Jumat, 27 Oktober 2017

Selamat Hari Blogger Nasional

Selamat Hari Blogger nasional 27 Oktober 2017. Meskipun wis jarang posting aku tetep blogger, Wkwkwk...

Orasah maido, mugo-mugo ae blogku sek ono manfaate, ra ketang mung kanggo nulis bahasan seng ra tek penting, tapi lumayan kanggo ngisi kelonggaran wektu.

Mbuh wis lali pirang tahun umure blogku iki, seng penting saiki sek panggah koyo biyen.

Wis ngono ae,
Sugeng dinten blogger nasional yo gaes...

Njoworatowekijane?

Kamis, 17 Agustus 2017

FDS Pembunuh Sinoman Bangsa


Full Day School seng biasane disingkat FDS langsung ke intine mawon, FDS adalah sistem pembunuh Madrasah Diniyah seng wis jelas diakui pemerintah bahwa Madrasah Diniyah adalah Sistem pertama yang paling berpengaruh untuk membentuk karakter, akhlak dan moral bangsa. Ora perlu dijelasne dowo-dowo wis akeh seng podho mbahas bab iki. Aku mung arep mbahas efek buruk FDS marang kahanan neng desoku.


Neng Desoku Kaponan Kecamatan Mlarak Kabupaten Ponorogo ono Madrasah Diniyah seng biyen budale sekolah diniyah iku jam 13.30 awan, Nalikane sekolah SD ditambahi jam pelajarane sahinggo mulihe sekolah jam 13.00 mongko madrasah Diniyah menyesuaikan budale diganti jam 14.30 sore. Lha yen saiki Sekolah isuk sedino bleg mulihe jam papat sore alias sistem FDS, yen ora bubar Madrasah Diniyah kon bukak jam piro? Bar Maghrib? Iyo lek guru sekolah isuk iku ora ngewehi PR seng akehe podo karo kandele bayarane. Rasane sedino iku kok maleh koyo kurang yen mung patlikur jam.


Neng Deso kelahiranku Kaponan, jiwa kerukunan lan kegotong-royongane wus apik banget. Nalikane ono wong nduwe hajat mantu lan hajatan liyane, pramusajine iku songko gotong-royonge sinoman alias pemudane. Umume Hajatan mantu neng desoku iku dilaksanaake sore mulai jam siji awan biasane. Seng nyengkuyung hajatan mantu mulai songko perlengkapan, acara becek’an, jagongan, sampai resepsi, seng biasane mangan wektu patang ndino iku yo poro sinoman pemuda seng roto-roto seusia sekolah menengah keatas. Singkate EO utowo Event Organizer acara Mantenan neng desoku iku yo Sinoman ikulah seng tandang gawe, gotong royong, kerja bakti, sambatan, alias ora dibayar, mergo iki wujut pengabdian pemuda, saling membantu antar sesama.


Nah, yen FDS iki sido dicanangke pemerintah, mongko bubrahlah kerukunan, kegotongroyongan pemuda neng desoku, wong mantu ora enek seng ngrewangi, amergo pemudane sekolah sedino bleg. Ono seng ngeyel, “ Yen mantu yo dino Sebtu utowo Minggu wae ”. Tak jawab sisan, yen ngono kuwi jenenge mateni penggaweane bejonggo seng biasane dijaluki tulung golek dino hajatan, iyo nek dino Sebtu Minggu iku cocok karo weton, lha nek ora sopo seng arep tanggung jawab? Kenek bethoro kolo kapok sanu.

Wis ngono wae… intine #TolakFullDaySchool

Kamis, 10 Agustus 2017

Khutbah Jum'at Bahasa Jawa - Agustusan

Khutbah Pertama

الحمد لله٠ الحمد لله رب العالمين٠ الحمد لله الذى خلق الانسان فى احسن تقويم٠اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلَّمَ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ٠ وَعَلَى آلِهِ وَاصَحْاابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اما بعد فيا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ. وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً. وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ. إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Kaum muslimin rohimakumulloh,
Sumonggo ing siang dinten jum’at meniko kito tansah ningkataken iman lan takwa dumateng Alloh SWT, kanthi netepi sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Mboten wonten kalimat engkang langkung sae kito ucapaken, kagem nyukuri nopo engkang sampun diparingaken Alloh ta’ala dumateng kito, kejawi ucapan Alhamdulillahirobbil‘alamiin. Mboten namung syukur atas nikmat engkang berupa materi, ananging ugi nikmat kemerdekaan, Inggih puniko kemerdekaan Negari Kesatuan Republik Indonesia, ingkang kedah kito syukuri sesarengan.

Perkawis puniko, kategasaken wonten ing Pembukaan Undang-undang Dasar 1945, engkang bunyinipun “Atas berkat rohmat Allah Yang Maha Kuasa, dan didorong oleh keinginan luhur, supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”. Dados sampun jelas bilih kemerdekaan ingkang dugi dinten meniko, kito raosaken lan setiap wulan Agustus kito pengeti, inggih minongko berkat rohmatipun saking Alloh SWT, pramilo kito kedah tansah ngonjukaken raos syukur atas barokah ugi nikmat Allah ingkang mulyo punika, kanthi saksae-saenipun.

Kaum muslimin rohimakumulloh,
Bilih dipun teliti, kebanyakan menungso meniko supe kelawan nikmat ingkang sampun dipun paringaken Allah, kesupen dateng sedoyo anugrah ingkang sampun ngiringi langkahipun saben dinten. Sahinggo gampang susah atinipun, gampang ngersulo ucapanipun, akhiripun gampang lali maring kewajibanipun ibadah dumateng Alloh SWT.

Gusti Alloh berfirman wonten ing Al-Qur’an,
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِنْ شَكَرْتُمْ لأزِيدَنَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ
Artosipun : Lan elingo siro nalikane Allah ngendiko “sak temene bilih siro kabeh bersyukur, mesti bakalan Ingsun tambahi nikmat kelawan siro, lan bilih siro ingkar kelawan nikmatKu, sak temene adzabKu banget larane. (Qur’an Surat Ibrohim ayat 7)

Nikmat ingkang sampun kito tampi meniko, bakalan dados pembuka utawi penutup kagem nikmat sanesipun. Bilih ngersakaken nikmat ingkang lintunipun, kedahipun saged nyukuri nikmat ingkang sampun dumugi. Ampun ngantos nglepasaken nikmat ingkang ageng kanti mboten saged nyukuri nikmat ingkang alit. Mboten perlu khawatir, mboten perlu ragu kaliyan nikmat ingkang dereng saged dumugi, nanging kedahipun khawatir bilih mboten saged nyukuri nikmat ingkang sampun kito tampi.
Kaum muslimin rohimakumulloh,
Mugi-mugi kulo panjenengan sedoyo termasuk tiyang engkas istiqomah, anggenipun nyukuri nikmat lan rohmat saking Alloh SWT, termasuk nyukuri nikmat kemerdekaan, keranten kanthi syukur atas kemerdekaan Negari Indonesia, kito termasuk tiyang engkang cinta tanah air
و قال قائل: حب الوطن من الايمان
Cinta tanah air puniko termasuk sebagian saking iman.

Kaum muslimin rohimakumulloh,
Sekedik engkang saget kulo aturaken, mugi wonten gino manfaatipun dumateng kulo panjenengan sedoyo. Allohumma Amiin.

بارك الله لي ولكم في القرآن العظيم. ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم. وجعلني وإياكم من الصالحين
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم بسم الله الرحمن الرحيم
وَلَقَدْ اٰتَيْنَا لُقْمٰنَ الْحِكْمَةَ اَنِ اشْكُرْ لِلّٰهِ‌ۗ وَمَنْ يَّشْكُرْ فَاِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهٖ‌ۚ وَمَنْ كَفَرَ فَاِنَّ اللّٰهَ غَنِىٌّ حَمِيْد
أقول قولي هذا وأستغفر الله العظيم. لي ولكم فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم




Khutbah Kedua


إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ. وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا.
اما بعد. فيا أَيُّهَا المؤمنون. اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجًا وَمَن يَتَّقِ اللهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا
واعْلَمُواانَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَالسَّلاَمِ عَلَى رَسُوْلِهِ :إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ٠ وَعَلَى آلِهِ وَاصَحْاابِهِ اجمعين٠ الحمد لله رب العالمين ٠

اللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَ ذُنُوْبَ وَالِدَيْنَا وَارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدّعَوَاتِ يا قاضي الحاجات
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ
رَبَنَا ءَاتِنَا فِي الدّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ .
عِبَادَاللهِ، إِنَّاللهَ يَأْمُرُكُم بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِوَالْبَغْيِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوااللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاسْأَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُاللهِ أَكْبَرُ
Senin, 01 Mei 2017

Ngujubne Hajat (Boso Jowo)

Assalamu ‘alaikum wr wb.

Nuwun keparengo matur wonten ngersanipun poro rawuh sepuh miwah anem sedoyo. Sak derengipun kulo matur mbok bilih wonten kalepatan atur kulo ing sak mangke kulo nyuwun gonging samudro pangarsami.

Sumonggo kulo aturi sesarengan muji syukur wonten ngersanipun Gusti Allah ingkang moho kuaos , ingkang paring kanikmatan karahayon dumateng kito sedoyo.
Antawisipun nikmat kesarasan, keimanan soho keislaman sehinggo wekdal meniko kulo lan panjenengan sami saget hangrawuhi punopo ingkang dados jawilanipun bopo ………………………….sak kukuban.
Bopo…………….sak kukuban Hangaturi rawuh dumateng kulo soho panjenengan sedoyo ingkang sak perlu bade dipun suwuni sawab pandunganipun wilujeng slamet anggenipun bade kagungan hajad………………………………….mugi-mugi Gusti ingkang Hangaryo jagat tansah maringi keslametan karahayon mboten wonten alangan setunggal punopo-punopo.

Sholawat  soho salam mugi kunjuk atur dumateng Gusti kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluargo soho shohabatipun Abu Bakar, Umar, Usman soho Ali Alaihi sholatu wassalam.
Dene wekdal meniko kulo kapurih ngikrar aken punopo ingkang dados niat soho Hajatipun shohibul Bait bopo…………………………….Wodene wekdal meniko bopo…………………..kagungan Hajad injih meniko bade………………………
Pramilo panjenengan sedoyo dipun aturi Nyekseni lan dipun suwuni pandungo wilujeng dumateng bopo ……………………..sak kukuban, mugi-mugi asalipun Gelar Genduri Sodaqohan wonten dalu puniko tansah pikantuk barokah soho Rahmad saking Gusti Allah SWT.
Ing wekdal meniko bopo……..Rerakit Ubo Rampinipun Gelar Genduri ingkang sampun wonten Ngarso Panjenengan sedoyo.

Sepindah Rerakit BUBUR ABANG PUTIH, Meniko kangge mbektosi sederek ipun bopo…….ingkang lahir tunggal sedino, Marmarti Kakang Kawah Adi Ari-ari Sederek sekawan gangsal pancer Getih Puset. Sederek ipun ingkang kerawatan lan sederekipun ingkang mboten kerawatan, Sederekipun ingkang Lahir medal Margo ino soho Sederekipun ingkang lahir mboten medal Margo ino, Soho Sederekipun ingkang lahir sareng sedino. Sederekipun ingkang tunggal sakpertapan sanes panggenan ingkang kandek Dasare tuyo Dasare Bumi . Pramilo dipun bektosi mugi-mugi Maringono pandungo wilujeng sak rintene soho sak dalunipun mboten wonten alangan se tunggal punopo-punopo. Lan Mbektosi sederek ingkang Celak tanpo Sinenggol tebih tanpo wangenan, Mugi-mugi Maringono Wilujeng dumateng bopo………..sak keluargonipun.

Bubur Abang Putih sebab meniko atur bekti dumateng Kyai Smerobumi soho Nyai Smorobumi, Kaki Danyang soho Nini Danyang ingkang  Mbahu Rekso Dusun………..Kelurahan …………….mriki.

Ingkang sak lajengipun Bopo……………..Rerakit Pisang Ayu sekar konyoh Gondo Arum meniko Atur bekti Dumateng Simbok Dewi Fatimah ingkang sumare wonten Mekkeh Madinah. Pramilo dipun bekteni Mugi-mugi Maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten alangan setunggal punopo punopo.

Ingkang saklajengipun Bopo ……………..Rerakit sekol suci Ulam sari, Duduh Lembaran. Atur bekti dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, Keluargo soho Shohabatipun sekawan inggih meniko Abu bakar, Umar, Usman soho Ali alaihi sholatu wassalam.

Lan Atur bekti dumateng Bopo Adam Ibu Howo,  Bopo Angkoso Ibu Pertiwi lan Atur bekti dumateng poro Nabi, poro Wali,  poro Suhada, poro Alim Ulama, poro Mukmin Mukminat. Pramilo dipun bekteni mugi-mugi maringono Pandungo wilujeng Rinten sak Ndalunipun mboten wonten Alangan setunggal punopo-punopo. Sebab maleh atur bekti dumateng Kanjeng nabi Sulaiman Alaihi salam ingkang  Nguasani Kutu-kutu, Walang, Atogo sak lumahing Bumi sak kureping Langit, Pramilo dipun bekteni mbok bilih  wonten kirang kalepatanipun Anggenipun Amragat Sato Iwen ingkang  Suku kalih soho Sato Iwen ingkang Suku sekawan Mugi-mugi Kanjeng Nabi Sulaiman kerso Amaringi pangapunten.

Mekaten Atur kulo kirang langkungipun nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr wb.