Selasa, 17 Maret 2015

Pujian Tobat Maghrib

Astaghfirullohal'adzim,
Innalloha ghofurur rohim,
Duh gusti kulo nyuwun ngapuro,
Sekathahing duso kulo,
Duso engkang ageng kelawan engkang alit,
Mboten wonten engkang saget ngapuro,
Sanesipun Gusti Kang Moho Agung,
Kang Ngratoni sekabehing poro ratu,
Nggeh meniko Alloh asmane
Kang kagungan sifat Rohman
kang kagungan sifat Rohim
Sabtu, 14 Maret 2015

Sinep

Sinep, yoiku kahanan wektu awan naliko langit kebak mendung, ora panas nanging yo ora udan. Kahanan cuaca kang mendukung banget kanggo nyambut gawe. Tapi dadi musuhe wong mepe gabah.

Selasa, 10 Maret 2015

Korbane Wong Tuwo

Aku tansah eling pungkasane welingmu
Bapak bakal lungo ninggal aku lan ibu
Emboh nyang ndi parane aku ora ngerteni
Netes iluhku nelesi pipiku

Sak pungkurmu uripku tansah gowo sepi
Ibu soyo bingung getun ra mari-mari
Ilang ono sing ilang sakjroning ati iki
Lungamu ora tak lilakne

Pak opo salahe ibu
Kowe nganti tego ninggal anakmu
Pak aku kangen bapak
Pengen bali kumpul dadi siji

Opo ora kroso anakmu iki nelongso
Opo pancen tego aku entok bapak liyo
Aku emoh dadi korbane wong tuwo
Ndang baliyo ibu isih gelem nrimo

Ndelok Video'ne
Download
Senin, 09 Maret 2015

Ngombe

Ngombe iku penggawean nglebokne banyu menyang weteng lewat lambe lan cangkem.

Secara positif ngombe iku bermakna ngombe banyu biasa, tapi yen diartikan secara negatif ngombe iku maksute ngombe banyu goblok alias mendem.

Ing boso jowo penggawean ngombe iku dibagi akeh macem'e:

1. Nglonggoh yoiku ngombe banyu langsung songko teko utowo ceret, ananging pucuk'e ceret seng metu banyune naliko ceret dijungkelne adoh songko lambe.

2.yen pucuk'e ceret nemplek ing lambe iku diarani nyucup

3.nguyup yoiku ngombe banyu utowo wedang seng diler ing lepek

4.nyripit yoiku ngombe banyu kang sithik banget

5.yen rodok akeh arane nyruput.

6.Nyedhot yoiku ngombe ngangge sedotan utowo songko barang kang mirip sedotan, bolongane cilik.

7.yen penggawean nyripit,nyruput,nglonggoh,nyucup, nguyup lan nyedot iki wis sampe barulah biso diarani ngombe
Minggu, 08 Maret 2015

Karipan

Karipan yoiku kahanan ngantuk banget ing wektu isuk utowo awan amergo bengine kurang turu, tanda-tandane wong kariban biasane mripate ngluyup, akeh klakepan utowo angop, lan ora semangat aktivitas.
Sabtu, 07 Maret 2015

Kancilen

Kancilen yoiku situasi naliko awakmu susah turu lan ora biso turu ing tengah wengi, yen ing bahasa sains modern kahanan iki diarani insomnia, asline udu penyakit tapi amergo antimainstrem mongko akeh wong nyebut yen iki salah sawijining penyakit.
Jumat, 06 Maret 2015

Kesabapan

Kesabapan songko tembung asal abap yoiku ambune cangkem gumantung songko opo seng dipangan, tapi yen kesabapan iku artine efek seng dirasakne songko barang seng biasane mbledhos tapi efek seng dirasakne mung sithik banget, amergo yen efek seng dirasakne akeh iku arane kebledhosan, biasane diarani kesabapan iku amergo mung keno pengaruh songko hawane thok.
Kamis, 05 Maret 2015

Keslomot

Keslomot, bedo karo kesumuban yen keslomot iku roso panas seng disebabne songko geni kang sedilut banget ngobonge, yen sampek kebacut mongko diarani kobong. Yen keslomote bolak-balik lan dibaleni sampek roto iku arane kebrongot.
Rabu, 04 Maret 2015

Kesumuban

Kesumuban yoiku roso panas seng mbok rasakne naliko koe keno keluk'e banyu umub. Keluk iku bahasa indonesiane uap air nda..

Tips naliko kesumuban : yen tangan utowo apamu panas mergo kesumuban cukup di celupke banyu anyep mongko bakal ilang roso panase.

Tips supoyo ora kesumuban : yen mbukak tutup empreng ojo mbok inceng songko nduwure otomatis raimu kesumuban nda, ugo tanganmu sak bisomu cepet lan age-age wae mbukak'e tutup empreng nginggati supoyo keluk'e banyu umub ora keno tanganmu.
Selasa, 03 Maret 2015

Bengoren

Bengoren yoiku roso panas seng dirasakne lambemu naliko mangan lombok utowo sambel.

Tips ngilangi roso panas neng lambe naliko bengoren:

1.kemu nganggo banyu anget. Yen nganggo banyu anyep utowo es justru malah tambah kroso panase lambe.

2.ngiler (gak perlu dijelasne) tapi faktane iki luwih ampuh ngatasi bengoren
Senin, 02 Maret 2015

Kewedangen

Kewedangen yoiku roso panas nalikane tanganmu nyekel lombok utowo sambel. Songko tembung asal 'wedang' seng identik karo roso panas.