Rabu, 30 Desember 2015

Tarif Internasional

Neng salah sawijine dino sodron bingung amargo ono watu ing mburi omah sing ngganggu dalan liwat. Ora gedi banget sih, tapi mustahil mindah watu kui dewean. Akhire sodron ngundang tukang gepuk watu amrih watu iku pecah dadi cilik njur biso dipindah.

Tapi masalahe tukang gepuk watu seng jenenge Parmin njaluk upah kang lumayan duwur. Watu siji borongane 20ewu. Kelarangen mungguhe Sodron njur akhire ngeyel.

Sodron : "Kelarangen kang, sak ngertiku borongane gepuk watu iku sak trek mung sewidak ewu. Lha iki watu siji sampean kok njaluk 20 ewu"

Parmin : "iku wis harga standar dron, tarif internasional."

Sodron : "Halah, awak'e dewe iki urip neng ndeso tarife yo kudu tarif ndeso."

Parmin : "nek ra percoyo njajal ngundango tukang gepuk watu liyo."

Akhire Sodron nyeluk Kadenun tukang gepuk watu profesional.

Sodron : "Kang ndenun, sampean tukang gepuk watu profesional, piro sih saiki tarife gepuk watu?"

Kadenun : "20ewu per watu siji, dron."

Sodron : Loh.. ora kelarangen to iku kang?

Kadenun : "Larang terah, tapi iki wis manut tarif internasional ora nyalahi aturan."

Sodron : "Emange songko ngendi sampean ngerti ono aturan internasional ngono kui?"

Kadenun : "Saiki jaman wis canggih dron, kabeh serba internet.. jajal kene deloken hapeku iki tak dudohi."

Sodron nyedak njuk melu ngongak hapene Kadenun, tapi seng dibukak kadenun kok uduk mbah googel. Sodron rodok curiga. Kadenun mencet menu aplikasi njur mencet icon gambar barbarian seng ono tulisane Clash of Clans.

Sodron : "Sampean yo dolanan COC to kang? Wis TH piro?"

Kadenun : "TH 6 dron, lha koe TH piro?"

Sodron : "ah ecek koe kang, aku wis TH 10. Ayo kene gabung karo clanku wae ben tanbah rame."( Sodron wis lali perkoro watu maeng, goro-goro COC)

Kadenun : "Nah, Sampean malah wis TH 10 kudune wis ngerti disek yen tarife gepuk watu iku 20ewu. Delok'en iki nek ora percoyo."

Kadenun njuk ndulek gambar watu. Njur metu tulisane

STONE
20000
Remove

Kadenun : "Nah delok'en dron, Upahe builder ngremove watu iki 20ewu kan? Wis percoyo to saiki, biyen pas awakmu sek TH 3 mesthi mbayari builder yo 20ewu to, lha kok saiki protes kelarangen kie piye karepmu, tarif internasional iki."

Sodron mung iso misuh neng njero ati.
Ternyata kabeh uwong wis keracunan COC.



Rabu, 23 Desember 2015

Atur Pasrah Nonjok Mantu

Nalikane ono wong nduwe gawe mantu ono salah sijine acara seng diarani "Nonjok" yoiku caos pasugatan lan katresnan, wujud hormat marang wong tertentu seng dianggep penting.

Amrih penak'e aweh tulodho, anggep wae seng mantu iki jenenge Pak Muslim lan seng ditonjok jenenge Pak Mukmin.

Mekaten kalimat lengkapipun tulodho caos pasugatan tonjok'an.

Level 1 :

Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun diutus Pak Muslim Ngaturaken katresnanipun lan nyaosi dahar, mbok menawi wonten kirang langkungipun nyuwun pangapunten engkang sak ageng-agengipun.

Level 2 :

Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau, Sepindah bade silatutohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun keluarga mriki, sak lajengipun kulo sak konco meniko kolo wau diutus Pak Muslim kapurih ngaturaken katresnanipun lan ugi nyaosaken dahar sak wontenipun. Mbok menawi saking keluarga pak Muslim wonten kalepatan lan kekirangan nyuwun pangapunten engkang sak kathah-kathaipun.

Level 3 :

Nyuwun sewu kepareng matur. Pak mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun panjenengan sekeluarga, kaping tigonipun ngaturakan salam bektos saking Pak Muslim sekeluarga, engkang ongko sekawan kulo sak konco meniko kolowau diutus ngaturaken katresnanipun Pak Muslim lan ugi ngaturaken dahar sak wontenipun, mboten namung Pak Muslim sekeluarga nyuwun doa restu,nyuwun tambah pandungo mugio sak dangunipun Pak Muslim gadhah damel saget lancar mboten wonteb aral setunggal punopo,
Engkang pungkasanipun mbok menawi Pak muslim sekeluaraga anggadahi kalepatan lan kekirangan, wonten kirang langkungipun kulo engkang mewakili nyuwun pangapunten engkang sak ageng-angeipun.

Selasa, 08 Desember 2015

Disiram

Sodron lagi wae ditompo nyambut gawe ing kantor sebuah perusahaan ing Suroboyo. Senajan mung cleaning servis tapi Sodron iku termasuk pegawei seng temen, lugu, lan jujur.

Naliko wawancara kerja lan pembekalan wingi Sodron diwanti-wanti dening pimpinan perusahaan kudu taat lan patuh marang kabeh peraturan ing perusahaan iki.

Isuk mau Sodron pas lagi ngpel lantai krungo ono suoro mencurigakan neng njero toilet, menurut perkiraane Sodron kemungkinan besar wong seng neng njero toilet iku mesthi lagi ngiseng. Njur sodron golek banyu sak ember.

Ora suwe wong seng neng njero toilet mau metu songko lawang trus nyang sodron langsung digrujuk banyu ndase.

"Diamput.. pie karepmu iki, Dron?" Seng digrujuk banyu metu songko toilet mau tibakno Pak Direktur, otomatis misuh.

"Ampun, Paaaak... Kulo namung sendiko dawuh peraturan" Sodron bingung.

"Peraturan opo, Dron? Sopo seng gae peraturan, Dron?" Pak Direktur emosi.

"Lha niku tulisane teng lawang toilet, 'Setelah buang air besar harap disiram' njenengan bar ngiseng kan? Nggeh kulo siram to.."

Adegan selanjutnya piye mboh ora ngerti.

Sabtu, 28 November 2015

Korbane Wong Tuwo 2

Bapak ku wis golek ganti,
Percuma aku ngenteni,
Wis sewindu bapakku ra ono bali,
Ning endi janji-janjimu,
Janji nemoni anakmu,
Jare loro kuwi yo mung alasanmu
Ibu wis apik koyok sing mbok karep no,
Nanging nyatane tetep mbok gawe loro.

Seminggu pisan nemoni
Bapak janji karo aku
Bapak wis mblenjani janji
Pindah enggon golek ganti

Sabar ibu ku sing ayu
Luwi yo tetep bapak ku
Senadjan bapak ora bali
Ono aku sing sayang ibu

DOWNLOAD

Minggu, 01 November 2015

Mereka Lebih Berbahaya

Gencarnya aktifis anti rokok mengkampanyekan yang katanya rokok itu bahaya membuat kami geleng-geleng kepala.

Yang pertama, kami menyanggah bahwa kretek kami bukanlah rokok putihan berbahaya seperti yang mereka teliti, dan mereka ngotot tidak mau tahu dengan kretek, dan menyatakan bahwa semua jenis rokok sama saja tanpa meneliti rokok kretek tingwe kami.

Yang kedua, jika kami tidak boleh merokok, mengapa pabrik rokok tidak dilarang produksi? Jawabannya jelas, melalui bea cukai yang mahal negara diuntungkan dengan pemasukan pajak yang berlimpah. Tetapi aktifis anti rokok tidak akan memakai jawaban itu, mereka akan menjawabnya begini "jika kalian berhenti merokok secara otomatis pabrik akan bangkrut karena tidak ada konsumen dan berhenti produksi." Mengapa mereka tidak berfikir jika pabrik rokok dilarang produksi kami akan berhenti merokok? Ya, karena mereka tahu kami adalah perokok kretek tingwe yang tidak membutuhkan pabrik untuk membuat rokok.

Yang ketiga, baiklah sementara kita abaikan dulu nasib jutaan pekerja rokok jika pabrik rokok ditutup. Kita akan membahas petani yang menanam tembakau.
Begini, jika kita dilarang merokok lalu bagaimana nasib petani tembakau? Aktivis anti rokok mempunyai dua jawaban. Yaitu petani disuruh menanam tanaman selain tembakau, oke baiklah, tapi menanam apa? Jika kedelai, kacang, jagung, atau singkong keuntungannya lebih banyak menanam tembakau bahkan tiga, sampai empat kali lipatnya, mereka hanya melarang tanpa memberi solusi.
Jawaban mereka yang lain adalah petani tetap menanam tembakau tetapi tidak untuk konsumen rokok, yaitu untuk hal lain yang lebih bermanfaat, seperti obat atau apa saja yang penting bukan rokok. Oke baiklah, jika kami tetap menanam tembakau maukah aktifis anti rokok memasarkan tembakau kami? Atau paling tidak beritahulah kemana kami akan menjualnya dengan harga yang sama dengan yang dibayar oleh perokok? Sekali lagi mereka hanya memberi saran tanpa menyelesaikan masalah.

Kemudian para aktifis anti rokok ini membawa nama agama untuk melarang umat islam merokok, kita tidak akan membahas jawaban mereka ketika ada beberapa pertanyaan, tetapi ini hanyalah logika. Begini, jika rokok haram, haramkah pabriknya? Jika pabrik rokok haram, haramkah bea cukainya? Jika bea cukainya haram, haramkah pendapatan negara? jika negara memakai uang tersebut haramkah negara ini? Jika negara ini haram, haramkah pembuat fatwa yang bernaung dalam negara ini? Bukankah itu sama saja memakan uang haram yang diharamkan oleh diri sendiri? Sebaiknya tidak dijawab, karena akan menimbulkan perdebatan yang lebih panjang lagi.

Lalu aktifis anti rokok itu membawa nama kesehatan, yang tentu saja kami para perokok juga tahu bagaimana menjaga kesehatan.

Satu hal saja yang akan kami singgung, sebuah jargon pasaran "Perokok pasif lebih berbahaya 3x lipat dari pada perokok aktif" dengan kata lain bolehkah kami mengucapkannya begini, "Aktifis anti rokok juga lebih berbahaya 3x lipat dari pada perokok itu sendiri" berbahaya bagi nasib jutaan manusia yang bernaung dibawah pohon tembakau, pohon keabadian.

Note : Tulisan ini diikut sertakan dalam lomba blog #KretekWarisanBudaya

Kamis, 29 Oktober 2015

Layang Kangen

Layangmu tak tompo wingi kuwi
Wis tak woco opo karepe atimu
Trenyuh ati iki moco tulisanmu
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Umpomo tanganku dadi suwiwi
Iki ugo aku mesti enggal bali
Ning kepriye maneh mergo kahananku
Cah ayu entenono tekaku

Ra maido sopo wong sing ora kangen
Adoh bojo pingin turu angel merem
Ra maido sopo wing sing ora trenyuh
Ra kepethuk sawetoro pingin weruh
Percoyo aku, kuatno atimu
Cah ayu entenono tekaku

Senin, 12 Oktober 2015

Pulsa

Enek uwong moro nyang konter, njuk ngomong "Pulsaku isenono 10 ewu!".

Ahli bahasa mungkin akan menyalahkan kalimat tersebut, tapi alhamdulilah hampir seluruh bakul pulsa memahaminya, alhamdulilah juga dalam bahasa jawa ono istilah salah kaprah, senajan salah tapi wis kaprah.

Seorang teman yang nggatheli pasti akan menjawab dengan pertanyaan lain, "emange pulsamu arep mbok iseni opo?"

Minggu, 04 Oktober 2015

Titip Kangen

Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Tak suwun slirane
Gelem sabar ngenteni
Percoyo oh sayang
Aku ra bakal lali

Kangen, aku kangen sliramu
Rindu, aku pingin ketemu

Liwat angin sore
Titip kangen ning ati
Numpang ngapurane
Durung biso nemoni

Padang rembulan ning pelataran
Koyo nggugah ati kang kasmaran
Wanci wis wengi sansoyo sepi
Soyo nggegowo suwunge ati

Kanggo sliramu sing tak tresnani

DOWNLOAD

Rabu, 09 September 2015

Tembang Tresno

Padhange suryo nanging peteng ning mripatku,

Sinare rembulan nambahi susahe atiku,

Tresno sing tak jogo amung kanggo sliramu,

Nanging nyatane aku mok apusi.

Tembang tresno ning lambemu,

Nyatane amung semu,

Janji setyo marang aku,

Neng nyatane nyusahne atiku.


Tego tenan kowe nglarani aku,

Tego tenan kowe ngapusi aku,

Wis cukup sakmene crito lan laguku,

Aku pamit lilakno lungaku.

DOWNLOAD

Rabu, 26 Agustus 2015

#Salam14000

Menjawab sebuah posting yang bernada membodohkan seolah kita yang menyalahkan presiden atas terpuruknya rupiah ini hanya asal njeplak tanpa berpikir dan tidak membaca dengan cermat situasi yang ada.

Orang bodoh diwajibkan husnudzon karena dianggap tidak berpendidikan. Sedangkan mereka yang katanya pintar sudah siap menjawab dengan ribuan alasan berdasarkan data dengan sumber yang valid.

Kemudian kita yang melihat dengan mata telanjang, 'nyawang barang seng ketok moto ini' dianjurkan melihat dengan cara lain agar apa yang jelas kita lihat ini tampak berbeda.

Mereka yang butuh pembenaran melarang kita menyalahkan, menyuruh kita diam, dan mengklaim kita kurang wawasan serta menganjurkan kita introspeksi diri sebelum berbicara.

Okelah kita anggap mereka tidak salah, lalu siapa yang salah? ternyata mereka sudah menyiapkan kambing hitam yang sudah poel giginya siap untuk di kurbankan.

#Salam14000

Rabu, 19 Agustus 2015

Kelangan

Hang sun karepno biso ambi riko,
Selawase yo mung ambi riko,
Tapi kelendi maning ceritane wes bedo,
Saikine riko wes sing ono, digowo wong liyo.

Kelangan isun iki wes kelangan,
Kembang hang sun eman eman,
Loro rasane ati mulo loro,
Kudangan di gowo wong liyo,
Lilo sun cubo ngelilakno,
Masio abot hang sun roso.

Minggu, 21 Juni 2015

Tips Ketika Berpuasa

Naliko sampean poso lek iso hindarilah panganan berikut ini :
1. Panganan sing mengandung lemak, contone: sate, gule, lan gorengan
2. Panganan sing mengandung karbohidrat tinggi, contone: sego beras, jagung, lan telo
3. Panganan sing mengandung pengawet, contone: mie instan lan liyo-liyane

Hindari juga ngombe beberapa minuman berikut ini:
1. Minuman berkarbonasi, contone: fanta, sprit, cocacola
2. Minuman beralkohol, contone: bir, arak, duduh tape
3. Minuman seng mengandung pengawet, contone: marimas, jasjua, lan liyo liyane

Yen sampean tetep ngeyel mangan panganan kui utowo ngombe minuman kui, sangat BERESIKO banget marang posomu, panganan lan minuman kabeh iku yen sampean konsumsi biso mbatalake posomu.

Mongko saranku ojo pisan-pisan mangan utowo ngombe yen ora pengen posomu batal :v

Jumat, 12 Juni 2015

Dalan Anyar Terminal Kertonegoro

Kembang tebu sing kabur kanginan
Saksi bisu sing dadi kenangan
Prasetyamu kui mung kiasan
Tresnamu saiki wis ilang

Neng dalan anyar kowe karo sopo
Aku ngerti dhewe neng ngarepe moto
Neng dalan anyar kowe karo sopo
Neng kulon terminal Kertonegoro Ngawi

Kembang tebu sing neng sawah nggrudo
Ora garing senadyan mongso ketigo
Tansah eling jamane semono
Neng kulon terminal Kertonegoro

Neng dalan anyar kowe karo sopo
Aku ngerti dhewe neng ngarepe moto
Neng dalan anyar kowe karo sopo
Neng kulon terminal Kertonegoro Ngawi

DOWNLOAD VIDEO & AUDIO

Selasa, 02 Juni 2015

Asu

Kepada Yth
Kawan lama sepermainan
di - Tempat

Nyapo sampean nesu ketika aku ngomong asu? opo salahku wong cuma muni asu saja kok dipermasalahkan.

Opo mergo aku muni asu kepadamu kah yang membuatmu tersinggung? opo mergo sampean merasa disamakan dengan asu njur nesu?

Ojo keburu nesu, Elingo kata pepatah "Durung konco yen durung pisuh-pisuhan" lha wong sesungguhnya sosmed itu diciptakan untuk tempat pisuh-pisuhan lho...

Jika muni asu adalah misuh, maka misuhku adalah misuh persaudaraan,bro.. 

Misuh yang berpahala, tapi jika engkau tersinggung entah aku juga harus bagaimana.

Opo salahe asu sehingga dia masuk kategori kata-kata kotor yang harus disensor? opo mergo najis? bukankah seng majis iku iler'e?

Al-Kisah Pak Kyai yang sangat tersohor seantero Jawa, padahal beliau sangat paham yen asu iku najis, beliau yang sangat paham banget ilmu agomo wae justru ngopeni anak'e.

Trus nyapo sampean nesu yen aku muni asu kepadamu? opo rumangsamu asu iku termasuk sebuah derajat kehinaan?
yen asu iku hina kudune sampean justru merasa terhormat amergo dadi asu wae sampean durung pantes.

Selasa, 17 Maret 2015

Pujian Tobat Maghrib

Astaghfirullohal'adzim,
Innalloha ghofurur rohim,
Duh gusti kulo nyuwun ngapuro,
Sekathahing duso kulo,
Duso engkang ageng kelawan engkang alit,
Mboten wonten engkang saget ngapuro,
Sanesipun Gusti Kang Moho Agung,
Kang Ngratoni sekabehing poro ratu,
Nggeh meniko Alloh asmane
Kang kagungan sifat Rohman
kang kagungan sifat Rohim
Sabtu, 14 Maret 2015

Sinep

Sinep, yoiku kahanan wektu awan naliko langit kebak mendung, ora panas nanging yo ora udan. Kahanan cuaca kang mendukung banget kanggo nyambut gawe. Tapi dadi musuhe wong mepe gabah.

Selasa, 10 Maret 2015

Korbane Wong Tuwo

Aku tansah eling pungkasane welingmu
Bapak bakal lungo ninggal aku lan ibu
Emboh nyang ndi parane aku ora ngerteni
Netes iluhku nelesi pipiku

Sak pungkurmu uripku tansah gowo sepi
Ibu soyo bingung getun ra mari-mari
Ilang ono sing ilang sakjroning ati iki
Lungamu ora tak lilakne

Pak opo salahe ibu
Kowe nganti tego ninggal anakmu
Pak aku kangen bapak
Pengen bali kumpul dadi siji

Opo ora kroso anakmu iki nelongso
Opo pancen tego aku entok bapak liyo
Aku emoh dadi korbane wong tuwo
Ndang baliyo ibu isih gelem nrimo

Ndelok Video'ne
Download
Senin, 09 Maret 2015

Ngombe

Ngombe iku penggawean nglebokne banyu menyang weteng lewat lambe lan cangkem.

Secara positif ngombe iku bermakna ngombe banyu biasa, tapi yen diartikan secara negatif ngombe iku maksute ngombe banyu goblok alias mendem.

Ing boso jowo penggawean ngombe iku dibagi akeh macem'e:

1. Nglonggoh yoiku ngombe banyu langsung songko teko utowo ceret, ananging pucuk'e ceret seng metu banyune naliko ceret dijungkelne adoh songko lambe.

2.yen pucuk'e ceret nemplek ing lambe iku diarani nyucup

3.nguyup yoiku ngombe banyu utowo wedang seng diler ing lepek

4.nyripit yoiku ngombe banyu kang sithik banget

5.yen rodok akeh arane nyruput.

6.Nyedhot yoiku ngombe ngangge sedotan utowo songko barang kang mirip sedotan, bolongane cilik.

7.yen penggawean nyripit,nyruput,nglonggoh,nyucup, nguyup lan nyedot iki wis sampe barulah biso diarani ngombe
Minggu, 08 Maret 2015

Karipan

Karipan yoiku kahanan ngantuk banget ing wektu isuk utowo awan amergo bengine kurang turu, tanda-tandane wong kariban biasane mripate ngluyup, akeh klakepan utowo angop, lan ora semangat aktivitas.
Sabtu, 07 Maret 2015

Kancilen

Kancilen yoiku situasi naliko awakmu susah turu lan ora biso turu ing tengah wengi, yen ing bahasa sains modern kahanan iki diarani insomnia, asline udu penyakit tapi amergo antimainstrem mongko akeh wong nyebut yen iki salah sawijining penyakit.
Jumat, 06 Maret 2015

Kesabapan

Kesabapan songko tembung asal abap yoiku ambune cangkem gumantung songko opo seng dipangan, tapi yen kesabapan iku artine efek seng dirasakne songko barang seng biasane mbledhos tapi efek seng dirasakne mung sithik banget, amergo yen efek seng dirasakne akeh iku arane kebledhosan, biasane diarani kesabapan iku amergo mung keno pengaruh songko hawane thok.
Kamis, 05 Maret 2015

Keslomot

Keslomot, bedo karo kesumuban yen keslomot iku roso panas seng disebabne songko geni kang sedilut banget ngobonge, yen sampek kebacut mongko diarani kobong. Yen keslomote bolak-balik lan dibaleni sampek roto iku arane kebrongot.
Rabu, 04 Maret 2015

Kesumuban

Kesumuban yoiku roso panas seng mbok rasakne naliko koe keno keluk'e banyu umub. Keluk iku bahasa indonesiane uap air nda..

Tips naliko kesumuban : yen tangan utowo apamu panas mergo kesumuban cukup di celupke banyu anyep mongko bakal ilang roso panase.

Tips supoyo ora kesumuban : yen mbukak tutup empreng ojo mbok inceng songko nduwure otomatis raimu kesumuban nda, ugo tanganmu sak bisomu cepet lan age-age wae mbukak'e tutup empreng nginggati supoyo keluk'e banyu umub ora keno tanganmu.
Selasa, 03 Maret 2015

Bengoren

Bengoren yoiku roso panas seng dirasakne lambemu naliko mangan lombok utowo sambel.

Tips ngilangi roso panas neng lambe naliko bengoren:

1.kemu nganggo banyu anget. Yen nganggo banyu anyep utowo es justru malah tambah kroso panase lambe.

2.ngiler (gak perlu dijelasne) tapi faktane iki luwih ampuh ngatasi bengoren
Senin, 02 Maret 2015

Kewedangen

Kewedangen yoiku roso panas nalikane tanganmu nyekel lombok utowo sambel. Songko tembung asal 'wedang' seng identik karo roso panas.
Sabtu, 21 Februari 2015

Bedek'an

Bedek'an

Adol terus tanpo kulak'an

Bathi terus tanpo modal

Bukak terus tanpo tutup

Tilas pun tetep payu laris

Opo hayo???

Selasa, 27 Januari 2015

Bundhas

Pancen bener kowe pacarku,
Nanging ojo nemen ngatur aku,
Kate ngene kowe nesu kate ngono soyo nesu,
Opo mbok anggep aku iki baturmu.

Gek tinimbang soro uripku,
Ati loro ngimbangi tresnomu,
Gur demi ngaboti cinta hidup menderita,
Sing enak yo mbok tinggalke aku saja..

Jek pacaran urung dadi bojoku,
Nggonmu mrintah ngatur aku,
Nggur dolanan karo konco-koncoku,
Ora entuk banjur nesu.

Jek pacaran urung dadi bojoku,
Tumindak ngalahke wong tuwoku,
Kok jambak karo kok tapuk pipiku,
Ora sudi bundhas dadi pacarmu.
Selasa, 13 Januari 2015

Amung Roso Kangen

Sing tak rasakne amung roso kangen
Marang sliramu mas karno
Nanging aku amung biso nggonku nyimpen roso
Mergo kowe sing tak tresno wes diduweni wong liyo, nelongso

Sumilir angin dadi konco saben wengi
Adem banget tak rasakne
Nanging aku amung biso nangis mbrebes mili
Mergo sing tak tresnani wes ono sing nduweni
Nangis saben dino aku nganti asat eluhku
Nahan roso kangen, kangen marang sliramu
Nangis saben dino aku nganti asat eluhku
Nahan roso kangen, kangen marang sliramu.kangmas..

Wong ayu sak tenane aku ngerti Roso atimu
Wes lalekno aku, pancen dudu jodohmu, lilakno

Kang Mas, nelongso
Minggu, 04 Januari 2015

Sawat Boto

Ono seng lagi ngomel-ngomel,

"Agomo islam kie gak knek di nalar, bayangno to jarene jin setan iku
biyen diciptakan Tuhan songko geni, gek jare mbesok dicemplungne
neroko diobong yo ngangge geni. Geni kok diobong ngangge geni gek opo
yo oleh gawe koyo mengkono iku, yen setan asale wae songko geni opo yo
loro, opo yo kodal, opo yo oleh gawe yen diobong nganggo geni. Agomo
islam kie gak masuk akal"

Trus tak jawab,

"Menungso kie biyen asale songko lemah, sampean ngerti boto? Boto iku
yo digawe songko lemah, sak umpomo boto seng digawe songko lemah iku
tak sawatne cangkemu seng asale yo songko lemah kiro-kiro loro gak?
Bonyok gak cangkemu? Wong lemah podo lemahe ae kok"

*Kemudian hening*