Rabu, 31 Desember 2014

Ndilat Sikil

Wektu iku aku lagi jagongan karo kumpulane wong jubah putih tur
serbanan (dilarang menyebut merk jare). Ono wong 3 anggep wae mereka
iku pak ustad(urusan pantad) #eh, lagi mbahas khilafiah, seng ra
ngerti khilafiah iku perbedaan pendapat dikalangan ulama' terutama
tentang pelaksanaan mu'amalah, secara akademik tak akoni aku kalah
ijasah,lha aku ra tau mangan bangku kuliah je...(kardene lho atos ra
tedas).

Intine aku kie lagi eyel-eyelan, ora sombong lho iki tp nyatane
meskipun dikroyok wong 3 tetep wae aku iso nyauri pertanyaane, dalil
opo wae ngerti, Lha wong tiap pertanyaan tak sawang neng
epek-epek(telapak tangan) wis ono jawabane je.., guruku lho mbah
google alias ndelok hape. Hahaha..

Singkat cerita, seumpomo ono wasite meskipun aku wis menang pak ustad
3 iku tetep wae gak gelem ngakoni kekalahane, tetep mengharamkan,
mengbid'ahkan, mensyirikkan, mengkafirkan sopo seng ora podo karo
ndek'e.

Akhire ganti aku seng takon, "Ono sebuah peristiwa ngene critane,
wektu iku ono seorang ustad lagi sholat ashar, ujug-ujug(tiba-tiba)­
ono asu ndilat sikile. Pertanyaanku, piye nasib sholate Pak Ustad iku
mau?"
Ustad A : "Haram iku.."
Ustad B : "Najis.. Dalile wis jelas"
Ustad C : "Batal sholate, wajib mandi besar kui"

Aku ngeyel : "yo tetep sah ae kok."

Ustad A : "Opo dasar hukume?"
Ustad B : "Enek hadise pora?"
Ustad C : "Opo dalile? didilat asu kok.."

Aku : "Ora perlu hadis dalil lan liyo-liyane, lha wong pak ustad lagi
sholat trus ono asu ndilat sikile asu iku dewe lho, nyapo kok
mbatalne? #Muendho"
Jumat, 26 Desember 2014

Nylempit

Tak sawang kancaku pipine abang koyo bekas dikaplok, njuk aku takon,
"Keno opo iku pipimu, Kang?"

"Bar dikaplok cewek" Jawab koncoku mrengut.

"Lha kok iso? Piye ceritane?" aku penasaran.

"Aku maeng lagi antri neng ATM, neng ngarepku ono cewek yo lagi
ngantri, tak sawang kok rok'e nylempit neng silit'e, sajak'e mergo
kegedhen bokong, dengan sok baik hati tak dudut rok'e supoyo ora
kecepit bokong, maksudku nulungi lha kok malah aku dikaplok." ujare
koncoku

Aku ngguyu ngakak nanging iseh penasaran, amergo pipine seng abang
koyo bekas kaplokan iku loro karone, njuk aku takon "Lha iku pipimu
seng siseh opo yo bekas kaplokan cewek?"

Tambah mbesengut kancaku crito "Dikaplok cewek yang sama. Tak kiro
cewek iku mau gak seneng yen rok'e seng nylempit neng bokong tak
dudut,mungkin emang disengojo koyo mengkono. mangkane tak balekne
maneh rok iku mau neng slempitan bokonge. Eh, lha kok ternyata aku
malah dikaplok maneh" Kancaku misuh
Senin, 22 Desember 2014

Podhang Kuning (Download Video Mp3 Lirik Lagu)

Isuk awan neng omah wis ora krasan
Keluyuran anggolek'i seng tak sayang
Mubeng-mubeng mider anggonku ngideri
Ora kroso esuk awan nganti wengi

Eman-eman yeng nganti liyo kang nyayang
Kleyang-kleyang tak sawang mencok neng empang
Gegancangan tak rindik songko kadohan
Sarwi ngoceh dhewek'e ngaleh pencok'an

E...lho.. kae tak suwun mbok ojo ngece
Podhang kuning agawe pikirku koming
Seret ireng tak sawang tambah manise
E bebungah yen klakon nyanding slirane

Ora bakal atiku kegiwang liyan
Yen si podhang andudut ati kepranan
Ora mendho atiku sansoyo getro
Tak sranani surpikat pulute pendo



Kamis, 20 November 2014

Bedane Cangkemku karo Cangkemmu

Wis to, lha mbok dieyel sampek nggambleh seng jenenge aktifis anti rokok ora bakal leren kampanye. Meskipun wis kalah eyel-eyelan tetep wae alasane kesehatan.

Secara logis opo maneh secara ilmiah tetep wae ora iso nglarang wong ngrokok, alasan opo wae ora biso ngalang-ngalangi wong ngrokok. Lucune, meskipun ora biso nyegah wong ngrokok tetep ae mereka kampanye.

Nah, yen aku ditakoni "Nyapo kok ngrokok, opo alasane?" Simpel wae jawabanku, aku ngrokok kie cuma ngge mbedakne cangkemku karo cangkeme asu.
Senin, 17 November 2014

Ora Kolu

Sore wingi aku tuku sego neng warung etan prapatan. Ora masalah yen ngesor mejo akeh uthis, tegesan rokok, kulit kacang goreng, tur bungkus jajan pateng tlecek, tapi pas aku mangan sayange mung siji aku ora kolu karo piringe.

Koncoku takon,"Nyapo ora kolu? Piringe reget ora dicuci yo?"

"Resik , wis diisahi kok."

"Lha trus, nyapo kok ora kolu?"

"Yo nek segone kolu, seng gak kolu ki mangan karo piringe"

"Asemik"
Sabtu, 08 November 2014

Ora Oleh Ditumpaki

"Tonggoku kie rondo teles, wonge uayu, sugeh tur grapyak. Isuk maeng tuku mobil anyar. Gres kinclong mulus kinyis-kinyis. Tapi sayange njajal tak tumpak'i gak oleh."

Koncoku takon."Pelit yo wonge?"

"Dermawan seh sakjane"

"Lha cuma njajal numpak'i mobile ae kok gak oleh?"

"Oleh kok. Seng gak oleh kie numpak'i wonge"

"Huasyu.."
Selasa, 04 November 2014

Bu Mentri itu Merokok

Sejak kapan rokok menjadi standar normatif? Kiro-kiro ngno kuilah pertanyaane. Amergo kepangan
omongane aktifis anti rokok mongko terkesan yen ngrokok iku suatu tindak kejahatan, perbuatan
ilegal yang berdosa.
Seorang menteri wadon tatoan ora tamat SMA ngrokok neng istana negara, apane seng salah?
Yen ora ngrokok iku dadi hak sebagian menungso, mongko ngrokok iku yo dadi hak sebagian
menungso yang laen.
Mentri tatoan gak masalah, ora tamat SMA gak masalah, mentri ngerokok gak masalah, nah
ngerokok ditempat umumlah seng dadi andalane larangan merokok, tapi pertanyaane sejak kapan
istana negara dadi tempat umum?

Wartawan seng ora ngerokok tur media masa lawan politik ndelok'e pasti songko sisi buruk'e,
nulis berita seng elek-elek thok.
Padahal neng desoku yen bertamu opo maneh kok mbedayohe ngundang saperlu ngrawuhi hajatan
nggowo rokok iku wajib, ora perduli tamu opo tuan rumahe ngrokok opo ora yen ora nggowo
rokok iku malah ora sopan lan ora nduwe anggah-ungguh sesrawungan.
Nah wartawan seng mewawancarai Bu Menteri iku kok nyalahne seolah-olah iku perbuatan ilegal,
sebelum wawancara kie kudune kan malah nyuguh rokok, moso arep enek perlu kok wis ora
nawani rokok malah nggambleh ngomongne ngelek-elek seng diwawancarai, gek ngono ae ora
terbukti sisi elek'e je...
Jan uwong kok ora njowotenan, uwong opo uduk? Emboh

Kamis, 16 Oktober 2014

Tresno Waranggono

Nelongso roso rasane tangis njroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Larasworo gending tresno gawe kangene atiku
Tansah eling aku ro sliramu

Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu
Ning wes pastine aku duk jodohmu
Pancen roso kari roso
Kudu lilo nggonmu nrimo
Lilakno aku nyanding priyo liyo

Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu swaramu
Aku mung biso ndedungo waranggono sing tak tresno
Mugo biso urip tentrem mulyo

Tak tulis lakon tresnamu ing gending katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris
Tak lakoni kanti ikhlas ati

Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eluhku deres mili ono pipi
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni

Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono

Kamis, 17 Juli 2014

Poso - Romantisme Kawulo Gusti

Poso iku ngempet howo nepsu, ora nglakoni tumindak kang mbatalake poso diawiti songko wektu fajar tumekaning wektu maghrib. Wis lumrah mungguhing menungso naliko ono tumindak kang enak kepenak lan disenengi banjur tumindak iku dilarang dilakoni mongko soyo dilarang soyo tabah kepinginlah menungso iku nglakoni tumindak iku.

Secara garis besar kang dilarang dilakoni mungkin iki termasuk howo nepsu menungso kang paling gedhe, yoiki ora mangan ora ngombe lan ora kenthu, ananging ternyata naliko larangan iku mau diijinkan batal, mongko kenikmatan nglakoni tumindak iku dobel nikmate.

Pertanyaan terbesarku selama iki, opo to tujuan maksud Gusti Alloh iki kok sampek ndue ide kreatif tentang poso? Mungkin wong kang sok alim bakal njawab kanthi jawaban sok agamis lan ngumbar dalil kang dowo tur fasih. Tapi setelah tak fikir mungkin hakekat poso iku bentuk romantisme Alloh marang kawulane, dudu siksaan lan larangan kang nyusahne kawulo, ananging Alloh kepingin kawulo iku syukur naliko nikmat kang dirasakne pas poso iku ternyata dobel nikmate. Ibarat wajibe rakyat pajek bumi lan bangun ugo pajek kendaraan marang negoro, opo to abote pajek poso lan ibadah dumateng Alloh kang paring nikmat seng ora bakal biso diitung akeh'e.

Poso iku ibadah privasi marang Alloh, ora ono sangkut paute marang menungso liyane, kejujuran nglakoni poso iku sejatine mung lillahi ta'ala. Mungkin aku biso ngapusi menungso liyo ngaku yen lagi nglakoni poso, ing ngarepe menungso aku ora mangan ora ngombe. Nanging sejatinging tumindakku lan jujurku mung Alloh lan aku seng mangerteni.

Ibarat wong kang lagi kasmaran, jujur marang slirane iku luwih utomo, sang kekasih bakal tambah tresno nalikane ngapusi marang wong liyo nanging jujur ngomong opo anane marang slirane. Romantisme kawulo marang Gusti Alloh ikilah hakekat poso mungguhku.

Amergo poso iku termasuk ibadah mahdloh, rukun islam kang ora biso ditoleransi mongko wajib hukume. Songko tembung wajib kang maknane pahala yen dilakoni lan duso yen ditinggalake mongko ora nglakoni poso laknat Alloh lan Neroko ganjarane.

Tapi, begitu sangat romantisnya Alloh, banget kasih lan cinta marang kawulo kang den tresnani iki, Alloh nduweni sifat sayang, yoiku yen aku ora kuat poso sebab halangan dzorurot lan kapekso mongko aku diijinake ngganti poso ing liyo dino, ibarat kekasih kang kasmaran nunggu lan nagih janji songko wong kang disayangi, opo yo tego aku ora nglakoni opo seng dikepingini lan tak janjeake marang wong kang den tak tresnani.

Aku ora pamrih kepingen piwales wujud opo wae songko kekasihku, nglakoni opo seng biso ndadeake bahagia lan seneng, biso nyawang esem sumringahe iku wis luwih songko cukup. Mongko semono ugo aku ora pamrih ganjaran surgo naliko nglakoni poso, ikhlas nglakoni lan ora ndadek'ake Alloh murko iku wis luwih songko cukup kanggoku.

Mokel iku istilah kanggo wong kang ora kuat ngempet lan akhire mbatalne poso sakdurunge maghrib,dadi sengojo ora nglakoni poso lan mokel iku banget bedane, ono telung perkoro kang biso den maklumi yoiku lali, kepekso lan dzorutot mungkin iseh ono toleransi, nanging yen sengojo ora nglakoni lan sengojo nglangar larangan lan nglakoni opo kang ora den senengi opo yo bakal dingapuro?

Akhir kata, Romantisme Alloh iki ora bakal tak sio-sio, ibarat wong kang lagi gandrung, wulan romadlon iki koyo dene kencan malem minggu kang kebak romantisme cinta. Yen serius nglakoni ugo ikhlas tur jujur bakal teko dewe ganjaran kang aran pernikahan ing dino fitri
Kamis, 22 Mei 2014

Contoh Panyandra Manten

Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya .....[7 Maret 2013]... pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.
Senin, 19 Mei 2014

Contoh MC Nikahan Bahasa Jawa

Dhumateng panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para sesepuh, saha pinisepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen,
langkung-langkung panjenenganipun Bp ............. ingkang dhahat pinundhi, panjenenganipun ..................... ingkang kula mulyaaken,
panjenenganipun Bp Pengulu Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ................. ingkang pantes sinudarsana.
Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan,
para kadang wredha-mudha lan tumaruna ingkang mahambeg ing tresna lan asih,
menapadene para pengombyong temanten kakung saking .......... ingkang tansah winantu ing bagya mulya.
Sugeng rawuh, wilujeng dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan ngluhuruken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ngonjukaken raos syukur, karana sih rohmat miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid, alhamdulillahirobbil'alamin.
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Para rawuh, para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, kakung sumawana putri.
Langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksami, awit sampun kumawantun nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis.
Ing ngriki kula minangkani talang atur kulawarga, keparenga hangaturaken mukaddimah menggah prastawa gati ing titi kalenggahan menika.

Ingkang sepisan ing ngriki kula minangkani kulawarga, ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwun Bpk/Ibu ............ sakulawarga. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Kaping kalihipun, minangkani wakil kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates dhumateng sedaya paring pambiyantu panjenengan sedaya ingkang awujud menapa kemawon, bau suku, bandha-beya, menapadene iguh lan pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga ............. menika, sahengga adicara menika saged kaleksanan.
Ananging saking kulawarga mboten kuwawi matur menapa-menapa, saha mboten waged atur piwales menapa-menapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Allah SWT, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Sinaosa mekaten, Bpk/Ibu .......... sakulawarga tasih badhe nyuwun ugungan malih, katur panjenengan sedaya mugi keparenga paring paseksen, nuwun inggih ing dalu menika, Nimas ................., badhe dipun nikahaken kaliyan ................ putra panjenenganipun............. ingkang pidalem ing.............,
Ingkang menika keparenga paring pendonga puja sesanti mulya dhateng kekalihipun, anggenipun sami sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, anggenipun membina rumah tangga, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, Bpk/Ibu ............ sakulawarga sanget anggenipun ngrumaosi bilih minangka jejering titah sawantah ingkang budi dayanipun sanget kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing trapsila, kirang suba sita, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama panjenengan sedaya.

Salajengipun, menggah runtuting adicara ing dalu menika, nuwun inggih namung mekaten:
- ingkang sepisan pambuka
- ingkang urut kalih 'acara inti', nuwun inggih adicara akad-nikah ijab qobulipun penganten
- dene ingkang urut tiga, nuwun inggih tambahan lan panutup.

Hadlirin hadlirat ingkang kula mulyaaken, wondene adicara akad-nikah samangke:
- badhe kabikak kanthi waosan wahyu suci Al Qur'an
- kalajengaken sawetawis srah tinampen calon temanten kakung
- lajeng akad-nikah ingkang kapratitisaken panjenganipun Bpk Pengulu.
mekaten menggah rantamaning adicara ing wekdal dalu menika, mugi-mugi saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Ibu-ibu, bapak-bapak, saha sanggyaning para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan. Minangka pambukaning adicara menika, sumangga nuwun kula dherekaken maos ummul kitab sesarengan.
Liridho-illahi ta'ala walisyafa'ati rosulillah SAW al faatihah.
========
Matur nuwun, mugi-mugi lantaran waosan kalawau adicara menika saged lancar, rancag, mboten manggih alangan setunggal menapa, wiwit purwa, madya, hengga wusananipun. Allahumma amin.

Salajengipun, uruting adicara inti ingkang sepisan, nuwun inggih nyuwun berkah waosan ayat2 suci Al Qur'an dhumateng panjenenganipun Bp/mas/mbak ......... Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun wekdal saha papan kula sumanggaaken.
========
Mekaten menggah Waosan Wahyu Suci Al Qur'an ingkang sampun kawaos dening panjenenganipun ........., mugi-mugi saged nambah santosaning iman kula panjenengan sedaya, saha mbarokahi adicara ing dalu menika, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun .......... kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun, inggih menika Srah Tinampen calon temanten kakung. Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun Bp ............ minangka duta wacana, wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

====(Pasrah Temanten Kakung)===

Mekaten Atur Pasrah calon temanten kakung ingkang sampun kaaturaken kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.
Salajengipun Atur Panampi ingkang badhe kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bp .................. Ingkang menika katur dhumateng panjenenganipun Bp ......... wekdal saha papan kula sumanggaaken. Sumangga, nuwun.

===(Tampi Temanten)===

Mekaten Atur Panampi ingkang sampun kasalirani panjenenganipun Bp ..............., kanthi cetha wijang wijiling pangandikan. Dhumateng panjenenganipun kula aturaken agunging panuwun.

Adicara salajengipun, inggih menika adicara akad-nikah ijab qobulipun penganten, ingkang menika katur dhumateng Bp Pengulu wekdal saha papan kula sumanggaaken.

-====++====-

Para rawuh para pilenggah ingkang kula mulyaaken, mekaten adicara akad-nikah sampun purna, temanten kekalih sampun sah menggahing agami lan negari, mugi-mugi saged dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah warohmah, lan tembenipun pinaringan turun ingkang soleh solihah, allahumma amin.
Para rawuh para pilenggah ingkang kula mulyaaken, ing salebeting adicara ingkang bahagia kados menika, raosipun kirang jangkep menawi dereng dipun paringi ular-ular utawi mau'izhah hasanah dening pinisepuh ingkang ngalim, saha pendonganipun para sesepuh ingkang pinundhi. Pramila adicara salajengipun, nyuwun sawetawis mau'izhah hasanah dhumateng panjenganipun Bp Kyai ........... Ingkang menika, katur dhumateng panjenenganipun wekdal saha papan kula sumanggaaken.

-====**====-

Mekaten mau'izhah hasanah saking panjenenganipun Bp Kyai ............. mugi-mugi saged dados sanguning penganten kekalih anggenipun badhe mbina rumah tangga, saha mbarokahi dhumateng kula panjenengan sedaya, allahumma amin. Dhumateng panjenenganipun Bp Kyai .............. kula aturaken agunging panuwun.

Salajengipun, minangka panutup ing adicara dalu menika, badhe nyuwun barokah pendonga dhumateng panjenenganipun ..............
Ananging sakderengipun wekdal kula aturaken, langkung rumiyin wangsul dhateng pribadhi kula, sedaya kalepatan lan kekirangan anggen kula matur lan ndherekaken adicara menika, saha minangkani para kadang kulawarga, sanget anggenipun nyuwun agunging samodra pangaksama panjenengan sedaya.
Dene saparipurnaning donga ing mangke, kasuwun panjenengan sedaya tetep lelenggahan sawetawis rumiyin kanthi mardu mardhikaning penggalih, awit para kadang kulawarga badhe atur pasugatan sawetawis.
Mekaten, kula cekapaken semanten pamatur kula,
Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Sabtu, 17 Mei 2014

Contoh Atur Panampi Temanten

Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri , Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra pangaksami.
Rabu, 14 Mei 2014

Contoh Atur Pasrah Penganten Putri

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung miwah putri. Minangkani pamundhutipun Bp/Ibu ....................................... nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten putri ingkang pidalem ing ................................... , kula pun ........................................ ingkang piniji minangka sulih wicara, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ........................................ dalah gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu .................................... ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang agung, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................. lumantar kula masrahaken putra temanten kekalih, inggih Mas Bagus ......................... kaliyan Rara ayu ........................ ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben, nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ , kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, mugi kepareng katampi, kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga ........(penganten putri).............. menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ....................................... amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Panjenenganipun para rawuh ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet taksih kathah reroncening adicara ing pahargyan menika. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga diagung ing pangaksami.
Selasa, 13 Mei 2014

Tembang Kangen

Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku
Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu

Sumilire angin tansah ndudul kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi

Liwat tembang kangen, aku titip tresno
Opo pancen sliramu, uwis ora kroso
Liwat tembang kangen, aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang

Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku

Download Mp3 lan Video'ne
Minggu, 11 Mei 2014

Contoh Atur Pasrah Penganten Kakung

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang tuhu kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng siang/dalu, sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Kula pun ............................. ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp/Ibu .................................. nuwun inggih tiyang sepuhipun putra temanten kakung ingkang pidalem ing ............................................., keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalah gotrah kulawarga,

Ingkang sepisan, kula sarombongan saking ......................................... sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.

Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bp/Ibu ..................................... gotrah kulawarga, katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing ........(kampung).......... ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”

Kaping tiganipun, Bp/Ibu ................................. sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene panjenenganipun Bp ......(pemangku gati)........... sampun saged ngleksanani darmaning asepuh, hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bp/Ibu ............................ gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari, menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih .........(penganten kakung)........., kula pasrahaken dhumateng Bp/Ibu ......(pemangku gati)........... dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma, saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu ................................... gotrah kulawarga, amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.
Jumat, 09 Mei 2014

Sri Huning

Sri huning mustiko tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang raden wiratmoyo
Kang wis prasojo hanambut branti

Sri huning daton ngrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putra niro
Ronggolawe adipati tuban

Sri huning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuk ing madyo logo
Duk prang tandhing lawan minakjinggo

Katresnane wiratmoyo
Tinampi dene roro sri huning
Senadyan wekasan niro
Prapteng lampus alabuh negoro

Download Mp3 lan Video'ne
Rabu, 07 Mei 2014

Contoh Atur Pambagyaharja Pahargyan Temanten

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang dhahat pinundhi. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz Ustadzah ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu sabda miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, saha para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Mboten kesupen, panjenenganipun para kadang pengombyong temanten kakung/putri saking ................................................ ingkang tuhu pantes sinuba sagunging pakurmatan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, nuwun inggih Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Nuhoni dhawuh pangandikan saking panjenenganipun Bp/Ibu ................................... ingkang hamengku gati, kula pun ................................... lajeng kumawani nyahak wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu ngaturaken prentuling parasdya menggah wigatosing pahargyan ing titi kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bp/Ibu ................................................. gotrah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, kairing agunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sedaya sampun kepareng minangkani menapa ingkang dados panyuwunipun. Mugi-mugi rawuh panjenengan menika kalebetna amal soleh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti ingkang matikel-tikel. Allahumma amin.

Ing panginten, sanggya para rawuh sampun mboten ketilapan malih menggah ujubing pahargyan ing titi kalenggahan menika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha putra mahargya siwi ingkang :

* asesilih Rara Ayu .................................... ingkang sampun kadhaup dening Bagus .................................... putra panjenenganipun Bp/Ibu .....................................

* peparab Bagus .................................. ingkang sampun kalampahan dhaup kaliyan Rara Ayu ...................................... atmaja putrinipun Bp/Ibu ..........................................

ingkang pidalem ing ...........................................................

Para rawuh para pilenggah ingkang tuhu kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih putra temanten sampun kaakid-nikahaken dhuk kalawau/kalawingi ( enjing/sonten/dalu *) , nuwun inggih dinten ........................... nyarengi surya kaping ........................................ titiwanci tabuh ....................... wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan negari, kanthi sineksen dening para kadang, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing ....................................... kanthi manggih wilujeng tan manggih alangan setunggal menapa.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana, Bp/Ibu ........................................ gotrah kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya paring sumbangsih lan kadarman ingkang awujud menapa kemawon, langkung-langkung pambiyantunipun para warga RT ................ ngriki, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng pahargyan ing kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggemanipun ingkang hamengku gati. Ananging panjenenganipun Bp/Ibu ...................................... mboten kuwawi matur menapa-menapa. Panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi tansah paring leliru ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Allahumma amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang tansah sinuba sagunging pakurmatan, kakung miwah putri. Lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu Bp/Ibu ......................................... anggenipun angrantam, angreronce, miwah anggantha-gantha pahargyan menika, ananging dhawahipun sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, Bp/Ibu .............................................. sakulawarga namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami. Ewa semanten, para ingkang samya mangun bebesanan tasih nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh mugi keparenga paring puja sesanti mulya tumrap putra temanten kekalih anggenipun sumedya lelumban ing madyaning bebrayan agung, mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang soleh solihah. Allahumma amin.

Para tamu para pilenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, Bp ....................................... sakulawarga, lumantar kula tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila mbokbilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya, kirang ing tanggap, tangguh, lan gupuh, mugi diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya.

Para rawuh, para pilenggah ingkang satuhu luhuring budi, mawantu-wantu panyuwunipun Bp/Ibu ................................................ gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika.

Ing wasana, kula pribadhi ingkang tinanggenah minangka talanging atur lan sampun kumawani tilar subasita, cicir, cewet, lan cupeting atur keparenga diagung ing pangaksami.

Billahittaufiq walhidayah, wassalamu'alaikum wr.wb.
Senin, 05 Mei 2014

Ceritaku : Isran Noor Mendengar - Gelar Budaya Nusantara 2014

Kulonprogo, Isran Noor Mendengar - Gelar Budaya Nusantara 2014. 

Bersama 8 sahabat saya yang berasal dari berbagai penjuru kota mulai dari Ponorogo, Madiun dan sekitarnya, datang ke Jogjakarta tepatnya di Kulonprogo untuk bertemu sesosok yang bernama Isran Noor.

Siapakah bapak Isran Noor ?

Isran Noor yang merupakan anak ke-7 dari sebelas bersaudara dari pasangan Bapak Siul Bakrie dan Ibu Hadijah (yang masih merupakan trah kerajaan Kutai yang telah menjadi Kerajaan Islam sejak abad ke-18). Isran Noor menikah dengan Noerbaiti dan dikarunia tiga orang anak yaitu: M. Rahman Isran (Rais), S. Rahmawati Isran (Rahmi) dan S. Annisa Isran (Anis).
Isran Noor lahir di desa Sangkurilang pada tanggal 20 September 1957, kabupaten Kutai Timur, bertepatan dengan malam Isra’ Mi’ raj. Karena itu pada masa kecilnya Isran Noor sering dipanggil “Isra’. Saat balita, ia dibawa kedua orang tuanya pindah ke Rantau Bahar dimana Isran Noor menjalani masa kanak-kanaknya. Sejak masa kecil Isran Noor sudah menunjukkan kemauannya untuk mendalami studi Islam. Kemampuannya membaca Al-Qur’an, ketepatannya dalam membaca tajwid sangat menonjol. Kebiasaan yang diasah dan dibina sejak kecil ini menghantarkan Isran Noor meraih predikat qari (pembaca Al-Qur’an) terbaik di daerah kelahirannya.
Ir. H. Isran Noor, M.Si (lahir di desa Sangkurilang, 20 September 1957) kini menjabat sebagai bupati Kutai Timur periode 2011-2016, disamping itu ia juga menjabat sebagai Ketua Umum Asosiasi Pemerintah Kabupaten Seluruh Indonesia (APKASI), Ketua DPD Partai Demokrat Kalimantan Timur serta Ketua Umum Perhimpunan Penyuluh Pertanian Indonesia (Perhiptani). Ia memulai jabatannya terhitung sejak tanggal 4 Februari 2009.
source : isrannoor.com

Yeah itulah sedikit yang bisa saya kutip dari website official nya.

Lanjut...

Siang agak ke pagi - pagian, dapet kesempatan bersama sahabat - sahabat blogger untuk mengenal lebih jauh siapakan bapak Isran Noor. Di sebuah rumah budaya kami di jamu dan setelah menunggu 15 menit akhirnya bapak Isran Noor pun datang bersama rombongannya.

Sebelumnya ada seorang ibuk - ibuk (maaf buk anakmu ini lupa namamu...), yang menerangkan bahwa "Pak Isran Noor itu gak suka kalo di tanya dengan cara yang bertele - tele, beliau itu lebih suka di tanya langsung pada pokok masalahnya...". #isrannoormendengar .

Setelah Pak Isran Noor datang, beliau ngajak kami makan dan akhirnya acara makan - makan pun dimulai (Alhamdulillahhh temen - temen ku kenyang). #Top . Sesosok yang Ramah dan Mudah bergaul (Grapyak) itulah beliau.

Isran Noor Mendengar - Gelar Budaya Nusantara 2014
Ceritaku : Isran Noor Mendengar - Gelar Budaya Nusantara 2014

Acara saling tanya dimulai...

Pak Isran Noor bertanya "Yak, namamu siapa nak dan darimana ?", dan kami pun menjawab satu persatu "Nama saya bla bla bla... , Saya dari bla bla bla... , Pak saya mau tanya bla bla bla,... ". Dan dapat saya simpulkan bahwa kita harus bangga menjadi bangsa indonesia, karena indonesia memang pantas di banggakan dan acara Gelar Budaya Nusantara merupakan salah satu wujud usaha untuk mengnalkan budaya nusantara pada masyarakat.

Itu Ceritaku, Mana ceritamu...







Rabu, 12 Maret 2014

Dilarang Nguyuh

Perjalanan adoh iku emang paling ribet yen lagi kebelet nguyuh, nek nggowo kendarakan dewe jek penak iso mandek nengdi wae sak karepe dewe, lha nek numpak bis, opo yo gelem sopire dikon mandek sak penakmu.

Critane iki Sarkun lagi numpak bis perjalanan menyang Jakarta. Kersaningalah dewek'e kebelet nguyuh ora kenek diempet, njur ngomong menyang kernet ngajak mandek sedilut barang sak menitan. Sarkun kepengen mudun bis mergo arep nyuyuh, ananging si kernet bis nolak permintaane Sarkun. Amergo praupane kernet sing galak Sarkun gak wani ngeyel, terpaksalah uyuh'e diempet sak kuate, raine abang ireng, aku seng ono ing sandinge sampek mesakne campur kudu ngguyu.

Untunge limang menit sak bare iku bis mlebu pom ngisi solar lan sopire ngomong yen ono seng kepingin menyang toilet diwehi kesempatan kon mudun. Sarkun seng wis kebelet langsung mudun lan aku nginthil ing mburine, kersanengalah toilet umum kanggo kabeh ora enek seng kosong. Lingak-linguk golek panggon nguyuh, Sarkun sumringah ono mesjid cedak'e pom lan untunge ono toilet seng kosong, age age wae sarkun mlayu menyang mesjid nanging tak bengok'i.

"Arep nyandi koe, Kun?" aku takon karo nututi ing mburine
"Arep nyang mesjid, wis ora betah iki" jawabe Sarkun pringisan
"Sek to ojo mrono, tenan mandek'o"
"Lha emange nyapo?"
"Opo ora ngerti kowe, gak entuk lho nguyuh neng mesjid iku"
"Loh, lha emange nyapo? wis kebelet tenan iki" Sarkun mandek sajak'e nesu mergo tak larang
"Sumpah ojo nguyuh neng mesjid, kowe mengko ditabok'i wong akeh nek sampek wani-wanine nguyuh neng mesjid kene"
"Lha terus piye iki, aku wis ora kuat ngempet" Sarkun wis pasrah yen bakale ngompol neng sual
"Gampang nek pancen kowe wis ra betah ngempet, nguyuho neng toilet'e mesjid wae, ojo nguyuh neng mesjid, di jotosi takmir sak merbote koe engko"
"Diamput...Asssuuu...." Sarkun wis ora perduli karo aku seng cekakak'an, langsung mlayu menyang mesjid, eh toilet mesjid.
Jumat, 07 Maret 2014

Definisi Tresno

Opo to sejatineng tresno iku? akeh uwong kang ngomongne tresno tresno lan tresno ananging ora ngerti opo to artine tresno kui. Aku dewe mboh iki yo paham opo ora aku yo ra ngerti, aku dewe jek ragu seng pernah tak rasakne iki ke roso tresno opo nepsu aku yo durung biso mbedakne, welas lan asih iku pun jare yo bedo karo seng jenenge tresno.

Tresno iku roso seneng kang banget seng katutan roso welas lan asih kang banget ugo, roso tresno kang sejati ora biso dilukis lan ditulis, tresno iku misteri kehidupan kang angel banget diungkapne. Tresno iku roso kang digowo sampek tumekaning pati.

Tresno kang bener-bener tresno ora bakal purih piwales awujud opo wae kejobo roso tresno iku dewe. Tresno kang den jalari songko nepsu bondho rupo iku durung aran tresno amergo tresno iku lahir songko manah kang suci.

Tresno iku ora peduli adohe jarak lan dawane wektu, ora kenal umur lan ora biso dipekso. Tresno iku nikmat songko Gusti kang kudu dijogo lan ora keno disalah guno. Yen tresno iku awujud penyakit jare ora bakal ono tambane kejobo tresno ugo kang ngobati.

Tresno iku dudu mung dolanan, ora keno kanggo jajalan, yen tresno yo kudu tresno kang sejatining tresno. Tresno iku jalaran songko kulino, iyo jare ono seng omong koyo mengkono ananging ono ugo kang muncul secara ujug-ujug, roso kang biso ndadek'ake menungso edan lan gendheng.

Wong kang lagi katresnan biso den arani gandrung, yoiku tresno kang wis kewales marang wong kang den tresnani. wis ah kentekan ukoro.
Minggu, 02 Maret 2014

Hasil & Jadwal Babak 16 Besar Liga Champion 2014

Hasil Babak 16 Besar Leg Pertama Liga Champions 2014



----------------------------------------------------------------------------------------------------




Jadwal Babak 16 Besar Leg Kedua Liga Champions 2014

Rabu, 05 Februari 2014

KAHANAN

Kahananku iki yen tak umpamakke
Koyo cahyaning mbulan kang kalingan mego
Peteng koyo aneng luweng
Suwung sepi tan ono
Kang biso angluwari

Panandanging ati
Jerit tangis atiku
Tetes luh ing pipiku
Roso nelongso sliramu megatke tresno

Ibarat kembang kang layu
Tanpo kumbang asmoro
Aku kang kebacot tresno
Kok tinggal lungo

Nglangut ing wanci wengi
Yen rino atiku nelongso
Putus talining janji
Kowe ninggal kembang tresno

Loro laraning ati
Nadyan loro aku nerimo
Sliramu cidro janji
Tego ninggal aku lungo

Tak lilakke lungamu
Nadyan abot jroning rasoku
Tipis rondeng atiku
Kesayat welas tresnomu

Nadyan adoh dunungmu
Ojo nganti nglalekne aku
Pinangan lan sliramu
Dadi memanising kalbu

Umpamane Kowe bali
Nambani larane ati ndek semono
Tak enteni kowe bali
Piparingan nyambut Tresno ndek semono