Tarif Internasional
Tapi masalahe tukang gepuk watu seng jenenge Parmin njaluk upah kang lumayan duwur. Watu siji borongane 20ewu. Kelarangen mungguhe Sodron njur akhire ngeyel.
Sodron : "Kelarangen kang, sak ngertiku borongane gepuk watu iku sak trek mung sewidak ewu. Lha iki watu siji sampean kok njaluk 20 ewu"
Parmin : "iku wis harga standar dron, tarif internasional."
Sodron : "Halah, awak'e dewe iki urip neng ndeso tarife yo kudu tarif ndeso."
Parmin : "nek ra percoyo njajal ngundango tukang gepuk watu liyo."
Akhire Sodron nyeluk Kadenun tukang gepuk watu profesional.
Sodron : "Kang ndenun, sampean tukang gepuk watu profesional, piro sih saiki tarife gepuk watu?"
Kadenun : "20ewu per watu siji, dron."
Sodron : Loh.. ora kelarangen to iku kang?
Kadenun : "Larang terah, tapi iki wis manut tarif internasional ora nyalahi aturan."
Sodron : "Emange songko ngendi sampean ngerti ono aturan internasional ngono kui?"
Kadenun : "Saiki jaman wis canggih dron, kabeh serba internet.. jajal kene deloken hapeku iki tak dudohi."
Sodron nyedak njuk melu ngongak hapene Kadenun, tapi seng dibukak kadenun kok uduk mbah googel. Sodron rodok curiga. Kadenun mencet menu aplikasi njur mencet icon gambar barbarian seng ono tulisane Clash of Clans.
Sodron : "Sampean yo dolanan COC to kang? Wis TH piro?"
Kadenun : "TH 6 dron, lha koe TH piro?"
Sodron : "ah ecek koe kang, aku wis TH 10. Ayo kene gabung karo clanku wae ben tanbah rame."( Sodron wis lali perkoro watu maeng, goro-goro COC)
Kadenun : "Nah, Sampean malah wis TH 10 kudune wis ngerti disek yen tarife gepuk watu iku 20ewu. Delok'en iki nek ora percoyo."
Kadenun njuk ndulek gambar watu. Njur metu tulisane
STONE
20000
Remove
Kadenun : "Nah delok'en dron, Upahe builder ngremove watu iki 20ewu kan? Wis percoyo to saiki, biyen pas awakmu sek TH 3 mesthi mbayari builder yo 20ewu to, lha kok saiki protes kelarangen kie piye karepmu, tarif internasional iki."
Sodron mung iso misuh neng njero ati.
Ternyata kabeh uwong wis keracunan COC.
Atur Pasrah Nonjok Mantu
Amrih penak'e aweh tulodho, anggep wae seng mantu iki jenenge Pak Muslim lan seng ditonjok jenenge Pak Mukmin.
Mekaten kalimat lengkapipun tulodho caos pasugatan tonjok'an.
Level 1 :
Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun diutus Pak Muslim Ngaturaken katresnanipun lan nyaosi dahar, mbok menawi wonten kirang langkungipun nyuwun pangapunten engkang sak ageng-agengipun.
Level 2 :
Nyuwun sewu Pak Mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau, Sepindah bade silatutohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun keluarga mriki, sak lajengipun kulo sak konco meniko kolo wau diutus Pak Muslim kapurih ngaturaken katresnanipun lan ugi nyaosaken dahar sak wontenipun. Mbok menawi saking keluarga pak Muslim wonten kalepatan lan kekirangan nyuwun pangapunten engkang sak kathah-kathaipun.
Level 3 :
Nyuwun sewu kepareng matur. Pak mukmin, Sowan kulo sak konco meniko kolowau sepindah bade silaturohmi, kaping kalehipun nyumerepi kawilujenganipun panjenengan sekeluarga, kaping tigonipun ngaturakan salam bektos saking Pak Muslim sekeluarga, engkang ongko sekawan kulo sak konco meniko kolowau diutus ngaturaken katresnanipun Pak Muslim lan ugi ngaturaken dahar sak wontenipun, mboten namung Pak Muslim sekeluarga nyuwun doa restu,nyuwun tambah pandungo mugio sak dangunipun Pak Muslim gadhah damel saget lancar mboten wonteb aral setunggal punopo,
Engkang pungkasanipun mbok menawi Pak muslim sekeluaraga anggadahi kalepatan lan kekirangan, wonten kirang langkungipun kulo engkang mewakili nyuwun pangapunten engkang sak ageng-angeipun.
Disiram
Sodron lagi wae ditompo nyambut gawe ing kantor sebuah perusahaan ing Suroboyo. Senajan mung cleaning servis tapi Sodron iku termasuk pegawei seng temen, lugu, lan jujur.
Naliko wawancara kerja lan pembekalan wingi Sodron diwanti-wanti dening pimpinan perusahaan kudu taat lan patuh marang kabeh peraturan ing perusahaan iki.
Isuk mau Sodron pas lagi ngpel lantai krungo ono suoro mencurigakan neng njero toilet, menurut perkiraane Sodron kemungkinan besar wong seng neng njero toilet iku mesthi lagi ngiseng. Njur sodron golek banyu sak ember.
Ora suwe wong seng neng njero toilet mau metu songko lawang trus nyang sodron langsung digrujuk banyu ndase.
"Diamput.. pie karepmu iki, Dron?" Seng digrujuk banyu metu songko toilet mau tibakno Pak Direktur, otomatis misuh.
"Ampun, Paaaak... Kulo namung sendiko dawuh peraturan" Sodron bingung.
"Peraturan opo, Dron? Sopo seng gae peraturan, Dron?" Pak Direktur emosi.
"Lha niku tulisane teng lawang toilet, 'Setelah buang air besar harap disiram' njenengan bar ngiseng kan? Nggeh kulo siram to.."
Adegan selanjutnya piye mboh ora ngerti.