Sabtu, 23 April 2016

NDB

Arikalaningsun mbukak layar, mijil kawitan pasuryanmu ing nduwur.
Indahe gambarmu koyo dene anyepe banyu kang ngguyang panase geni.
Nanging esemu ing kasunyatan, luwih banget mbungahne ati.
Tresno iki ora mung sak wetoro sak kilaning paningal.
Tak jaluk selawase sesandingan sakjroning kamulyan.
Ayem tenrem bungah rinengkuh ing astamu.
Sumebyar cahyaning rindu, sumunar ngrangkul kabegjan.
Mbangun wismo bebarengan, ngudal pawulang sejatining wahyu.
Tresnaku mandek pinarak ing lor kuloning deso.
Amung sliramu seng katon ing netro.
Duh cah ayu wanito Puthuk Mojo.