ صَـاحِـبِ الْـوَسِـيْـلَـةِ وَالـدَّرَجـَةِ الْـعَــالِـيَـةِ الـَّرفِـيْــعَـةِ، وعلى ألـِهِ وأصْــحـابِهِ و الَّـذِيـنَ يَـدْعـُونَ اِلىَ سَـبِـيْـلِ الـنَّـجـَاةِ فىِ الـدُّنـيَـا اِلىَ يـومِ الْـقـِيـامَـةِ الْـوَاقِــعَةِ.

أمَّــــــــا بعْـــــــــــدُ، فَيـَا أيُّهاَ الْإخْـوَان رَحِمَكُمُ اللهِ أُوْصِــْيكُم وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ لَعَلَّكُمْ تُـفْـلِـحُوْنَ ، وَقَدْ قَالَ اللهَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ ، وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا وَاذْكُرُوا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنْتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنْتُمْ عَلَى شَفَا حُفْرَةٍ مِنَ النَّارِ فَأَنْقَذَكُمْ مِنْهَا كَذَلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ آَيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ.

اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ.

اللّٰهُمَ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ وَضَعِّفْ لَهُمُ الْحَسَنَاتِ وَكَفِّرْعَنْهُمُ السَّيِّئَاتِ وَبَلِّغْ جَمِيْعَ الْمُسْلِمِيْنَ اِلَى الآخِرَةِ آمِنِيْنَ،  وَانْشُرْ وَافِرَ اِحْسَانِكَ عَلى بَلْدَتِنَا وَقَرْيَتِنَا هٰذِهِ وَسَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ. إِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.

رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلِاِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْاِيْمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِى قُلُوْبِنَا غِلًّا لِلَّذِيْنَ امَنُوْا رَبَّنَا اِنَّكَ رَؤُفٌ رَحِيْمٌ  .وَصَلَّى اللهُ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ اْلاُمِّيِّ الْحَبِيْبِ الْعَالِى الْقَدْرِ الْعَظِيْمِ الْجَاهِ وَعَلىَ أٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارَكَ وَسَلَّمَ. وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

 

عِبَادَ الله! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.  وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَر!

 

* Teks meniko kepareng dipun kopas sinten mawon kagem materi Khutbah Jum'at