Senin, 29 Agustus 2016

Mukidi Episode Nandur Telo

Mbah Diyono nulis layang kanggo anake, Mukidi, sing lagi dipenjara mergo dikiro teroris, isi layange:

"Di, bapak wis tuwo tur ringkih, isih ngono sedih mikirne awakmu.. Saiki wis mangsane tandur telo, le. Kowe opo isih suwe ditahan? Njur iki sopo sing arep ngrewangi bapak macul?"

Kacek seminggu Mukidi mbales layange bapakne, anggone ngirim layang dititipake sipir penjara.

Isi layange Mukidi :
"Pak, aku njaluk tulung tenan yo, kebon'e ojo dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedhil karo granat ning kebon kono kuwi, Pak. Tenan yo pak, ojo dipaculi dhisik.."

Ora ngertio, layang songko Mukidi mau disensor dhisik karo petugas penjara.

Seminggu bar kuwi mbah Diyono kirim layang maneh:
"Di, sak bar-e aku nompo layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebon-e bapak.. Jarene nggoleki bedhil karo granat. Nyatane ora ono. Trus aku kudu piye iki, Di?".

Mukidi genti bales kirim layang maneh:
"Pak, saiki langsung ditanduri telo ae Pak.. Kan wis dipaculke karo bapak-bapak Densus. Ojo lali ngaturke matur nuwun marang bapak-bapak Densus ya Pak, muga-muga entuk piwales saka Gusti Allah...".
😄😄😄😄😄

Sabtu, 27 Agustus 2016

Mukidi Episode Kelangan Dompet

Mukidi  rewang neng omahe pak Lurah pas mantu anake.

Ndilalah dompete Mukidi ilang. Digoleki neng ngendi-ngendi ora ono...

Mukidi njajal goleki neng kamare manten, mungkin pas nyapu mau ceblok.

Pas nggoleki neng ngisor dipan, ndilalah manten mlebu kamar.

Mukidi ndhelik neng ngisor dipan.

Terjadi dialog pengantin.
Si pria ndemek pipine manten wedok.
" Apem nyempluk iki duweke sopo dik ? "
" Wek'é sampeyan mas "

Manten lanang ndemek dodone.
" Tumpeng anget iki duweke sopo dik ? "
" Wek'é sampeyan mas ?"

Tambah panas lan hot...
"Pisang goreng anget iki duwek'e sapa maaas".
"Iki yo duwek'mu dik".

Terus manten lanang bukak rok'é manten wedok.
" Dompet ireng iki duweke sopo dik ? "

Mukidi sing ning ngisor longan krungu dompet langsung mencolot....```

"GADHAHAN KULO MAS...!!!"

Mukidi Episode Ben Ndang Mlebu

Bu guru SD kelas 6 bingung ndeleng kelakuan anak muride sing jenenge Mukidi , seng senengane ngidu neng tangan bar kui di usapne nang Endase nek pas wektu pelajaran sekolah..........

Bu guru : Mukidi .., kowe ki ngopo idu malah mbok usap ne neng endasmu ???

Mukidi : plajarane ben ndang mlebu neng otak kulo bu !!

Ibu guru : emang iso ngono kuwi po le ??

Mukidi : saget bu..., soale meh saben wengi kulo krungu, neng kamar Simbok ngomong karo bapak "ndase usapono idu, ben gampang mlebune" ....

Ibu guru : dasar bocah gemblung !!. 😂😂😂

Mukidi Episode Dokter Praktek

Dino iku Mukidi sing nembe dadi dokter oleh tugas seko kepalane, dadi dokter bantuan neng puskesmas ndeso.

Pasien pertamane jenenge Sumiyatun, sing nggendong bayi cilik kuru, kaliren, ketoke kurang gizi.

Mukidi : ” Lare niki biasane mimike susu formula nopo ASI, mbak ? “

Sumiyatun : ” ASI pak dokter.. “

Mukidi : ” kok ketoke lare niki kurang gizi. Cobi kulo tingali ASI-nipun, mbak..”

Sumiyatun manut trus mbukak klambine sithik..

Mukidi : ” nuwun sewu mbak,,. kulo cepeng nggeh ? Kaliyan ngecek wonten gangguan mboten.. “

Sumiyatun bingung tapi yo manut..

Mukidi : ” sae sae mawon kok mbak.. Cobi kulo sedote nggih..medal mboten ASI-nipun.. “

Sumiyatun soyo bingung tapi yo… manut..

Sumiyatun : ” sampun dereng dok? “

Karo klamut klamut Mukidi nyauri, ” kok mboten medal ASI-nipun mbak? “

Sumiyatun : ” nggih jelas mboten medal dok,.wong kulo niki budhe-ne. 😜😜😬😬😡😡

Mukidi Episode Nabrak


👮 Polisi: "Piye critané sampèk kowe nabrak uwong 20 iku?"
👶🏽Mukidi: "Aku nyetir mobil kecepatan 90 km/jam.
Pas nang pertelon moro2 rem-é blong. Nèk ngiwo onok wong lanang loro, lha nèk nengen onok pésta kawinan.
Cobak nèk Bapak, pilih nabrak sing endi?"
👮🏻Polisi: "Yo mesti ngiwo, korbané luwih thithik."
👶🏽Mukidi: "Persis..!! Aku yo mikir ngono Pak !"
👮🏻Polisi: "Trus lha nyapo wong-wong sing nang pésta kawinan sing malah mbok tabrak?!"
👶🏽Mukidi: "Lhaaa, niku masalahé. Aku wis milih wong lanang loro sing nang kiwo,....eh dèk-é mlayu nyabrang moro nang pésta kawinan...dadi aku yo mbanting stir nengen, nguber wong loro mau Pak...!"
👮🏻Polisi: "Guoobluoookkk. . . . !
👶🏽Mukidi: "Enggih leres!! pancen wong lanang loro mau guoobloookk, Pak Polisi....”
😅😅😅😅

Mukidi Episode Kutang

Mbok Daryati umure 66 th, isuk2 wis  mbingungi nggoleki kutange sing ilang,
takon karo putune sing isih sekolah neng SD jenenge Mukidi.😁

Mbok Daryati: " Le.... kowe ngerti kutange simbah sing wis suwek? Warnane abang? "

Mukidi: " Lha iki mbah. Tak lebokno ning tasku."

Mbok Daryati: " Wong kutang wis suwek, arep kok nggo apa tho le....?"

Mukidi: " Wingi pak guru pesen arep nggawe prakarya,
Kabeh murid-murid sesuk kon nggowo wadah susu bekas.....mulane kuwi... aku nggowo kutange simbah sing wis suwek iki.."

Mbok Daryati" Oh....cah edaaaan...!!" 😂😂😂😂😂

Mukidi Episode Pacaran

Mukidi dolan nang omahe pacare sing jenenge Mida.

Sak wise tekan omahe,
Mukidi bisiki neng kupinge Mida : "Da, aku kepingin ndudohke sesuatu karo kowe..”

Mida njawab  karo deg-degan : “Opo to Kang..?”

Mukidi : “Neng kamarmu wae yo..?” 

Mida (karo mesam-mesem manis) : “Iyo lah Kang, yuk..!”  

Sak wise mlebu kamar.

Mukidi : “Oleh ditutup lawange, Da..?” 

Mida : “Oleh kok Kang, lha ono opo to, Kang?”

Mukidi : “Sssst.. oleh dikunci ora?”

Mida : “Dikunci oleeh.. opo to, Kaang?"
(deg-deg-an)

Mukidi neruske aksine.

Mukidi : “Oleh ditutup jendelane?”

Mida (soyo penasaran) : “Oleh..!” 

Mukidi : “Oleh dipateni ora lampune?” 

Mida (bergairah) : “Oleh banget, Kaang.” 
Sak wise lampu mati.

Mukidi : “Da, kowe kepingin ngerti opo sing arep tak weruhke kowe?” 

Mida : “Iyoo cayang..”

Mukidi : “Kene rodo cedhak aku, Da.. Cubo cekelen tanganku..”

Mida : “Iiiihhh.. opo to, Kang..? Wis ora sabar lho..!”

Mukidi : “Sawangen, Da.. Jam tanganku lampune iso murup.."

😂😂😂😂😂

Mukidi Episode Numpak Bis

Mukidi (8 th) Cah Klaten arep lungo, diterke mbok'e nyegat bis.

Kernet bis, "Suroboyo, Suroboyo, bu?".

Mbok e mukidi "Pak tulung nggih, mengke nek pun tekan Jombang, lare niki dikandani.

Kernet: "nggeh bu, tariiiikkk".

Nang terminal Solo mukidi takon kernet bis, "Wes cedhak Jombang durung Lik?".
Kernet: "Durung lee ... jek suwe".
Ora let suwe tekan Sragen, mukidi takon maneh, "Wes tekan Jombang Lik?".
Kernet: "Durung Lee ..... jik uuuaduuooohh".
Mukidi bosen ora tekan-tekan. Akhire keturon. Bus terus mlaku arah Suroboyo. Ora kroso bis wes ngliwati Jombang. Kenek lali pesenane mbok e mukidi Bareng kelingan, kernet langsung omong nang sopir, "Duuh kang, aku duso nang bocah kui, karo nuding mukidi seng lagi turu nggleser.
Sopir, "Lho kenopo, to?".
Kernet, "Mau mboke nitipke, yen tekan Jombang bocahe tulung kandanono".
Sopir, "Wah, lha piye kowe kui. Jombang wes kliwat adoh", Jawab sopire, bingung.

Tujune sopire apikan, gelem balik nang Jombang. Sak wise njaluk persetujuan penumpang liyane, mergo mesakke karo si mukidi Sak wise bis tekan Jombang, mukidi digugah.

Kernet, "Lee ...tangi lee. Wes tekan Jombang, ki", karo nggoyang goyang awakke mukidi

Mukidinjenggirat, "Wes tekan Jombang lik?", Karo grusa grusu mbukak kantong, ngetokke sangune; sego sambel, lawuhe iwak asin.

Kernet takon, "Arep mudhun kene le?".

Mukidi "Ora Lik..... wong aku arep nang Suroboyo. Mau mbokku pesen, sangune mengko dipangan nek wes tekan Jombang wae yo lee", jawab mukidi karo muluk sego.

Kernet, sopir, lan kabeh penumpang muni bareng: "WEDHUUUSS tenan cah iki. tiwase mbaliiik!"

😀😀😛😅😂🏃🏼🏃🏃🏃🏃...

Mukidi Episode Numpak Montor Mabur

iSak plok'e pindhah songko ndeso nyang kutho, Mukidi rejekine lancar.

Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.

"Pak awak'e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!"
jare Suidah bojone Mukidi.

"Larang..!! ora sah ae..!!"
Mukidi mangsuli cekak aos.

"Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak...!!"

Ora sepiro suwene Mukidi karo Suidah wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat sewan, di temoni Suroso sang pilot.

Cocok soal bayarane carter pesawat sewan, Suroso terus ngomong.

"Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!"
Suroso njelaske syarate

"Cocok pak..!! gelem aku..!!" jare Mukidi

Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Suroso mulai maburke pesawate.

Bareng wis mabur Suroso mulai gawe manuver, pesawate di enggok-enggokne ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir walik barang.

Kiro-kiro sak jam pesawat wis mendarat..

Karo ngguya ngguyu Suroso marani Mukidi.

"Wah Pak Mukidi pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!"
jarene Suroso.

"Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juta", jare Mukidi

"Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?"
Suroso takon..

"Bojoku ceblok Pak...!!
😬😃😜

Jumat, 12 Agustus 2016

Slirane

Jalmo kang misuwur endah esem manis pasuryane. Ora kalah dening cahyane langit pitung warni. Toto laksono pitutur solah bawane. Aran tresno nggondo arum sak jroning ati.