Jumat, 31 Desember 2021

KHUTBAH JUM'AT BAHASA JAWA - MUHASABAH

 

الخطبة الأولى

 

الْحَمْدُ لِلَّهِ، وَ الْحَمْدُ لِلَّهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلَّهِ، الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاۤءً وَّالْقَمَرَ نُوْرًا، وَّقَدَّرَهٗ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوْا عَدَدَ السِّنِيْنَ وَالْحِسَابَ. أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ، وأشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَانَبِيّ بعدَهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ ابْنِ عَبْدِ اللهِ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ  وَ هُوَ قَائِلٌ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَاب، وَقَالَ ايضا:  وَاذْكُرُوْا نِعْمَةَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ وَمِيْثَاقَهُ الَّذِيْ وَاثَقَكُمْ بِهٖٓ ۙ اِذْ قُلْتُمْ سَمِعْنَا وَاَطَعْنَا ۖ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ ۢبِذَاتِ الصُّدُوْرِ.


Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Sumonggo sesarengan kito tansah ningkataken raos syukur, ugi tansah ningkataken raos takwa dumateng Gusti Alloh SWT.

Sholatulloh wasalaamuhu katur dumateng bendoro Rosul Muhammad SAW. Mugio kito tansah istiqomah anggenipun netepi sedoyo sunah, sahinggo kito saget kasebat dados umatipun ngantos wonten ing akhirat mbenjang.


Kaum muslimiin rohimakumulloh.

Sumonggo kito muhasabah atas sedoyo amal engkang sampun kito lalui, mboten namung ngemut-emut amal engkang sae mawon, engkang biasanipun hal meniko justru ndadosaken kito riya’ utawi sombong, ananging muhasabah meniko introspeksi diri, langkung khatah pundi, amal engkang sae punopo amal maksiat engkang langkung kathah kito lampahi, dengan harapan muhasabah meniko ndadosaken kito berlomba-lomba dalam kesaenan soho ketakwaan dumateng Alloh SWT.


Perintahipun Gusti Alloh wonten ing Al-Qur’an :


فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ ۚ أَيْنَ مَا تَكُونُوا يَأْتِ بِكُمُ اللَّهُ جَمِيعًا


Mongko netepono siro kabeh ing dalem kabecikan, ono ing ngendi wae panggonane mbesok Gusti Alloh bakal ngumpulake siro kabeh ing dalem akhirat, QS. Al-Baqoroh : 148


Perintah sak lajengipun kasebataken wonten ing QS. Al-Hasyr : 18


يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ


He wong-wong kang podo iman, taqwao siro kabeh marang Gusti Alloh lan saben-saben awak siro biso mirsani opo kang wus dilakoni kanggo akhirat, taqwao marang Gusti Alloh saktemene Gusti Alloh iku luwih mangerti kelawan opo kang wis siro kabeh lakoni.


Ayat meniko ndawuhaken dumateng kito selaku tiyang mukmin supados kito selalu bermuhasabah, introspeksi dumateng sedoyo engkang sampun kito lampahi engkang tentu kemawon muhasabah amal perbuatan engkang kagem tujuan akhirat, bahkan wonten ayat puniko perintah taqwa dipun wangsuli kaping kalih, menandakan bahwa muhasabah meniko saestu penting sanget kagem tolak ukur kualitas takwa kito. Bahwa tiyang mukmin engkang kerso muhasabah meniko ugi termasuk salah setunggalipun tondo tandane ketakwaan dumateng Gusti Alloh SWT.


Ma’asyirol muslimiin rohimakumulloh

Sayyidina Ali bin Abi Tholib ndawuhaken, kasebat wonteng ing kitab Nashoihul ‘ibad li imam ibni hajar Al-Asqolani. Dawuhipun :


كُنْ عِنْدَ اللهِ خَيْرَ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّفْسِ شَرَّ النَّاسِ وَكُنْ عِنْدَ النَّاسِ رَجُلاً مِنَ النَّاسِ


Dadio manungso sing paling apik ing ngarsane Gusti Allah, lan dadio manungso sing paling ino naliko introspeksi diri, lan dadio manungso biasa ing ngarepe wong liyo.


Terkait Dawuhipun Sayyidina Ali meniko Syekh Abdul Qadir Al-Jilani njelasaken :

Engkang pertama, bahwa kito selaku hamba nalikanipun ibadah dumateng Pengeran kedahipun kanthi ibadah engkang terbaik, kito tunjukkan dumateng Gusti bahwa kito selaku manungso hakekatipun namung hamba engkang mboten sanes namung netepi nopo engkang dipun dawuhaken Gusti, pramilo sedoyo engkang kito persembahkan meniko namung lillahi ta’ala mboten wonten niat sanes sahinggo kito saget manggihi derajatipun kemulyaan wonten ing ngarsanipun Gusti Alloh SWT.

Engkang ongko kaleh, naliko kito introspeksi kito kedah memposisikan diri meniko sebagai hamba engkang ino, sedoyo amal ibadah engkang sampun kito lampahi sejatosipun mboten wonten sak tetes dibandingaken samudra rohmatipun Pengeran.

Engkang ongko tigo, dihadapanipun sesami manungso kito kedah memposisikan diri sebagai manusia biasa engkang mboten terlalu membanggakan amal kesaenan, nopo maleh bangga dumateng kemaksiatan.


Hal meniko sampun dipun emutaken Gusti Alloh wonten ing QS. AL-Furqon : 23


وَقَدِمْنَآ إِلَىٰ مَا عَمِلُوا۟ مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنَٰهُ هَبَآءً مَّنثُورًا


Lan ingsun (Alloh) paring ganjaran songko amal ibadah kang den lakoni koyo dene lebu kang mabur kesentor angin.


Maksutipun inggih puniko tiyang engkang beribadah ananging pamrih supados diakoni denening tiyang lintu lan kesupen bilih sejatosipun ibadah meniko namung kagem Gusti Alloh SWT.

Kados prinsip Ahlussunnah Wal Jama’ah bahwa cerminan umatipun Kanjeng Nabi inggih puniko tiyang engkang tawasuth soho tasammuh nalikanipun berhadapan dumateng sesami, artosipun kagungan sikap wonten ing tengah-tengah, mboten terlalu ekstrim ke kanan ugi mboten terlalu ekstrim ke kiri wonten ing kehidupan bermasyarakat.


Kaum muslimiin rohimakumulloh

Setunggalipun hikmah engkang saget kito renungaken inggih puniko kados dawuhipun Rosululloh SAW


مَنْ كَانَ يَوْمُهُ خَيْرًا مِنْ أَمْسِهِ فَهُوَ رَابِحٌ


Sinten tiyang engkang dinten meniko langkung sae dipun bandingaken dinten kapengker mongko menikolah tiyang engkang bejo.

Pramilo selain evalusi atas sedoyo engkang sampun kito lalui, kito ugi kedah mempersiapkan diri supados tahun engkang bade dateng langkung sae dari pada tahun meniko. Ugi mboten kesupen mempersiapkan diri kagem kehidupan engkang langkung abadi.

Akhirul khutbah, kito berharap mugi-mugi Gusti Alloh tansah paring kesempatan, kesehatan, yuswo engkang panjang, supados kito saget istiqomah anggenipun ibadah, sahinggo kulo panjenengan sami kagolong tiyang engkang bejo, bejo wiwit saking alam dunyo ngantos dumugining akhirat mbenjang, Aamiin..

 

بَارَكَ الله لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلعَظِيْم ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

  الخطبة الثانية

 

اَلْحَمْدُ ِللهِ٠ اَلْحَمْدُ ِللهِ الًّذِى خَلَقَ الْاِنْسَانَ فِي أَحْسَنِ تَقْوِيْمِ.  أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلمُبِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِدنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْوَعْدِ الأَمِيْنِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلمِّ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ المَبْعُوْث رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ. لَاحَوْلَ وَلَاقُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ اْلعَلِيِّ اْلعَظِيْمِ

أَمَّا بَعْدُ. أَيُّهاَ اْلحَاضِرُوْنَ حَفِظَكُمُ اللهُ. أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ. وقَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى ٱللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُۥٓ ۚ إِنَّ ٱللَّهَ بَٰلِغُ أَمْرِهِۦ ۚ قَدْ جَعَلَ ٱللَّهُ لِكُلِّ شَىْءٍ قَدْرًا. و قال تعالى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.  فَاَجِيْبُوْا بِالصَّلَاةِ اللهِ وَتَسْلِيْم، اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّم عَلَى سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاصَحابِهِ اَجْمَعِيْن وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ  اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِىَ الْحَاجَاتِ. اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِين وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. برحمتك يا ارحم الراحمين٠

اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغلاء و اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً انك على كل شئ قدير. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ.  وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر


·  *Teks meniko pareng dipun kopas sinten mawon kagem materi khutbah Jum'at

Jumat, 13 Agustus 2021

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Tahun Baru 1443 H - 76 Tahun HUT RI

 

اَلحَمدُ لله. اَلحَمدُ لله مُجَدِّدِ الْأَعْوَامِ عَامًا بَعدَ عَامٍ، الَّذِي افتَتَحَ بِأَفْضَلِ الأَشهُرِ شَهرِ المحَرَّمِ هَذَا العَام. أَشهَدُ أَن لَا إله إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ المَلكُ العَلّام. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ سَيِّدُ الأَنَامِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَولَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَينِ مُتَلَازِمَينِ فِى كُلِّ أَيَّامٍ. أَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ الله، أُوصِيكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. صدق الله العظيم.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Mboten wonten kalimat, engkang langkung sae kito ucapaken kagem mensyukuri nikmat, kejawi waosan tahmid alhamdulillah, mugio kanthi syukur saget ndadosaken kualitas takwa kito meningkat, sahinggo kito langkung ikhlas ing dalem nglampahi sedoyo dawuh-dawuhupun Gusti Kang Hakaryo Jagat.

Sholawatulloh wasalamuhu tansah katur kunjuk dumateng Nabi Agung Rusululloh bi qouli Allohumma Sholli ‘ala sayyidina Muhammad, mugio kanthi sholawat saget ndadosaken raos tresno kito dumateng Kanjeng Nabi tansah meningkat, sahinggo kito kagolongaken umatipun engkang nampi syafaat, langkung-langkung mbenjang wonten ing dalem akherat. Amin Allohumma Amiin.

Kaum Muslimin rohimakumulloh.

Wonten ing dalem sepekan meniko, kito kapinggihaken kaleh dinten engkang agung, agung menggahipun kito umat islam, ugi agung menggahipun kito bangsa Indonesia. Seloso kapengker kito sampun mlebet wonten ing wulan enggal inggih puniko wulan muharrom utawi wulan suro menggahipun tiyang jawi, artosipun kito memasuki tahun enggal 1443 Hijriyah. Lajeng Seloso engkang badhe dateng kito ugi bade manggihi tanggal 17 agustus inggih puniko dinten peringatan proklamasi, dinten kawitanipun Bangsa Indonesia diakui oleh dunia internasional sebagai negara engkang merdeka.

Tahun enggal mboten cekap namung sekedar sebagai peringatan ke mawon, ananging saestu kito selaku umat islam, ugi kedah saget mundut hikmahipun. tahun hijriyah mboten diawiti saking timuripun Kanjeng Nabi, mboten ugi diawiti nalikanipun agami islam mulai dipun ajaraken dening Kanjeng Nabi, ananging tahun hijriyah meniko dipun awiti tigang welas tahun sak sampunipun kenabian, dipun awiti sak sampunipun ikhtiar ugi usaha engkang mboten tepang kalimat putus asa. Mboten sekedar hijroh secara dzohir, ananging secara batin umat islam ugi saestu hijroh saking zaman jahiliyah engkang gelap gulita penuh kegelapan.

Kasebataken kathah riwayat wonten ing tarikhul islam, bileh zaman jahiliyah meniko saestu zaman engkang memprihatinkan, mboten namung Kanjeng Nabi ingkang prihatin ananging prihatin ugi tumrapipun umat islam, kados dene Sahabat Usman bin Affan, Bilal bin Robbah, Amr bin Yasir, Mus’ab bin Umair, meniko namung sebagaian tulodo engkang ngraosaken siksaan bahkan nampi perilaku engkang mboten manusiawi saking kafir quraisy ing zaman jahiliyah. Ananging sak sampunipun poro muhajirin inggih puniko sebutanipun poro shohabat engkang hijroh saking Makkah, bersatu kalian poro shohabat Ansor wonten ing Madinah, nembe saget dipun raosaken buahipun perjuangan, keranten persatuan menikolah engkang saget ndadosaken umat islam kiyat. Saling menghargai perbedaan, paring pambiyantu setunggal tiyang dumateng tiyang lintu, ngraosaken tiyang sanes engkang seagami meniko kados dene sederek piyambak, saling menghargai, ugi saling menghormati. ing akhiripun tercipta kesatuan dibawah panji agami islam, sahinggo saget mujutaken kemerdekaan tumrapipun umat islam ingkang masyhur kasebat Fathul Makkah.

Jama’ah Jum’ah rohimakumulloh,

Hijroh meniko artosipun berpindah, menawi dipun terapaken ing zaman meniko, hijroh mboten kedah berpindah secara dzohir ananging engkang pasti berpindah saking engkang awon dumateng engkang sae, saking engkang sae dumateng engkang langkung sae maleh, artosipun selama kito saget berupaya memperbaiki diri, ikhtiyar kagem perubahan engkang sae, saking wekdal engkang sampun berlalu, dumateng kesaenan engkang bade dateng, insyaAlloh pitulunganipun Gusti Alloh tansah nyartani kulo panjengan sami, firmanipun Alloh :

وَالَّذِينَ هَاجَرُوا فِي اللّهِ مِنْ بَعْدِ مَا ظُلِمُوا لَنُبَوِّئَنَّهُمْ فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً ۖ وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

Lan wong-wong kang podo hijroh kerono Alloh sak wuse wong iku den dzolimi mongko Gusti Alloh paring panggonan kang endah ing alam dunyo, lan sak temene ganjaran ing akhirat iku luwih gedhe lamun to wong-wong iku podo mangerti. QS An-Nahl : 41

Dawuhipun sanes :

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللّهِ وَالَّذِينَ آوَوْا وَنَصَرُوا أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ

Lan wong-wong kang iman iku banjur hijroh berjuang ing dalane Gusti Alloh lan paring pitulungan marang liyan, sak temene ikulah iman kang sak temene iman, kanggo wong-wong iku Gusti Alloh bakal paring magfiroh, lan rejeki soho kamulyan. QS. Al-Anfal : 74

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Semanten ugi sebagai bangsa Indonesai, dinten seloso engkang badhe dateng kito bade memperingati 76 tahun kemerdekaan Indonesia, meniko ugi mboten namung sekedar peringatan rutinitas, ananging kito ugi kedah saget mengambil hikmah saking perjuanganipun poro pahlawan kemerdekaan. dinten meniko, wulan meniko, tahun meniko mboten saget kemerdekaan dipun peringati kanti kemeriahan, keranten bangsa Indonesia saat meniko sedang prihatin, negri Indonesia meniko sedang berduka, sedang menderita, mbetahaken perjuangan soho ikhtiar saking kulo panjenengan sedoyo, dinten meniko mboten wekdalipun hura-hura, wekdal meniko saget dados pembuktian dospundi usaha kito nerusaken perjuanganipun poro pahlawan. kito kedah emut kados dene nopo engkang dipun aturaken dening mbah-mbah kito, betapa beratnya perjuanganipun ing zaman penjajahan, bahkan namung sekedar kagem dahar mawon tanah ngantos dipun sade, ageman, rasukan sampun mboten kados pakaian, nopo maleh babagan pendidikan, tiyang engkang saget berhitung, saget membaca meniko prestasi engkang langka, kito ugi prihatin, jaman semanten rakyat meniko dipun paksa bekerja, tanpo wonten hak engkang dipun terima. Ananging keranten ikhtiaripun poro pejuang kemerdekaan, saking Sabang sampai Merauke bersatu tanpa membedakan agama dan suku, akhiripun cita-cita bangsa Indonesia meniko terwujud, kemerdekaan dipun proklamasikan.

Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh

Keranten kulo panjenengan sami meniko tiyang alit, tiyang awam engkang mungkin dereng kagungan peran utawi dereng saget nderek-nderek kagem mengisi kemerdekaan, ananging kito kedah mangertos bileh hubbulwaton minal iman, cinta dumateng tanah air meiko sebagian saking iman, Dawuhipun Sayyidina Umar bin Khottob :

ﻟَﻮْلَا ﺣُﺐُّ ﺍﻟْﻮَﻃَﻦِ ﻟَﺨَﺮُﺏَ ﺑَﻠَﺪُ ﺍﻟﺴُّﻮْﺀ ﻓَﺒِﺤُﺐِّ ﺍﻟْﺎَﻭْﻃَﺎﻥِ ﻋُﻤِﺮَﺕِ ﺍْﻟﺒُﻠْﺪَﺍﻥُ

Lamunto rakyat ora tresno marang negerane, mongko negoro iku bakal rusak, kanthi cinta tanah air negoro iki bakale manjing kejayaan.

berjuang saat meniko mboten kedah mengangkat senjata, saget mawi tenaga, harta benda, saget mawi ide pemikiran sae, Dawuhipun Alloh :

الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنْفُسِهِمْ أَعْظَمُ دَرَجَةً عِنْدَ اللَّهِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ

Wong kang iman banjur hijroh lan berjuang fisabulllahh, kanthi bandhane lan awak dewene, iku luwih duwur derajate mungguhe Pengeran, lan wong-wong ikulah sing bakale entuk kemenangan. QS. Attaubah : 20

Negri Indonesia saat meniko nglampahi cobaan pandemi, Negri meniko mbetahaken kulo panjenengan sami, menawi mboten mampu paring pambiyantu secara dzohir, sumonggo secara batin kito nderek-nderek nenuwun wonten ing ngarsanipun Gusti, kanthi ngathah-ngathahaken waosan do’a khanti ngathah-ngathahaken waosan ayat-ayat suci, insyaAlloh ing tahun enggal meniko dados kawitanipun bangsa meniko lepas saking cobaan. Kados dene petunjukipun Engkang Moho Kuaos Kasebataken wonten ing Al-Qur’an

وَنُنَزِّلُ مِنَ الْقُرْآنِ مَا هُوَ شِفَاءٌ وَرَحْمَةٌ لِلْمُؤْمِنِينَ

Lan den turunake saking Al-Qur’an iku dadi obat lan rohmat kanggo wong kang iman QS. Al-Isro’ : 82

Minimal ugi wonten ing peringatan kemerdekaan meniko kito saget nindaaken kewajiban sebagai tiyang engkang taksih gesang, inggih puniko ndungakaken dumateng engkang sampun mboten wonten, khususipun poro leluhur, poro pahlawan engkang sampun memperjuangkan kemerdekaan bangsa meniko.

Pramilo sumonggo sebagai wujud syukur atas kemerdekaan ugi ikhtiar kito wonten ing dinten seloso tanggal 17 Agustus engkang badhe dateng inggih puniko awit tabuh 10.17 menit ngantos tabuh 10.20 antawisipun namung 3 menit, kito hentikan aktifitas sejenak mengheningkan cipta maosaken do’a kagem poro leluhur pejuang bangsa meniko, soho doa kagem kesaenan soho kemaslahatan negari kito Indonesia.

Ing pangajab mugi-mugi poro leluhur, poro pejuang engkang sampun ngrumiyini kulo panjenengan sami, saestu pikantuk rohmatipun Pengeran dados piwales ganjaran atas perjuanganipun poro pahlawan.

Akhirul khutbah mugi-mugi Gusti Alloh enggal paring pitulungan dumateng Negri kita tercinta puniki, soho barokahipun kacurahno dumateng generasi penerus inggih puniko kulo panjengan sami. Tansah manjing kawilujengan wilujeng fidiini waddunya hattal akhiroh, Amin-amiin YRA.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.

وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم 

 

 

KHUTBAH II

اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الّذي جَعَلَ الشّهرَ هٰذَا شهرَ الاستقلال . اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوآللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ بَحْرِ أَنْوَارِكَ وَمَعْدِنِ أَسْرَارِكَ وَلِسَانِ حُجَّتِكَ وَعَرُوسِ مَمْلَكَتِكَ وَإِمَامِ حَضْرَتِكَ وَطِرَازِ مُلْكِكَ وَخَزَائِنِ رَحْمَتِكَ وَطَرِيقِ شَرِيعَتِكَ الْمُتَلَذِّذِ بِتَوْحِيدِكَ إِنْسَانِ عَيْنِ الْوُجُودِ وَالسَّبَبِ فِي كُلِّ مَوْجُودٍ عَيْنِ أَعْيَانِ خَلْقِكَ الْمُتَقَدِّمِ مِنْ نُورِ ضِيَائِكَ صَلاَةً تَدُومُ بِدَوَامِكَ وَتَبْقَى بِبَقَائِكَ لاَ مُنْتَهَى لَهَا دُونَ عِلْمِكَ صَلاَةً تُرِضِيكَ وَتُرْضِيهِ وَتَرْضَى بِهَا عَنَّا يَا رَبَّ الْعَالَمِينَ. بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، وجميعِ مؤسسِ بَلدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا هذا، وَجميعِ اُصولهِم وفُروعِهِم وذَوِي الحُقوقِ عليهِم اَجمعيْنَ، اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِين وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الغلاء وَالبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا وقَريتِنا كافونان خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ.

فصلى اللهُ على سيدنا محمد النبي الأمي وعلى آله وصحبه بارَكَ وسلَّمَ. والحمد لله رب العالمين.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ  

Kamis, 25 Maret 2021

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa (Nisfu Sya'ban)

 

KHUTBAH I

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ….. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ لَهُ الْمُلْكُ وَ لَهُ الْحَمْدُ كُلُّهُ, وَ بِيَدِهِ الْخَيْرُ كُلُّهُ, وَ إِلَيْهِ يَرْجِعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ, أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وتعالى وَأَشْكُرُهُ أَسْتَغْفِرُهُ وَأَسْتَعِينُهُ. وإِنِّي بِحَقِّ الْيَقِينِ َأَشْهَدُ أَنْ لَاإِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ الْمُقْتَدِيْنَ بِهِ فِيْ كُلِّ حَالَاتِهِ. ثُمَّ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَالزَّادِ التَّقْوَى. فَقَالَ اللهُ عَزَّ وجل مِنْ قَائِلٍ : لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِنْ أَنْفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَحِيمٌ . صدق الله العظيم.

 

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Ngemutaken dumateng pribadi kulo khususipun, soho umumipun dumateng poro jama’ah sedoyo, bilih dinten meniko dinten jum’at legi tanggal 12 Sya’ban, artosipun dinten ahad pon malem senin wage mbenjing mben meniko, sampun malem 15 Sya’ban, kasebat malem nisfu sya’ban engkang istimewa sanget wekdalipun. Kados dene dipun dawuhaken Imam Syafi’i bileh Nisfu Sya’ban meniko termasuk wekdal engkang mustajabah kagem ndungo dumateng Dzat Engkang Moho Kuaos, keranten wonten ing malam nisu Sya’ban Rohmatipun Alloh dipun turunaken dumateng sinten mawon engkang nenuwun. Awit saking wekdal maghrib ngantos wekdal fajar, dumateng sinten mawon engkang tobat Gusti Alloh paring pangapunten, sinten engkang nyuwun rizqi Gusti Alloh paring risqi, sinten engkang sakit nyuwun kesarasan Gusti Alloh paring kesehatan, ugi sedoyo hajat bade dipun kabulaken. Dawuhipun Rosul :

يطَّلِعُ اللهُ إلى خلقِه في ليلةِ النِّصفِ مِن شعبانَ فيغفرُ لجميعِ خلقِه إلَّا لمشركٍ أو مشاحنٍ.

Gusti Alloh ing malam nisfu sya’ban paring pangapunten dumateng sedoyo makhluk engkang bertaubat, kejawi tiyang musyrik lan tiyang engkang bermusuhan.

Senaoso Gusti Alloh paring ijabah dumateng sedoyo dungo, kados dene nopo engkang kadawuhaken  ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ  ananging kito ugi kedah tau diri, ibaratpun warga negara yang baik, mboten mungkin kito nyuwun fasilitas sae bade dipun kabulaken, menawi kito meniko seorang kriminal engkang melanggar aturan, Ibaratipun tiyang sepah, mboten mungkin ngabulaken panyuwunanipun putro menawi engkang putro meniko lare nakal, nopo maleh naliko nyuwunipun kanthi tanpo adab.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Pramilo sumonggo kito selaku hamba Alloh tentu kito kedah ngathah-ngathahaken amal ibadah sak derengipun ndedungo, sumonggo kito bertaubat saking maksiat engkang sampun kito lampahi, sak derengipun kito kagungan hajat ndungo dumateng Gusti. Kito tingkataken amal ibadah kito, arupi nopokemawon, awit saking ibadah sholat, siam, shodaqoh, maos Al-Qur’an, ngathah-ngathahaken dzikir lan sholawat, tolabul ilmi, lan amal ibadah sae sanesipun. Keranten wulan Sya’ban meniko kadang terlupakan amargi kito terlalu fokus dumateng Romadlon engkang sekedap maleh badhe dateng.

Kasebataken wonten riwayatipun imam Nasa’i Dawuhipun Rosululloh SAW :

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

Wulan iku sering dilalekake manungso, wulan ing antarane rojab lan romadhon, yoiku sya’ban, ing wulan iku den angkat amale manungso maring Gusti Kang nguasani sekabehane jagat.

Nabi Muhammad SAW meniko remen, nalikane cathetan amalipun diangkat Gusti Alloh, Panjenenganipun wonteng ing kahanan ibadah. Meniko engkang kedah kito tuladhani, ibaratipun ujian kelulusan ampun ngantos naliko ujian awalipun sampun sae, ananging naliko ujian akhir kito pikantuk nilai merah, ing artosipun ampun ngantos naliko cathetan amal kito dipun angkat ternyata justru dosa maksiat engkang kito lampahi. Na’udzubillahi min dzaalik.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Wonten ing wulan Sya’ban meniko wonten beberapa peristiwa penting engkang kito kedah mangertosi, engkang pertama, ing wulan sya’ban meniko kasebat dados wulanipun kanjeng Nabi, keranten ing wulan meniko ayat perintah sholawat Qur’an Surat al-Ahzab ayat 56 dipun turunaken, engkang bunyinipun “Saktemene Gusti Alloh lan poro Malaikat ngaturaken sholawat dumateng Nabi, Mongko siro he wong-wong kang mukmin, sholawato siro kabeh lan ucapno salam penghormatan marang Nabi.” Ingih puniko Kanjeng nabi Muhammad SAW. Pramilo saking asbabun Nuzul ayat meniko saget dipun simpulaken bileh ngathah-ngathahaken dzikir sholawat ing wulan meniko tentu sangat dianjurkan.

Engkang ongko kaleh, ing wulan sya’ban wonten peristiwa bersejarah dipun awiti Ka’bah Wonten ing Masjidil Harom dados kiblatipun umat islam engkang sakderengipun kiblatipun dumateng Baitul Maqdis Masjidil Aqsho. Wonten ing malem nisfu sya’ban, Gusti Alloh perintah dumateng Kanjeng Nabi kanthi dipun turunaken QS. Al-Baqoroh ayat 144.

قَدْ نَرَى تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ

meniko peristiwa agung engkang dados ujian keimanan umat islam, nuduhaken bileh sejatosipun engkang dipun sembah inggih puniko Gusti Alloh, Sanes Masjidil Aqsho sanes ugi Ka’bah wonten ing masjidil Harom engkang dados kiblatipun umat islam naliko sholat. Prailo ngathah-ngathahaken sholat sunnah ing malem nisfu sya’ban ugi sanget dipun anjuraken.

Engkang ongko tigo, wonten ing wulan sya’ban tahun 2 Hijriyah, ayat perintah siam ugi dipun turunaken, engkang sakderengipun umat islam meniko siam wajib wonten ing 3 dinten setiap wulanipun, sak sampunipun turun ayat

يَاأَيُّهَا الَّذِينَ ءَامَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Mongko kewajiban siam kagem umat islam dipun tetapaken dados sewulan penuh ing wulan romadlon. Pramilo kito kedah emut bilih perintah siam meniko turun wonten ing wulan sya’ban, naliko semanten poro shohabat mempersiapkan diri ing wulan sya’ban kanthi nglampahi siam sunnah, supados terbiasa ugi mboten kaget naliko manjing wulan siam romahon, wonten ing wulan sya’ban sak derengipun Romadhon dugi Rosululloh SAW ugi dawuh :

صوموا لرؤيتهِ وأفطِروا لرؤيتهِ فإنْ غُمَّ عليكم فأكمِلوا عدَّةَ شعبانَ ثلاثين يومًا

Poso’o siro kabeh kerono siro wis mirsani hilal, mongko lamun paningal siro katutup mendung sempurnakno wilangane sya’ban khanthi 30 dino.

Pramilo ing pertengahan akhir sya’ban meniko sumonggo kito laksanaaken sedoyo perintahipun Gusti, ugi kito laksanaaken sabdo dawuh sunahipun Rosululloh SAW, sahinggo kito kagolong dados tiyang-tiyang engkang bertaqwa.

Ma’asirol muslimin rohimakumulloh

Akhirul khutbah, ing wekdal sya’ban meniko sumonggo kito manfaataken kanthi sak sae-saenipun, khususipun saget taqorub ilalloh ing malem nisfu sya’ban mangke. mugi Gusti paring barokah dumateng kito sedoyo, dipun paringi panjang yuswo, mirah rezeqi, sehat lahir soho batih kito, sahinggo kapanggihaken wulan romadhon wulan mulyo engkang badhe dateng. Aamiin YRA.

 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ الآيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 

 

KHUTBAH II

الحمد لله….. الحمد لله الذي خلق الموجودات من ظلمة العدم بنور الإيجاد. وجعلها دليلا على وحدانيته لذوي البصائر إلى يوم المعاد. وشرع شرعا اختاره لنفسه. وأنزل به كتابه وأرسل به سيد العباد . أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِيْ تُنْحَلُ بِهَ الْعُقَدُ وَتَنْفَرِجُ بِهِ الْكُرَبُ وَتُقْضَى بِهِ الْحَوَائِجُ وَتُنَالُ بِهِ الرَّغَائِبُ وَحُسْنُ الْخَوَاتِيْمِ وَيُسْتَسْقَى الْغَمَامُ بِوَجْهِهِ الْكَرِيْمِ وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ عَدَدَ كُلِّ مَعْلُوْمٍ لَكَ.

( أمّا بعدُ ) فيَآايُّهاالنّاسُ اتَّقُوا اللهَ تعالى وَذَرُوا الْفَواحِشَ ما ظهَرَ مِنْها وما بَطَنَ. وحافظُوا على الطَّاعَةِ وَحُضُورِ الْجُمُعَةِ والجَماعَةِ . وَاعْلَمُوا  أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ  فِيه بِنَفْسِهِ, وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بقُدْسِهِ. فَقالَ تعالى ولَمْ يَزَلْ قائِلاً عَلِيمًا: إِنَّ اللهَ وَملائكتَهُ يُصَلُّونَ على النَّبِيِّ يَآ أَيّها الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وسَلِّمُوا تَسْلِيْمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ و بَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدُ. وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاء الرّاشِدِينَ وعَنْ سائِرِ أَصْحابِ نَبِيِّكَ أَجْمَعينَ وَعَنِ التَّابِعِينَ وتَابِعِي التَّابِعِينَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسانٍ إِلَى يَومِ الدِّينِ,  وَارْضَ عَنا معهم برحمتك يا ارحم الراحمين.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيعٌ قَرِيبٌ مُجِيبُ الدَّعَوَاتِ، فَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ

اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَالِحَ أَعْمَالِنا وَاجْعَلهَا خَالِصةً لِوَجْهِكَ الكَرِيمِ

اللَّهُمَّ اجْعَلْ لَنا مِنْ كُلِّ ضِيقٍ مَخْرَجاً، وَمِنْ كُلِّ هَمٍّ فَرَجاً، وَمِنْ كُلِّ بَلاَءٍ عَافِيَةً

أللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّغْنَا رَمَضَان

اللَّهُمَّ إِنا نعُوْذُ بِكَ مِنْ جَهْدِ الْبَلاَءِ وَدَرْكِ الشَّقَاءِ وَسُوْءِ الْقَضَاءِ وَشَمَاتَةِ اْلأَعْدَاءِ.

إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَئٍ قَدِيْرٌ وَبِالْإِجَابَةِ جَدِيْرٌ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

فصلى الله  على سيدنا محمد صلاَةً   تدوم  بِدوامك و تبقَى بِبقاَئك لاَمنتهى لَها دونَ علْمك صلاَةً ترضيك و ترضيه و ترضى بِها عناَّ  ياَرب اْلعاَلَمين, والحمد لله رب العالمين.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ. وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.