Selasa, 27 Januari 2015

Bundhas

Pancen bener kowe pacarku,
Nanging ojo nemen ngatur aku,
Kate ngene kowe nesu kate ngono soyo nesu,
Opo mbok anggep aku iki baturmu.

Gek tinimbang soro uripku,
Ati loro ngimbangi tresnomu,
Gur demi ngaboti cinta hidup menderita,
Sing enak yo mbok tinggalke aku saja..

Jek pacaran urung dadi bojoku,
Nggonmu mrintah ngatur aku,
Nggur dolanan karo konco-koncoku,
Ora entuk banjur nesu.

Jek pacaran urung dadi bojoku,
Tumindak ngalahke wong tuwoku,
Kok jambak karo kok tapuk pipiku,
Ora sudi bundhas dadi pacarmu.
Selasa, 13 Januari 2015

Amung Roso Kangen

Sing tak rasakne amung roso kangen
Marang sliramu mas karno
Nanging aku amung biso nggonku nyimpen roso
Mergo kowe sing tak tresno wes diduweni wong liyo, nelongso

Sumilir angin dadi konco saben wengi
Adem banget tak rasakne
Nanging aku amung biso nangis mbrebes mili
Mergo sing tak tresnani wes ono sing nduweni
Nangis saben dino aku nganti asat eluhku
Nahan roso kangen, kangen marang sliramu
Nangis saben dino aku nganti asat eluhku
Nahan roso kangen, kangen marang sliramu.kangmas..

Wong ayu sak tenane aku ngerti Roso atimu
Wes lalekno aku, pancen dudu jodohmu, lilakno

Kang Mas, nelongso
Minggu, 04 Januari 2015

Sawat Boto

Ono seng lagi ngomel-ngomel,

"Agomo islam kie gak knek di nalar, bayangno to jarene jin setan iku
biyen diciptakan Tuhan songko geni, gek jare mbesok dicemplungne
neroko diobong yo ngangge geni. Geni kok diobong ngangge geni gek opo
yo oleh gawe koyo mengkono iku, yen setan asale wae songko geni opo yo
loro, opo yo kodal, opo yo oleh gawe yen diobong nganggo geni. Agomo
islam kie gak masuk akal"

Trus tak jawab,

"Menungso kie biyen asale songko lemah, sampean ngerti boto? Boto iku
yo digawe songko lemah, sak umpomo boto seng digawe songko lemah iku
tak sawatne cangkemu seng asale yo songko lemah kiro-kiro loro gak?
Bonyok gak cangkemu? Wong lemah podo lemahe ae kok"

*Kemudian hening*