Selasa, 31 Desember 2013

Sugeng Warso Enggal

Ngaturaken Sugeng Warsa Enggal 2014
Mugi tambah sae sak sembarange
Senin, 30 Desember 2013

Mendem Kangen

Abot rasane nandang kangen ati
Mergo tresnoku sing gedi
Tansah kelingan awan bengi
Mung biso telfon marang sliramu
Gawe tombo kangen rinduku
Mergo adoh jarak sliramu

Mendem kangen jeroning atiku
Soyo jeru mung telfon sliramu
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sak kedep wes marem atiku

Mendem kangen jeroning atiku
Nambah jeru mergo tresnoku
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sedelo wes adem atiku

-OM Sagita-

Minggu, 20 Oktober 2013

Banyu Goblog

Ojo mbok terus-terusake
Ayo ngombe banyu liyo seng enak rasane

Bola-bali tak kandani, Paaak...
Ojo ngombe banyu kuwi
Utek encer dadi koplak
Awak sehat dadi rusak, Paaak...
Eman awak'e

Pak Mino uwes sedo, Paaak...
Mergo ngombe banyu kuwi
Mas alex dadi kere
Pak Sutris dadi ngglele, Paaak...
Mergo Mendem banyu kuwi

Banyu kuwi aranebanyu goblog
Wong seng ngombe dadine malah begog
Ojo mbok terus-terusake
Uwes akeh yo contone
Ayo ngombe banyu lioyo eng enak rasane



Download

Rabu, 16 Oktober 2013

Disirami

Sak durunge Simbok tindak'an, Beliau berpesan "Engko sore ojo lali yo Le, kembange disirami!"
"Nggeh Mbok, gampang ampun kuatir, ingsaAlloh mangke sore kulo sirami" Semaurku males-malesan.
"Ojo nggah-nggeh ra kepanggeh, disirami tenan lo, kembang larang iku, awas nek sampek layu!" Simbok ngancam.
"Injiih Mboook..." Jawabku sebel.

Bengine pas Simbokku kondor moring-moring amergo kembange dirubung semut.
"Duh Gusti...kembangku iki maeng kok apakne to le... Lha kog iso bek semut koyo ngene?"
"Sesuai dawuh njenengan Mbok, kembang sampun kulo siram mi" Jawabku koyo prajurit laporan marang atasane.
"Ya ampuuuun.... gek indomie pisan." Simbokku nesu-nesu mergo indomine entek tak siramne kembang.
"Lha jare maeng kon nyiram mi, Lha niku kembange sampun kulo siram mi, kulo godok riyen kok tadi"

Minggu, 06 Oktober 2013

Cewek Gaul

Ibarat kembang kowe isih wangi
Ibarat tebu kowe pancen legi
Akeh tawon kang podo nyedak’i
Nyesep sari sarine kembang melati

Budhal isuk mulihe mesti sore
Rambute abang ditato alise
Sing nggandhengi sabendino seje
Gonta ganti pacare ono selawe

Cewek cewek gaul yen ngguyu untune gingsul
Soyo pantes yen nganggo rok sak dengkul
Cewek cewek cewek gaul ngisor nduwur kabeh gaul
Yen lumaku bokonge mentul mentul

Sopo wonge sing ora clegukan
Nyawang bokong bodine koyo dandang
Tumpakane sepeda motor lanang
Cewek gaul ayune sak kecamatan
Sabtu, 28 September 2013

Tips Menghilangkan Noda di Baju

Pak Umar si bos kantor isuk maeng nesu-nesu, amergo ono karyawane seng ngangge klambi reget.
"Udin, nek sesok maneh aku ngerti koe ngangge klambi reget nyang kantor tak pecat koe sesok" Pak umar moring-moring marang Uding sang karyawan.
"Sepurane, Pak. sragam kulo namung niki, mboten gadhah serep" Jawab Udin membela diri.
"Iyo tapi mbok yo diumbah, moso klambi reget koyo ngno dingge nyang kantor, seh? padakne nyang warung ae."
"Padahal sampun kulo umbah lo Pak niki, reget niki angel di icali." Udin tetep ngeyel
"Lha emange bar kok umbah kok jemur nengdi?" Pak umar takon.
"Teng wingking griyo, Pak." Jawab udin ndredek
"Sesok maneh yen ngumbah klambi ojo di jemur neng mburitan, reget ing klambimu iku angel ilange yen kok jemur ing mburitan" Pak umar aweh saran
"Lha terus dijemur teng pundi?" Udin takon penasaran
"Njajal sesok umbahen klambimu gek jemuren neng pager ngarep omahmu" nasehat Pak Umar

Sesok Isuk'e

"Nah, yo ngno lo nek nyang kantor kie klambine seng resik koyo ngno kui" Pak Umar seneng amergo Udin wes ngangge kalambi resik.
"Tapi niki klambi anyar pak, sanes seng dek wingi" udin njelasne
"Lha terus klambimu wingi?" Takon Pak Umar
"Alhamdulilah, berkat nasehat bapak klambi kulo wingi kulo umbah gek kulo jemur teng ngajeng griyo" Jawab Udin.
"Gek piye, ilang to reget ing klambimu wingi iku?"
"Ilang sih ilang pak, tapi mboten namung regete sing ilang, sak klambi-klambine ilang di gondol maling." Udin mrengut lan Pak Umar nglunuh ngaleh ethok-etkok gak krungu tapi ngalih karo ngempet ngguyu.




Senin, 23 September 2013

Festival Ponorogo Sejuta Buku 2013


Monggo engkang badhe pados buku awujud nopo kemawon, Ponorogo ngawontenakan Book Fair dengan tajuk Festival Ponorogo Sejuta Buku, lebih dari 200 penerbit bakal hadir meramaikan acara puniko. Manggenipun wonten Gedung Appollo etan aloon-aloon. Mulai tanggal 27 Septembber 2013 sampek 3 Oktober 2013 awit jam 09.00 dumug ijam  21.00. Sampun kesupen, mumpung murah, mumpung kathah.
Rabu, 18 September 2013

Silet ing Silit Pitik


Ing tengah kalangan genduren sore maeng, sak wise ambeng tumpeng lan thethek bengek sajen siap, parmin seng lungguh sandingku,bisik-bisik ing kupingku.

"Iki silite pitek mesthi ono silet'e."
"Hus, ojo ngomongne silit pas arep mangan, Saru." Aku pun tolah-toleh, samarku yen ono sing krungu omongane parmin mau.

Tapi sui-sui aku yo penasaran, opo maksute parmin silit pitik kok ono silet'e, opo hubungane? bareng aku takon parmin malah njawab, "Ora becik ngomongne silit ing kalangan kenduren, Saru." Asem tenan aku diwales, lan akhire tetep penasaran sampek genduren bubar.

Sak wise bubar ing dalan pas muleh genduren aku takon maneh,
"nyapo kok silit'e pitik ono silet'e? opo maksutmu, Min?"
Parmin mung ngguyu njur ndudohne brekat seng di gowo, brekat buntelan godong gedang ing njero plastik kresek ireng ditokne njur dibukak,

"Iki lo delok'en brekatku, lawuhe endog godong sesigar, yen silit'e pitik ora ono silet'e ora mungkin endog iki iso sigar separo ngene iki" Ternyata maksute parmin lawuhe endog mung sesigar kok ora endog utuh, #pekok.






Jumat, 13 September 2013

Joko Tarub Nawang Wulan


Abote nandang kasmaran
Joko Tarub marang Dewi Nawang Wulan
Widodari tumurun soko kayangan
Lagi lelumban ono sak jroning sendang
Nawang Wulan bingung bali
Agemane ilange ono ngendi

Joko Tarub bisa mupu patemboyo
Nawang Wulan tresnane tanpo upomo
Loro lopo bungah susah dilakoni
Waton nyanding ganthelane ati

Pungkasane pepisahan
Nawang Wulan bakal bali ing kayangan
Tresno tulus sineksen lintang rembulan
Katresnan Joko Tarub Nawang Wulang
Selasa, 10 September 2013

Cara Iklan di Facebook


Ketika membuka facebook tentu akan terlihat di kolom samping atau sidebar halaman facebook kalian di penuhi dengan berbagai macam iklan, mungkin bagi yang tidak tahu itu akan terasa mengganggu tapi ternyata tidak. Iklan di facebook tersebut akan menampilkan informasi penting dan berbagai jasa serta produk berkualitas. Mungkin kalian juga bertanya, Bagaimana Pasang iklan di facebook seperti itu?

Nah, jika kalian juga punya usaha atau jasa yang masih sepi dan ingin segera dikenal jutaan orang, jangan sungkan-sungkan untuk mencoba ikut beriklan di facebook. Usaha dan jasa yang kalian tawarkan pasti akan segera dikenal jutaan pengguna facebook di Indonesia, bahkan user dari berbagai negara sesuai dengan yang kalian inginkan.

Tidak perlu repot-repot mempelajari bangaimana tutorial Cara iklan di facebook, itu akan memerlukan proses panjang dan menghabiskan waktu berharga kalian. Cukup hubungi saja LKG Ads Service, produk apa yang kalian punya akan dibantu di iklankan di facebook, tidak hanya membantu memasang iklan di facebook tetapi LKG Ads Service juga akan mengoptimalkan iklan kalian agar sesuai dengan konsumen sasaran, karena LKG Ads Service bekerja dengan tim profesional dan sangat berpengalaman di bidang bisnis online.

Nah tunggu apa lagi, pasang iklan di facebook ternyata cukup mudah kan? hubungi LKG Ads Service dan besok pagi iklan kalian sudah muncul di facebook.
Senin, 02 September 2013

Pemimpin Gratisan

Ketika dadi pemimpin iku memang di tuntut tanggung jawabe. Naliko ono apik'e ora patek ketok, tapi yen ono elek'e disek dewe disalahne.

Yen pemimpin seng entuk bayar iku mah penak, arep elek opo arep apik tetep wae dibayar, Lha nek pemimpin gratisan koyo aku iki?

Yen gelem dadi pemimpin maton remuk'e, tapi yen nolak maton jeneng seng tercemar dianggep ora ndue tanggung jawab.

Pemimpin kan sakjane ndue hak merintah tapi yen kakean perintah mesthi di rasani, durung yen naliko seng diperintah iku wong seng angel kongkonane, Lha podho-podho anak buah gratisan je..

Tapi yo weslah ndak masalah, toh kabeh mau mesthi ono hikmah. Pemimpin seng tak maksud iki mung sekedar mimpin sinoman, pemuda tingkat kelurahan, karang tauna lah istilah gaule.

Pengabdian gratisan kepada masyarakat dengan jorgan "Loyalitas Tiada Batas"
Minggu, 11 Agustus 2013

Nasibku

Opo atimu digawe soko watu
Opo batinmu ketutup gunung sewu
Biyen kowe kondo mung aku sing mbok tresno
Ora bakal ono tresnane wong liyo

Remuk atiku ajuring uripku
Tak gowo nganti pungkasing umurku
Loro aku loro gelo atiku gelo
Nyatane saiki dadine cidro

Mesem ngguyu jroning uripmu
Udan eluh ning pipiku
Seneng bungah njero atimu
Nangis njerit jroning dodoku

Ora ngiro aku ora ngiro
Mbiyen seneng dadi nelongso
Manis janji mung ono lambe
Saiki pahit dadine

Ora ngiro tegone roso atimu
Tanpo pamit lan kabar medhot tresnamu
Tangis amung tangis tak lilakke awakmu
Koyo ngene lelakon urip nasibku
Nasibku...nasibku...nasibku...

Rabu, 07 Agustus 2013

Sugeng Riyadin 1434 H




NGATURAKEN

Sugeng Riyadin  1434 H

Bektos kulo, Kalepatan kulo
Nuwun agunging pangapunten





Minggu, 04 Agustus 2013

Rejekiku Songko Silitmu

"Jenenge rejeki iku pancen songko kersaning Gusti, tapi yo sopo seng ngiro yen rejekiku gumantung songko silitmu, silitmu iku sumber penghidupanku, meskipun ambune koyo ngopo aku matur suwun marang silitmu seng dadi mesin cetak duit nafkahku, anak bojoku nyandang mangan ugo songko tolah lan polah silitmu, seumpomo silitmu iku amoh ora berfungsi koyo biyasane trus aku kerjo opo?" Tukang sedot WC lagi curhat.


Rabu, 31 Juli 2013

Keunikan Tarweh 10 Akhir Ramadhan

Bermain tanpa bek dan pemain tengah, pertandingan tarweh di akhir babak ramadhan iki jama'ahe dadi streiker kabeh, alias mung sak baris ngarep dewe doank.

Ora koyo awal pertandingan seng formasine jek lengkap, formasi akhir ramadhan kali ini berubah dadi 0-9-1, poro malaikat seng nonton pun ngguyu kekel, bahkan mungkin malaikat seng dadi sporter iso nangis ngguguk iki.

Alhamdulilah, sampek tarweh bengi iki aku jek aktif, hebate bengi iki meskipun aku masbuk (bukan mabuk *catet) alias telat jamaah pun iso manggon barisan ngarep dewe, ora mergo aku imam, ora mergo aku nunyu-nunyul ngeyel manggon ngarep nggeser wong liyo, ora mergo opo aku iso manggon ngarep padahal teko keri dewe, nanging pancen jamaah seng tarweh mung sak baris iku pun ora kebak. mangkane meskipun tekone keri dewe tetep wae iso manggon ngarep.

Ngono wae akeh banget godaane, songko bocah cilik seng nangis mergo rame trus di jewer bapak'e, songko imam seng lali surate, songko suoro sanyo seng gemrojok lali ora di pateni, songko aroma tonggo mesjid seng lagi nggoreng gereh ngge saur mungkin, songko hapeku seng mbatek ae keder lali ora tak pateni vibratore, songko senggruk-senggruk suoro pilek jamaah sandingku. jan tarweh bengi iki kekel pokok'e, untunge Gusti Alloh mewajibkan khusu' dalam sholat, khusu' kan mung perkoro raimu mbok seleh ngendi.

Iku aku tarweh tenan, ora koyo bot lan baser seng melu #JamaahTarwehOnline via twitter, ora koyo #TadarusOnline via Facebook ora koyo #ItikafOnline via Waslap Aku jek muslem ngibadah didunia nyata, dadi cateten yen ono akun sosial mediaku seng online iku bot, iku baser poro adminku seng online.hahaha
Selasa, 30 Juli 2013

Tresno Tanpo Pamrih

Aku ora butuh bandamu simpenen wae
Aku butuh tresnamu sing sak temene
Aku ora pengen duwitmu gawenen dewe
Aku pengen sliramu kang selawase

Ora mergo pangkatmu njur aku gawe-gawe
Mergo lahir batin mung kowe

sayang sing tak sayang
Aku percoyo yen kowe tenanan
sayang sing tak sayang
Sing tak karepake mbok tompo opo anane
Manungso ono kurang luwihe wis lumrahe

Yen kabeh mau wis kodrate dadi jodone
Gusti paring kamulyan aku lan kowe

Minggu, 28 Juli 2013

Lintang Duwur Kutho

Koyo lagi wingi
Bebarengan nrabas wengi
Gandhengan tanganmu
Esemu nggeter ati

Naliko sirahku
Sumendhe ono bahumu
Wangine tresnamu
Ora kroso nggubet ati

Wong bagus atiku ketarik
Lintange melu lirak lirik
Wong bagus ojo njiwat njiwit
Lintange melu mobat mabit

Nadyan mung sak ketip
Atiku mbok olak alik
Lan kenangan kuwi
Soyo pengen tak baleni

Lintang nduwur kutho
Gencar gencar nggugah crito
Sliramu ning kono
Opo kangen iki kroso

Lintang pating glebyar
Dadaku soyo gumeser
Drijiku drijimu ngenem crito

Umpomo sliramu
Saiki ono sandhingku
Tak elus pipimu
Tak enggo sangu ngimpi

Rabu, 17 Juli 2013

Pengertian Siam

Siam utawi poso utawi puoso utawi puasa berasal saking tembung bahasa arab shoum utawi shiam artinipun ngempet yoiku ngempet howo nepsu menahan diri saking hal-hal tertentu ing wekdal tertentu.


  • Sarat Wajib Siam
  1. Islam, meskipun islam KTP
  2. Waras, mboten edan lan mboten mendem
  3. Baligh, bocah cilik ora wajib
  4. Kuat nglampahi siam, mbut gawe abot mboten masuk itungan
  5. Manggon, alias mboten musafir
  • Syarat Sah Siam
  1. Islam, murtadin ora masuk kategori
  2. Mumayyiz, sampun mangertos hukum agami
  3. Suci saking haid lan nifas, khusus cewek
  4. Masuk wektu wajibe poso, yoiku wulan ramadhan
  • Rukun Siam
  1. Niat, penting niat bentuk'e piye terserah seng penting lillahi ta'ala
  2. Ora nglakoni opo wae seng mbatalne poso, mulai fajar sampek maghrib
  • Batal Siam


  1. Kelebonan opo wae nyang awak kanthi sengojo
  2. Kenthu, awan doank bengi entuk
  3. Sengojo muntah, ha kok kober to ndes
  4. Sengojo ngecrit, termasuk onani
  5. Haid utawi menstruasi, Nifas alias manak
  6. Ra ndue akal, alias edan mendem lan semaput
  7. Murtad, alias metu songko islam
  • Haram Siam
  1. Wekdal riyadin, 1 syawal lan 10 dzulhijjah
  2. Dinten tasyrik 11 12 13 dzulhijjah
  3. Poso sak lawase, dilarang puasa unlimited
  4. Cewek seng lagi haid lan nifas haram puasa
  • Entuk Mboten Siam, tapi wajib qodlo'
  1. Sakit
  2. Musafir, tukang dolan
  3. Meteng, alias ngandut yoiku hamil
  4. Mokel dengan terpaksa
Mekaten sekedhik engkang saget di share,
Wonten kirange tambahi dewe, wonten langkunge ojo di gawe.



Sabtu, 13 Juli 2013

RAMALAN RINDU

Sopo seng Sampean kangeni saiki?
Sampean rindu sopo saiki?
Cie....gak usah isin... Ngaku wae...
Oke deh, nek gak gelem ngaku kita ramal wae yuk....
  • Pertama pilih angka favoritmu, terserah ongko piro wae entuk kok
  • Angka seng tok pilih iku maeng kalikan 3
  • Trus hasile ditambah 3
  • Bar iku dikali 3 maning
  • Hasil akhire entuk berapa digit jumlahen angka-angka iku

Tuladha : Yen hasil akhir sampean entuk 2 digit koyo to 24 mongko 2+4=6 berarti Sampean kangen wong nomer 6

Jawaban :

  1. Pacar
  2. Sahabat
  3. Gebetan
  4. Teman 
  5. Adik
  6. Mantan
  7. Kakak
  8. Ortu
  9. Seng Ndue Blog Iki


Rabu, 10 Juli 2013

Sugeng Siam Romadlon

Ngaturaken Sugeng nindaaken poso romadlon, mugi-mugi saget nutuk sewulan utuh, mboten wonten engkang bolong, mboten tergoda howo nepsu, mboten gampang mokel, kiat lair batinipun, lolos godaan awujud nopo ke mawon,saget nglampahi siam kanthi sabar lan ikhlas, pikantuk rejeki engkang manfaat, lan pikantuk ganjaran engkang kathah.


Minggu, 07 Juli 2013

Awal Poso Tahun Iki Se-Indonesia Podho Alhamdulilah

Alhamdulilah setelah sekian lama eyel-eyelan, rumongso paling bener, lan nyalahne pihak liyo, akhire saiki tahun iki awal poso biso bareng, dadi umat islam se-Endonesia iso nglampahi poso tanpo ono keraguan.

Babagan awal poso iki memang riskan banget ndadek'ake perpecahan ono ing kalangan umat islam, ananging tahun iki insaAlloh wes ora ono maneh perbedaan awal poso, sebab kabeh wes sepakat tahun iki awal poso digawe podho.

Nahdhatul Ulama', Muhammadiyah, lan ormas islam liyane ugo Pemerintah wes sepakat yen awal poso iki ora bakal bedo alias podho, awal poso tahun iki disepakati bersama yoiku jatuh pada tanggal 1 Ramadhan.

Mugo-mugo kanthi barenge awal poso iki umat islam se-Endonesia biso guyup rukun tanpo ono perpecahan. Amiiien... Karek nunggu dino riyoyo mengko, durung ono keterangan lebih lanjut bedo opo podho yo?

Sabtu, 06 Juli 2013

Kencan Malming Makan Gratis

Entah mergo nyapo aku yo gak ngerti, padahal ora valentine ora hari besar lan ora mergo sebab opo-opo. Tiba-tiba wae restoran kelas atas dan menengah ing Ponorogo koyo to Kintamani, Istana, Fress Cafe, Joglo Manis , Tirto Wening lan Restoran Ponorogo liyane mengGRATISkan sopo wae seng lagi makan malam ing restoran iku malem minggu engko bengi, tapi syarate kudu berdua yoiku berpasangan lanang wedok. 

Mrongoso bagi anda yang lagi jomblo.

Mulane monggo seng ndue pacar, utowo suami-istri enggal-enggal gajak pasangane malmingan wonten resotan-restoran ing Ponorogo meniko. Seng jomblo ora usah pura-pura ngajak kancane trus ngaku pacare mergo kur kepingin mangan gratis, Songko prejenganmu ae wes ketoro yen sampean iku jomblo.

Ojo sampek dilewatkan kesempatan romantis tur GRATIS alias gak mbayar iki, sopo wae ora peduli enom opo tuwo seng penting berpasangan makan malam minggu iki ora mbayar, Yen makan malam berduaan ing Restoran Ponorogo ora perlu ngetokne duit sepeserpun. rak yo penak to.

Tapi eling-elingen iki, meskipun mangan lan ngombe opo wae ing Restoran Ponorogo iki gratis alias ora mbayar, sampean kudu tetep nggowo duit, amergo pas mangan lan ngombe emang pancen bener ora mbayar tapi mbayare iku mengko ing kasir naliko sampean berdua wes sampe makan malam. Hehe..

Yang jomblo ke #Wakoka aja

Kamis, 04 Juli 2013

Jare Peduli Rakyat Miskin

Pemerintah wes terlanjur menaikkan regane BBM subsidi tanggal 22 Juni 2013, bensin premium dadi Rp 6.500/liter lan solar Rp 5.500/liter. Akeh demo percuma, demo ora oleh gae, demo kurang gawean tanpa hasil malah nggawekne gaean rakyat ndandani gedung lan kantor seng dirusak pendemo.

Konon pendemo iku mendemo poro pejabat seng jare korup padahal iku ora mung jare terah nyatane korup (rahasia umum), koyo to ngundakne rego bensin seng jarene pendemo cuma nambahi hasil korupsi, Lan penyunatan dana anggaran pembangunan gedung seng dikorupsi songko proyek iku. Tapi sayange carane demo iku kurang pas.

Demo kok anarkis, ngrusak kantor ngrusak gedung pemerintahan mbakar pager DPRD lan ngrusak kantor polisi, nek dipikir anarkismu ngrusaki gedung pemerintahan iku opo ora malah aweh kesempatan poro pejabat supoyo korupsi maneh dengan cara menyunat dana perbaikan gedung seng tok rusak iku?

Opo tok kiro ngrusak kantor iku mereka berubah tur sadar, mereka para koruptor iku malah seneng amergo entuk proyek perbaikan kantor seng mesthi bakal iso dikorupsi maneh.

Nyapo ing nduwur iku maeng aku nulis "demo kurang gawean tanpa hasil malah nggawekne gaean rakyat ndandani gedung lan kantor seng dirusak pendemo." nyapo kok rakyat seng ndandani, bukankah wes jelas duit ing pemerintahan iku juga duite rakyat, duitku duitmu lan duite rakyat miskin seng jare tok perjuangkan nasibe. Duite bener duite rakyat tapi seng nglakokne duit rakyat iku seng bakal korupsi mergo ulahe pendemo anarkis.

Artine nek kantor lan gedung pemerintahan iku rusak seng kangge ndandani iku juga duite rakyat su... nek demo anarkis jare memperjuangkan nasib rakyat miskin iku justru malah mateni rakyat su.. mikiro to, Pekok.

Wes ah serius amat...amat ae gak serius kok...

Iki ono cerito jenenge Amat, bocah utun ndueso tur gaptek iki isuk maeng crito yen ono SPBU utowo Pom Bensin seng ternyata ora melu menaikkan harga, ing SPBU lain bensin iku regane Rp 6500/liter yen eceran regane Rp 7000.

Peduli rakyat kecil dan masyarakat miskin jare Amat pom bensin iki ora ngundakne rego, buktine amat iku maeng ngomong mbek aku yen dewek'e bar tuku bensin ing SPBU dan ternyata tukune cuma Rp 5000 harga bensin lama.

Aku mikir opo ora rugi Pom Bensin iku, Padahal se Endonesia regane bensin wes mundak dadi Rp 6.500 kok wani-wanine adol bensin Rp 5000.

Jaman SPBU Ponorogo langka solar

Ternyata ora rugi, Lha setelah aku takon penjaga SPBU seng kebetulan juga tonggoku ternyata Amat iku tukune bensin ora sak liter tapi tukune iku Rp 5000 dadi entuk'e yo ora genep sak liter. Pekok.
Selasa, 25 Juni 2013

I am at Japan

Wektu iku aku kesasar, njur ono petunjuk seng sempat membuatku mandek sedilut, ngelangne moco tulisan ing papan penunjuk ing pinggir ratan, ternyata aku kesasar "I am at Japan" seng dadi pikiranku ternyata ing Japan iku ono juga sekumpulan penduduk seng asli wong Indonesia bahkan asli wong Ponorogo.

Bahkan Pemerintahan desane pun berbahasa Indoneisa, Lurahe ugo disebut Kepala Desa, masyarakat ing kono tetep bangga berdarah Endonesia meskipun urip ing Japan.

Panganan ing kono ugo podo wae bahkan persis karo panganan seng ono ing ponorogo, tetep ono pecel, kopi, tempe goreng lan mbako lintingan.

Nb : Jo salah paham aku iku ono ing Desa Japan, Kecamatan Babadan, Kabupaten Ponorogo ( NOT JAPAN COUNTRY )
Selasa, 21 Mei 2013

Kelingan Ngopi Kere


Seng aneh pas #ngopikere iku meskipun wes ketemu ngumpul saling berhadap-hadapan, tapi aneh'e ngobrole  kok yo ono ing twitter. Padahal jagongan penak-penak tapi kok yo sek urung lego nek urung mensen, padahal seng dimensen iku yo ono ing ngarepe lan ono ing sandinge. Bahkan wes turu' pun sek kober mensen contone @nden karo @Brencia_KerenS











Seng lucu pas #Ngopikere iku ketika dangdutan penyanyine goyang mereka pun melu njoget trus nyawer, gek ono seng ngomong "kere kok nyawer?"









Seng ngakak pas #Ngopikere iku ketika Daeng dikerjai @Wkf2010 suruh mensen @likpaijo  #WTPN Wes Tak Polo Ndasmu. Setelah iku Daeng ngerti "Ndasmu" adalah kata kasar,dia menyesal. Nah, tapi ternyata luweh parah maneh arti kata "Tak Polo" iku ngertine wes hari terakir #Ngopikere.










Seng Parah pas #Ngopikere iku ketika mereka ndebatne piye suarane bulu jatuh gek terus pie nulise ing tulisan indonesia. dan terbahak-bahak ngakaklah @matahritimoer











Wes ora ono entek'e iki yen dicritakne...
Senin, 20 Mei 2013

Bedo Ananging Podho

Ora ngiro yen ternyata #Ngopikere iki koyo nganu asik'e. Asik #Ngopikere iku amergo iki acara dolan, nyantei, seneng-seneng,lan hore-hore. Ora ono ketegangan seminar, keseriusan diskusi, lan ora perlu registrasi. Mangan sak warek'e, ngopi sak kembunge. Full music full hiburan. Asik banget pokok'e.

Disuguhi Wayang, jathilan, orkes dangdutan, atraksi ngecom kopi, pertunjukan hebat menjura puistis, gitar akustik, lan urun sumbangsing peserta songko lagu-lagu asik sampek lagu seng lali lirik'e pun ono.

Biso menikmati keindahan Puncak menoreh, Sunrise songko puncak kelir, lan nyawang keindahan kota jogja songko langit purworejo. Ora ketinggalan keunikan Goa Seplawan.

Ketemu sastrawan keren, penulis kondang, budayawan ampuh, kenalan anyar dengan profesi unik masing-masing, para follower friends lan tetep ora luput ketemu konco-konco #sektesaru. Keakraban njagong, keunikan nggambleh, paseduluran pisuhan, lan keasikan dialog kuat banget terasa, padahal sebagian besar mereka urung tau ketemu.

Aneh'e kita para peserta #ngopikere iki rasane koyo sedulur seng wes suwe ora tau ketemu padahal yo lagek iku ketemune, ora rugi ketemu wong aneh-aneh lan unik-unik iku. Biso berbagi ilmu, berbagi pengalaman, berbagi cerita, berbagi kopi lan rokok jugak.

Wong-wongane seng hadir ing #ngopikere iku bedo-bedo. Bedo daerah, bedo bahasa, bedo rupo, ora peduli lanang wadon, ora pandang cilik gedhi, ora pengaruh jabatan lan profesi, kabeh setara, podho menungsane seng lagi butuh keakraban lan keasikan kekancan. Meskipun bedo-bedo kita adalah konco.

Minggu, 19 Mei 2013

Kronologi #MbambungKere

#Ngopikere sak umpomo diarani acara saingan, secara pribadi aku ora setuju, mboh tenane piye, seng jelas arep ngenyangi acara sebelah tikete wes entek soale Ponorogo mung entuk jatah kursi papat. So, dari pada plonga plongo akhire koyo seng wes direncanakne budhallah aku nyang #Ngopikere @gunungkelir.

Awale mung aku karo @Warnet seng positip budhal tapi nyatane pas dino kemis sore persiapan budhal ngumpul cah limo ing Kandang Kopi @Jidat @Gofurwae lan @An_mb. @UmamOblong lan @fi_kh4n nekat budhal montoran setelah negoisasi lan perjanjian pendek. Kamis malam ketemu @Ranthul ing Madiun lan nginep ing Yupiter Kost Cah Alim.

Isuk'e budal numpak Sepur tujuan Yogjo Lumayan seru, mergo sak dawane rel ono @Gofurwae seng ora waleh lambene nggambleh, Sampek dibela-belani ijolan tiket demi nyanding mbak yang cantik haha... Mudun ing Lempuyangan numpak Trans Jogja medun maneh ing Kantor Infest, Ing kono ketemulah pertama kaline karo @Sarkaje Fakta membuktikan Avatar adoh karo wong asline.

Ing jero mobil jembutan menuju GunungKelir kenalan mbek @sarahzenadinka lan @SakuraNotes seng ternyata mereka berdua iki. ah... Nyampek lokasi #ngopikere Jum'at sore disambut koor ettawa. Ternyata durung akeh seng teko. @UmamOblong lan @fi_kh4n tangi turu' ternyata wes teko disek dengan cerita unik petualangan montoran ngangge bantuan GPS. Setelah iku berdatangan peserta liyane koyo @Profijo lan kanca-kanca liyane.

Iseng jalan-jalan nyang puncak tower ngilangi kepenatan efek perjalanan dimention tuan rumah "@gunungkelir : @gofurwae kancane di ajak makan dulu @njowotenan" ikulah tuit terakhir Mbah Sugiharto, setelah iku selama #ngopikere telung ndino beliau ora ngetuit. takon dewe nyapo.

Madang sore ditemani karawitan sambil cek TL konco-konco ing acara sebelah ngetuit Luwe dan Kaliren duh sakne mereka. Bar magrib angklo ceret lan ribuan bubuk kopi disiapne @likpaijo petualang ngopi pun dimulai, Ngecom dewe sak kembunge. Rodok wengi disunguhi wayangan hangeluri budoyo bongso. Dikancani mbako lintingan kopi panas midhangetaken wangsit Mbah Guru @Sawalituhusetya sampek isuk. Tangi-tangi nilik'i ayam bakar mboh sopo gek yahopo nek mbakar iki maeng penting matur suwun wetengku warek.

Sabtu isuk acarene Petualang Menjajaki puncak Menoreh dipandu @maztrie seng nyocot sak dawane dalan, tujuan wisata iki Goa Seplawan seng konon tersembunyi filsafat agung pertemuan antara Peli dan Tempik sehingga terwujudlah kita. Perjalanan nyeker dalan Donorejo seng munggah medhun diperlukan gas pol rem pol. Sorene disuguhi #Djathilan seng sumpah sampek mrinding nonton tari-tarian iku. Songko @Kotareyog pun tampil @Umamoblong Warok waskito Ponorogo melu njoget.

Bengine ono dangdutan penyanyine wuah dan merekapun nyawer, Loh jare kere kok nyawer. Ono juga Atraksi tutorial lan tehnik unik carane ngecom kopi songko @kulineryogya. Terus disambung acara keren musik akustik lan puisi @1bichara @DaanTeknoshit.

Minggu isuk ikilah inti acara #ngopikere bukan seminar bukan kuliah bukan diskusi tapi @wkf2010 @1bichara @gunungkelir @arief_ts mereka iki adalah pembicara cerdas ora waleh-waleh nggambleh lucu #sektesaru. @muhammadamrun @cakpii kalian benar-benar penikmat kopi sejati.

Bar mangan awan pasukan @kotareyog pamit nggowo jutaan makna lan pengalaman tak terlupakan ora lali ngutil kopine @Lutfiretno yang juara di #ngopikere. Setelah iku muleh lan sek tetep ngetuit nganggo hestek #ngopikere.

Iku mung kronologi singkat perjalanan #mbambungkere ing #ngopikere. cerita liyane seng ora bakal lali jek akeh seng urung ketulis. Nyuwun pangapunten menawi mboten wonten link lan gambar soale ngepost saking hape jadul niki,haha...

Minggu, 05 Mei 2013

Sandal Jepite Sagita

Eling ing dalanan iki, Mbiyen nate tak liwati
Gegandengan tangan, podo hangucapke janji
Senajan wes ora dadi, Nanging tresna ku tetep suci
Duh Cah ayu tego tenan ninggalke aku

Umpomo kowe rambute aku seng dadi kucire
Umpomo kowe sikile aku sandal jepite
Sue-sue tak rasak'ke malah ora penak dewe
Duh bejaku kok koyo ngene uripku


Download
Rabu, 01 Mei 2013

Petani pun Antri Solar

Seng rame diberitakan iku kan mobil, trek, bis, kontener intine kendaraanlah seng kebingungan goro-goro solar dadi barang langka, antriane mobil sampek berkilo-kilo adohe iku kan seng disorot kamera. mungkin bener yen kendaraanlah seng sangat membutuhkan solar. Padahal dibalik semua iku ono seng luweh parah goro-goro ketelatan solar, bukan rakyat berkendaraan roda papat, nanging justru petani seng saben ndino neng sawah, mereka juga butuh solar. 

Mluku alias nlaktor yoiku membajak sawah juga ngangge solar, pengairan seng songko sumur bor juga butuh solar, nek sawah ora dibanyoni goro-goro disel'e mati kentekan solar traktor ora iso nyingkal, yen traktor ora iso mluku goro-goro disel'e ketelatan solar piye carane nandur pari. Lucune, naliko petani melu antri gowo curigen ing pom bensin iku perlu surat keterangan songko kelurahan setempat.

Nelayan pun yo ugo koyo ngono nasipe, prahune ora iso mlaku yen disel ing prahu ora ono solare, trus nelayan kon nyapo iki? anti solar pun jare kudu nggowo surat songko kecamatan disek.

Tukang sound sistem seng biasane tanggapan nggone wong mantu pun semono ugo, podo mumete. ndahneo lucune yen tengah-tengah resepsi pernikahan lampu mati sound ora muni  mung goro-goro solare entek. Jare tukang sound, yen ono tanggapan paling ora limang ndino sak durunge kudu wes antri solar disek.

Gen antrine iku ora cukup sedino, kabanyakan curigen-curigen iku ditinggal amergo iso sampek 2-3 dino lagek entuk bagean solar iku pun dijatah.

Trus masalahe solar iki nyandi parane? nyapo BBM langkane kok mung ketika regane arep mundak thok?
Sabtu, 27 April 2013

Tak Lali-Lali, Sagita Koplo

Tak lali-lali kok mekso iseh kelingan
Neng njero ati mbok iseni tembung sayang
Rino lan wengi tansa mbedo ati
Kowe ra ngerti aku iki ora biso lali

Tak eling-eling kok malah nambahi koming
Trus montang manting mbok pameri bodi mecing
Nuruti karepmu gawe seneng ati
Kowe ra ngerti aku iki bingung noto ati

Ojo ngono, ojo ngono, ojo ngono...
Mung mbedo atiku....
Swaramu solahmu gayamu gawe mumet sirahku...

Yen nganti, yen nganti, yen nganti....
Ora kuat atiku....
Tak turuti mas emboh dadine ra ngerti...
Rabu, 24 April 2013

NgopiKere

#NgopiKere, Ngopi wes jelas asik iki, ada kopi ada solusi. Tapi kok kere? nah perlu dibahas engko, kere tenan opo ora sampean, atau seberapa parah tingkat ke-kere-an anda dalam tanda kutip.

Kopdar akbar seng ora peduli siapa anda iki dilaksanaake tanggal 10-12 Mei 2013. Jam kedatangan sampean gak masalah asalkan jek ono ing tanggal iku. Lokasine ing lereng Bukit Menoreh panggone @GunungKelir Pas'e Desa Donorejo Kecamatan Kaligesing Kabupaten Purworejo.

Ora bakalan rugi yen sampean gelem ngrawuhi , sampean iso ngopi sampek klempoken, nyate klathak dewe, mbakar ayam dewe, api unggunan, sharing karo poro master, nyawang Jogja songko puncak Menoreh, wisata lokal, main remi, main gaple, karaoke, renang bandwidth, lek perlu gowo hardisk seng gedi dewe #jare @wkf2010 gek acara iki gratis lho...

Seng luweh asik hadir juga para manusia songko #SekteSaru #Indonesiajauh #MDRCCT #GenkSerbet #NgopiKere #BackPacker #SolidaritasGunung #JogloAbang #KandangKambing juga poro rombongan pegiat @desamembangun lan @relawanTIK

So, Budhalmu #NgopiKere iki bakal dadi pengalaman lan manfaat yang tak terlupakan.

Minggu, 21 April 2013

Pati Geni

manuk ulung tulungono
kangen iki sampekeno
isun kari bengong
koyo wader keneng tubo

temon gantung sun labui awak riko
masioo urip iki gantung nyowo sun lilakeno

gadung mrambat sing gelawat
sing biso sambat
ngitungi dino kapan
sampek dalu kantru kantru

wes kadung ati iki riko taleni
sewu sumpah kari betah
riko dewek luput janji

gunung raung sepiro duwure
arep sun langkahi seru kangene
sun puasani ngebleng pati geni
kecaruko sisik melik kembange ati

setan paran hang nemplek ndane
sampek lali nang semayane
ojo mangan sawine
mangano kelembene

ojo iling saikine
ilingo bengene
wong loro dulang dulangan
sak piring ajang kloronan

gunung raung sepiro duwure
arep sun langkahi seru kangene
sun puasani ngebleng pati geni
kecaruko sisik melik kembange ati

Jumat, 19 April 2013

Dilarang Merokok

Sak jane aku yo ora setuju dengan merokok. Fine-fine wae yen pemerintah nglarang ngrokok *terserah*. Gak masalah yen petani dilarang nandur mbako *toh tetep nandur*.

Nah,trus rencanaku kie ngene, pabrik-pabrik rokok se-Indonesia kie serku arep tak bakar sampek entek. Tapi setelah tak pikir-pikir, iku kan kejahatan kriminal, aku yo emoh noh mlebu penjara.

Tapi aku yo ora putus asa. Sebagai bentuk pelampiasan pembakaran pabrik rokok seng ora iso tak lakoni iku tak bakar wae rokok seng diproduksi pabrik iku sitok-sitok :D
Senin, 08 April 2013

Sirno Ilang Lebur Ajur

Opo nyono opo ngiro yen garising takdir Gusti iki bedo karo kekarepaning kawulo. Ora kiro yen jaman semono raket ibarate den pulut tan keno dipisah njur saiki ilang tanpo perasaan. Ora nyalahne, Lha tapi, lorone wong kelangan tresno opo iso den tambani? Loro sak njoning manah luwih parah tinimbang loroning tibo nyandung watu.

Ibarate cebol nggayuh lintang, tanganku wus ora candak ngrogoh sukmamu. Yen pepujaning ati wus dadi duwek'e liyan, opo yo mungkin sliraku ngrebut kang iku wes mustahil dak lakoni. Ora tak pikir nanging loro iki ora bakal biso ilang. Lelakon kang wus kapungkur bakal dadi cambuk lakonku ing ngarep. Tak cukupi tresnaku tekan semene, sumeleh ati legowo nrimo keputusan seng tak anggep ora adil. Tak lilakno kusumaning atiku seng aku ndungo mugo luh ing pipimu ora banjir koyo tumetesing pipiku.

Senajan ora ono liyan kang bakal biso ngganteni sliramu, nanging tak cubo ngudhal ruweting ati iki. Pacobaning urip ora mung cukup semene, yakin sek ono kang luweh abot seng bakal dak lakoni.

Sirno, ilang, lebur lan ajur atiku. Nanging aku ndungo, mugi loro iki ora suwi-suwi nggrogoti ati :'(
Jumat, 29 Maret 2013

Al-Islam Joresan Ponorogo

Wektu lumampah dawah ing garising Gusti
Kemutan Al-Islam Joresan kang ora bakal lali
Nalikaning sinau ilmu lan sabar mbeguru
Ngudhal pawulang sejatining wahyu

Njur ono pitakon kang medeni
Mbok gawe opo ilmu siro saiki?
Opo wes ditanjakno lan migunani?
Ojo mung disimpen sak jroning ati

Ngliwati lakon kang wus kepungkur
Dumugi jaman kito wus dadi alumni
Opo to siro ora kelingan
Sopo sejatining gurumu

Al-Islam Madrasahku
Al-Islam Pondokku
Al-Islam I Love You

Sepesial Tengkiu :



Sepesial Semail :

Minggu, 24 Maret 2013

Ndelok Udomu (Inspect Element)

Lek di bahasakne jowo Inspect Element iku artine ndelok jeroan, seumpomo koncomu ngangge kaos gek sampean kepingin ndelok opo isine njero kaose koncomu nah sampean kudu ndue cara mbukak'e, lek dibahasakne indonesia "kita telanjangi dia". Podo karo desaine situs web, blog, utowo halaman opo wae yen kepingin ngerti koyo opo code ing njerone sak pratinjau ngedite ono alat seng jenenge Inspect Element.

Yen sampean ahli desainer web Inspect Element iki wes dadi cemilan saben ndino kudune, nah seng urung tau nyoba ingsaauloh Inspect Element ikilah seng ngge menakne sampean coding. Kabeh browser anyar wes ono Inspect Element'e kecuali Mozilla Firefox sing ngangge Firebug, fungsine podo istilahe ae seng bedo.


Cara nganggene yo penak, Duleken bagian seng pengen mbok delok element lan code source'e, Trus klik kanan, Trus klik Inspect Element seng biasane ono ing ngesor dewe.

Nah lek uwes, bakalan muncul menu dasar :

Elements : ing menu iki sampean iso ndelok struktur dasar desain halaman web seng ditampilke dalam bentuk script lan code seng wes dikelompokne sesuai desain asli progamer songko lebar area, tinggi area, background, komposisi warna lan liyoliyane, trus sampean juga iso ngedit sak sirmu arep tok gawe piye, pratinjaune otomatis halaman berubah ketika sampean enter.
Resources : iki nampilake detail element halaman web koyoto gambar lan style css seng luweh mengarah nyang interface web. ing menu iki sampean iso ndelok detail source lengkap gambar ing halaman web songko header widget sampek footer.
Scripts : isine podo karo sampean pas ndelok view source ing halaman web

Asline sek ono maneh menu tambahan tapi cukup 3 menu iku wae sampean wes iso dadi master coding seng handal. menu liyane isine mung informasi.

Inspect Element iki mung pratinjau code, yen wes sreng ngutak-utik, langsung eksekusi wae ing Edit HTML.
Senin, 11 Maret 2013

Suluk Panyandra Awal Pahargyan

Sebagian masyarakat yang gemar wayang umumnya suka kalau sebuah pahargyan temanten juga dilengkapi dengan seni pedalangan, karena itu menjadi tugas tersendiri bagi seorang panatacara untuk juga sedikit menguasai seni pedalangan, tidak hanya njantur (nyandra) tetapi juga harus bisa suluk.
Saat mulai pahargyan, dimulailah dengan memutar gendhing yang sesuai, biasanya enak kalau pakai Ketawang Ibu Pertiwi atau pakai gendhing panguyu-uyu (uyon-uyon), lalu panatacara mulai beraksi dengan mendendangkan suluk dan dilanjutkan dengan panyandra yang bertemakan pujaan pada ibu pertiwi (balada ibu pertiwi) atau membicarakan keadaan sekitar sebagai pembuka acara. Jika sudah selesai nyandra, gendhingnya distop kemudian mulai dengan pidato pembuka pahargyan.

Berikut ini sebuah contoh sederhana:

 (gendhing Ktw. Ibu Pertiwi atau pakai gendhing uyon-uyon PLAY)

[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......

[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani marang kawitan.

Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi. Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh, tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah-ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.

Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras. Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.

Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur. Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama-dama, hanggung hanguri-uri lestantuning budaya. Pralambang kang matumpa-tumpa pindha wang-wing wilapa. Mastuti sabda pangandika ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita manggung. Panggung-panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning panyandra.

Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp ................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha putra mahargya siwi.

Punika ari kang katiti mangsa surya .....[7 Maret 2013]... pinilih minangka dinten sawiji, jinangka dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka winantu ing raharja lan basuki.

Mila mangkono, punika luhur-sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail-methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka-praya hangagem budi utama tumuju mring kautamen.

Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.

Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke. Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.

Gendhing stop,
-->berlanjut ke Atur Pambuka Purwaning Pahargyan tanpa iringan gendhing.
Sabtu, 09 Maret 2013

Njajal

Ngetes mail to blogger sek pungsi po gak yo?
Minggu, 03 Maret 2013

Trimo Kasunyatanmu

Tak lali-lali kok mekso isek kelingan
Neng njero ati sek kebak roso sayang
Tak eling-eling kok malah nambahi koming
Ra biso lali najan sliramu bakal duwek'e liyan

Mumpung durung kadung pikiren kanthi gemati
Ojo grusa-grusu nuruti howo nepsu
Ojo lali, getun iku mesthi ono mburi
Yen pancen kapekso seng sabar ing lakumu

Tresnaku wes ra keitung jumlahe
Sayangku wes ra kebayang gedhine
Nanging aku trimo ngudhal tali asmoro iki
Penting sliramu biso bungah sak jroning ati

Siji panyuwunku,
Ojo luh tumetes ing pipimu
Sugeng rahayu...
Sugeng mangayubagyo...(bwi2013)
Kamis, 28 Februari 2013

PP No 109/2012 Mateni Petani Ponorogo

Pemerintah selak, jare PP no.109/2012 iku ora nglarang petani nandur mbako, opo yo bener? jare peraturan iku cuma mengamankan zat adiktif koyo nikotin lan tar, emang enek to mbako seng ora mengandung nikotin? podo ae kan nglarang petani nandur mbako seng mengandung nikotin.

Di kaji bolak balek pun PP no.109/2012 iki tetep merugikan petani lokal. mergo mbako lokal songko daerah ngendi wae ora bakal iso lolos pengujian zat adiktif amergo laboratorium seng ditunjuk pemerintah iku laboratorium FCTC Framework Convention on Tobacco Control, yang menjadi bagian dari kepentingan industri farmasi global seng disponsori Badan Kesehatan Dunia WHO.

Nah, trus mbako seng piye seng iso lolos uji laborat? seng wes pasti mbako imporlah seng wes diakali supoyo pabrik rokok tukune mbako iku kudu mbako impor, intine petani ora bakal iso adol mbako nyang pabrik mergo pabrik tukune mbako imporan.

Seng dadi pertanyaan nyapo pemerintah ora aweh ilmu ae kepiye carane nandur mbako seng ora mengandung zat berbahaya? Nyapo kok lebih mileh mengimpor mbako ko luar negri dari pada ngongkon petani lokal nandur mbako seng koyo dikarepne peraturan?

Ora trimo, Petani Tembakau Ponorogo pun demo, berdasarkan badan survei terkait khususnya Desa Kaponan Kecamatan Mlarak penghasilan terbesar petani setelah padi iku adalah tembakau. sek luweh hasil nandur mbako daripada nandur jagung utowo kedelei utowo tanduran liyane, penghasilan mbako iso mencapai 3x lipat komoditas tanduran liyane.

Petani Ponorogo menuntut pemerintah mencabut PP n0 109/2012 seng gak membela kepentingan rakyat. Petani mbako dilarang nandur mbako opo iki seng jenenge mensejahterakan rakyat?

Iki fotone unjuk rasa awan maeng: